Sawenehe warta kang asipat katrangan kabar pawarta lan sapanunggalane diarani

Sastri Basa Hak Cipta © 2015 Tim Penyusun: Dra. Mistiyah, M.Pd Drs. Davit Harijono, M.Pd Drs. Bambang Purnomo, Ms Drs. Teguh Prasetyo Wiyono, Msi Ahmad Winarto, S.Pd Rahmat Santosa, S.Pd, MM Dra. Sri Astuti Editor/Penyelia: Drs. Sukarman, M.Si Penerbit : Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur Isi : ix, 139 hal ISBN 978-602-xxxx-xx-x Dilarang memperbanyak atau memindahkan sebagian atau seluruh isi buku ini dalam bentuk apapun, baik secara elektronis maupun mekanis, termasuk memfotokopi, merekam atau dengan sistem penyimpanan lainnya, tanpa izin tertulis dari penerbit KATA PENGANTAR KEPALA DINAS PENDIDIKAN PROVINSI JAWA TIMUR Alhamdulillah buku “Sastri Basa” sudah selesai disusun dan diterbitkan. Buku ini disusun dengan berpedoman pada Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 tentang Mata Pelajaran Bahasa Daerah sebagai muatan lokal wajib di Sekolah/Madrasah. Pergub tersebut memberikan pegangan hukum yang kuat bagi guru-guru untuk melaksanakan dengan sungguh-sungguh pembelajaran bahasa daerah. Sebagai tindak lanjut, buku ini disusun untuk menyelesaikan masalah ketiadakan buku ajar seiring dengan terbitnya Pergub dan diharapkan dapat diterima dan digunakan dalam pembelajaran di sekolah/madarasah di wilayah Jawa Timur. Terima kasih disampaikan kepada tim penyusun yang telah dengan kesungguhan menyelesaikan buku ini. Kerja sama Tim Eksternal sebagai penyusun bersama-sama dengan Tim internal Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur telah mampu menghasilkan karya yang bermanfaat bagi pembentukkan budi pekerti dan karakter generasi muda lewat jalur pendidikan formal di sekolah/madarasah. Kesempurnaan buku ini adalah tujuan dari penyusun dan pengguna buku ini. Akan tetapi, buku ini masih memiliki kekurangan. Karena itu, kritik, saran, dan masukan dari berbagai pihak yang peduli terhadap pelestarian, pengembangan, dan pemertahanan bahasa Daerah sebagai salah satu budaya bangsa ini sangat diharapkan. Insya Allah pada kesempatan lain buku ini akan disempurnakan dengan mengakomodasi masukan dari berbagai pihak. Surabaya, Nopember 2015 Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur, Dr. Saiful Rachman, MM.,.MPd Pembina Utama Madya NIP. 19590503 198503 1 018 Atur Pangiring Puji syukur ingkang tanpa upami katur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Mahaasih, Pangeraning jagad gumelar, ingkang tansah paring sih-tresnanIpun dhumateng titah sedaya. Awit saking peparing welas asih ingkang tanpa prabeda, sihtresna ingkang tebih saking watak mban cindhe, mban siladan. pangrantam dalah pandhapukipun buku Sastri Basa menika saged kaleksanan. Buku basa Jawi kangge siswa kelas 12 SMA/SMK/MA menika kadhapuk wonten salebetipun wekdal dalah kasagedaning panyerat ingkang sarwa winates. Namung greget ingkang makantar-kantar saking para pandhapukipun, mila buku kangge siswa menika saged maujud. Bab menika saged kaleksanan kanthi panyengkuyung panyerat sedaya, konsultan, dalah paninthing. Kanthi pambudidaya menika, wusananipun Tim Kurikulum Mulok Basa Jawi Propinsi Jawi Wetan saged ngrampungaken panyerating buku menika. Perlu kawuninganan, buku menika karantam minangka panyengkuyung kaleksanan sarta cak-cakanipun Kurikulum KTSP 2013. Wonten ngriki, mliginipun sesambetan kaliyan Muatan Lokal Basa Daerah Jawi, wonten Jawa Wetan. Kanthi andharan, pratela, dalah tuladha sawatawis minangka isinipun, buku menika badhe mbuktekaken kados pundi wigatosipun pamucal dalah pasinaon Basa Jawi tumrap para siswa. Laras kaliyan sejatining wonten (hakikat ada, atau keberadaan) dalah wontenipun Basa Jawi minangka basa budaya (cultural language), Basa Jawa nggadhahi kagunan lan piguna minangka basa pangembaning seserepan (carrier of knowlegde) Kanthi lelandhesan paradigma enggal menika, Tim Panyerat nyobi ngaturaken pamarsudi Basa Jawi ingkang asipat kotemporer, progresif dalah kultural. Tamtu kanthi pangajab, sageda para siswa wonten Jawi Wetan remen migunakaken Basa Jawi, saged mujudaken kagunaning Basa Jawi minangka basa seserepan (pengetahuan), kanthi boten nilar watak budayanipun. Tundhanipun saged kaginakaken kangge nggayuh kautamening ngagesang. Saking andharan menika, saged dipun aturaken bilih wonten ewah-ewahan sawatawis salebetipun gelaring pasinanon Basa Jawi. Ewah-ewahan menika saged ketingal bilih dipun tandhingaken kaliyan buku-buku ingkang kababar saderengipun. Ewahewahan menika saged katitipriksa wonten cak-cakaning buku ingkang karantam minangka pasinaon kanthi aleladhesan teks menika. Perlu kawuninganan, pasinaon Basa Jawi lelandhesan teks, tegesipun kaleksanan kanthi nengenaken sarta ngetrapaken sawenehing prinsip bilih: (1) basa ingkang dados punjering pasinaon, samesthinipun kedah kawawas minangka setunggaling teks, sanes minangka kekempalaning tetembungan utawi satunggaling pranatan kabasan tartamtu, (2) panganggenipun basa mujudaken setunggaling proses pamilah saha pamilihing wewangunan kabasan, ingkang dipun ginakaken kangge mbabar kekajengan dalah makna ingkang kinandhut, (3) ing ngriki basa nggadhahi sipat fungsional, tegesipun trap-trapanipun basa Jawi boten saged uwal saking konteksipun. Sesambetan kaliyan bab menika, wonten salebetipun buku Sastri Basa kangge kelas 12 SMA/SMK/MA menika, dipun andharaken saserepan tartamtu ing salebetipun maneka-warnining teks. Ing ngriki siswa kaajab saged ngertos kanthi tumemen, kados pundi jinising teks, kaidah utawi pranataning teks, saha konteks -ing teks kasebat. Saking menika kaajab siswa saged kanthi gampil maknani setunggaling teks, prigel ngandharaken pamawasipun ngengingi bab tartamtu lumantar teks seratanipun. Tamtu kemawon seratanipun para siswa wau kaajab gampil tinampi pamaosipun. Lumantar pasinaon salebetipun buku menika, dipun ajab para siswa saged ngasilaken sarta ngginakaken teks, laras kaliyan ancas (tujuwan) lan fungsi sosiokulturalipun. Miturut Kurikulum KTSP 2013 ingkang nengenaken pasinaon basa alelandhesan teks, basa boten namung dipun sinau minangka basa kawruh (knowlegde language). Basa Jaw kawawas minangka setunggaling teks ingkang migunani tumrap gesang samadyaning bebrayan. Ing ngriki teks seratan dalah lisan, kawawas minangka wewujudaning basa ingkang kontekstual pangginanipun. Perlu kawuninganan, irah-irahaning buku: Sastri Basa, gegayutan kaliyan ancas utawi tujuwan panyerating buku, inggih menika nikelaken kasagedan (kemampuan) dalah kagunan (kompetensi) basanipun siswa. Tembung sastri, asalipun saking basa Jawi Kina lan Sansekerta, ingkang wosipun nggadhahi utawi nguwaosi kagunan sastra. Dene sastra, nunggil teges kaliyan tembung ‘seratan’ utawi tulisan, asalipun saking tembung Sansekerta √sãs lan tra, ingkang tegesipun ‘sarana kangge sinau’. Ing tembe, laras kaliyan kalungguhanipun minangka setunggaling teks, genre, utawi wacana, tembung sastra menika lajeng dipun maknani, ‘sarana panggulawenthah’. Wondene tembung basa Jawi wonten kalodhangan menika, nggadhahi teges, wujud utawi jinising basa tumrap bebrayan Jawi. Dados irah-irahan Sastri Basa, saged dipun maknani “kagunan sastra (sastra = kawruh, sarana panggulawenthah) abasa Jawi, ingkang kedah dipun sinaoni para siswa. Lumantar kagunan menika, para siswa saged migunakaken Basa Jawi kanthi gampil, leres, lan laras, wonten madyaning bebrayan”. Awit saking rampung lan maujudipun buku Sastri Basa menika, gunging panuwun ingkang tanpa upami dipun aturaken dhumateng: 1. Dr. H. Soekarwo, Msi. minangka Gubernur Kepala Daerah Tk I Propinsi Jawa Timur ingkang sampun paring kalodhangan kangge lumampahipun pasinaon Basa Jawi wonten laladan Jawi Wetan; 2. Dr. Saiful Rachman, MM, M.Pd, minangka Ka DinDik Propinsi Jawi Timur, ingkang sampun paring kalodhangan lan panyengkuyung kangge Tim, salebetipun ngrampunaken pandhapuking Kurikulum KTSP 2013 Mulok Basa Jawi, sarta panyerating buku siswa menika; 3. Profesor Dr. Abdul Syukur Gazaly, MPd. saking Universitas Negeri Malang, minangka Tim Ahli; Drs. Sukarman, MSi lan Dra. Sri Sulistani, MPd, sedaya saking Universitas Negeri Surabaya, minangka Tim Ahli lan Panitipriksa buku Sastri Basa menika, sarta Drs. Heru Asri, MSi. MPd saking Kantor Diknas Propinsi Jawa Timur, minangka Tim Ahli. 4. Kanca-kanca nunggil Tim, Drs. Teguh Prasetyo Wiyono. Msi; Dra. Mistiyah, MMPd.; Drs. Davit Harijono, MPd; Ahmad Winarto, SPd; sarta Rahmat Santosa,SPd., MM. Matur nuwun awit saking greget lan tulus, lila legawa makarya sesarengan kanthi silih ‘asah, asih, asuh’. 5. Bpk/Ibu Guru Basa Jawa ing laladan Jawi Wetan minangka panyengkuyung sarta paraga utami ingkang mujudaken pamucal lan pasinaon Basa Jawi wonten sekolah. Kanthi ngrumaosi bilih buku kangge siswa menika taksih tebih saking kasampurnan, taksih kathah lepat saha kekiranganipun, kula minangka Tim ngaturaken agunging pangaksami. Kangge panyampurnaning buku menika, sedaya panyaruwe sarta pamrayoga saking para pamaos, kula antu-antu. Surabaya, September 2015 Koordinator Tim Panyerat Daftar Isi Prawacana ....................................................................................................... v ....................................................................................... iii Atur Pangiring Daftar Isi ............................................................................................. WULANGAN 1 LURUHING DRAJAT GUMANTUNG ILAT....................................... 1 Kompetensi Dasar dan Indikator .................................................................. 1 ................................................................. 1 Mbabar Wawasan Pasinaon 1. Modhel Pinilih Teks Pacelathon 4 Garapan 1 : Njlentrehake Unggah-ungguh Basa ................................. 4 Garapan 2 : Njlentrehake Karakteristik Unggah-ungguh Basa ............ 5 Garapan 3 : Njlentrehake Panganggone Unggah-ungguh Basa .......... 7 Garapan 4 : Njlentrehake Isine Pacelathon/Drama ........................... 10 Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Babagan Teks Drama ................................ 12 Garapan 1 : Ngrakit Teks Pacelathon ............................................... 13 Garapan 2 : Maragakake Teks Drama .................................. 14 Pasinaon 3 : Makarya Kanthi Mandhiri............................................................ 14 Garapan 1 : Nanggapi Pamaragan Teks Pacelathon ............................ 14 Garapan 2 : Latihan Nulis Teks Pacelathon/Drama ............................. 15 Gladhen Wulangan 1 ................................................................... 16 WULANGAN 2 NULAD LAKU UTAMA ............................................................... 20 Kompetensi Dasar dan Indikator ................................................................ 20 ...................................................................................... 20 Mbabar wawasan Pasinaon 1. Modhel teks pinilih ................................................................ 21 Garapan 1 : Ngidhentifikas Struktur Teks Cerkak ............................... 22 Garapan 2 : Nganalisis Struktur Teks Cerkak ..................................... 25 Garapan 3 : Nganalisis Unsur Basa ing Teks Cerkak ............................. 26 Garapan 4 : Mbandhingake Basane Cerkak lan Basa Kasusastran Liyane 28 Garapan 5 : nNdhudhah Pesan Moral Sajrone Cerkak ......................... 30 Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Bab Crita Cekak ............................................ 31 Garapan 1 : Ngrakit Cerkak Kanthi Klompok ....................................... 32 Garapan 2 : Ngunggah Cerkak .......................................................... 33 Pasinaon 3 : Ngrakit Cerkak Kanthi Mandhiri .................................................... 33 Garapan 1 : Njarwake cerkak .............................................................. 33 Garapan 2: Maca Cerkak ..................................................................... 34 Garapan 3 : Mbiwarakake Cerkak ....................................................... 34 Gladhen Wulangan 2 35 .................................................................. WULANGAN 3 GUYON MATON ........................................................................ 39 Kompetensi Dasar lan Indikator ............................................................... 39 Mbabar Wawasan ........................................................................................... 39 Pasinaon 1 Modhel Teks Pinilih Anekdot ........................................................... 41 Garapan 1 : Njlentrehake Karakteristik Teks Anekdot Kabandhingake karo Teks Liyane............................................................ 41 Garapan 2 : Ndhudhah Struktur Teks Anekdot ................................... 44 Garapan 3 : Ngidhentifikasi Titikan Basa Teks Anekdot.......................... 46 Garapan 4 : Mbabar Isine Teks Anekdot................................................. 47 Pasinaon 2 : Makarya BebarenganMangun Babagan Teks Anekdot ............................ 48 Garapan 1 : Nulis Teks Anekdot ...................................................... 48 Garapan 2 : Mbiwarakake Teks Anekdot ........................................... 51 Pasinaon 3 : Makarya Kanthi Mandhiri Babagan Teks Anekdot ........................... 52 Garapan 1 : Maca Endah Teks Anekdot .......................................... 52 Garapan 2 : Nulis Teks Anekdot Kanthi Aksara Jawa ......................... 54 Gladhen Wulangan III .................................................................................... 56 Uji Kompetensi ............................................................................................. 60 WULANGAN 4 CAKRA MANGGILINGAN ........................................................... 66 Kompetensi Dasar dan Indikator ................................................................ 66 .............................................................. 66 Pasinaon 1 :Modhel Teks Pinilih Teks Sandiwara................................................ 67 Garapan 1 : Maca lan Mangsuli Pitakonan Teks Sandhiwara........ 67 Garapan 2 : Niti Stuktur Teks Sandhiwara ............................... 76 Garapan 3: Nganalisis Unsur Basa Sajrone Teks Sandhiwara ............... 77 Mbabar Wawasan Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Kanthi Nulis, Mrodhuksi, lan Nyiarake Teks Sandhiwara ............................................................ 79 Garapan 1 : Ngonversi (Alih Wahana) Teks Gancaran Dadi Teks Sandhiwara Radhio ........................................ Garapan 2 : Mrodhuksi lan Nyiarake Sandhiwara Radhio .................... 80 84 Pasinaon 3 : Pakaryan Mandhiri Nulis Pasulayan Sajrone Teks Sandhiwara Kanthi Aksara Jawa .............................................................. Gladhen Wulangan 4 85 ................................................................. 87 WULANGAN 5 KRIDHANING BUDAYA ............................................................. 91 Kompetensi Dasar dan Indikator ............................................................... 91 Mbabar Wawasan ............................................................... 91 Pasinaon 1 Modhel Teks Pinilih Teks Sandiwara Ludruk..................................... 96 Garapan 1 : Maca lan Mangsuli Pitakonan Teks Sandhiwara Ludruk..... 97 Garapan 2 : Ngonceki Titikane Basa lan Sastra ing Teks Sandhiwara Ludruk .......................................................................... 103 Garapan 3 : Maca lan Maragakake Teks Sandhiwara Kethoprak .......... 104 Garapan 4 : Nemokake Mupangate Teks Sandhiwara Kethoprak .......... 114 Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Nyiapake lan Nggelar Tontonan Sandhiwara Tradhisional ...................................................................................... 116 Garapan 1 : Nyiapake lan Mranata Tontonan Sandhiwara Tradhisional 116 Garapan 2 : Nggelar Tontonan Sandhiwara Tradhisional Lan Ngunggah ing Internet.................................................................... 114 Pasinaon 3 : Pakaryan Mandhiri Babagan Tontonan Sandhiwara Tradhisional ....... 118 Garapan 1 : Menehi Tanggapan Tontonan Sandhiwara Tradhisional......... 118 Garapan 2 : Nulis Aksara Jawa Babagan Tontonan Sandhiwara Tradhisional...................................................................... Gladhen Wulangan 5 ................................................................. UJI KOMPETENSI SEMESTER GENAP DAFTAR PUSTAKA 116 121 ........................................................... 124 .............................................................................. 129 WULANGAN 1 LUHURING DRAJAT GUMANTUNG ILAT Kompetensi Dasar dan Indikator 3.1. Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasa lesan dalam berbagai situasi sesuai tatakrama. 3.1.1 Menjelaskan unggah-ungguh basa. 3.1.2 Menjelaskan karakteristik unggah-ungguh basa. 3.1.3 Menjelaskan penggunaan unggah-ungguh basa dalam teks pacelathon. 3.1.4 Menjelaskan isi teks drama. 4.1 Melakukan simulasi penggunaan bahasa daerah dalam berbagai konteks sesuai dengan tatakrama. 4.1.1 Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah. 4.1.2 Mendramatisasikan teks percakapan yang telah ditulis. 