Apa bae kang ora kena ditindakake minangka pranatacara

      

1.      Pangertene panatacara

Panatacara kerep uga diarani dening bebrayan agung minangka panatacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).

Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa  pranata laksitaning adicara.  Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan  nata  lan nglantarake acara utawa adicara.

 Cecawis Sanguning Pranatacara

Murih jejibahan bisa kasil kanthi becik, pranatacara lan  pamedhar sabda kudu bisa ngrengkuh sarat sarana kang baku yaiku :

Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,                                           membat  mentul, kepenak dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.

tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung

Ajining raga gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan kang diemban  bisa kaleksanan kanthi becik  Pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa kaperluwane ana ing upacara ,  rapi,  lan tumata panatane.

Trapsila utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku. 

Owah-owahan pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang tundhone jumbuh karo swasana.

       Basa kang digunakake pranatacara lan pamedhar sabda diudi sing bener, pener,

       endah, lan gampang  ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang

       trep  panganggone. Supaya trep kudu ngeling:

·         Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens

·         Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)

Dene kawruh kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh  pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan profesional nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang,    purwakanthi    Pewayangan, kawruh karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp

2.      Perangan teks panatacara

Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe  ngrengrengan teks panatacara para siswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:

  •    Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
  •        Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
  •       Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
  •    Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
  •     Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
  •       Salam penutup.

3.      Unsur-unsur panatacara

Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:

  1.     Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
  2.      Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
  3.       Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
  4.      Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
  5.         Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
  6.      Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
  7.      Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman

1.      Tembung Éntar ya iku tembung  loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegesé dadi béda saka asal-usulé. Tembung éntar tegesé ora kaya teges saluguné (kata kiasan) utawa tembung  kang  ora kena ditegesi sawantahé baé.

Ø  Bening ati tegesé sumèh

Ø  Manis eseme tegese esem ngresepakake ati

2.      Tembung rura basa iku tetembungan sing ajeg  panganggoné sanadyan salah kaprah, nanging manawa dibeneraké malah dadi ora lumrah.

Ø  mènèk klapa = mènèk wit 

Ø  ndhudhuk sumur = ndudhuk 

Ø  nglinting rokok = nglinting klobot diwenehi mbako

Ø  nulis layang = nulisi kertas

Ø  nunggu manuk = nunggu sawah ben pariné ora dipangan manuk

3.      Pepindhan iku unèn-unèn jroning  Basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sejatiné. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyané kang  ngemu  karep kaya. Pepindhan asring dipigunakaké ing  pacelathon padinan, panyandra ing adicara penganten adat Jawa.

§  Baguse kaya Bathara  Kamajaya  tumurun.

§  Cahyane bingar lintang  johar

§  Cep klakep kaya orong-orong  kepidhak

§  Cethile kaya Cina craki

§  Dedege ngringin sungsang

Pepindhan kanggo ing panyandra, yaiku  candrane uwong utawa kahanan. Biasane akeh-akehe digunakake ing panyandra penganten.

Gumebyar busananing putra temanten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung. Mrabu ateges  pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni

4.      Panyandra iku digunaaké kanggo pepindhan. Tembung candra nduwé teges BULAN. Ananging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kahanan kang mèmper karo kanyatan.

·         Alise : nanggal sepisan : alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.

·         Tangane : nggandéwa gadhing

·         Bangkèkané :  nawon kemit : bangkèkané kaya prajurit 

·         Bathok  : nyela cendhané

·         Bokong : manjang ngilang

·         Tangané : nggendewa pinentang

Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

1) Nggunakake pangucap kang trep

2) Pamedhote ukara kang trep

3) Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

4) Ngreteni tandha wacan kanthi trep

6) Ngatur alon lan cepete pamaca

7) Ngolah treping mlebu wetuning napas

9) Percaya marang dhiri pribadi

Praktik utawa maca teks wicara pranatacara apadene   praktik utawa maca teks  sesorah, prayogane nggatekake konsep 4 W, yaiku :

       Wicarane sing las-lasan, cetha, wijang, upamane bisa mbedakake /t/ karo/th/ utawa /d/ karo /dh/ : tutuk – thuthuk, pada – padha, lsp.

       Senajan katone mung sesorah utawa dadi pranatacara nanging uga kudu nggatekake wirama sing metu saka lisan, ora mung mbluju, kaku , tanpa ana tekanan intonasi lan volume suwara. Prayugane diudi lan digladhi murih wiramamaning swara bisa becik, ora keseron utawa kelirihen, munggah, mudhun, langsaming swara uga digatekake.