4.1.3 Memberikan komentar atau tanggapan tentang penampilan temannya dalam bermain teks pacelathon. Sawise sinau wulangan iki, para siswa kaajab bisa: njlentrehake bab unggahungguh basa, nggoleki karakteristike, panganggone, sarta ngonceki isine sawenehe teks drama. Sabanjure, para siswa uga kaajab bisa: nulis teks pacelathon kanthi kaidah kang trep, maragakake teks pacelathon kaya satatane teks drama, lan menehi panyaruwe marang tampilan teks pacelathon. Minangka asil karya kang karakit kanthi kebak rasa sengsem marang basa lan budaya Jawa, teks pacelathon kang diparagakake bisa karekam apa dene kasoting. Mbabar Wawasan Wulangan iki ngrembug babagan unggah-ungguh basa. Wulangan iki nduweni ancas utawa tujuan murih para siswa bisa migunakake basa ing parembugan saben dina, lan bisa gawe teks pacelathon kanthi migunakake basa kang trep mungguhe pranatan ing masyarakat Jawa. Sadurunge nyinau babagan unggah-ungguh basa Jawa, coba semaken gambar ing ngisor iki! Sastri Basa /Kelas 12 1 Gambar 1.1 Gambar 1.2 Gambar 1.3 Gambar 1.4 Gambar 1.5 Gambar 1.6 Gambar 1.7 Gambar 1.8 http://www.indonesiakaya.com 2 Sastri Basa /Kelas 12 Yen para siswa maspadakake gambar-gambar kasebut mesthine bisa ngggraita, pawongan kang kacetha ing gambar kira-kira lagi nindakake apa? Wangsulane: jagongan, ana uga kang ngarani cangkrukan. Sajerone acara jagongan, lumrahe banjur padha imbal wacana. Ana jagong bayi, jagong manten, jagong boyongan omah, utawa mung waton jagongan/cangkrukan. Mesthi wae paraga sarta bab kang dirembug saben jagongan beda-beda. Kita, minangka Wong Jawa kang kaloka nduweni pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan. Ing endi, lan karo sapa kita rembugan kudu ana bedane. Jagongane wong ing warung kopi, ibu-ibu arisan, bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, para intelek, apa dene politikus, mesthine beda babagan kang dirembug lan beda panganggone basa. Coba setitekna maneh patrap solah bawa kang ana sajroning gambar ing dhuwur! Sabanjure wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1) Manut pamawasmu gambar nomer 1.1, 1.2, 1.3, lan 1.4 ngrembug apa? 2) Manut pamawasmu sing rembugan ing gambar nomer 1.1 iku sapa wae? 3) Manut pamawasmu gambar nomer 1.5 lan 1.6, ngrembug apa? 4) Manut pamawasmu sing rembugan ing gambar nomer 3 iku sapa wae? 5) Manut pamawasmu kang kacetha ing gambar nomer 1.7 lan 1.8 sing rembugan sapa? 6) Manut pamawasmu kang kacetha ing gambar 1.7 lan 1.8 kahanane piye? 7) Manut pamawasmu apa saben paraga ing gambar olehe rembugan nganggo basa kang padha? Geneya mangkono? Adhedhasar pamawasmu ngenani gambar ing dhuwur, pangetrape basa ing saben patemon, pacelathon, janggongan, utawa cangkrukan beda-beda. Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku: GUNANE BASA BASA IBU BASA ILMU BASA BUDAYA Katrangan: Basa Jawa minangka basa ibu (jarwan bebas saka kamus basa Indonesia), jalaran basa Jawa minangka basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair, awit saka sesambungan kulawarga utawa masyarakat sakiwa tengene. Lumrahe panganggone basa ibu kanthi lesan. Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku basa digunakake kanggo medharake sawenehe kawruh. Bisa awujud basa lesan lan basa tulis. Sastri Basa /Kelas 12 3 Basa Jawa minangka basa budaya, jalaran basa Jawa mujudake salah sijine asil budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong Jawa apa dene wong-wong manca negara. Adhedhasar gunane basa kasebut, njalari thukule ragam basa Jawa kang cundhuk karo tataran utawa unggah-ungguhe. Dene unggah-ungguh iku kapatrapake marang sapa, apa kang dirembug, ing endi, sarta ing kahanan kepriye basa iku digunakake. Pasinaon 1: Modhel Pinilih Teks Pacelathon Ing pasinaon iki para siswa bakal kaajak ngidhentifikasi, mahami, lan nganalisis panganggone basa lesan ing sadhengah kahanan kanthi trep tatakramane. Kanthi rasa seneng kaajab para siswa bisa mangerteni unggahungguh, karakteristik, lan panganggone basa ing teks pacelathon, sarta mangerteni isine teks. Garapan 1: Njlentrehake Unggah-Ungguh Basa Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku ragam ngoko lan ragam krama. Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake rumaket. Yen tetembungane mung awujud ngoko lugu utawa wantah diarani basa ngoko lugu, menawa tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ngoko alus. Dene yen tetembungane mligi krama kagolongake basa krama. Ragam basa krama utawa basa kurmat iku basa kang nduweni drajad sadhuwure basa ngoko. Basa krama luwih alus lan nduweni surasa luwih ngajeni. Gatekna tuladha ing ngisor iki! Tuladha 1 Bagus Badrun Bagus Badrun Bagus Badrun Bagus Badrun Bagus Badrun 4 : : : : : : : : : : Drun, nyang ndi? Lapangan, melu ta? Gak, kadhung semayan karo Adul. Ana acara, ta? Biasa, motor anyar, Mas Brow. Ati-ati, aja ugal-ugalan! Weleh, kaya wong tuwek ae, tutur-tutur! (nggremeng) Diomongi kon ngati-ati kok malah begejegan! Cah enom ki, ya ngene iki. Cah enom iku, kudu berprestasi! Sastri Basa /Kelas 12 Tuladha 2 Ibu : Rin, sinaumu wis rampung? Rina : Sampun, Buk. Ibu : Kok sik umeg, nyapa kowe? Rina : Punika ringkes-ringkes, Buk. Ibu : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin! Rina : Inggih, Buk. Kula sampun solat. Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin! Tuladha 3 Ibu : Bapak wis dhahar? Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur. Ibu : Lagi wae, Pak. Kanca-kanca ngajak mampir daleme Bu Wira. Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta? Ibu : Mau awan. Didherekake putra ragile. Bapak : Mas Banu ta? Ibu : Ya. Bapak : Mas Banu kae sida ngasta na ndi ta Bu? Ibu : Dinas Pariwisata kota, Pak. Sarampunge nyemak andharan lan tuladha ing dhuwur, rampungna garapan ngisor iki! 1. Pacelathon ing tuladha 1 nggunakake ragam basa apa? 2. Pacelathon ing tuladha 2 nggunakake ragam basa apa? 3. Pacelathon ing tuladha 3 nggunakake ragam basa apa? 4. Kena apa saben pacelathon nggunakake ragam basa kang beda-beda? Garapan 2: Njlentrehake Karakteristik Unggah-Ungguh Basa Kanggo nyumurupi ragam basa Jawa, kita kudu weruh tatanan tembungtembung kang nduweni karakteristik kang beda-beda. Gatekna tabel ing ngisor iki! UNGGAH-UNGGUH BASA BASA NGOKO NGOKO LUGU BASA KRAMA NGOKO ALUS KRAMA LUGU Sastri Basa /Kelas 12 KRAMA ALUS 5 Tuladha: TEMBUNG MANUT UNGGAH-UNGGUHE Ngoko Lugu aku kowe lungguh nulis maca gelem mulih lara mangan turu adus lunga teka ngomong nggawa Krama Lugu kula sampeyan linggih/ lenggah nulis maca purun wangsul sakit nedha tilem adus kesah dugi matur mbekta Krama Alus (Inggil) kula panjenengan pinarak nyerat maos kersa kondur gerah dhahar sare siram tindak rawuh ngendikan ngasta Tembung-tembung kang ana ing sajrone tabel kepriye mungguh pangrakite dadi ukara? Bab iku gumantung marang sapa sing rembugan, apa sing dirembug, ing endi olehe rembugan, kepriye kahanane, lan apa tujuane. a. Kanggo sarana gladhen, rampungana garapan ing ngisor iki! 1) Gawea ukara nganggo tembung-tembung ngoko 3 wae! 2) Gawea ukara nganggo tembung-tembung krama lugu 3 wae! 3) Gawea ukara nganggo tembung-tembung krama alus (inggil) 3 wae! 4) Gawea ukara nganggo tembung ngoko kacampur tembung krama alus 3 wae! b. Jangkepana tabel ing ngisor iki! Tembung Ngoko mlaku arep numpak .... .... .... .... .... .... tangi tuku anak 6 Tembung Krama Lugu .... .... .... gadhah ngretos nyipeng .... .... .... .... .... .... Tembung Krama Alus tindak badhe nitih .... .... .... midhanget mriksani ngagem .... .... .... Sastri Basa /Kelas 12 Garapan 3: Njlentrehake Panganggone Unggah-Ungguh Basa Adhedhasar garapan 2, kita bisa mbedakake jinise tembung kang ndhapuk anane ragam basa ngoko lan krama. Kepriye carane mbedakake panganggone unggah-ungguh basa? Setitekna tuladha pacelathon ing ngisor iki! 1 Vivi : Assalamualaikum...Ibu, badhe pinanggih Devi. 2 Ibu : Waalaikumsalam....O, Mbak Vivi, kene! Kae Devi ing mburi. 3 Vivi : Inggih. Ibu badhe tindak pundi? 4 Ibu : Daleme Pak RT, arisan. Wis tutugna jagongane! 5 Vivi : Inggih, sampun kesupen, mangke kondur ngasta jajan, inggih, Ibu. 6 Ibu : Ya. 7 Vivi : Dev, piye rasane dinobatne penari cilik sa-kabupaten? 8 Devi : Wah...seneng banget! 9 Vivi : Dev, sapa sing ngajari kowe nari? 10 Devi : Ibuku. 11 Vivi : Wiwit kapan kowe latihan nari? 12 Devi : TK. Yen ibuku ngajari muride aku ndeleng, ngrusuhi, lan tiru-tiru. 13 Vivi : Ngrusuhi? Gak didukani? 14 Devi : Ya jelas didukani. Nanging bareng ibu pirsa aku pinter, malah diajari. 15 Vivi : Kowe wis tau pentas ping pira ? 16 Devi : Gak kena dietung. 17 Vivi : Wah, akeh no tarine? 18 Devi : Genah. 19 Vivi : Apa wae? 20 Devi 21 Vivi : Gambyong, Srimpi, Remo, Golek, Sekar Kirana, Tunggulwulung, Sekarwilis, Giring Caplokan, Seruni, Sekarpegon, lan liya-liyane. : Sing paling kosenengi tari apa? Sastri Basa /Kelas 12 7 22 Devi Vivi : Sekar Kirana Nyapa? 23 24 25 Devi Vivi : Nyritakake wong wadon sing ayu nanging gagah, dadi teliksandi kanggo nglawan penjajah. : Dev, apa cita-citamu? 26 Devi : Penari kondhang, nyipta tari khas saka desaku, sukses sing penting bisa dadi dermawan.... 27 Vivi : Sukses ya Dev.... Setitekna pethikan pacelathon/drama ing ngisor iki! 1 Dayang Ceplis : 2 3 4 5 6 7 Nyai Baka Dayang Ceplis Nyai Baka Dayang Ceplis Nyai Baka Dayang Ceplis : : : : : : 8 Nyai Baka : 9 Dayang Ceplis : “Ndara Putri, kok Panjenengan ketingal sayah. Kula pijeti kersa?” “Yo kene ndang pijetana. Karo aku ki pengin takon.” “nDangu menapa ta, Ndara Putri?” “Aku ki arep takon. Jamu nggo diet ki apa ta?” “Lah kok Panjenenganipun mundhut pirsa kula ta, Ndara?” “Ya, aku ki kepengin kaya awakmu sing singset kuwi lo!” “O, kula niki mboten diet Ndara, namung sregep Senin Kemis. Kenging napa Ndara kok ngersakaken diet niku?” “Ngene lho, Ndara Kakung ki ngersakne aku diet, ngendikane, lha pipiku ketok ginuk-ginuk saiki.” O....? Sarampunge nyetitekake pacelathon/pethikan drama ing dhuwur, jangkepana tabel ing ngisor iki! No Ukara 1 Assalamualaikum...Ibu, kula kepengin pinanggih Devi. ..................... 2 Waalaikumsalam....O, Vivi, kene! Kae Devi ana mburi. ..................... 3 Inggih, Ibu badhe tindak dhateng pundi? ..................... 4 Daleme Pak RT, arisan. ..................... 5 Wis, tutugna jagongane! ..................... 6 Inggih, sampun kesupen, mangke kondur ngasta jajan, inggih, Ibu. ..................... 8 Ragam Basa Sastri Basa /Kelas 12 7 Dev, sapa sing ngajari kowe nari? ..................... 8 Ya jelas didukani. ..................... 9 Nanging bareng ibu pirsa aku pinter, malah diajari. ..................... 10 Ndara Putri, kok Panjenengan ketingal sayah. Kula pijeti kersa? ..................... 11 Aku ki arep takon. Jamu nggo diet ki apa ta? ..................... 12 “Ngene lho, Ndara Kakung ki ngersakne aku diet, ngendikane, lha pipiku ketok ginuk-ginuk saiki.” ..................... Adhedhasar wangsulanmu, para siswa bisa nggolongake panganggone basa manut unggah-ungguhe. No Jinise unggah-ungguh Pangetrape ing rembugan Wong tuwa wong enom 1 2 Ragam ngoko lugu Ragam ngoko alus Tuladha marang Ibu marang Vivi: Wis, tutugna jagongane! Wong/bocah sabarakan/ meh padha umurumurane Vivi marang Devi: Wiwit kapan kowe latihan nari ? Wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor utawa bendara marang abdine. Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane. Nyi Baka marang Ceplis: Aku ki arep takon. Jamu nggo diet ki apa ta? Ngrembug wong kang perlu diajeni. Devi ngrembug ibune: Nanging bareng ibu pirsa aku pinter, malah diajari. liya Ceplis marang Bendarane: nDangu menapa ta, Ndara Putri? nDara Putri ngrembug Ndara Kakung: ”Ngene lho, Ndara Kakung ki ngersakne aku diet, ngendikane, lha pipiku ketok ginuk-ginuk saiki.” Sastri Basa /Kelas 12 9 3 4 Ragam krama lugu Ragam krama alus Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane Abdi marang bendara utawa wong asor marang wong sing luwih dhuwur pangkat utawa drajate. Putri ratu marang abdi kang luwih tuwa: Yung, sampeyan tumbasne jajan. Kang, kula nedhi pari sampeyan. Ceplis marang Bendarane: “O, kula niki mboten diet Ndara, namung sregep Senin Kemis. Kenging napa Ndara kok ngersakaken diet niku?” Garapan 4: Njlentrehake Isine Pacelathon/Drama Sawise ngrembug babagan unggah-ungguh basa, jinis, karakteristik, sarta panganggone. Ing garapan iki ayo bebarengan nyurasa isine pacelathon/teks drama! Semaken teks drama ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakon-pitakone! SRI HUNING MUSTIKANING TUBAN Adegan I : Kadipaten Bojonegoro Pasewakan Kadipaten Bojonegoro nampi rawuhipun utusan saking Tuban nanjihaken perkawis dhaupipun R.Wiratmaya lan Retna Kumala. Adegan kawitan kanthi sungkeming para nayaka dhumateng Adipati Sasranagara. Raden Sadara Adipati Sasranagara Raden Sadara Adipati Sasranagara Raden Sadara Adipati Sasranagara Raden Sadara Adipati 10  : Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. : Ya ngger, Sadara. Daktampa, ora liwat pamujiku tampanana. : Inggih, kula pundhi mugi ndadosaken jimat paripih, Paman. : Njanur gunung dene kowe sowan ana ing Bojonegoro, apa pancen ana wigati? : Inggih, sowan kula estunipun mundhi dhawuh Rama Siralawe ing Tuban saperlu nanjihaken bab jejodhoan antawisipun Kakang Wiratmaya kaliyan Kangmbok Retna Kumala, Paman. : Ha..ha..ha..ha..pancen nalika semana aku klawan ramamu duwe kekarepan bakal ngraketake paseduluran kanthi njodhokake Wiratmaya klawan putriku Retna Kumala. Apa pancen ramamu ngersakake jejodhoan iki dibacutake? : Punten Dalem Sewu, Paman. Sedaya menika leres. Nyatanipun Rama Adipati Siralawe, ngutus kula sowan, saperlu nyuwunaken pirsa babagan jejodhoan menika. Saha minangka duta saking Tuban asung panglamaripun Kakang Wiratmaya, Paman. : Ya…ndadekake bungahing atiku yen pancen kaya mangkono. Sastri Basa /Kelas 12 Sasranagara Raden Sadara Adipati Sasranagara Sadara… : Katimbalan Paman Adipati… : Aturna marang ramamu, dene aku nampa panglamare Wiratmaya, lan aku wis netepake yen dhauping Wiratmaya lan Retna Kumala, ing dina Anggara Kasih, telung candra saka kalungguhan iki. (Kadadak rawuhipun utusan Adipati Indrakatong saking Lamongan. Pasewakan kaget, suwasana sereng.) Patih Indrasekti Adipati Sasranagara Patih Indrasekti Adipati Sasranagara Patih Indrasekti Adipati Sasranagara Patih Indrasekti Adipati Sasranagara Patih Indrasekti Adipati Sasranagara Patih Indrasekti Adipati Sasranagara Patih Indrasekti Adipati Sasranagara Raden Sadara : Ha..ha..ha..ha.. nuwun sewu, napa leres ngriki menika Kadipaten Bojonegoro. : Mangke ta kisanak, leres menawi menika pendhapi agung kadipaten Bojonegoro. Lajeng ki sanak menika sinten lan saking pundi? : Ha..ha..ha..ha.. tepangaken kula Patih Indrasekti, utusane Gusti Adipati Indrakatong saking Lamongan. Menawi mekaten sampeyan menika Adipati Sasranegara? : Kepara pancen nyata, Ingsun Adipati Sasranagara, songsong agung ing Bojonegoro. Ana wigati apa dene nganti tumeka ing Bojonegoro? : Kula mundhi dhawuh junjungan kula, Adipati Indrakatong saperlu ngaturaken panglamaripun Gusti Adipati dhumateng kusumaning nagari Dewi Retna Kumala. : Ora ana jamake wong nglamar kanthi nggelar prajurit kang jangkep lan ngunus sanjata. : Kula pinangka duta kedah saged ngrampungi damel, mila kula kabetanan purba wasesa lan sabregada prajurit kangge ngawekani menawi panglamar sarana aris katampik, boten wonten sanes amung kanthi cara kagecaking perang kanthi ngrebat putri boyongan. : Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta , ning kabeh mau duwe pranatan kang kudu ditetepi dhewe-dhewe anut papan dumadine. : Syukur, bilih Sang Adipati pirsa? : Ora teges aku nampik, ning iki mau kena sinebut sira barung sinang, amarga ana utusan saka Tuban kang wis teka luwih dhisik, kang nunggal karep klawan sira. : Cethanipun? : Ingsun durung bisa wangsulan, nanging entenana ing alun-alun Bojonegoro. : Menawi pancen menika karampunganipun, kepareng kula medal pasilan. : Sadara… Rembugan prakara Wiratmaya lan Retna Kumala wis rampung. Prakara mbalikake Patih Indrasekti saka Lamongan mangsa borong dakpasrahake marang kowe. : Ngestokaken dhawuh Paman Adipati. Menawi mekaten kula nyuwun pamit. (Ing Alun-alun, rombongan Patih Indrasekti nengga putusan saking Sasranagara. Katungka rawuhipun Raden Sadara lajeng dados pasulayan.) Sastri Basa /Kelas 12 Adipati 11 Patih Indrasekti Raden Sadara Patih Indrasekti Raden Sadara Patih Indrasekti : O, iki ta duta saka Tuban? Ha..ha..ha.. : Ngertenana, yen ta cethane Kangmbok Retna Kumala bakal didhaupake karo kakangku, Wiratmaya. Malah wis ditetepake yen ta dina dhauping penganten nuju dina Anggara Kasih. : Kuwi rak rembugmu karo Adipati Sasranegara. Saiki rembugmu karo aku sing bakal kanggo, kowe balia kandhaa yen ta Retna Kumala wis dadi garwane Adipati Indrakatong. : Kekarepanmu bisa klakon yen wis bisa nyempal bau kanan keringku. : Patembayamu dakwujudi. Perang.... Bausastra : njanur gunung mundhi dhawuh nanjihaken barung sinang medal pasilan hari anggara kasih duta : : : : : : : kadingaren ngestokake dhawuh, nakokake, njaluk katrangan nyela-nyela wong guneman metu saka pisowanan dina selasa kliwon utusan Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki ana gegayutane karo wacan, wangsulana kanthi patitis. Pawangsulan kang bener bakal nambahi kawruhmu babagan jinis lan karakteristik unggah-ungguh basa ing pacelathon! 1) 2) 3) 4) 5) 6) Drajate paraga Raden Sadara karo Adipati Sasranegara iku luwih luhur sing endi ? Coba kanthenana bukti kanggo nyengkuyung wangsulanmu iku! Kepriye wujude basa kang dianggo ing pacelathon antarane Raden Sadara karo Adipati Sasranagara mau? Apa sebabe kok basa kang dianggo paraga loro mau beda? Apa sebabe nalika sepisanan rembugan karo Patih Indrasekti, Adipati Sasranegara migunakake basa krama, lan sabanjure nganggo basa ngoko? Basa apa sing digunakake nalika lagi nesu? Ing pacelathon mau ana rakitane tembung kang kadhapuk saka tembung krama lan ngoko. Coba golekana, banjur terangna apa sebabe kok mangkono mau! Saka wacan ing dhuwur, ana telung jinis ragam basa kang digunakake, coba aranana lan wenehana tuladha ukarane! Pasinaon 2: Makarya Bebarengan Babagan Teks Drama Supaya pasinaon luwih grengseng, saiki para siswa kaajak makarya bebarengan sajroning klompok. Garapan kang bakal katindakake awujud ngrakit teks pacelathon utawa teks drama lan maragakake teks drama kang wis karakit. 12  Sastri Basa /Kelas 12 Garapan 1 : Ngrakit Teks Pacelathon Sajerone garapan iki para siswa kaajak ngrakit teks pacelathon kanthi makarya bebarengan ing saben klompok. Para siswa wis dicepaki ngengrengan adegan kang mujudake alure crita. Kanthi rasa tanggung jawab anduma gawe nulis pacelathone! Ngengrengan adegan kanthi lakon ”Jaka Tarub” iki jangkepana pacelathon utawa dhialoge bebarengan karo klompokmu! Adegan 1 : Ing omahe, Mbok Tarub karo Jaka Tarub lagi ngrembug babagan pepinginane Mbok Randha Tarub enggal duwe putu, nanging Jaka Tarub isih durung pengin palakrama. Kapara malah ora kepengin palakrama yen ora oleh widadari. Katungka tekane Soma Kampret kang ngajak Jaka Tarub golek manuk ing alas. No. Paraga ...................... ...................... ...................... ...................... : Ukara ........................................................................... ........................................................................... ........................................................................... .......................................................................... Adegan 2 : Ing tengah alas, Jaka Tarub karo Soma Kampret lagi golek manuk. Dumadakan weruh ana kumlebate para widadari kang tumuju ing sawijining tlaga. Jaka Tarub karo Soma Kampret nginceng saka grumbulan lan sabanjure Jaka Tarub nyolong salah sijine slendhange widadari. Widadari sing kelangan slendhang lan ditinggal widodari liyane bali menyang kahyangan nangis-nangis banjur gawe sayembara. Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani utawa didadekne bojo. Jaka menehi sarung marang Dewi Nawang Wulan. ...................... ...................... ...................... ...................... ........................................................................... ........................................................................... ........................................................................... .......................................................................... Adegan 3 : Ing omahe Nyi Tarub. Jaka Tarub oleh restu lan sida urip bebrayan karo Dewi Nawang Wulan. ...................... ...................... ...................... ...................... ........................................................................... ........................................................................... ........................................................................... .......................................................................... Sastri Basa /Kelas 12 13 Garapan 2: Maragakake Teks Drama Sarampunge ngrakit pacelathon ing garapan 1, saiki para siswa kaajak sinau maca teks kanthi patrap kang trep. Yen olehmu maca trep sasolah-bawane, paragan mau bisa wujud satatane drama. Yen wis apal paragakna ing ngarep kelas kanthi klompok. Asil paraganmu saklompok bisa karekam utawa kasoting banjur kaunggah ing internet minangka asil karya klompokmu. Pasinaon 3: Makarya Kanthi Mandhiri Makarya kanthi mandhiri iki kanggo ngundhakake kawasisanmu nyinaoni babagan teks pacelathon utawa teks dhialog. Garapan 1: Nanggapi Pamaragan Teks Pacelathon Ayahan kang kudu katindakake ing garapan iki minangka jangkepane garapan kapisan lan kapindho ing pasinaon sadurunge. Nalika kanca saklompok maragakake teks pacelathone kaya satatane pamaragan drama, siswa liyane bisa nyemak lan menehi panyaruwe. Tindakna kanthi jujur lan tanggung jawab. Pirantine kacawisake kaya ing ngisor iki: Lembar Ayahan Menehi Pambiji, Panemu, Lan Panyaruwe Pamaragan Teks Drama Jeneng : ……………………………. Kelas/No. Absen: ……………………………. Jeneng Siswa Peran 1 ............. ............. 2 ............. 3 No. Solah Bawa Polatan Swara Dudutan .............. ............. .............. ............ ............. .............. ............. .............. ............ ............. ............. .............. ............. .............. ............ 4 ............. ............. .............. ............. .............. ............ 5 ............. ............. .............. ............. .............. ............ 6 ............. ............. .............. ............. .............. ............ 7 ............. ............. .............. ............. .............. ............ 8 ............. ............. .............. ............. .............. ............ 14  Sastri Basa /Kelas 12 9 ............. ............. .............. ............. .............. ............ 10 ............. ............. .............. ............. .............. ............ lst. ............. ............. .............. ............. .............. ............ Garapan 2: Latihan Nulis Teks Pacelathon/Drama Nulis teks pacelathon/drama sejatine ora angel, jalaran sumbere crita wis sumadya. Sumbere crita bisa saka cerkak, novel, lan uga saka prastawa kang nyata ing masyarakat. Dene, carane ngarang teks drama bisa nurut traptrapan ing ngisor iki: (1) Nemtokake tema utawa idhe pokoke crita; (2) Nemtokake paraga lan watake; (3) Nggawe alure crita utawa adegan kanthi dhialoge para paraga; (4) Nemtokake latar/ setting crita; (5) Nulis naskah awal teks drama kanthi mbayangake kepriye yen dipentasake; (6) Naskah awal banjur diedhit supaya dadi naskah sing apik. Tindakna pakaryan iki: (1) Kanggo gegladhen, gawea teks pacelathon/ drama saka salah sijine crita cekak kang kang kapacak ing Panjebar Semangat, Jayabaya, utawa kalawarti liyane. Dawane teks drama kang kokkarang paling sethithik 2 kaca kertas folio. (2) Karanganmu wenehna kancamu supaya diwenehi komentar/ panyaruwe supaya dadi luwih apik maneh. (3) Yen wis didandani kumpulna minangka tugas portofolio. Sastri Basa /Kelas 12 15 GLADHEN WULANGAN 1 I. Pilih wangsulan kang paling bener! 1. Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran .... a. ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae. b. panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu. c. bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae. d. para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae. e. beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa. 2. Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku ... . a. basa ibu, basa ilmu, lan basa budaya b. basa ibu, basa ilmu, lan basa pergaulan c. basa ibu, basa kulawarga, lan basa masyarakat d. basa ibu, basa komunikasi, lan basa budaya e. basa ibu, basa ilmiah, lan basa sastra 3. Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku ... .  basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kulawarga.  basa kang digunakake kanggo ing adicara pahargyan adat.  basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa.  basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh.  basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan. 4. Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... . a. ragam ngoko alus lan ragam krama inggil b. ragam ngoko lan ragam krama c. ragam krama lugu lan ragam karma inggil d. ragam ngoko lan krama inggil e. ragam krama alus lan krama inggil 5. Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake ... . a. rumaket b. ngajeni c. guyonan d. penting e. mirunggan 16  Sastri Basa /Kelas 12 6. Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama d. krama lugu e. krama inggil 7. Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ... . a. kasar lan rumaket b. luwih gampang cak-cakane c. alus lan nduweni surasa luwih ngajeni d. lugu lan kurang ngajeni liyan e. endhek tataran undha-usuke 8. Ibu Bapak : Bapak wis dhahar? : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur. Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama 9. Ibu : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin! Rina : Inggih, Buk. Kula sampun solat. Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin! Ing punggelan teks kasebut, Ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama 10. Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa ... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama Sastri Basa /Kelas 12 17 11. Wong/ bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane migunakake basa ... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama 12. Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama 13. Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku ... a. Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana. b. Ki sanak menika sinten lan saking pundi? c. Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta. d. Ana wigati apa kowe sowan mrene? e. Pakaryan kang becik kudu kalestarekake! 14. Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani utawa gelem didadekne bojo. Ukara ing dhuwur mujudake unine ... . a. wara-wara b. patembaya c. reklame/iklan d. layang e. lelayu 15. Minangka basa ibu, Basa Jawa lumrahe panganggone ... . a. alus b. kasar c. kanthi tinulis d. kanthi lisan e. kanthi resmi 18  Sastri Basa /Kelas 12 II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Aranana undha-usuk Basa Jawa! 2. Jlentrehna pangetrapane unggah-ungguh basa! 3. Apa tujuane kabudayan Jawa nyipta (nganakake) unggah-ungguh basa? 4. Ayahan apa wae kang kudu ditindakake nalika ngarang teks drama? Jlentrehna! 5. Gawea teks pacelathon kang diparagani dening bapak lan ibu kanthi tema ’Milih Sekolah Kanggo Putrane’! Sastri Basa /Kelas 12 19 WULANGAN 2 NULAD LAKU UTAMA Kompetensi Dasar dan Indikator: 3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis karya fiksi dan nonfiksi secara lesan dan tulis 3.2.1 Mengidentifikasi struktur teks cerita pendek (cerkak). 3.2.2 Menganalisis struktur teks cerita pendek (cerkak). 3.2.3 Menganalisis unsur kebahasaan teks cerita pendek (cerkak). 3.2.4 Membandingkan karakteristik bahasa teks cerita pendek (cerkak) dengan teks sastra lainnya. 3.2.5 Menjelaskan pesan moral teks cerita pendek (cerkak). 4.2 Memproduksi dan mempublikasikan karya fiksi (naskah drama, cerita pendek, karya terjemahan) 4.2.1 Menulis teks cerita pendek (cerkak). 4.2.2 Mempublikasikan teks cerita pendek (cerkak) hasil karangannya. 4.2.3 Menerjemahkan teks cerita pendek (cerkak) ke atau dari bahasa yang berbeda. 4.2.4 Membaca teks cerita pendek (cerkak) hasil terjemahan. 4.2.5 Mempublikasikan teks cerita pendek (cerkak) hasil terjemahan. 4.2.6 Mengunggah cerpen hasil karangan dan hasil terjemahan ke internet. Mbabar Wawasan Wulangan Jawa akeh kang nuntun supaya padha nindakake laku (brata) sing apik, becik, utama sing beda karo lakune kewan. Amarga manungsa iku tinitah supaya drajate luwih dhuwur-luhur katimbang kewan. Wulangan, pituduh, pitutur ngenani laku utama ana ing budaya lan sastra Jawa akeh banget. Ana laku sing kudu dilakoni dening para santana, para punggawa apa dene para kawula marang gustine. Kejaba saka iku ana laku tumrap murid marang gurune, para putra marang wong tuwane. Mangkono uga tumrap bebrayan supaya duwe nalar sing wening lan landhesan hukum agama lan 20  Sastri Basa /Kelas 12 negara. Kabeh isine apik-apik, ora gampang di cakake nanging nuntun marang tumindak utama. Minangka asil cipta sastra, cerkak uga ngandhut piwulang utama kang bisa tinulad minangka sangune urip ing bebrayan. Cerkak bisa kanggo kaca benggala (cermin kehidupan), jalaran seperangan gedhe cerkak katulis lelandhesan kedadeyan ing bebrayan kang nyata. Pasinaon iki bakal ngajak para siswa nyurasa crita cekak. Sarampunge pasinaon kaajab bisa nganalisis struktur teks, unsur basane, mbandhingake karo wujud sastra liyane, njarwakakake, lan ngrakit crita cekak. Kanthi linambaran rasa tresna marang sastra Jawa, para siswa uga kaajab bisa mamerake crita cekak anggitane ing internet. Wondene pasinaone bisa katindakake kanthi makarya bebarengan apa dene mandhiri. (http://luk.staff.ugm.ac.id/itd/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/itd/) Yen para siswa maspadakake gambar ing ndhuwur, kita bisa nggraita kepriye sangganing urip kang dirasakake dening para paraga ing gambar mau. Mungguh panemumu, kepriye kahanane paraga ing gambar mau? Manut panemumu wongwong kang uripe kaya kacetha ing gambar iku apa uripe sarwa kecukupan? Apa mesthi yen ngalami kasangsaran? Manut panemumu apa paraga kasebut ya kober mikirake bab politik, pendhidhikan, lan kabudayan? Kena apa wangsulanmu mangkono? Pasinaon 1 : Modhel Teks Pinilih Sastri Basa /Kelas 12 21 Ing pasinaon siji iki para siswa bakal diajak nyurasa crita cekak kang nggambarake uripe pengamen lan pemulung cilik. Garapan 1: Ngidhentifikasi Struktur Teks Cerkak Wacanen cerkak ing ngisor iki kanthi kebak pangrasa! ING ANTARANE LANGIT LAN BUMI Emteye Anggoro Mak Gi, wong wadon sing umure wis panglong kuwi ngenteni anak-anake kanthi sabar, sinambi lempit-lempit sandhangan kang mentas dipulung saka memehan. Ing pojoke gubug ana celengan saka kendhi sing sasuwene iki dadi gandhulane ati. Ya celengan iku kang bisa aweh panjurung uripe lan anak-anake. Tangane kang wis kisut dipangan wektu kanthi kebak rasa welas asih wis rampung nyawisake mangan kanggo anak-anake. Bocah papat kang racak umur-umurane kuwi olehe ngopeni ngungkuli jabang bayi sing diprejelne dhewe. Mak Gi pancen uripe tanpa bandha, nanging katresnane kang tulus bisa kanggo nggedhekake bocah-bocah senajan kudu medhot olehe padha sekolah. Sauntara iku Pinah lan Parmin reruntungan lagi golek urip, ngoyak playune dhuwit. Bocah loro iku merlokake leren. Parmin ngglandhang tangane Pinah menyang ngisor wit trembesi. Wis ora nggagas butuh lemek lungguh apa ora, bocah loro banjur ndhoprok. Panase srengenge kang sumelet kaya ora direwes. Kringete dleweran ing pilingane. Gulune kang asat ora kilenan banyu wiwit esuk ora dirasakne. Butuhe mung oleh rongsok, nimbang na juragan, nampa dhuwit, seger waras. ”Enak tenan.....peh, yen bendina ngene iki....” grenenge Pinah sinambi nglendhet wit trembesi. Mbukak topine sing wis amoh kanggo kipas-kipas. ”Edan tenan!” Semaute Parmin karo nututi lungguh ing jejere. ”Nyapa kok edan?” ”Ya, edan, mosok saben dina wong kon ngrongsok barang-barange?” ”Yen pancen wis ora kanggo, mosok arep ditumpuk terus, tiwas mubazir, nggo sarang tikus.” ”Urusane sing duwe barang, ta?” ”Wis-wis aja nggedabrus! Muni mangkono Parmin karo ngetokake dhuwit kang disuwelke ing sak kang mentas ditampa saka juragan rongsok. Parmin banjur ngethungake dhuwite menyang Pinah. Kanthi mesam-mesem Pinah nampani njur genti mblesekake ing sak roke. ”Peh...emak mesthi sueneng dina iki.” ”Mesthi seneng, la setorane awake dhewe akeh.” ”Pin, nyawang dhuwit wetengku dadi perih.” Muni mangkono Parmin karo nyekeli wetenge kang durung diisi wit esuk. “Njajan apa piye? Ya, gak pa-pa ta njajan, yen pengin gak duwe celengan” kandhane Pinah. ”Jane ya puingin njajan, kaya bocah-bocah kae” omongane Parmin sajak ora direwes Pinah. ”Ya wis, gak sah nggladrah, ayo gek mulih, tiwas dienteni emak!” Bocah loro nglentreng ninggalake wit trembesi ngampluk kampli ing pundhake. Panase srengenge wis ora dirasakake sing penting ndang ketemu emake. 22  Sastri Basa /Kelas 12 Lagi tekan lambene omah, sing pantes karan gubug iku Parmin karo Pinah wis mbengok. ”Mak, iki dhuwite, Maaak!” Pambengoke Pinah clingukan nggoleki emake. Beda karo Parmin, bocah lanang sing kudune wis kelas pitu iku njujug gubug sisih mburi perlu nggoleki ganjel weteng sing wis suwe kluruk. ”Luwe, Mak! Mangaan!” Mbengok ngono Parmin wis nyidhuk sega ana cething. Sawuse ngulungake dhuwite menyang make ing mburi gubug, Pinah uga enggal-enggal nututi Parmin. Bocah loro wis nyekel piring isi sega lawuh gerih. Olehe mangan nggethu ora noleh ngiwa nengen. Sawetara ing njaba gubug Ika karo Desi sing mentas mulih ngamen rumangsa bungah amarga ngamene oleh akeh. Anggone ngetung dhuwit sinambi tetembangan. ”Weh-weh bingung aku ngetunge....uakeh banget...” kandhane Ika nyengarnyengir. ”Kene taketunge, dhasar gak tau mangan sekolahan!” Kandhane Desi karo nyaut dhuwit saka tangane Ika. ”Nyoooh...sing tau mangan sekolahan!” ”Ya, sekolahane mbahmu...” bocah loro jegagakan. ”Pira?” Pitakone Ika ndengongok nyawang dhuwit muwel ing tangane Desi. ”Alhamdulillah .... rejeki nomplok! Ngimpi apa sewengi?” ”Weh, isa sekolah meneh rasane.” ”Ya, ning apa cukup?” ”Ya, nglumpukne terus!” ”Ya, kari tuweke, durung sida sekolah!” Bocah loro cengingisan. Lagi arep mlebu gubug Desi nyawang sedulur-sedulure wis nyangga piring. Desi nggeblas nyang mburi gubug ngulungake dhuwit olehe ngamen menyang emake. Sedhela wae Ika wis nggawa piring isi sega lan gerih. Ing njero gubug sisih mburi, Desi gembreneng rumangsa kurang lawuhe. Ora sranta Desi metu nggawa piringe langsung nyaut gerih ing piringe Parmin karo mbengok, ”Enak tenan!” ”Heh, nyapa lawuhku kokjupuk?” Parmin mbengok karo nangis. ”Maaak...lawuhku....Maaak” Parmin kesel-kesel kelangan lawuh. Sing nyaut ora ngrewes, malah telap-telep olehe mangan. Parmin ngglolo nangisi lawuhe sing diemplok Desi. Ika lan Pinah nuturi Desi amarga welas nyawang Parmin. Sing dituturi malah nyingkrih. Sing ditinggal padha pating domblong. Parmin isih nangisi lawuhe. Krungu anak-anake regejegan Mak Gi metu. Mak Gi ora kuwawa ngrasakake tingkahe anak-anake. Mentas wae katon olehe beneh-beneh bisa golek urip. Nanging sedhela maneh wis regejegan prakara lawuh gerih. Kanthi sareh semanta, ”Ana apa ta? Pin, Ka, sedulur-sedulure kerah kok meneng wae ta?” ”Percumah, Mak. Dituturi gak kenek, kupinge buntet. Diomongi gak nggungu!” ”Ya, wis, yen tukaran wae emak dakminggat!” ”Maaak........” krungu semantane emake kang ora dinyana-nyana, bocah-bocah klepat ninggalake piringe, nubruk emake karo pating jlerit. ”Maaak...aja minggat, Mak!” ”Ya wis...wis,kowe aja sok aji mumpung ! Emak seneng ndeleng kowe sregep nyambut gawe, kaya-kaya sesuk ora bakal mati. Nanging, isih ana kewajiban penting utama kang isih kudu kok tindakake.” “Maaak…..!” Krungu omongane emake bocah-bocah padha ngruket sikile emake. Sastri Basa /Kelas 12 23 ”Sejatine kowe kuwi anake sapa, ora penting. Sing penting tugasmu ndongakake, muga-muga wong tuwamu dingapura Gusti Allah, sih urip apa dene wis mati..” Muni mangkono sajake emak ora nggagas sing dirasakake anak-anake. ”Maaaak....” bocah-bocah mbengok banter. ”Emak seneng ndeleng kowe kabeh sregep lan rukun. Ngetus kringet trutusan turut lurung. Amarga kringete dhewe mono luwih seger tinimbang nyecep kringete wong liya.” Kaya nggrantes perih batine si bocah. Senajan isih kepara bocah nanging krungu omongane emake kang kaya mangkono jebul uga tuwuh rasa welas trenyuhe. Bocah papat Sangsaya ngruket sikile emak. Bebarengan rebutan ngranggeh tangane emak saperlu njaluk ngapura. ”Maaak....sepurane ya, Maak....!” bocah papat sesenggukan. Kabeh wis ora mikiri panganane. ”Ngrumangsani luput kuwi luwih penting