       Patrap, sikep nalika nindakake dadi pranatacara . Solah bawane wong dadi pranatacara  iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa,aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.

       Kaudia bisa ngecakake prinsip Sapta- Ma : Magatra, Malaksana, Mawastha, Maraga, Malaghawa, Matanggap, lan Mawwat.

       Wirasa utawa penjiwaan. Bisa salaras karo swasana , Prinsip Matanggap :

                           Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem                                        ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih                                  belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.


Tuladha Panatacara :


          Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

          Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkat  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Inggih awit saking  keparengipun Bapak Sunardi sekaliyan,  kula kapitados ndherekaken lampahing   adicara  pahargyan  prasaja ing  kalenggahan punika.

          Dene  wigatosing  sedya,  Bapak Sunardi sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika Lintang Ramadhani putra-putrinipun Bapak Ibu Sunardi,  saha  nakmas Dewa Pramudita, putra kakungipun Bapak Marno sekaliyan ingkang  pidalem  ing Gayam.

          Awit saking  pangestunipun para rawuh sedaya,  putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah  kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing dalemipun Bapak Ibu Sunardi.

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

1.      Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.

2.      Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.

3.      Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.

4.      Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.

5.      Tataran  adicara ingkang  kaping gangsal inggih menika sabdatama utawi ular-ular.

6.      Adicara ingkang  pungkasan inggih menika panutup.

          Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agami  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dhereken.




               1.      Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi basa krama!

1)      Pambukaning pahargyan iku isine bab apa?

2)      Nitik saka isine, apa ancase pambukaning pahargyan iku?

3)      Miturut teks “pambukaning pahargyan” sapa sing duwe gawe ?

4)      Sapa temanten kang neningkahan?

5)      Pambukaning pahargyan iku lumrahe diwaca dening sapa?

2.      Tuduhna, lan tulisen endi ukarane!

                      



Apa bae kang ora kena ditindakake minangka pranatacara
Pilihen salah siji wangsulan kang bener, kanthi cara menehi tandha ( x ) ing aksara a, b, c, d utawa e kang kok anggep bener ana ing lembar jawab komputer!

1.      Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan : 

Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.

Para tamu kakung putrid ingkang winantu ing pakurmatan.

Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….

2.      Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….

a.       penganten putri                             d. panata cara

b.      penganten lanang                          e. pambyawara

c.       sesulih kang duwe gawe

3.      Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….

a.       salam pambuka                              d. panutup

b.      pambuka                                        e. salam panutup

4.      Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….

a.       salam pambuka                  c. surasa                       e. salam panutup

5.      Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….

a.       wara-wara             d. pranatacara

b.      pambagyaharja      e. dhagelan

1.      Pawongan  kang  nduweni  jejibahan nglantarake adicara diarani .....

7.      Adicara/ acara ana ing sripah utawa lelayu diarani ....

8.      Sangune tumrap pranatacara kaya ing ngisor iki, kajaba ....

9.      Pocapan/lafal  pranatacara  kudu  cetha, wirama becik , iki  ateges nggatekake ….

10.  Tembung liya pranatacara kaya ing ngisor iki, kajaba ....

11.  MC iku cekakan saka tembung ....

d.      Masgiter of Ceremonial

12.   “Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang dhahat……keparenga kula matur, pinangka   pranatacara ing acara dinten menika”.

Kanggo ngiseni cecek-cece2 5ng dhuwur, tembung kang trep yaiku...

13.  Pehak-pehak kang melu nyengkuyung murih jejibahan pranatacara bisa  sukses yaiku ...

c.        Pangrengga swara (sound system)  

14.  “Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan  sadaya ….lst”

Tembung mambeng ing ukara kasebat tegesipun ….

15.  Tuladha wicara pranatacara ingkang leres inggih menika

a.       Menginjak adicara ingkang kaping gangsal inggih menika lain-lain

b.      Ndungkap adicara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni

c.       Samenika acara ingkang kaping gangsal inggih menika sanes-sanes

d.      Dumugi susunan acara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni

e.       Susunan adicara salajengipun inggih menika mncawarni

16.  Ukara ingkang trep kangge murwakani adicara tuladhanipun ….

a.       Ingkang sepindhah sumangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhateng Gusti

b.      Kangge mbikak adicara punika sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhateng   Gusti

c.       Pertami-tami sumangga kita sesarengan panjataken puji syukur dhateng Gusti

d.      Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti

e.       Ingkang pertama sumangga kita sesarengan panjataken puji syukur dhateng Gusti

17.  Ngancik adicara kaping tiga lain-lain. Tembung lain-lain, becike diganti tembung ....

18.  Lampah dhadhap anoraga ngrepepeh kadya  sata mriyembada.  Dhasar satriya bagus rinengga ing busana, sasat Sang Hyang Asmara kang hangejawantah. Ukara iku kalebu rinengga pepindhan ing ….