tinimbang mung ngajak salaman wae! Ya wis, kae ….upa-upa sing kececeran kae jumputana, yen kokpangan kanthi kebak rasa syukur bakal akeh pigunane. Ora usah mewek nangis terus.... mesema... amarga mesem iku nuwuhake rasa ayem tentrem, ngguyu bisa nuwuhake bagya mulya!” Bocah papat ngusapi luhe kang isih dleweran. Kanthi kebak rasa syukur padha brangkangan njumputi upa kang kececeran ing jogan. Ing antarane rasa trenyuh kang ana jroning gubug dikagetake swara sempritan dawa, ”priiiit.....!!!” sakala kabeh njenggirat mbengok kaya koor. ”Maaaak....obrakan!” “Maaak...obrakan, Maaaak!” Mak Gi age-age mlebu nyaut celengan kendhi ing pojokan dibuntel gombal. Tangane kang kisut kiyeng ndhelikake kendhi ing njero gombal dipondhong kaya dene donya kang ajine pitung gunung anakan. Bocah papat ngrempol ing bokonge Mak Gi. Wong tuwa kang wis kulina urip rekasa iku ora giris ngadhepi obrakan kang saben wektu kedadean. Ora genah sejatine sing ngobrak iku petugas apa penjahat. ”Sampah masyarakat, nyingrih-nyingkrih, ngreged-ngregedi sesawangan!” kandhane pawongan gedhe dhuwur karo nggawa penthung. Mripate clilingan kaya nggoleki barang ilang. Lagake pethitha-pethithi kaya njejegake adil tenan. ”Kowe sing nyingkrih!” pambengoke bocah papat bareng karo ngruket make. ”Yen ora gelem nyingkrih dakobrak-abrik gubug iki!” muni mangkono karo nyaut kendhi sing dibuntel gombal sing wiwit mau dipondhong emak. Sajake pawongan gedhe dhuwur sing lagake kaya penjaga ketertiban iku wis ngincer celengane emak sasuwene iki. Tekade Mak Gi lan bocah-bocah kaya pejuang kang ndhepani jejege adil, tangane ngruket keket celengan kendhi kang dibuntel gombal. Bocah papat tangane sraweyan, njongkrokake pawongan gedhe dhuwur iku lan uga nggondheli emake. Nanging kabeh keponthal. Dikipatake sepisan wae, Mak Gi glangsaran. Celengan kendhi kang dipeni-peni kasil disaut. Sabanjure mak klepat, ninggalake papan karo ngguyu jegagakan. Bocah papat mung bisa nangis nggetuni celengane kang sasuwene iki didamadama arep dinggo nyambung urip. Mak Gi krekalan tangi saka jrambah lemah. Bocah papat nangis sesenggukan, ngruket, lan ngrangkul emake. Mak Gi sumendhal atine. Kaya pepes gegadhangane. Kepriye bisane nyambung urip karo anak-anake. Bocah papat nangis ngglolo ana jogan lemah. Awake padha lemes kaya wis kelangan pangarep-arep. 24  Sastri Basa /Kelas 12 Wadon tuwa kang wis wareg rekasa iku unjal ambegan dawa banjur semanta, ”Bocah-bocah, aja mung nggetuni apa kang wis dumadi. Ora-orane kita bakal mati mung krana kedadean iki. Kae lo sawangen, langite isih jembar. Dakkira kita isih bisa urip, kanthi ati kang sabar. Wis, kana apa-apa kang kena diringkesi, ringkesana! Ayo nyenyuwun ngarsaning Gusti muga-muga kita tansah diparingi kekuwatan lair kalawan batin, saengga bisa nutugake urip ing antarane langit lan bumi.” *** Kanggo nyumurupi apa pamacamu nuwuhake pangrasa marang surasane crita, wangsulana pitakon-pitakon babagan unsur instrinsike cerkak ing ngisor iki! 1. Sapa wae paragane cerkak ”Ing Antarane Langit lan Bumi”, terangna watake! 2. Sapa kang kalebu paraga utama? 3. Apa konflik kang dialami dening paraga utama? 4. Sebutna setting-ing crita cekak mau! 5. Kepriye pungkasane crita? 6. Apa amanat kang bisa kapethik saka cerkak ”Ing Antarane Langit lan Bumi”? 7. Kepriye upama para siswa ngalami lelakon kaya bocah papat ing cerkak mau? Garapan 2 : Nganalisis Struktur Teks Cerkak Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi: 1) orientasi/ pambuka, arupa perangan pambukane crita; 2) komplikasi/ konflik/ pasulayan, arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane prakara; 3) resolusi/ pangudhare kabeh prakara kang dumadi. Perangan iki arupa pungkasane pasulayan utawa dredah jrone crita, sarta 4) coda/panutup arupa panintinge dudutan dening para pamaca. Kanggo sarana nganalisis struktur teks cerkak, jangkepana tabel struktur teks cerkak ”Ing Antarane Langit lan Bumi” ing ngisor iki kaya tuladhane! No. 1 Struktur Orientasi Cuplikan saka Teks Mak Gi wong wadon sing wis panglong kuwi ngenteni anak-anake kanthi sabar sinambi lempit-lempit sandhangan kang mentas dipulung saka memehan. Ing pojoke gubug ana celengan saka kendhi sing sasuwene iki dadi gandhulane ati. Ya celengan iku kang bisa aweh panjurung uripe lan anakanake. Tangane kang wis kisut dipangan wektu kanthi kebak rasa welas asih wis rampung nyawisake mangan kanggo anakanake. Bocah papat kang racak umur-umurane kuwi olehe ngopeni ngungkuli jabang bayi sing diprejelne dhewe. Mak Gi pancen uripe tanpa bandha, nanging katresnane kang tulus bisa kanggo nggedhekake bocah-bocah senajan kudu medhot olehe padha sekolah. Sastri Basa /Kelas 12 25 Sauntara iku Pinah lan Parmin reruntungan lagi golek urip, ngoyak playune dhuwit. Bocah loro iku merlokake leren. Parmin ngglandhang tangane Pinah menyang ngisor wit trembesi. Wis ora nggagas butuh lemek lungguh apa ora, bocah loro banjur ndhoprok. Panase srengenge kang sumelet kaya ora direwes. Kringete dleweran ing pilingane. Gulune kang asat ora kilenan banyu wit esuk ora dirasakne. Butuhe mung oleh rongsok, nimbang na juragan, nampa dhuwit, seger waras. 2 Komplikasi ................................................................................... ................................................................................... ................................................................................... ................................................................................... 3 Resolusi ................................................................................... ................................................................................... ................................................................................... ................................................................................... 4 Koda Garapan 3 ................................................................................... ................................................................................... ................................................................................... ................................................................................... : Nganalisis Unsur Basa ing Teks Cerkak Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyaritakake panguripan sabendina, kawangun kanthi basa padinan. Ewadene kanggo nambah kaendahane cerkak, pangripta migunakake basa kang mirunggan. Tegese kanggo nguripake crita uga mentingake lelewaning basa. Bab iki kanggo narik kawigatene pamaca lan nambahi daya sastra. Kang kalebu lelewaning basa yaiku; tembung entar, tembung saroja, purwakanthi, tembung Kawi, pepindhan, bebasan, lan sapanunggalane. Unsur basa sajroning teks cerkak “Ing Antarane Bumi lan Langit” kang bakal karembug ing garapan iki yaiku lelewaning basa. Gatekna tuladha ing ngisor iki! 1. Tembung Entar  umure wis panglong = umure wis tuwa banget; panglong iku tegese rembulan kang wis ora katon wutuh maneh 26  Sastri Basa /Kelas 12  Gulune kang asat 2. 3. = ngelak banget; kang asat iku lumrahe tuk, sumber, blumbang, tlaga, kali lsp Tembung Saroja  ayem tentrem  bagya mulya Purwakanthi  Bocah loro iku merlokake leren = Purwakanthi guru sastra, kang ngambali aksara konsonan l (la)  Enak tenan; Edan tenan = Purwakanthi guru lumaksita, kang ngambali tembung tenan.  Ngamene oleh akeh; weh-weh = Purwakanthi guru swara, kang ngambali swara eh.  lsp Goleka cerkak liyane ing majalah utawa ngundhuh ing internet, banjur jangkepana tabel ing ngisor iki! No. Jinis Lelewaning Basa 1 Ukara ing Teks ......................... .............................................................................. ............................................................................... ......................... .............................................................................. ............................................................................... ......................... .............................................................................. .............................................................................. ......................... .............................................................................. ............................................................................... ......................... .............................................................................. ............................................................................... ......................... .............................................................................. ............................................................................... 2 3 4 5 Lsp.. Kajaba migunakake basa rinengga kang wis kaprah kaya tuladha ing dhuwur, cerkak uga mbutuhake lelewaning basa kang bisa nggambarake latar/setting lan wewatakane paraga kaya dene janturan ing pewayangan. Tuladha: ”.... Sauntara iku Pinah lan Parmin reruntungan lagi golek urip, ngoyak playune dhuwit. Bocah loro iku merlokake leren. Parmin ngglandhang tangane Sastri Basa /Kelas 12 27 Pinah menyang ngisor wit trembesi. Wis ora nggagas butuh lemek lungguh apa ora, bocah loro banjur ndhoprok. Panase srengenge kang sumelet kaya ora direwes. Kringete dleweran ing pilingane. Gulune kang asat ora kilenan banyu wit esuk ora dirasakne. Butuhe mung oleh rongsok, nimbang na juragan, nampa dhuwit, seger waras....” Paragrap ing dhuwur nggambarake latar/ setting: 1) wektu; wayah awan kang panas banget, 2) papan; ing tengah dalan, ngisor wit trembesi, lan 3) kahanan; ngelak banget, nganti ing gulu kaya asat. Gegambaran watak: sengsara banget, nganti kudu kangelan kanggo golek dhuwit. Golekana lelewaning basa liyane kang nuduhake latar/ setting lan wewatakane paraga ing cerkak ”Ing Antarane Langit lan Bumi”! No. Setting lan Wewatakan Ukara ing Teks 1 ......................... .............................................................................. .............................................................................. 2 ......................... .............................................................................. .............................................................................. 3 ......................... .............................................................................. .............................................................................. 4 ......................... .............................................................................. .............................................................................. Lsp... ......................... .............................................................................. .............................................................................. Garapan 4 : Mbandhingake Basane Cerkak lan Basa Kasusastran Liyane Kaya kang wis kaandharake ing dhuwur, lumrahe cerkak migunakake basa padinan nanging ora ninggalake kaendahane basa, kang sinengkuyung mawa basa rinengga. Kepriye yen kita nyurasa basa kang digunakake ing kasusastran liyane? Cerkak Crita Wayang Kaya nggrantes perih batine si bocah. Senajan isih kepara bocah “Heh Adhiku, Dhi Bratajaya, ana kedadean apa dene si adhi ngrungkebi 28  Sastri Basa /Kelas 12 nanging krungu omongane emake kang kaya mangkono jebul uga tuwuh rasa welas trenyuhe. Bocah papat sangsaya ngruket sikile emak. Bebarengan rebutan ngranggeh tangane emak saperlu njaluk ngapura. .......... Ing antarane rasa trenyuh kang ana jroning gubug dikagetake swara sempritan dawa, ”priiiit.....!!!” sakala kabeh njenggirat mbengok kaya koor. ”Maaaak....obrakan!” Mak Gi age-age mlebu nyaut celengan kendhi ing pojokan dibuntel gombal. Tangane kang kisut kiyeng ndhelikake kendhi ing njero gombal dipondhong kaya dene donya kang ajine pitung gunung anakan. Bocah papat ngrempol ing bokonge Mak Gi. Wong tuwa kang wis kulina urip rekasa iku ora giris ngadhepi obrakan kang saben wektu kedadean. Ora genah sejatine sing ngobrak iku petugas apa penjahat. ”Sampah masyarakat, nyingkrih-nyingkrih, ngregedngregedi sesawangan!” kandhane pawongan gedhe dhuwur karo nggawa penthung. Mripate clilingan kaya nggoleki barang ilang. Lagake pethitha-pethithi kaya njejegake adil tenan. ”Yen ora gelem nyingkrih dakobrak-abrik gubug iki!” muni mangkono karo nyaut kendhi sing dibuntel gombal sing wiwit mau dipondhong emak. Sajake pawongan gedhe dhuwur sing lagake kaya penjaga ketertiban iku wis ngincer celengane emak sasuwene iki. padane pun Kakang lan katon melar mingkus ambeganmu kaya candrane sinamber gelap, tuna tinubruking sima luput Yayi?” ........ Suka jroning wardaya Raden Premadi, nalika mulat pangupaya boga wus katon marak kanthi nggawa buntelan. Nanging saiba dukane Risang Premadi, nalika mirsani kahananing si buntelan, katon carup wor dadi sawiji. Sega campur enjet, carup kembang, kesiram banyu kembang, lan sapiturute. Njenggirat Raden Premadi ngunus curiga brabat lumayu nggendring pulih bebayuning sanalika. Kang tinuju nora liya papan padunungane kang asung boga marang Lurah Semar. Endhang Bratajaya wus katon lenggahan den rubung dening para abdi endhang pratapan. Durung mandheg getering panggalih awit gila nyumurupi wujuding ula daden-daden, katungka praptane Premadi kang ngagar curiga bakal mrajaya Endhang Bratajaya kang rinasa hanggegabah marang sarirane. Endhang Bratajaya lumayu sarwi jerit-jerit tumuju sanggar pamelengan. Ing kana ingkang raka ya Wasi Jaladara lagya semedi ayoga brata. Jugar denira meleng cipta, nalika padane den rungkebi dening ingkang rayi sarwi tawang-tawang tangis. Gragapan Sang wasi mudha. Adhedhasar tuladha ing dhuwur kacetha bedane basa kang digunakake ing teks cerkak lan teks crita wayang. Basa ing cerkak iku nggunakake basa padinan, dene Sastri Basa /Kelas 12 29 basa ing crita wayang iku sinanggit mawa tetembungan basa Kawi lan basa pedhalangan. Basa Kawi kang dikarepake yaiku basane para pujangga, basa kang akeh tinemu ing kasusastran Jawa klasik, uga basa kang ing wektu iki ana ing kraton. Tindakna pakaryan iki: 1) Kanggo gladhenmu. Goleka tuladha cerkak lan kasusastran liyane! Tuduhna bedane basa kang digunakake ing teks lelorone! 2) Tumpuken garapanmu marang Bapak/Ibu Gurumu minangka salah sijine tugas portofolio! Garapan 5 : Ndhudhah Pesan Moral Sajrone Cerkak Pesan moral kang aneng sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung marang sing nyurasa lan ngrasakake isine crita. Umpamane pesan moral bab religi, sosial, pribadi, pendhidhikan, lan sapanunggalane. Sawise bisa meruhi pesan moral kang ana ing sajroning crita, kaajab para siswa bisa njupuk amanate. Tuladhane kaya ing ngisor iki: No. Pesan Moral Ukara Sajroning Teks Amanat 1 Religi ”Bocah-bocah, aja mung nggetuni apa kang wis dumadi. Ora-orane kita bakal mati mung krana kedadean iki. Kae lo sawangen, langite isih jembar. Dak kira kita isih bisa urip, kanthi ati kang sabar. Wis, kana apa-apa kang kena diringkesi, ringkesana! Ayo nyenyuwun ngarsaning Gusti muga-muga kita tansah diparingi kekuwatan lair kalawan batin, saengga bisa nutugake urip ing antarane langit lan bumi.” Urip iku kudu nduweni rasa percaya marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ngadhepi kahanan apa bae, kudu sabar lan narima. Gusti mesthi paring pitulung. 2 Pendhidhikan ”Weh-weh bingung aku ngetunge....uakeh banget...” kandhane Ika nyengar- nyengir. Sekolah iku penting, aja nganti ora sekolah. ”Kene taketunge, 30  Sastri Basa /Kelas 12 dhasar gak tau mangan sekolahan!” Kandhane Desi karo nyaut dhuwit saka tangane Ika. Golekana pesan moral lan amanat liyane saka teks “Ing Antarane Langit lan Bumi”! No. Pesan Moral Ukara Sajroning Teks Amanat 1 ..................... ..................................... ..................................... ..................................... ............................... ............................... ............................... ..................... ..................................... ..................................... .................................... ............................... ............................... ............................... 2 Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Bab Crita Cekak Ngesokake panemu, gagasan, idhe, sarta rasa pangrasa tumrap sakabehe manungsa kuwi penting. Supaya ing pasinaon iki bisa gayeng, ayo ajar ngesokake uneg-uneg kanthi wujud cerkak bebarengan. Kanggo nggampangake pangrakitmu bisa mupangatake pengalaman pribadi. Pengalaman pribadi asring kita critakake marang kanca kanthi lesan. Mula umpama pengalaman pribadi dicritakake kanthi tulesan dakkira luwih gampang. Carane bisa kanthi direka-reka cengkorongane luwih dhisik, banjur dikembangake nganggo imajinasi. Latare dicethakake nganggo tembung-tembung kang endah. Konflike bisa diulur utawa dicekakake, satatane crita cekak. Cerkak pancen crita fiksi tegese dudu bab kasunyatan. Nanging critane bisa wae wujud pengalaman pribadi kang anggone mbabarake dikembangake sarana imajinasi. Supaya bisa dirasakake kaendahane, aja lali nggunakake basa rinengga sarta njlentrehake latar/ setting kang cetha. Apa bisa ngrakit cerkak bebarengan? Cerkak ”Ing Antarane Langit lan Bumi” iku asale saka struktur teks lan gagasan pokok kaya ing ngisor iki. Sastri Basa /Kelas 12 31 No. Struktur Katrangan 1 Orientasi jejer, tetepungan 2 Komplikasi tuwuh pasulayan 3 Resolusi pangudhare crita 5 Koda pungkasane crita Gagasan Mak Gi sing wis tuwa ngopeni bocah papat. Uripe rekasa. Bocah-papat mau, Pinah, Parmin, Desi, lan Ika nyambut gawe golek rosok lan ngamen. Dhuwite dicelengi lan kanggo kebutuhan urip. Pangarep-arepe bisaa sekolah maneh. Bocah papat mau ora bisa sekolah amarga kahanan. Uripe mlarat lan kesrakat. Kadhangkala tukaran karo sedulure dhewe. Ana obrakan kang sejatine mung ngarah dhuwit celengan. Atine pepes lan kekes, ilang pangarep-arepe bocah papat mau. Mak Gi aweh pitutur marang bocah papat mau. Urip kudu nduweni iman lan sabar. Tuwuh pengarep-arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning urip. Garapan 1: Ngrakit Cerkak Kanthi Klompok Ing pasinaon sadurunge wis karembug bab struktur teks cerkak, yaiku orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda. Ing sajroning struktur teks cerkak kasebut bakal tinemu unsur instriksike cerkak, yaiku paraga lan watake, alur, latar/ setting, tema, lan amanat senajan kanthi implisit. Tindakna kegiyatan ing ngisor iki! 1. Gawea klompok kang anggotane cacah bocah lima! 2. Kebakana tabel ing ngisor iki nganggo gagasan pokok! 3. Saben anggota ngisi sagagasan wae, dijaga murih runtute! 4. Aja lali ing struktur teks cerkak kudune wis katon ana paraga lan wewatakane, alur, latar/ setting, tema, dene amanat bisa tuwuh kanthi implisit. No. 1 2 32  Struktur Orientasi jejer, tetepungan Komplikasi tuwuh Gagasan ........................................................................................ ........................................................................................ ........................................................................................ Sastri Basa /Kelas 12 3 4 pasulayan ........................................................................................ Resolusi pangudhare crita ........................................................................................ ........................................................................................ Koda pungkasane crita ........................................................................................ ........................................................................................ Sarampunge nulis gagasan pokok, struktur cerkak bisa dikembangake dadi cerkak kang wutuh! Sabisa-bisa saben anggota dhapuk dadi paraga! Garapan 2: Ngunggah Cerkak Supaya pakaryanmu dingerteni lan bisa diwaca wong liya kudu dipublikasekake. Kejaba lumantar dipajang ana mading, bocah-bocah bisa nyoba ngunggah menyang medhia sosial liyane, kaya ta internet. Cerkak kang wus rampung karakit kanthi kelompok sabanjure unggahen ing internet! Pasinaon 3: Ngrakit Cerkak Kanthi Mandhiri Sajrone pasinaon sadurunge para siswa wis kaajak ngrakit cerkak kanthi klompok. Ing pasinaon iki para siswa kudu ajar ngrakit cerkak kanthi mandhiri. Kanggo nggampangake, ing tugas mandhiri iki para siswa kejaba ngrakit cerkak dhewe, uga bisa kanthi cara njarwakake cerkak kang bisa mawa basa Indonesia utawa basa liyane, lan bisa uga nyadhur saka jinis sastra liyane, umpamane crita film, drama, lan sapanunggalane. Pepeling! Sawetara bab njarwakake lan gawe sadhuran Njarwakake utawa nerjemahake cerkak katindakake kanthi ngowahi basa liya menyang basa Jawa, tanpa ngowahi runtute crita. Nyadhur cerkak, katindakake adhedhasar cerkak/wujud liyane kang dicritakake nganggo basane dhewe. Bab kang perlu digatekake isi critane, latar (panggon, wektu, lan kahanane), lan paraga sarta wewatakane aja nganti owah. Dijaga isi lan rasane crita panggah. Garapan 1: Njarwakake Cerkak Tembung njarwakake ing kene ngemu teges ngelih sawijing teks mawa basa tartamtu menyang basa Jawa. Kejaba ngarang dhewe, bocah-bocah bisa njarwakake karangan cerkak menyang basa Jawa. Kanggo gladhen ngrakit cerkak kanthi mandhiri, tindakna kanthi njarwakake cerkak: Sastri Basa /Kelas 12 33 1) Goleka cerkak basa Indonesia, banjur jarwakna menyang basa Jawa kang trep! 2) Kajaba njarwakake cerkak saka basa liya, para siswa uga kena nyadhur saka asil sastra liya umpamane saka teks drama dadi cerkak. 3) Garapanmu lan garapane kancamu kumpulna dadi sawijining antologi bebarengan, banjur kumpulna marang Bapak/ Ibu Gurumu! Garapan 2 : Maca Cerkak Maca cerkak kajaba bisa katindakake kanthi klompok, uga bisa katindakake kanthi mandhiri. Kepriye carane? Tindakna pakaryan iki: 1. Cerkak kang wis dipilih, diwaca batin dhewe-dhewe. 2. Dititi paragane ana pira, ditambah siji minangka narator, banjur didum. 3. Ajar maca cundhuk karo bageane dhewe-dhewe. 4. Yen pamacane wis cocog karo karaktere paraga bisa dipraktekake. 5. Praktekmu maca cerkak rekamen! 6. Kanggo meruhi asile, rekaman bisa disetel ing kelas, kanca liyane sing ngomentari. Garapan 3 : Mbiwarakake Cerkak Mbiwarakake asil gladhen bisa lumantar madhing, antologi, lan uga media sosial internet. Asil karya cerkak jarwan lan utawa sadhuran kang wis kotindakake mau unggahen menyang internet ! 34  Sastri Basa /Kelas 12 GLADHEN WULANGAN 2 I. Pilihen wangsulan sing paling bener! 1. Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ... . a. panguripan sabendina b. epos Ramayana-Mahabarata c. prastawa sejarah d. kedadean sajeone kraton e. kedadean apa anane 2. Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ... . a. basa baku b. basa standar c. dhialek lan idhiolek d. lelewaning basa e. basa padinan 3. Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ... . a. coda, orientasi, komplikasi, lan resolusi b. resolusi, coda, orientasi, lan komplikasi c. komplikasi, resolusi, coda, lan orientasi d. orientasi, komplikasi, resolusi, lan coda e. orientasi, komplikasi, coda, lan resolusi 4. Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks 5. Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi b. coda c. orientasi Sastri Basa /Kelas 12 35 d. komplikasi e. klimaks 6. Pungkasan karampungane pasulayan, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks 7. Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks 8. Tuwuh pengarep-arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning urip. Ing struktur teks cerkak kalebu …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks 9. Bedane basa kang digunakake ing teks cerkak lan teks crita wayang, yaiku basa ing cerkak iku nggunakake basa padinan, dene basa ing crita wayang ... . a. sinanggit mawa tetembungan basa Kawi. b. akeh migunakake basa ngoko. c. kacampuran dhialek lan idhiolek. d. migunakake basa baku utawa standar. e. migunakake basa Jogja-Solo. 10. Kang diarani Basa Kawi yaiku ... . a. basa kang akeh tinemu ing kasusastran Jawa gagrak anyar. b. basa kang akeh tinemu ing kasusastran Jawa modern. c. basa kang akeh tinemu ing kasusastran Jawa klasik. d. basa kang dipigunakake ing kraton Jogja – Solo. e. basa kang dipigunakake ing masyarakat saiki. 11. Pesan moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung marang ... . a. sing ngarang lan sing maca. 36  Sastri Basa /Kelas 12 b. c. d. e. sing nyurasa lan ngrasakake isine crita. kahanan masyarakat kang kacrita. kahanan masyarakat wong kang maca. ing ngendi crita kasebut kawaca. 12. Cerkak pancen crita fiksi tegese dudu bab kasunyatan. Nanging critane bisa wae wujud ... . a. pengalaman pribadi kang anggone mbabarake dikembangake sarana imajinasi. b. sejarah kepahlawanan kang sumbere saka tuturane pelaku sejarah. c. dongeng kang wis sumebar turun-temurun. d. crita babad tanah Jawi kang wis diakoni dening masyarakat. e. asal-usul panggonan kang dibumboni daya khayal pengarang. 13. Pakaryan ngowahi basa liya menyang basa Jawa, tanpa ngowahi runtute crita diarani ... . a. njarwakake b. nyadhur c. ngerpek d. njiplak e. nganggit 14. Nalika nyadhur cerkak, ora kena ngowahi ... . a. basane cerkak b. lelewaning basa cerkak c. isi lan rasane crita d. titikan basane cerkak e. kaendahan basane cerkak 15. Nalika sinau nulis cerkak apike diwiwiti kanthi nulis cengkorongan dhisik, gunane ... . a. nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe. b. nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan tumata urut-urutane. c. nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang. d. nuntun pamaca supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe. e. nuntun pamaca supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang. II. Wangsulana pitakon-pitakon iki kang patitis! 1. Apa bedane cerkak karo geguritan? 2. Cerkak nduweni unsur intrinsik apadene ekstrinsik. Apa iku? 3. Ukara kang digunakake ing cerkak bisa awujud ukara langsung lan ukara ora langsung. Apa bedane? Kepriye tuladhane? Sastri Basa /Kelas 12 37 4. 5. Kejaba iku, cerkak uga nggunakake unggah-ungguh basa. Basa apa kang digunakake? Kepriye tuladhane? Pethikan teks iki tulisen nganggo aksara Jawa kang trep: ”Yen ora gelem nyingkrih dakobrak-abrik gubug iki!” muni mangkono karo nyaut kendhi sing dibuntel gombal sing wiwit mau dipondhong emak. Sajake pawongan gedhe dhuwur sing lagake kaya penjaga ketertiban iku wis ngincer celengane emak sasuwene iki. 38  Sastri Basa /Kelas 12 WULANGAN 3 GUYON MATON Kompetensi Dasar dan Indikator: 3.3. Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis karya fiksi dan non fiksi secara lesan dan tulis. 3.3.1 Menjelaskan karakteristik teks anekdot dibandingkan teks lain yang sejenis. 3.3.2 Menganalisis struktur teks anekdot. 3.3.3 Mengidentifikasi ciri bahasa teks anekdot. 3.3.4 Menjelaskan isi teks anekdot. 4.3. Menyusun dan mempublikasikan karya nonfiksi (artikel, laporan, opini, anekdot, dan atau kritik) sesuai kaidah. 4.3.1 Menuliskan sebuah teks anekdot. 4.3.2 Mempublikasikan teks anekdot. 4.3.3 Membaca teks anekdot. 4.3.4 Mengunggah teks anekdot ke internet. Sawise sinau wulangan 3 iki, para siswa kaajab bisa: njlentrehake titikane teks anekdot, ngonceki struktur teks anekdot, niti titikane basa teks anekdot, lan njlentrehake isine teks anekdot. Sabanjure, para siswa uga kaajab bisa: nulis teks anekdot, mbiwarakake teks anekdot, maca teks anekdot, lan ngunggah teks anekdot menyang internet. Saliyane iku, para siswa uga bisa migunakake tuladha tumindak spiritual lan sosial sing ana ing wulangan iki minangka kacabenggala ing satengahe masyarakat. Mbabar Wawasan Sastri Basa /Kelas 12 39 Para pelawak asring migunakake teks anekdhot (crita singkat kang lucu) minangka bahan dhagelan. Sumber foto: maneka laman ing internet Saiki ing layar televisi asring ditayangake acara Stand-up Comedy, yaiku salah sawijining jinis pakaryan nglawak kang pamaragane anggone ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg dhewekan tanpa kanca. Pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing panggung kanthi nyritakake teks anekdot utawa humor kang wis diapalake. Sawise nggatekake gambar lan maca andharan ing dhuwur banjur wangsulana pitakon iki! 1) Sapa pelawak favoritmu? Ge Pamungkas, Cak Lonthong, Percil, Kirun, apa Cak Kartolo? 2) Apa awakmu tau nonton acara Stand-up Comedy ing televisi? Yen tau, kepriye panemumu ngenani acara kasebut? 3) Apa gunane nonton acara lawak utawa dhagelan? 4) Apa bedane Stand-up Comedy ’dhagelan ngadeg’ karo dhagelan konvensional ’biasa’? 5) Teks anekdot luwih kerep digunakake dening pelawak Stand-up Comedy ’dhagelan ngadeg’ utawa dhagelan konvensional ’biasa’? Jlentrehna wangsulanmu! Sajrone pasrawungan, wong kang pinter crita biasane akeh kancane. Apa maneh yen critane bisa agawe guyu, sing diajak jagongan mesthi tambah krasan. Wektu sajam krasa mung sedhela. Mula katrampilan agawe guyu ora mung dibutuhake dening para dhagelan ing panggung hiburan wae, ananging uga dibutuhake dening sakabehe pawongan kang pakaryane ngomong ing ngarepe wong akeh, tuladhane: guru, juru dakwah, dhalang, jurkam, lan panatacara. 40  Sastri Basa /Kelas 12 Guyon yen kebablasen sok-sok malih dadi tangisan, jalaran gawe lara atine liyan pungkasane dadi tukar padu. Supaya ora kebablasen, bebrayan Jawa nduweni paugeran, yaiku: ”Aja waton ngomong, ning yen ngomong kudu nganggo wewaton”. Dadi, yen bab ngomong wae ana wewatone, apa maneh bab guyon, mesthi ana wewatone. Guyon kang nganggo wewaton (aturan) iki kerep kasebut guyon maton. Guyon maton yaiku guyon kang ora nerak norma-norma ing masyarakat. Guyon maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan kanthi gampang lan nyenengake. Kanthi lumantar guyon maton, wejangan (wewarah utawa ajaran) kang diwulangake bisa: 1) ndudut ati, 2) ora mboseni, 3) katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni, lan 4) nglantipake pikir jalaran kebak pralambang kang nglatih lantiping pikir. Kanggo sarana guyon maton, para pamicara (guru, juru dakwah, dhalang, jurkam, panatacara, lan liya-liyane) kerep migunakake teks anekdot sajrone nindakake ayahane. Teks anekdot yaiku crita lucu (ngandhut guyonan) kang bisa nabet ing ati, isine minangka pasemon marang lelakone tokoh/wong penting, pandhapuke teks adhedhasar prastawa lan kedadean kang nyata. Pasinaon 1 : Modhel Teks Pinilih Teks Anekdot Sajrone pasinaon 1 para siswa bakal kaajak tepungan lan mahami teks anekdot kang isine nyritakake lelakone manungsa kang aneh utawa ora umum, mula bisa agawe guyu. Kanggo mahami teks anekdot iku, para siswa bakal nggarap maneka warna ayahan. Garapan 1 magepokan karo maca lan nemokake titikane teks anekdot kabandhingake karo teks humor, garapan 2 sesambungan karo ndhudhah struktur teks anekdot, lan garapan 3 gegandhengan karo ngonceki panganggone basa sajrone teks anekdot. Garapan 1: Njlentrehake Karakteristik Teks Anekdot Kabandhingake karo Teks Liyane Akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor, kamangka sejatine beda. Sanajan padha mujudake teks kang isine guyonan, teks anekdot nduweni drajad kang luwih dhuwur yen kabandhingake karo teks humor, jalaran teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok. Dadi ora kleru, yen ana kang ngarani teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter. Kanggo ngerteni bedane teks anekdot karo teks humor, gatekna tabel ing ngisor iki Sastri Basa /Kelas 12 41 No. 1 2 3 Karakteristik Teks Anekdot Guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan. Isine nyritakake lelakone paraga/ wong penting. Mupangate minangka sarana kritik sosial lan hiburan. Karakteristik Teks Humor Guyonane lugu/ wantah. Isine nyritakake lelakone paraga/ wong biasa. Mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan. Tabel 3.1 : Bedane teks anekdot lan teks humor. Sabanjure, supaya para siswa luwih paham ngenani bedane teks anekdot karo teks humor. Wacanen teks ing ngisor iki kanthi patitis, banjur wangsulana pitakonpitakone. Teks 1: GARA-GARA TEGESAN ROKOK Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng singlon/samaran) iku bisa dadi anggota DPR saka partai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih cilik uripe ketula-tula ketali, mula budhal saka kampung biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP. Ananging mbuh kanthi cara piye, sing nyata saiki jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR. Bandhot, MM, M.Si. Kanthi kedhok nindakake studi bandhing, asu belang kalung wang iku blanja lan seneng-seneng ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR nanging tindaktanduke kerep ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmatan. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul ngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak prung ceblok ing sisih tengen sikile. Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar aturan? “Aturan apa sing taklanggar?”, Bandhot balik takon karo malang kerik. “Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhane gedhe, sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli karo nesu. Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, “Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”. “Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel. 42  Sastri Basa /Kelas 12 Teks 2: GARA-GARA ORA BISA TURU Nalika lagi ngawas Ujian Kenaikan Kelas, guru nggatekake salah siji murid sing mripate katon abang lan bola-bali angop merga ngantuk. Lembar jawaban ing meja murid iku isih katon resik durung ditulisi apa-apa, kejaba jeneng lan nomer ujiane. Guru banjur nyedhak karo takon, “Sirahmu kok theklak-thekluk, ngantuk ya?” “Ngapunten pak, wau dalu kula mboten saged tilem,” jawabe murid tanpa tidha-tidha. “Yen mengkono, ujianmu diundur minggu ngarep wae!” Pak guru duka karo mentheleng. Mak gragap, murid iku kaget jalaran ora nyangka yen pak guru bakal ngendika mengkono. Kanthi diwanek-wanekake murid nyuwun pirsa marang guru, “Kenging menapa kok mekaten? “Hla ... yen turu sing ora mbutuhake pikiran wae kowe ora bisa, apamaneh nggarap ujian? Mesthi tambah ora bisa!” “Ha...???”, murid iku mlongo ora bisa ngomong apa-apa. Bausastra : asring diwedharake entar janturan kedhok kalung wang lantip pawadan tidha-tidha wewaton : : : : : : : : : : sering, sok, kerep diblakakake, diwalehake, dilairake lumereg, ora lugu, ora wantah ngandharake sipate paraga utawa kahanan topeng kalung dhuwit, sugih dhuwit pinter, gatekan alasan rangu-rangu, samar, ora terang paugeran, pranatan Yen diwaca sakeplasan teks ing dhuwur katone padha lucune, nanging yen digatekake kanthi temen pranyata teks loro iku ana bedane. Kanggo nemokake bedane, jangkepana tabel lan wangsulana pitakonan ing ngisor iki! Sastri Basa /Kelas 12 43 1. Jangkepana tabel karakteristik teks kanthi irah-irahan ”Gara-gara Tegesan Rokok” iki! No. Karakteristik Teks Bukti Kutipan Teks/Keterangan .......................... ........................... ........................................................ ........................................................ .......................... ........................... ........................................................ ........................................................ .......................... ........................... ........................................................ ........................................................ 2. Kanthi mangkono, teks kanthi irah-irahan ”Gara-gara Tegesan Rokok” kalebu teks apa? 3. Jangkepana tabel karakteristik teks kanthi irah-irahan “Gara-gara Ora Bisa Turu” iki! No. Karakteristik Teks Bukti Kutipan Teks/Keterangan .......................... ........................... ............................................ ............................................ .......................... ........................... ............................................ ............................................ .......................... ........................... ............................................ ............................................ 