19.  Tembung tumpeng saged dipunjarwani .....

a.    Tumapaking panguripan tumindak lempeng

e.    Tumindaka sing lempeng

20.  Ingkang saged dipunaturaken dening pranatacara wonten ing perangan panutup kados ing ngandhap menika , kajawi ….

a.       Nyuwunaken pangapunten kagem ingkang hamengku gati/panitya

b.      Nyuwun pangapunten menawi anggenipun nindakaken ayahan wonten lepatipun

d.      Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani

e.       Ngaturaken pambagya harja

Assalamu'alaikum.wr.wb,
Tresna asih Gusti Ingkang Maha Suci mugi tansah manunggal ing kita.

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng  pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten.   Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning

akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang

 tulak sarik, dene kula cuman-thaka sowan mangarsa  hanggempil  kamardikan  panjenengan ingkang  katemben  wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking  titilaksana adicara pawiwawahan  prasaja  ing  ratri

 kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi

 wonten ngarsaning Gusti Ingkang  Maha Suci, ingkang sampun  kepareng  paring  rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring  berkah  pangestu d humateng Bapa Y anto sakulawangsa anggenipun  hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar  

cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu

 kakung  sumawana putri, wondene menggah reroncening  

tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Eko laksitagati

 purwakaning  

pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga

Dwi laksitagati

 rawuh & jengkaripun putra temanten  kakung  tumuju dhateng  

madyaning sasana wiwaha Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung

Catur

 laksitagati dhaup panggihing  putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker  tumunten  kalajengaken

 upacara krobongan

Panca laksitagati nderek mangayubagyahipun

 kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken  

Sad  laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun  ingkang  hamengku gati  katur  sagung  para tamu Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan Nawa laksitagati  paripurnaning  pahargyan  inggih  jengkaripun  temanten s arimbit s aking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten  menggah  reroncening  tata adicara  pawiwahan  ing  ratri  kalenggahan punika.

Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning   penggalih , miwah kawula derekaken  hanyrantos tumapaking  tata adicara sinambi  nglaras  rara sing gending2 saking  Paguyuban  Karawitan  Pranatalaras  ingkang dipangarsani  panjenenganipun Bapa Cahyono.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.

21.  Saka tanggap wacana ing ndhuwur sing duwe gawe yaiku....

22.  Saka tanggap wacana  ing  ndhuwur, manawa nitik isine diarani ...

23.  Saka tanggap wacana ing  ndhuwur adicara kang pungkasan yaiku..

24.  Saka tanggap wacana ing  ndhuwur adicara kang kaping telu yaiku....

25.  Saka teks pranatacara ing dhuwur mratelakake menawa ana pirang acara?

26.  Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika.”

Nitik saka ukara ing dhuwur, acara iku kalaksanakake ing wayah...

Setitekna tuladha teks pranatacara ing ngisor iki!

(Ladrang Santi Mulya,  Plg 6)

Kawilujengan, katentreman miwah karahayon awit sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, mugi tansah hamemayungana ing madyaning sasana pahargyan ing wanci siyang punika .....

Kula nuwun, para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu binektenan.....

Para tamu kakung saha putri, para sinedhahan ingkang sinuba ing pakurmatan .......

Pinarengna kula sumela atur, saha paripaksa nggempil kamardikan anggen panjenengan sedaya ndaweg sekeca imbal wawanpangandikan, labet kula ingkang sinaraya minangka jejering  pambiwara, keparenga kula mbiwarakaken menggah lampahing tatacara pahargyan ing wanci siyang punika. Katitimangsa ing ari pinilih, radite umanis, surya kaping  1 Januari 2017, Bapa Wijayanto sekalian wus hanampi nugraha gung, netepi darmaning asepuh kepareng hangentas pitulus atmaja pawestri, ingkang sesilih ; Dyah ayu Rr. Mutiara Aurelia Widyarini, ingkang sampun tinangsulan sah ing reh satataning agami ingkang rinasuk, jinatukrama dening  Bagus  Rosi Alesandro  Adetama, atmaja  kakung  Bapa Purwadi sekalian,  ingkang  pidalem ing Mulur, Kecamatan Bendosari,  Kabupaten Sukoharjo.

Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing karahayon .... minangka purwakaning atur, langkung rumiyin, sumangga nun, panjenengan sadaya kula dherekaken ngaturaken pangalembana saha panuwun syukur konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT, karana agung rahmat sarta barokahipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sadaya lan kula, satemah ing wanci siyang punika saged makempal manunggal ing sasana pahargyan kanthi wilujeng datanpa  pambeng, niskala nir  ing sambekala.

Para Tamu kakung saha putri ingkang winengku ing suka basuki, binuka lampahing tatacara nun inggih ngacarani pasrah tinampi tangsuling tiyang apalakrami. Ngancik acara salajengipun nenggih miosing penganten putri saking panti busana, kakanthi lenggah ing sasana rinengga. .... tumuli katungka bidhaling paraga kang kapiji mapag penganten kakung sapangombyong, lumarap ing sasana pahargyan kalajengaken panggihing penganten, ingkang lajeng binoyong lenggah jajar sumandhing ing sasana krobongan winangun.

Sasampunipun penganten sarimbit lenggah jajar sumandhing ing sasana kursi rinengga sarwi tinenggan dening rama miwah ibu, tumuli kinayatan tatacara krobongan nuli kalajengaken tatacara pangabekten utawi sungkeman.

Para tamu ingkang winantu ing suka hayu,  minangka jangkeping suba sita miwah tatakrami, ing mangke ingkang hamengku gati kepareng badhe manembrama, ngaturaken pambagya yuwana saha panuwun hawit sampun kepareng rawuh panjenengan sadaya.

Sasampunipun atur pambagya yuwana gya kalajengaken tatacara salajengipun nun inggih kirab kanarendran. Saparipurnaning penganten sekalian hangrasuk busananing satriya gya kinayatan kirab ingkang angka kalih nenggih kirab kasatriyan

Wondene minangka pratandha purnaning gati, ing mangke sasampuna penganten sarimbit saha ingkang sami hamangun bebesanan jumeneng ing wiwaraning bale winangun, saperlu nguntabaken jengkar konduripun para tamu.

Makaten para tamu, sampun kula aturaken urut reroncening tatacara pahargyan prasaja ing ari kalenggahan menika, mugi handadosna ing kawuningan. Salajengipun mugi wontena keparengipun nglajengaken lelenggahan kanthi suka mardikaning raos, ngantos dumugi purnaning gati. Mugi rahayu ingkang sami pinanggih, winantu ing suka rena..... nuwun. Matur nuwun

27.  Saka tanggap wacana ing ndhuwur, besane kang duwe gawe asmane ....

c.       Bagus  Rosi Alesandro  Adetama

e.       Mutiara Aurelia Widyarini

28.  Saka tanggap wacana ing ndhuwur, kang duwe gawe asmane ....

c.       Bagus  Rosi Alesandro  Adetama

e.       Mutiara Aurelia Widyarini

29.  Saka tanggap wacana ing ndhuwur, radite umanis iku dina....

30.  “....wus kapyarsa lamat-lamat hangrangin ungeling Ktw Puspawarna. Sung pakurmatan miyosing penganten putri nenggih dyah ayu rara Tri Windarti, jengkar saking panti busana, daya-daya kadherekaken lenggah ing sasana krobongan winangun. Lon-lonan nggennya lumampah kebak ing pangati-ati. Sarwi nut wiramaning gendhing, saha tansah nengenaken mring subasita, jumbuh kalian rum kuncaraning bangsa ingkang tansah hanggung mastuti dhateng endah luhuring budaya. Dupi dumugi ing kursi rinengga cingak ing galih amargi kang raka gantilaning ati ya sang bagus Cundoko dereng kepareng lenggah jumejer...

Wacana kang migunakake basa rinengga ing ndhuwur minangka panyandra...

a.       Upacara panggih kalajengaken  kacar-kucur

31.  “Risang penganten sarimbit samya adedulangan, sarwi lawuh ati antep. Ingkang mengku werdi kekalihnya sampun mantep ing kalbu, manunggal pinesthi dadi jatukramane ….”.

            Ukara panyandra ing nginggil trep dipunginakaken ing upacara ….

32.  “Nuwun tumanggap pangandikanipun Bapak Gito Saraya ingkang hamasrahaken penganten   kakung ingkang asesilih Bagus Permadi , kula matur pinangka sumilih sarira Bapak saha Ibu

            Sri Hascarya, kula kadhawuhan nampi pasrah panganten kakung....

d.      Makili pangantenmakili Bapak Gito Saraya

33.  Regu-regeng hamerbawa, risang temanten sarimbit tedhak saking  palenggahan, pinapag sang suba manggala arsa jengkar  tilar sasana pawiwahan, kinirabaken  ngulati wahyuning jodho.