4. Kanthi mangkono, teks kanthi irah-irahan ”Gara-gara Ora bisa turu ” kalebu teks apa? Garapan 2 : Ndhudhah Struktur Teks Anekdot Teks anekdot kang jangkep lan apik nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka: a) janturan, yaiku andharan umum kang nggambarake mula bukaning crita, b) pawadan, yaiku perangan kang ngandharake pawadaning (latar belakang) crita, c) prakara, yaiku perangan crita kang nggambarake kahanan kang gawat, aeng 44  Sastri Basa /Kelas 12 ‘aneh’, utawa janggal ‘ora lumrah’ d) tanggapan, yaiku panemune paraga marang kahanan kang dumadi, lan d) wasana, kahanan pungkasaning crita. Sawise maca kanthi titi teks anekdot basa Jawa kanthi irah-irahan ”Gara-gara Tegesan Rokok” kasebut, tindakna pakaryan-pakaryan ing ngisor iki: a. Gatekna tabel struktur teks iki! No. Struktur Teks 1 Janturan 2 Pawadan 3 Prakara 4 Tanggapan 5 Wasana Kutipan Teks Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng singlon/samaran) iku bisa dadi anggota DPR saka partai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih cilik uripe ketula-ketula ketali, mula budhal saka kampung biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP. Ananging mbuh kanthi cara piye, sing nyata saiki jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR. Bandhot, MM, M.Si. Kanthi kedhok nindakake studi bandhing, asu belang kalung wang iku blanja lan seneng-seneng ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR nanging tindak-tanduke kerep ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmatan. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul ngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak prung ceblok ing sisih tengen sikile. Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar aturan? ”Aturan apa sing taklanggar?”, Bandhot balik takon karo malang kerik. ”Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhane gedhe, sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli karo nesu. Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, ”Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”. ”Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel. b. Coba tlitinen apa kutipan teks ing dhuwur wis trep karo struktur teks kang ana? Sastri Basa /Kelas 12 45 Yen kaanggep durung trep, apa alasane? Perangan endi saka kutipan teks kang kaanggep kurang utawa luwih? c. Sawise para siswa niteni struktur teks anekdot basa Jawa mawa irah-irahan ”Garagara Tegesan Rokok” kanthi premati, coba critakna maneh teks anekdot kasebut ing ngarep kelas! Njaluka pitulungan kanca-kancamu supaya nyemak teks lesan kang kocritakake, lan jaluka uga panemune! Rembugen lumantar dhiskusi kelas! Garapan 3 : Ngidhentifikasi Titikan Basa Teks Anekdot Teks anekdot dimanfaatake dening masyarakat, minangka sarana kanggo nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang politik, sosial, lan lingkungan. Pasemon utawa kritikan yen dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kang trep, bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ’nyenengake lan migunani’. Akeh kang kandha yen wong saiki ora mudheng yen disemoni, polahe malah sangsaya ndadra. Panemu kang mangkono ora kabeh bener, ananging mbok menawa carane nyemoni kang durung trep, wantah banget. Mula supaya pasemon bisa nuju prana, teks anekdot kang apik kudu migunakake lelewaning basa kang trep. Lelewane basa ing basa Indonesia diarani gaya bahasa, dene ing basa Inggris diarani language style. Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku kerep migunakake lelewaning basa kang arupa paribasan, bebasan, lan saloka. S. Padmosoekotjo ing bukune kang asesirah Ngengrengan Kasusastran DJawa jilid I ngendikakake ngenani: 1) paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan, 2) bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan, lan kang dipindhakake kahanan utawa sipate manungsa, lan 3) saloka, unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan nanging kang dipindhakake manungsane. Paribasan, bebasan, lan saloka, padha-padha mujudake unen-unen kang ajeg panganggone lan nduweni teges entar, kang mbedakake yaiku bab surasa pepindhane; ing paribasan surasane tanpa pepindhan, ing bebasan surasane mawa pepindhan babagan kahanan utawa sipate manungsa, lan ing saloka surasane mawa pepindhan babagan manungsane. Kanggo ngundhakake kaweruhing para siswa babagan titikane basa ing teks anekdot basa Jawa, tindakna ayahan iki: 1) Temokake titikane basa ing teks anekdot basa Jawa kanthi irah-irahan ”Garagara Tegesan Rokok” , kanthi lumantar njangkepi tabel ing ngisor iki! 46  Sastri Basa /Kelas 12 No. 1 2 3 2) Titikan Basa Paribasan Bebasan Saloka Kutipan Saka Teks Tegese ............................ ............................ ............................ ................................ ................................. ................................. ............................ ............................ ............................ ................................ ................................. ................................. ............................ ............................ ............................ ................................ ................................. ................................. Paribasan, bebasan, lan saloka kang wis kasil kotemokake, sabanjure mekarna kanthi nggawe dadi paragrap anyar kang apik lan bener! Garapan 4 : Mbabar Isine Teks Anekdot Minangka teks sastra, teks anekdot nduweni ajaran moral kang diwedharake pengarang lumantar tingkah polahe para paraga ing crita. Ajaran moral sajeoning teks mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis, jalaran pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan kanthi ndadekake pocapan, polatan, lan tumindake para paraga ing teks minangka kaca benggala. Teks anekdot isine pasemon utawa sindiran, mula dimanfaatake dening masyarakat minangka sarana kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin (pejabat /wong penting) kang kudune menehi layanan marang masyarakat. Lumantar teks anekdot, masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik, bener, lan pener jumbuh karo norma-norma kang diakoni masyarakat. Isine teks anekdot bisa kadudut saka lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lan pasemon/sindiran liyane) kang digunakake sajroning teks. Kanggo mbabar isine teks anekdot basa Jawa kanthi irah-irahan ”Gara-gara Tegesan Rokok”, tindakna ayahan lan wangsulana pitakon iki: 1) Jangkepana tabel pasemon ing ngisor iki! No. Teks Pasemon Tegese 1 Bandhot Wedhus lanang 2 Ketula-tula ketali Tansah nandang reribed Sastri Basa /Kelas 12 Isi Pasemon Nyemoni oknum anggota DPR kang nduweni watak asor. .................................... .................................... 47 3 2) jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR. Bandhot, MM, M.Si. ......................... ......................... Nyemoni wong kang padha duwe ijazah palsu. 4 Kedhok ......................... ......................... .................................... .................................... 5 .............................. .............................. ......................... ......................... .................................... .................................... Kanthi dhasar pasemon ing tabel ndhuwur, jlentrehake isine teks anekdot basa Jawa kanthi irah-irahan ”Gara-gara Tegesan Rokok”! Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Babagan Teks Anekdot Sawise mahami karakteristik, struktur, titikane basa, lan isine teks anekdot basa Jawa, ana ing pasinaon 2 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan kang asipat prodhuktif, yaiku nulis lan mbiwarakake sawijining teks anekdot basa Jawa. Para siswa kaajab kanthi greget, dhisiplin, lan pracaya marang kabisane pribadhi makarya bebarengan karo kanca ing kelompok, nulis lan mbiwarakake sawijining teks anekdot. Garapan 1 : Nulis Teks Anekdot Miturut andharan ing ngarep, pandhapuke teks anekdot kudu adhedhasar prastawa lan kedadean kang nyata minangka sumber idhe utawa gagasan. Prastawa lan kedadean kang nyata diolah minangka bahan pokok teks anekdot, banjur dibumboni maneka warna lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lan pasemon/sindiran liyane) lan ukara lucu minangka panyedheping rasa basa. Supaya dhapukan teks anekdot ora nguciwani, tataran utawa trap-trapan iki becik yen katindakake: 1) Milih prastawa utawa kedadean kang nyata minangka sumber idhe utawa gagasan. Sumber idhe utawa gagasan bisa kajupuk saka pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyayi (wong penting/pejabat/tokoh masyarakat) ing ariwarti, kalawarti, radhio, televisi, internet, lan medhia massa liyane. Milih sumber anekdot kudu ati-ati, aja milih bab-bab kang kaanggep sakral dening masyarakat, sabab bisa njalari dumadine cecongkrahan (suku, agama, ras, lan antar golongan). Aja ndhapuk anekdot kang saru (lekoh), jalaran cengkah karo norma lan budaya bangsa kita. Eling, yen salah siji tujuane teks anekdot yaiku ngajak tumindak becik lumantar pasemon. Supaya luwih aman, apike jenenge paraga lan papan dumadine prakara kasamarake. 2) Ndhapuk cengkorongan teks anekdkot. 48  Sastri Basa /Kelas 12 Supaya teks anekdot kang kasusun bisa apik lan runtut, mula cengkorongan teks anekdot kudu katulis kanthi urut miturut strukture, yaiku janturan, pawadan, prakara, tanggapan, lan wasana. Mupangate cengkorongan, yaiku kanggo nuntun panulis supaya dhapukane teks ora nyebal saka tema lan ora ndadekake worsuhing ‘campur-bawur’ bab kang dirembug. 3) Mekarake cengkorongan dadi teks anekdot kang utuh. Saliyane dibumboni maneka warna lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lan pasemon/sindiran liyane), teks anekdot bakal luwih ndudut ati yen kabukak kanthi ukara pitakon retoris (ukara pitakon kang ora mbutuhake wangsulan). Kanthi ukara pitakon iki, pandhapuk wis ngajak srawung wong kang nyemak teks anekdot. Tuladha: (1) Sapa wonge sing ora nggumun weruh tingkah-polahe bupati iki? (2) Apa tumon, pejabat kok tumindake kaya bocah cilik? Kagetna panyemak anekdot, tegese aja ndeleh lelucon ing awal teks (perangan janturan utawa pawadan)! Aja menehi pituduh marang panyemak, yen dheweke arep nyemak prakara kang lucu! Jarna utawa umbaren panyemak nemokna lelucon iku dhewe! Ing perangan lelucon, gunakna tembung-tembung kang cekak aos, prasaja, lan gampang dimangerteni liyan! 4) Nyunting teks anekdot. Sawise teks anekdot rampung kadhapuk, supaya apik lan lucu teks kudu kasunting luwih dhisik. Nyunting tegese ndandani utawa moles isi, tata basa, lan tata tulis. Kaya dene watu akik, teks kudu diampelas lan dipoles kanthi nastiti lan ati-ati. Tembung-tembunge yen karasa kurang trep bisa kaganti, ukarane yen mbingungake bisa kadandani, lan yen ana kang kurang utawa luwih bisa kasampurnakake. Tindakna pakaryan iki: Kanthi pawitan sakabehing kaweruh kang wis kotampa, saiki para siswa kajaluk makarya bebarengan karo kanca ing sajroning klompok, nulis teks anekdot kang lucu, apik, lan bener adhedhasar pilihan pawarta ing ngisor iki! Pilihan Teks Pawarta 1: GAGAL DADI CALEG, BANTUAN DITARIK indosiar.com, - Tingkah polahe para caleg kang gagal lolos seleksi pemilu legislatif akeh kang nganeh-anehi. Saperangan bantuan kang sempat dibagi marang masyarakat ditarik balik maneh. Ing sawijining kabupaten kang kalebu tlatah Jawa Timur, ana mantan caleg narik balik sumbangan material kanggo pembangunan mushola. Sastri Basa /Kelas 12 49 Pembangunan mushola ing RT 2 RW 2 Desa Merem Kecamatan Melek iku bakal kandheg. Jalaran material bantuan saka Sodron, pawongan mantan caleg Partai Bajul Buntung dijaluk maneh. Gara-gara Sodron kuciwa meruhi oleh-olehane swara ing pemilu legislatif 9 April wingenane ora kaya kang dikarepake. Miturut Bedhor Ketua RT ing kono, material kang arupa bata cacah 2000, semen 10 sak, lan pasir rong truk pancen diwenehake dening Sodron kanggo pembangunan mushola nalika ngepasi mangsa kampanye wingenane lumantar salah siji tim suksese. Nanging Sodron njaluk maneh bantuane, jalaran ing papan iki dheweke mung oleh swara cacahe 29. (Danu Sukendro/Dony Okto Yudha/Sup) Pilihan Teks Pawarta 2: WALIKOTA NGAMUK Liputan 6.com – Suwasana andum es krim gratis Wall’s ing Taman Bukul ndadak dadi tegang. Udakara jam 10.30 WIB, Walikota Surabaya, Tri Rismaharini rawuh lan langsung ngamuk, jalaran weruh taman kota rusak. Risma langsung mrentahake Bagian Hukum Pemkot Surabaya nggugat panitia kanthi pidana dan perdhata. "Iya, ibu duka banget, jalaran panitia ora nggatekake resikone acara, taman sadawaning dalan kiwa-tengene Taman Bungkul kang tumata asri nganti prapatan Al-Falah rusak kabeh, wong kang melu acara iku ana atusan ewu," ujare Kabag Humas Pemkot Surabaya M Fikser, Minggu (11/5). "Nggawe taman iki ora gampang, biayane ya ora sithik, iki mono dhuwite rakyat. Aku arep nuntut panitia!”, ngendikane Bu Risma karo nudingnuding panitia. Panitia mung manthuk-manthuk lan ora bisa kumecap apa-apa. Sabanjure ketua panitia janji arep ndandani sakabehe taman lan wangunan kang rusak. 50  Sastri Basa /Kelas 12 Pilihan Teks Pawarta 3: CAK KANDAR, NGLUKIS KARO WONG GENDHENG Apa sesambungane pelukis karo pasien rumah sakit jiwa? Mbokmanawa sabrebetan pancen ora ana. Mung wae, ana panemu kang ndeleng saka sudut ilmu psikologi, ”seni” bisa digunakake minangka salah sijine ”terapi penyembuhan”. Kanggo mbuktekake iki, ing dina Senen 12 Mei 2006, Cak Kandar, salah sijining pelukis kondhang Surabaya sing wis hijrah menyang Jakarta, blusukan ing Rumah Sakit Jiwa (RSJ) Menur, Surabaya, saperlu ngajari nglukis pasien ing kana. ”Sing gendheng kuwi sejatine ora mung wong sing ana rumah sakit jiwa wae. Koruptor, penyelundup, kang nindakake illegal logging, lan pelaku tindak kriminal sing gedhe-gedhe kae iya kalebu wong gendheng. Wong-wong kuwi gendhenge luwih nemen sebab ngrugekake wong akeh tur mbebayani banget,” kandhane dhiplomatis. Ora nggumunake nalika acara nglukis bareng ing RSJ Menur iku suwasanane malih regeng. Rata-rata para pasien katon seneng, ana sing nggambar kembang, ana sing nggambar abstrak. Apa maneh nalika diwenehi biji 80, senenge ora jamak, malah ana sing jingkrak-jingkrak kaya bocah cilik. Nanggapi gagasan program nglukis tumrap pasien rumah sakit jiwa iki, dr. Nugroho ES SpKJ, direktur RSJ Menur, nganggep positif lan mbiji yen narik kawigaten banget. ”Iki positif banget lan gedhe banget manfaate tumrap pasien. Dakajab program iki bisa diterusake,” ngendikane. Ature: Endang Irowati/Widodo B JB 43/LX, 25 Juni-1 Juli 2006 Garapan 2 : Mbiwarakake Teks Anekdot Sawise sakabehe proses nulis teks anekdot rampung, supaya asil karyane para siswa bisa dirasakake dening wong akeh, para siswa kaajab bisa macak/ majang teks kasebut ing Mading (majalah dinding) sekolah, lan utawa nggunggah ing internet lumantar website sekolah utawa blog pribadi. Supaya narik kawigaten, apik banget yen teks anekdot kang kadhapuk kawuwuhi gambar karikatur kang lucu lan warnawarni. Kanggo pakaryanmu: Pajangen tulisan anekdot karyamu ana Mading utawa unggahen menyang internet lumantar web sekolah utawa blog pribadimu! Sastri Basa /Kelas 12 51 Pasinaon 3: Makarya Kanthi Mandhiri Babagan Teks Anekdot Suwasana guyup rukun, pranyata bisa karasakake nalika makarya kanthi bebarengan kanca ing klompok. Saiki kanggo nuwuhake lan ngrembakakake jiwa mandhiri para siswa, ana ing pasinaon 3 para siswa bakal kaadhepake karo ayahan mandhiri, yaiku maca endah lan nulis teks anekdot kanthi aksara Jawa. Garapan 1 : Maca Endah Teks Anekdot Saben wong mesthi tau maca. Maca warta, maca buku cerita, maca komik, maca buku wulangan, maca kitab suci, lan liya-liyane. Beda kang diwaca, beda uga tatacarane maca. Maca teks anekdot beda karo maca tulesan biasa. Nalika maca teks anekdot, apa maneh maca teks ing ngarepe wong akeh (ing panggung) mesthine kudu migunakake tata cara (teknik) tartamtu. Supaya bisa maca kanthi endah, pamaca kudu bener lan pener anggone ngucapake lafal, nadha, intonasi, ekspresi, lan gestur jumbuh karo isine teks anekdot. a. Lafal utawa vokal ateges pocapan, yaiku upaya kanggo nuturake tembung utawa ukara kang ndhapuk teks anekdot kanthi pener, jumbuh karo lambang-lambang fonetis basa kang kagunakake. Tuladhane fonem /d/ kudu dilafalake kanthi pener, ora oleh dilafalake kanthi fonem /dh/ utawi /t/. b. Nadha, yaiku endhek-dhuwure swara kang dipocapake pamaca teks anekdot jumbuh karo isine teks. Tembung utawa ukara tartamtu kang perlu oleh kawigaten, perlu diucapake kanthi nadha dhuwur. Kosok baline, tembung utawa ukara biasa kang ora perlu oleh kawigaten, cukup diucapake kanthi nadha biasa (lumrah). Dalasan, kanggo paragrap utawa ukara ing pungkasane teks, apike diucapake kanthi nadha endhek banget. c. Intonasi ing sajrone maca teks anekdot ateges wiramane ukara, yaiku rendhetcepet lan agal-aluse pocapane pamaca nalika nuturake tembung lan ukara sajrone teks. d. Ekspresi, yaiku polatane rai kang ngatonake rasa batin. Pamaca teks anekdot kudu ngatonake ekspresi jumbuh karo kandhutane isi teks kang kawaca. Yen teks anekdot iku nduweni nadha susah, mula ekspresi pamaca teks uga kudu ngatonake ekspresi kasusahan. Kosok baline, yen teks anekdot iku nduweni nadha sumringah, mula ekspresi pamaca tesk uga kudu ngatonake ekspresi sumringah. e. Gestur mujudake solah bawa utawa tingkah polahe pamaca jumbuh karo isine teks. Obahe tangan lan sikil ing dhuwur panggung kudu trep karo panjaluke teks. Tindakna pakaryan iki: Sadurunge ngayahi pakaryan iki, becike para siswa gladhen luwih dhisik ing omah utawa papan liya, awit guru arep mbiji babagan lafal, nadha, intonasi, ekspresi, lan gestur para siswa nalika maca teks. Kanthi linambaran pangreten kasebut, pilihen salah siji teks anekdot ing ngisor iki, banjur wacanen ing ngarep kelas! 52  Sastri Basa /Kelas 12 Teks Anekdot 1: KETHEK BULE Sapa kang durung tau weruh Tunjungan? Iku lho pusat bisnis lan gedhung tua ing Surabaya. Dina Minggu esuk, Budi karo Wiji arep mlaku-mlaku ngumbah mata ing Tunjungan. Supaya bisa nyawang menjaba kanthi cetha, bocah loro mau anggone numpak angkot saka terminal Bungurasih milih lungguh cedhak lawang. Sajrone angkot wis ana penumpange, kalebu bule (wong barat) loro, katone bos karo anak buahe. Sadawaning dalan, bule iku tansah cas-cis-cus ngomentari sakabehing sesawangan kang dilewati. Budi lan Wiji mripate bola-bali nglirik marang bule iku mau, batine nggrundhel, “Ngomong apa ... bule iki!”