Ukara panyandra ing nginggil trep dipunginakaken ing upacara ….

Sri temanten wus paripurna anggenipun santun busana, ingkang sekawit busana kanarendran, samangke hangagem busana kasatriyan.

Lampahira sri temanten sarimbit ketingal ayem tentrem boten was sumelang ing wardaya, labet sampun wonten sang suba manggala ingkang sagah hangentasi karya, mbrastha sakehing rubeda nyingkiraken sakehing memala.

Sinigeg gantya kang cinarita, nalika semanten tindakira temanten sekalian ginarubyug para putri ingkang apindha dhomas. Wonten ingkang ayu, wonten ingkang manis, kathah ingkang luwes.

Ana saweneh kenya kang katingal sakedhap-sakedhap sukune mung tansah diangkat, sajak ora kuwat. Kapyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning gusti kang akarya jagad. Adhuh tobat-tobat, tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat. Gek mbesuk kapan aku diwengku wong pangkat, sing rawuh akehe ora mekakat, lamarane BMW papat, ora tau ditinggal ming....nggon.

Ana saweneh ingkang ngujiwat eseme, gandhes luwes wiragane, yen ngguyu dhekik pipine, ngembang bakung rikmane, mblarak sempal lembeyane. Kapyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerke kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene akehe, bregas kabeh among tamune, cukat trengginas panitiane, pambiwarane gurune dhewe.

Wondene ingkang minangka pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Jroning cipta tansah meminta nugrahaning gusti kang maha kawasa, mugi putra temanten anggenira lelumban ing alaming bebrayan tansaha manggih bagya mulya ingkang sinedya rahayu ingkang tinuju.

Lulus raharja kalis pringga bayaning marga, samangke risang temanten wus lenggah ing dhampar rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicara salajengipun.

34.  Tuladha teks panyandra ing dhuwur trep dipun ginakaken ing upacara......

35.  Ngregemeng kaya lintang Bima sekti hanyuwak tutuking naga. Lah punika ta warnanira kang ndhaweg hanawung kridha, hangayahi gati kinarya Suba manggala ya sang Manggala suba. Dhasar pideksa tur bisa hangentasi karya, katambah sulistya ing warna. Mangkana wus kekalung puspita rinonce, mila sigra madeg esthining driya, lenging cipta arsa mboyong sang pindha narendra tedhak mring panti busana.

Ukara panyandra ing nginggil trep dipunginakaken ing upacara ….

36.  Kang kalebu tembung Yogaswara yaiku......

a.       Lambehané  mblarak sempal

c.       Manis eseme ngresepakake ati

d.      Dedege ngringin sungsang

37.  Kang kalebu tuladhane tembung pepindhan ...

a.       Lambehané  mblarak sempal

c.       Manis eseme ngresepakake ati

d.      Dedege ngringin sungsang

38.  Kang kalebu tuladhane tembung tembung entar...

a.       Lambehané  mblarak sempal

c.       Manis eseme ngresepakake ati

d.      Dedege ngringin sungsang

39.  Kang kalebu tuladhane tembung tembung garba ...

a.       Lambehané  mblarak sempal

c.       Manis eseme ngresepakake ati

d.      Dedege ngringin sungsang

40.  Kang kalebu tuladhane tembung panyandra ...

a.       Lambehané  mblarak sempal

c.       Manis eseme ngresepakake ati

d.      Dedege ngringin sungsang



Page 2

Apa bae kang ora kena ditindakake minangka pranatacara

  LATAR BELAKANG Budaya positif adalah keyakinan dan nilai yang disepakati yang menjadi kebiasaan bersama yang akan dilakukan dalam waktu lama. Menerapkan budaya positif dapat meningkatkan kesadaran siswa dalam membentuk karakter positif. Budaya positif dapat dibuat melalui kesepakatan antara guru dan siswa, agar siswa merasa terlibat dan bertanggungjawab dalam menjalanankan disiplin tersebut. Budaya Positif di Sekolah memiliki banyak manfaat yang dapat dirasakan oleh guru dan murid, diantaranya: Menumbuhkan kesadaran dalam melakukan hal- hal yang baik Membangun hubungan social yang bagus antar warga sekolah   Murid terbiasa dengan pola hidup teratur Menumbuhkan rasa aman dan nyaman Membangun hubungan kerjasama antara murid, guru dan orang tua Membangun karakteristik siswa, mengembangkan kegotongroyongan dan kerjasama antara guru, murid dan orang tua   Menciptakan kepercayaan diri dan tanggung jawab Di era pandemi sepeti sekarang ini, kebersihan lingkungan sekolah merupak