. Tekan Wanakrama, bulene arep mudhun. Budi nendhang sikile Wiji karo mbengok, “Minggir Ji, ana kethek loro arep liwat !”. Sakbanjure bule sing arep mudhun mau karo mesem ngomong marang Budi lan Wiji, “Nuwun sewu Mas, kethekipun badhe mandhap.” Budi lan Wiji ketenggengen karo nyawang bule loro mau. Ora nganti semenit penumpang angkot liyane padha ngguyu kepingkel-pingkel. ”Giri lusi janma tan kena ingina, bule sing tua iku Konjen Amerika, wis suwe dines ing Surabaya. Piyayine sabar njawani, seneng blusukan, lan kerep numpak angkot,” ujare sopir angkot karo noleh mburi. Krungu omongane sopir, bocah loro cep klakep kaya orong-orong kepidak. Sateruse bocah loro mung pandeng-pandengan. Teks Anekdot 2: MOBIL MURAH Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales, awak yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi. Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang Sastri Basa /Kelas 12 53 arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kapeksa dibungkukake. ”Nuwun sewu, sugeng enjing,” Kangsa uluk salam. ”Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa,” Pak Jaksa mbagekake tamune. ”Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur,” Kangsa miwiti rembug kanthi alus. Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.” ”Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane. ”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nuding mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.” ”mBoten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges. ”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusake ngendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!” ”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite. Garapan 2 : Nulis Teks Anekdot Kanthi Aksara Jawa Para siswa kaajab kanthi titi lan tatas, bisa ngowahi (alih wahana) cuplikan teks anekdot ing ngisor iki saka teks aksara Latin dadi teks aksara Jawa. Asil pakaryan 54  Sastri Basa /Kelas 12 para siswa bakal kakumpulake minangka portofolio. Gatekna panganggone pada ing teks! Tulisen nganggo aksara Jawa! Tekan Wanakrama, bulene arep mudhun. Budi nendhang sikile Wiji karo mbengok, “Minggir Ji, ana kethek loro arep liwat !”. Sakbanjure bule sing arep mudhun mau karo mesem ngomong marang Budi lan Wiji, “Nuwun sewu Mas, kethekipun badhe mandhap.” Budi lan Wiji ketenggengen karo nyawang bule loro mau. Ora nganti semenit penumpang angkot liyane padha ngguyu kepingkel-pingkel. Sastri Basa /Kelas 12 55 GLADHEN WULANGAN III I. Pilih wangsulan kang paling bener! 1. Saiki ing layar televisi asring ditayangake acara Stand-up comedy ‘dhagelan ngadeg’, yaiku acara lawak kang .... a. pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg dhewekan tanpa kanca. b. pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg karo group lan kanca. c. pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing pangggung kanthi improvisasi. d. pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing pangggung kanthi ngapalake naskah. e. pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg lan ngapalake naskah. 2. Sajrone pasrawungan, wong kang pinter crita biasane akeh kancane, jalaran .... a. critane bisa agawe guyu b. sing diajak jagongan mesthi krasan c. wektu sak jam krasa mung sedhela d. ketrampilan agawe guyu dibutuhake e. pakaryane ngomong ing ngarepe wong akeh 3. Guyon yen kebablasen sok-sok malih dadi tangisan, jalaran .... a. yen guyon kudu nganggo wewaton b. bebrayan Jawa nduweni paugeran c. guyon iki kerep kasebut guyon maton d. gawe lara atine liyan pungkasane dadi tukar padu e. bab guyon, mesthi ana wewatone 4. Guyon maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo.... a. nerak norma-norma ing masyarakat b. mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan c. ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni, d. ngguroni masyarakat Jawa babagan norma-norma e. pralambang kang nglatih lantiping pikir. 5. Para pamicara kerep migunakake teks anekdot sajrone nindakake ayahane, kanggo .... a. nabet ing atine para panyemak b. nyemoni para priyayi 56  Sastri Basa /Kelas 12 c. guyon karo para panyemak d. guyon karo wong penting/pejabat publik e. sarana guyon maton 6. Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran .... a. akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor. b. sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor. c. teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor. d. teks anekdot drajate pada wae yen kabandhing karo teks humor. e. teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok. 7. Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku .... a. Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan. b. Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone wong biasa. c. Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial. d. Teks anekdot kadhapuk adhedhasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedhasar prastawa kang nyata. e. Teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake lelewaning basa. 8. Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, “Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”. Punggelan teks kasebut miturut struktur teks anekdot kalebu perangan …. a. janturan b. pawadan c. prakara d. tanggapan e. wasana 9. Teks anekdot dimanfaatake dening masyarakat, minangka sarana kanggo .... a. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang pertahanan lan keamanan. b. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang kesenian, budaya, lan hiburan. c. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang politik, sosial, lan lingkungan. d. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ilmu pengetahuan lan tekhnologi. e. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ekonomi, agama lan kepercayaan. Sastri Basa /Kelas 12 57 10. Ajaran moral sajeroning teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis, jalaran.... a. diwedharake pengarang lumantar para paraga. b. pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan. c. minangka kaca benggala. d. kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin. e. masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik. 11. Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku .... a. migunakake basa baku utawa standar. b. migunakake basa campuran baku lan ora baku. c. migunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa. d. migunakake paribasan, bebasan, lan saloka. e. migunakake basa standar kaya Jogja-Solo. 12. Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu .... a. dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kang trep. b. dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kang trep. c. dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kang trep. d. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah. e. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna. 13. Milih sumber teks anekdot kudu ati-ati, kudu nyiriki …. a. pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyayi. b. ariwarti, kalawarti, radhio, televisi, internet, lan media massa liyane. c. bab-bab kang kaanggep sakral dening masyarakat. d. ngajak tumindak becik lumantar pasemon. e. jenenge paraga lan papan dumadine prakara. 14. Tuladha ukara pitakon retoris kang trep kanggo mbukak teks anekdot, yaiku .... a. Sapa jenenge tokoh kang paling kok tresnani? b. Sapa kang durung kenal karo tokoh iki? c. Sapa tokoh kang paling gedhe lelabuhane? d. Sapa arane tokoh kang dikecrek polisi? e. Sapa asmane tokoh kang paling cedhak karo masyarakat? 58  Sastri Basa /Kelas 12 15. Tembung utawa ukara tinamtu kang perlu oleh kawigaten, nalika maca teks anekdot perlu diucapake kanthi .... a. nadha kang dhuwur b. nadha kang bisaa c. nadha endhek banget d. kang bisa nrenyuhake e. kang kepenak dirungokake II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Jlentrehna bedane teks anekdot karo teks humor! 2. Supaya teks anekdot bisa apik lan bener, basa kang dipigunakake kudu kepriye? 3. Apa wae mupangate teks anekdot tumrap masyarakat? 4. Ayahan apa wae kang kudu ditindakake sadurunge nulis teks anekdot? Jlentrehna! 5. Apa jalarane, wong maca teks anekdot kudu nuduhake polatan (ekspresi) kang trep? Sastri Basa /Kelas 12 59 UJI KOMPETENSI SEMESTER GASAL I. Pilih wangsulan kang paling bener! 1. Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran .... a. ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae. b. panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu. c. bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae. d. para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae. e. beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa. 2. Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku ... . a. basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kaluarga. b. basa kang digunakake kanggo ing adicara pahargyan adat. a. basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa. b. basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh. c. basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan. 3. Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... . a. ragam ngoko alus lan ragam krama inggil b. ragam ngoko lan ragam krama c. ragam krama lugu lan ragam karma inggil d. ragam ngoko lan krama inggil e. ragam krama alus lan krama inggil 4. Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama d. krama lugu e. krama inggil 5. Yen katandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ... . a. kasar lan rumaket b. luwih gampang cak-cakane c. alus lan nduweni surasa luwih ngajeni d. lugu lan kurang ngajeni liyan e. endhek tataran undha usuke 6. Ibu Bapak 60  : Bapak wis dhahar? : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur. Sastri Basa /Kelas 12 Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama 7. Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa ... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama 8. Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama 9. Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku ... a. Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana. b. Ki sanak menika sinten lan saking pundi? c. Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta. d. Ana wigati apa kowe sowan mrene? e. Pakaryan kang becik kudu kalestarekake! 10. Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani utawa gelem didadekne bojo. Ukara ing dhuwur mujudake unine ... . a. wara-wara b. sayembara c. reklame/iklan d. layang e. lelayu 11. Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ... . a. panguripan sabendina b. epos Ramayana-Mahabarata Sastri Basa /Kelas 12 61 c. prastawa sejarah d. kedadeyan sajerone kraton e. kedadeyan apa anane 12. Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ... . a. basa baku b. basa standar c. dhialek lan idhiolek d. lelewaning basa e. basa padinan 13. Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ... . a. coda, orientasi, komplikasi, lan resolusi b. resolusi, coda, orientasi, lan komplikasi c. komplikasi, resolusi, coda, lan orientasi d. orientasi, komplikasi, resolusi, lan coda e. orientasi, komplikasi, coda, lan resolusi 14. Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks 15. Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks 16. Tuwuh pengarep-arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning urip. Ing struktur teks cerkak kalebu …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks 62  Sastri Basa /Kelas 12 17. Bedane basa kang digunakake ing teks cerkak lan teks crita wayang, yaiku basa ing cerkak iku nggunakake basa padinan, dene basa ing crita wayang ... . a. sinanggit mawa tetembungan basa Kawi b. akeh migunakake basa ngoko a. kacampuran dialek lan idhiolek b. migunakake basa baku utawa standar c. migunakake basa Jogja-Solo 18. Sajrone pasrawungan, wong kang pinter crita bisaane akeh kancane, jalaran .... a. critane bisa agawe guyu b. sing diajak jagongan mesthi krasan c. wektu sak jam krasa mung sedhela d. ketrampilan agawe guyu dibutuhake e. pakaryane ngomong ing ngarepe wong akeh 19. Guyon maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo.... a. nerak norma-norma ing masyarakat b. mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan c. ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni, d. ngguroni masyarakat Jawa babagan norma-norma e. pralambang kang nglatih lantiping pikir. 20. Para pamicara kerep migunakake teks anekdot sajerone nindakake ayahane, kanggo .... a. nabet ing atine para panyemak b. nyemoni para priyayi c. guyon karo para panyemak d. guyon karo wong penting/pejabat publik e. sarana guyon maton 21. Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran .... a. akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor. b. sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor. c. teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor. d. teks anekdot drajate pada wae yen katandhing karo teks humor. e. teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok. 22. Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku .... a. Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan. b. Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone wong biasa. Sastri Basa /Kelas 12 63 c. Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial. d. Teks anekdot kadhapuk adhedhasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedhasar prastawa kang nyata. e. Teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake lelewaning basa. 23. miturut Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, ”Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”. Punggelan teks kasebut struktur teks anekdot kalebu perangan …. a. janturan b. pawadan c. prakara d. tanggapan e. wasana 24. Ajaran moral sajeroning teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis, jalaran.... a. diwedharake pengarang lumantar para paraga. b. pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan. c. minangka kaca benggala. d. kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin. e. masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik. 25. Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu .... a. dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kang trep. b. dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kang trep. c. dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kang trep. d. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah. e. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna. II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Jlentrehna pangetrapane (cak-cakane) unggah-ungguh basa! 2. Apa tujuane kabudayan Jawa nyipta (nganakake) unggah-ungguh basa? 3. Gawea teks pacelathon kang diparagani dening bapak camat lan ibu lurah kanthi tema ’Pahargyan dinten kamardikan’! 4. Jlentrehna bedane teks anekdot karo teks humor! 64  Sastri Basa /Kelas 12 5. Supaya teks anekdot bisa apik lan bener, basa kang dipigunakake kudu kepriye? 6. Ayahan apa wae kang kudu ditindakake sadurunge nulis teks anekdot? Jlentrehna! 7. Apa jalarane, wong maca teks anekdot kudu nuduhake polatan (ekspresi) kang trep? 8. Apa bedane cerkak karo geguritan? 9. Ukara kang digunakake ing cerkak bisa awujud ukara langsung lan ukara ora langsung. Apa bedane? Kepriye tuladhane? 10. Pethikan teks iki tulisen nganggo aksara Jawa kang trep: ”Nggawe taman iki ora gampang, biayane ya ora sithik, iki mono dhuwite rakyat. Aku arep nuntut panitia!”, ngendikane Bu Risma karo nudingnuding panitia. Panitia mung manthuk-manthuk lan ora bisa kumecap apaapa. Sabanjure ketua panitia janji arep ndandani sakabehe taman lan wangunan kang rusak. Sastri Basa /Kelas 12 65 WULANGAN 4 CAKRA MANGGILINGAN Kompetensi Dasar dan Indikator: 3.4. Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis karya fiksi dan nonfiksi secara lesan dan tulis. 3.4.1 Mengidentifikasi struktur teks drama. 3.4.2 Menganalisis unsur kebahasaan dalam teks drama. 3.4.3 Memahami langkah-langkah konversi (alihwahana) teks naratif menjadi teks drama. 4.4. Memprodhuksi dan mempublikasikan karya fiksi (naskah drama, cerita pendek, karya terjemahan). 4.4.1 Mengonversi teks naratif menjadi teks drama. 4.4.2 Memperagakan teks drama. 4.4.3 Mengunggah teks drama ke internet. 4.4.4 Menulis aksara Jawa. Sawise sinau wulangan 4 iki, para siswa kaajab bisa: niti struktur teks sandhiwara, ngonceki panganggone basa sakjerone teks sandhiwara, lan mahami tata cara ngowahi teks naratif dadi teks sandhiwara. Sabanjure, para siswa uga kaajab bisa: nulis teks sandhiwara kanthi babon teks naratif, nggelar sandhiwara, lan ngunggah teks sandhiwara ing internet. Saliyane iku, para siswa uga bisa migunakake tuladha tumindak spiritual lan sosial sing ana ing Mbabar Wawasan wulangan iki minangka kacabenggala (cermin) ing satengahe masyarakat. Mbabar Wawasan Pentas sandhiwara kanthi irah-irahan "Kanjeng Ratu" kaya kacetha ing gambar, nyritakake lelakone sawijining ibu sing tau sukses dadi pengusaha. Amarga sugihe lan panguwasane ora ana sing nandhingi, mula panjenengane rumangsa kaya dene Kanjeng Ratu. Ananging, amarga urip iku kaya dene ’cakra manggilingan, rodha sing muter’, saiki kahanane Kanjeng Ratu dadi memelas. Sanajan saiki dadi wong mlarat amarga usahane bangkrut, solah bawane isih tetep kaya ’Kanjeng Ratu’ (seneng prentah, seneng nyalahake, lan seneng pamer), mula tindak-tanduke kerep nuwuhake prakara tumrape liyan. 66  Sastri Basa /Kelas 12 Pentas sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kanjeng Ratu” (Sumber foto: WWW.CHIC.ID.COM) Saka nggatekake gambar lan maca andharan ing ndhuwur banjur tuwuh pitakonan. Coba, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1) Apa ana pawongan ing bebrayan ’masyarakat’ sing sipate kaya ’Kanjeng Ratu’? 2) Kepriye panemumu tumrap wong sing nduweni sipat kaya ’Kanjeng Ratu’? 3) Apa lelakon kaya dene sing dialami dening ’Kanjeng Ratu’ isih cocog yen kaangkat minangka tema sandhiwara ing zaman saiki? Jlentrehna! 4) Apa jalarane sandhiwara asring ngangkat prastawa ing masyarakat minangka tema? 5) Apa tegese cakra manggilingan? Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku gancaran ’prosa’, guritan ’puisi’, lan sandhiwara ’drama’. Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk. Sandhiwara nggambarake kasunyatan ing masyarakat, watak, sarta tindak tanduk manungsa lumantar paraga lan antawacana ’guneman’ ing pentas. Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang pasulayan ‘‘konflik’ sing bisa ndudut ati lan nguras emosi utawa pangrasane sing nonton. Pasulayan ’konflik’ bisa wujud social conflict ’pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane’ , lan psychological conflict ’pasulayan ing sanjerone batin’ sawijining pawongan. Pasulayan bisa dumadi ing ngendi-endi, ana ing desa pasulayan antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa, ing kutha ana pasulayan ing antarane pengusaha karo buruh. Kejaba saka iku, ana maneh pasulayan amarga rebutan warisan lan isih akeh maneh jinise pasulayan. Minangka akibat saka pasulayan iku mau, Gusti Allah kang Murbeng Dumadi banjur nitahake owah-owahan nasibe manungsa. Bab iki sing ndadekake mlakune cakra manggilingan ’rodha sing muter’. Sapa pawongan sing menang sajrone pasulayan, bakal manggon ing papan sing dhuwur (sugih, pangkat, utawa drajat), lan pawongan sing kalah manggon ing papan sing ngisor (mlarat, ina,utawa asor). Mula yen lagi pinuju ana ing papan sing dhuwur kudu bisa ngedohi sipat adigang, adigung, Sastri Basa /Kelas 12 67 lan adiguna, jalaran cakra manggilingan bakal terus muter, mbarengi pungkasane pasulayan sing terus dumadi. Cakra ditegesi kaya dene cakram (rodha). Manggilingan asale saka tembung giling (muter/nggerus). Cakra manggilingan gambaran saka cakram/roda sing muter. Ing jagad wayang, cakra manggilingan utawa cakra sing muter dikenal minangka sanjata pamungkase Bathara Kresna. Pasulayan ’konflik’ lan owah-owahan nasibe menungsa sing kaya cakra manggilingan, bakal terus dadi sumbere crita sandhiwara sing ora bakal asat utawa entek. Pasinaon 1: Model Teks Pinilih Teks Sandhiwara Sajrone pasinaon 1 para siswa bakal kaajak tepungan lan mahami teks sandhiwara sing isine nyritakake lelakone manungsa sing ngalami owah-owahan nasib mubenge kaya cakra manggilingan. Kanggo mahami teks sandhiwara iku, para siswa bakal nggarap maneka warna ayahan. Garapan 1 magepokan karo maca teks sandhiwara, garapan 2 sesambungan karo niti struktur teks sandhiwara, lan garapan 3 gegandhengan karo ngonceki panganggone basa sajrone teks sandhiwara. Garapan 1: Maca lan Mangsuli Pitakonan Teks Sandhiwara Amarga ing kelas XI para siswa wis cukup anggone sinau bab drama utawa sandhiwara panggung, mula saiki para siswa bakal ditepungake karo jinise sandhiwara liyane, yaiku sandhiwara radhio. Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake indra pangrungu (audio), dadi sandhiwara iki mung murni ngendelake pamer antawacana (dhialog), musik, lan efek swara. Kanggo mahami teks sandhiwara radhio, ing ngisor iki kapacak teks sandhiwara radhio sing arep koksinaoni. Wacanen teks iki kanthi titi! KEWIRANGAN (Dening Soemardjono) Sumber: http://www.kawuryan.com. Adegan I Gending: ketawang ’Sundari’ (genderan) pelog pathet 5 (saya lirih) (swara kumleseding sandhal: saka adoh, saya cedhak) Bu Sulis : Parinem: Bu Sulis : Parinem: Bu Sulis : Parinem: BuSulis : 68  (ngundang) Par! Parinem! Mrene, Par! (nyedhak) Dalem, Bu. Kowe sowana Pak Kusuma ya, Par! Kok kerep dipunutus sowan Pak Kusuma? Waah, aku dhewe ya kepeksa kok, Par. Nyaosaken arta malih menapa? Lha, iki mau aku mentas tampa layang meneh, jare si Andri kuwi butuh Sastri Basa /Kelas 12 kanggo … ngrakit gelange. Jare Andri gelange njaluk ditretes. Berliyane ana, ming ongkos ndandakke ora ana. Parinem: Kala emben menika jamipun! Wah, lha kok kaping-kaping nggih, Bu? Bu Sulis : Ning kowe ora perlu matur karo Agung lho, Par. Wis kanggo awake dhewe wae. Meneng wae, ya! Gambar proses rekaman sandiwara radhio ing sawijining studio Sumber foto: http://bizcomm.co.id Parinem: Ha, nanging Bu Sulis menawi kelajeng-lajeng nggih remuk mangke. Bu Sulis : Pancen. Coba ta. Lagi pirang dina nggone tukar cincin si Agung karo Andri, wis pirang ewu dhuwitku bablas. Parinem: Lho, menika Pak Kusuma piyambak menapa Den Andri ingkang mbetahaken, Bu? Bu Sulis : Yen layange kuwi saka Mas Kusuma, nanging jarene si Andri sin mbutuhake. Parinem: Den Andri ki kok ya piye ngono, wong lagi pepacangan kok wis njaluk kuwi njaluk iki, butuh sithik-sithik nyuwun panjenengan nggih, Bu. Bu Sulis : Aku ya gumun lan ngungun kok, Par. Lagi saiki wae wis jalukane sing werna-werna, mengko yen wis dadi garwane terus kepriye. Parinem: Wah, nggih cetha ngereti niku, Bu. Bu Sulis : Mangka yen ndeleng bocahe ki rak ya . .. alus, lomah-lameh, kaya ora duwe maksud apa-apa. Lan apa-apa ming ‘nggih’, hiya, ta?! Parinem: Wah, menawi kaliyan Den Andri menika, kula kemawon ingkang lare setri perlip kok, Bu! Bu Sulis : Ah! Sssss! Kowe ki sing ora perlip wae apa! Parinem: Lho, inggih kok, Bu. Ayu, alus, lomah-lameh. Wah jan, nggregetke. Kula sok kepengin njiwit pipine. Bu Sulis : Hus! Kok omonganmu terus kaya ngono! Parinem: Inggih. Wah jan, Den Rara Andri niku pun … ! Ha ning kok saiki terus main arta nggih, Bu. Durung dadi garwane wis njaluk iki njaluk kuwi. Niku ingkang mboten nocogi. Bu Sulis : Lha aku sing kojur yen Agung ngerti, Par. Sebab, Andri rak pilihanku. Aku sing mernahke. Lha Agung ki rumangsa yen kudu manut aku. Ya ming ’nggah-nggih’, ha ning yen Andri kaya ngono aku sing cilaka, Par. Parinem: Mangka ngaten nggih, Bu. Nanging menapa menika namung kabar ngayawara menapa mboten kula piyambak mboten mangertos. Pak Sastri Basa /Kelas 12 69 Kusuma menika kacriyos penjudi ageng! Bu Sulis : Haaa? Ah, kowe krungu saka ngendi, Par? Wong dheweke ki isih priyayi, isih kalangan ningrat lho, Par. Parinem: Ingkang criyos menika nggih batur sami batur, lajeng dhateng batur malih, lajeng kula mirengipun saking Mbakyu Marta, rencang sebelah, nalika Den Agung tukar cincin ugi mbantu kula. Kacriyos menawi main menika atusan ewon kok, Bu. Bu Sulis : Ah, aku kok lagi krungu saiki, biyen-biyen ya ora, wong dheweke ki rak isih ningrat. Parinem: Ah, ning nggih kathah kok, kalangan ningrat ingkang sami ngaten kok, Bu. Malah sok langkung ageng, ming ora ketara, nggih ta? Lan, cobi, Bu, nalika tindak mriki dalu-dalu sepisanan kaliyan den Andri menika nitih mobil, ta? Sakmenika rak sampun mboten kagungan mobil. Bu Sulis : Lha, mobile ana ngendi kabare? Parinem: Telas, telas kangge main. Woo, kacriyos menawi main, atusan ewon sampun. Nanging menawi pinuju sasap, wah nggih ketingal mentereng, nanging menawi pinuju kawon, dalemipun menika kemawon rak sampun nate dipungadhekaken ta, Bu. Bu Sulis : Ah mongsok! Parinem: Lho, menika nggih namung dongenganipun mbakyu Marta, rencang griya sebelah riku. Bu Sulis : Lha kowe kok ora kandha wingi-wingi, Par? Parinem: Mireng kula inggih nembe kemawon kok, Bu. Namung saking rencang sami rencang. Gumun kula menika nalika rawuh kaliyan Den Rara Andriana menika, rak taksih nitih mobil, kok sakmenika sampun mboten kagungan. Bu Sulis : Wah, mengko terus nurun menyang Andriana ya, Par. Lha wong saiki wae wis kaya ngono. Lan gumunku ya, Jeng Kusuma kuwi kok ya arang-arang sanjan-sinanjan, malah kaya arang ana ndalem. Parinem: Lho, Bu Sulis menika kados pundi ta? Ingkang putri menika mainipun rak nggih, wah, kiyat sanget! Bu Sulis : Kiyat piye ta, omongmu kuwi? Parinem: Lho, tegesipun botoh ageng. Bu Sulis : Hiya ta? Dadi ora mung sing kakung, ta? Parinem: Malah ingkang asring dados raosan rencang-rencang menika malah ingkang putri kok, Bu. Bu Sulis : Wah, yen ngono rewang-rewang kuwi luwih ngerti wewadining tanggatangga, ya? Parinem: Woo, rencang-rencang menika langkung mat wewadosan setunggalsetunggalipun lho, Bu. Mila sampun gemampil menawi kaliyan rencangrencang! Panjenengan badhe priksa kiwa tengen mriki, sampun kecathet sedaya. Bu Sulis : (meneng sedhela) … Terus kepriye nggonku mangsuli bab layange mas Kusuma iki. Aku kuwatir yen keterus-terus. Parinem: Utawi ngaten kemawon, Bu. Panjenengan nyerati dhateng Den Rara Andriana. Lha, isinipun sumangga, menapa badhe dipunserayani, menapa badhe dipunparingi. Bu Sulis : He-eh ya, Par. He-eh, aku tak nulis layang menyang Andriana. Mengko kowe sowan mrana lan kudu kok-wenehke Andriana lan tunggonana, kepriye 70  Sastri Basa /Kelas 12 jawabane. Syukur yen Mas Kusuma pinuju ora ana ndalem. Parinem: Inggih, sakmenika kemawon. Bu Sulis : Ya wis, taknulis layang dhisik Gending: ‘Gambir Sawit’ pelog patet 5 (nganti entek). Adegan II [swara tumapaking sandhal lan sikil: saka kadohan, saya cedhak] Kusuma : Andri, perhiasan kuwi rak wis dipasrahke aku, lan kanggo peningset ta, Andri. Lha, malah dibalekke, kepriye karepmu? Andri : Mbenjing kemawon menawi sampun nikah, Pak. Kusuma : Weh … kowe ki wis ngerti sing jenenge peningset durung, Andri? Andri : Menawi kula cekap mawi cincin menika rumiyin, Pak. Kusuma : Sababe? Andri : Sabab kula rumaos dereng nggadhahi hak ngangge perhiasan ingkang saking Mas Agung. Kusuma : Kuwi wis dadi tata cara, malah yen penganggon kuwi kokenggo, kuwi tegese kowe ngatonake katresnanmu. Andri : Katresnan mboten perlu dipunpamer-pameraken, Pak. [swara kursi digeret] Kusuma : (muntab) Aaah, kok kaya ngono jawabanmu, Andri. Kuwi wis dadi rembugane wong tuwa, ya bapak-ibumu lan tante Sulis. Saiki barangbarang malah kok-balekke, kuwi mengko dikira kowe arep gawe pokal sing ora-ora. Apa kowe ora seneng karo Masmu Agung? Andri : Inggih, remen. Kusuma : Naaah, kena apa barang-barang peningset kokbalekake? Mengko dikira kowe arep medhot pepacangan iki, Andri. Andri : Kula mboten saged nyimpen barang-barang ingkang dereng hak kula, Pak. Kusuma : Hiya wis bisa, yen ora gelem nganggo rak bisa koktitipake menyang aku utawa ibumu. Andri : Kadospundi anggen kula nitipaken, menawi bapak ibu tansah mboten wonten ndalem. Lan, kula kaliyan Mas Agung badhe murnekaken katresnan. Kusuma : Apa katresnanmu ora murni saiki? Andri : Awit, kula kaliyan Mas Agung menika namung dipunpanggihaken dening tiyang sepuh. Mila katresnan menika, kula kinten mboten saged dangu, menawi kula kaliyan mas Agung piyambak mboten madosi katresnan ingkang murni. Kusuma : Terus, carane murnekake katresnan? Andri : Mila perhiasan menika kula wangsulaken, upacara-upacara menika kita anggep mboten wonten.Ingkang wonten namung Agung kaliyan Andriana, cobi kanthi Kanggo ngatonake karaktere, paraga mekaten menapa saged. Menawi saged ing sandhiwara radhio ora perlu menika ateges kula kaliyan Mas Agung dipaesi, cukup ngolah swarane. saged manggihaken katresnan ingkang Sumber foto: nufusart.blogspot. murni. Sastri Basa /Kelas 12 71 Kusuma : Aaah. kuwi mung apa, Andri! Andri : Panci mboten wonten tegesipun, ketingalipun, nanging tumrap kula kanthi semeleh saged nampi katresnan, Pak. Kusuma : Ha ning lucu kowe! Barang wis ana tangan kok dibalekke mung alesan sing ora ketemu nalar. Apa ta alesan kaya ngono kuwi, rak mung alesan ah … golek-golek, Andri! Andri : Tumrap bapak mbokmenawi mekaten, nanging tumrap kula wonten kesanipun ingkang langkung lebet, Pak. Kusuma : Ha ning rak dikira sing ora-ora, Terus dikira aku, ibumu, kowe, nyulayani rembug dening tante Sulis. Apa gela, apa arep medot tunangan … Andri : Menawi dipunkinten kemawon mboten menapa-menapa, Pak. Uger saknyatanipun mboten. Menawi kula sampun saged manggihaken katresnan ingkang murni kula nembe marem. Kusuma : Kowe kudu ngelingi ya, Ndhuk, yen wong tuwamu kuwi duwe panjangka sing mulya, kowe bisa entuk jodho sing bisa gawe mulyamu, mulyaku, lan mulyane famili-famili Kusuma. Saiki wis entuk pancadan kaya dene karo Masmu Agung. Wis ora perlu sing neka-neka! Andri : Matur nuwun, pak. Kusuma : Ming kari nglanggengake katresnane Masmu Agung, katresnane tante Sulis lan katresnane wong tuwamu, lan katresnanmu dhewe. Andri : Lajeng kadospundi anggen kula saged damel amrih katresnan menika langgeng sedaya? Kusuma : Yen saiki wis gampang. Kowe ora susah kakehan reka, ora susah. kakehan pikiran! Andri : Dados kula kedah nampi menapa kemawon, inggih saking mas Agung, saking tante Sulis lan ugi saking bapak ibu? Kusuma : Kudu mengkono kuwi amrih langgenge katresnan! Andri : (unjal napas) … Awrat tumraping kula, Pak. Kusuma : Awrat sing kepriye? Andri : Lajeng kula minangka wayang, nampi menapa kemawon ingkang kedah kula tindakaken! Ngantos mangke saklami-laminipun kula kedah tansah kendel, nampi menapa ingkang tumanduk wonten dhiri kula pribadi? Kusuma : Kuwi kuwajibanmu, Andri! (meneng sedhela) ,.. Lan saiki mumpung durung kebacut, matura Mas Agung yen perhiasan kuwi arep kokenggo! Andri : Kedah kula suwun malih? Kusuma : Amrih ora nimbulake pandakwa sing ora-ora. Apa maneh yen tante Sulis krungu, mundhak ora seneng. Jaluken barang-barang kuwi. Yen kowe ora seneng nyimpen, aku sing nyimpen. Andri : Menapa kedah mekaten? Kusuma : Kudu, Andri. Andri : Nanging barang-barang menika sampun ngantos Kusuma : Ngantos apa? Andri : (sajak wedi) … sampun … ngantos … kados dene nasibipun mobil kagunganipun bapak, utawi dalem menika ingkang sampun nate dipuncepengaken gadhen … Kusuma : Ora, Andri. Aku ngerti yen barang-barang kuwi kudu dirukti sing apik-apik. Andri : Benjing-enjing kula badhe matur Mas Agung. Kusuma : Nhaaa … dadi aja nganti nimbulake pasulayan sing ora apik tumrapku lan tumrape tante Sulis! Wis ya, aku tindakan dhisik. (lunga) 72  Sastri Basa /Kelas 12 (Gending ‘Gambir Sawit’ pelog patet 5) (Meneng sedhela) Parinem: (adoh) Kula nuwuuun … ! Andri : (seru) Ooo, ayo, Par … mlebua wae, Par … wis, terus mlebu … ! Parinem: (nyedhak) Kok sepen ndalem, Den Andri! Andri : He-eh! Lagi padha tindakan bapak ibu. Kono, lingguh kono! … Hus, lingguh ndhuwur wae! Kok terus arep lingguh ngisor. Wis, lingguh ndhuwur, Par! Parinem: Ah, sampun mriki kemawon. Andri : Wong bapak ibu ora ana ndalem kok, Par. Wis, lingguh nduwur wae! (meneng sedhela) … Ana apa, diutus tante apa Mas Agung? Parinem: Dipunutus Bu Sulis. Menawi kula sowan mriki kok pinuju sami tindakan, ta? Andri : (meneng, unjal napas sedhih) … Ah, ya … Diutus apa, Par? Parinem: Inggih namung nyaosaken serat. Lha Den Andriana dipunajeng-ajeng kok awis-awis rawuh. Andri : Lha kowe ya ngerti dhewe ta, Par, wong aku Amarga bapa polah, kudu tunggu omah, kejaba sekolah. Mas putra nandang wirang. Agung ora ngarep- arep aku? Sumber foto: detik.com Parinem: Waaah, menawi Den Agung menika sampun, menapa malih sasampunipun dados dhokter sasat mboten nate lenggah wonten ndalem. Rawuh dhog, dhahar, tindakan malih. Andri : Lha, mengko … aku mrana Mas Agung ya ora ana ndalem. Lan Mas Agung dhewe ya wis ngendika, tempone ming malem Minggu. Serat kanggo sapa, Par? Parinem: Kagem panjenengan, Den. Nanging menawi malem Minggu Den Agung rak tindak mriki, ta? Andri : (ngguyu) Oo … ya mesthi! Parinem: Lho, tegesipun menawi sampun dipunatur mekaten nggih sae kemawon! Lha, nanging mbok nggih panjenengan menika sowan keng tante, senadyan mboten pinanggih Den Agung. Andri : Aku ya kepengin sowan tante, nanging angger ana ngomah aku terus tunggu omah, bapak ibu mesthi tindakan. Parinem: Tindakan dhateng pundi kemawon, ta? Andri : Ah, ya embuh, Par. Endi layange tante Sulis? Parinem: (meneng sedela) … Nanging ngaten, Den Andri, kula dipunngendikani keng tante … wah priye ya, nggonku matur … Andri : Layang apa ta? Kok nganti kaya sajak penting! Wis ta, ulungna ta, Par! Parinem: (meneng) … Keng tante ngendika, menawi … wah arep takaturake kok sajak malah meden-medeni, ning yen ora … (meneng) … Ngaten inggih, Den Andri, keng tante namung meling, ditampa lan diwaca kaya dene maca layange tantene dhewe. Mangga, sampun! Andri : (karo mbukak layang) Kok sajak penting banget! (terus meneng) … (kaget) … Tante Sulis??? Aneh! Ah aku ora nate … ah mongsok . .. ! Par, kowe Sastri Basa /Kelas 12 73 ngerti isine layang iki? Parinem: Babar-pisan mboten, Den Andri. Andri : Babar-pisan ora tenan? Nanging aneh, Par! Aku ora nate … ah, aku ora nate … ah, isin aku karo Tante Sulis! Kowe ora nate dijak rasanan bab aku karo tante? Parinem: Raosan kados pundi? Mboten nate! Andri : (susah) Adhuh! (lunga) Pak! Bapak! Bapak! Parinem: Ngendikanipun keng bapak tindakan!? Andri : (adoh) He-eh, nanging mau tindak metu wingking … (nyedhak) … Tante Sulis ora ngendika apa-apa nalika kowe arep diutus? Parinem: Inggih namung menika wau welinganipun menawi panjenengan nampi serat menika amrih dipunanggep kados dene maos seratipun ingkeng tante piyambak! Andri : (nirokake) … Kaya dene layange saka tante dhewe? Pancen aku nganggep kaya dene tanteku dhewe, nanging ora bisa takanggep kaya ngono, Par! Iki soal sing gawat, sing nyangkut jenengku, asmane bapak, lan ibu, Par! (menggeh-menggeh) ...soal dhuwit… Aku ora nate …, ora nate matur bapak, lan aku ora nate nyuwun supaya bapak kersa matur marang Tante Sulis. (meneng) … Ah, aneh kahanan iki, Par! (sajak wedi lan bingung) . . . Ah mesthi Tante Sulis ndakwa aku sing ora-ora, dikira aku mbungahi. Parinem: (nyabarake) … Sabar! Sabar ta, Den Andri! Keng tante mboten ndakwa mekaten, namung nedha keterangan, menapa leres, Lan kula kinten menawi leres mekaten, ah malah Bu Sulis remen, sabab panjenengan sampun nganggep kados dene ibu piyambak. Andri : Apa yen nganggep kaya dene ibu dhewe, kuwi mesti kudu njaluk apa-apa, njaluk dhuwit? Parinem: Inggih mboten, nanging kanthi nglairaken pepenginanipun menika rak sampun nganggep tiyang sepuh piyambak. Andri : Ah, kanggone aku ora bener, Par. Salah yen kaya ngono. Apa maneh aku iki lagi pacangan, ora duwe hak tumindak kaya ngono. Parinem: Lajeng kados pundi nggih? Andri : (saya lirih seriyus) . . . Apa bapakku? Parinem: Menawi seratipun menika kacriyos saking keng bapak . .. Kula inggih dipunbektani serat-seratipun ingkang sampun nate dipuntampi bu Sulis. Andri : Coba! .. . Kokgawa? Parinem: . . . Inggih … menika! Andri : (mbukak layang, meneng) . .. Adhuh! (nangis) . .. Tenan … tenan, Par. Iki serate bapak. Adhuh, bapak tegel karo putrane . . . ! Isin aku … wirang aku, Par! Bapak . .. kok dadi tegel nulis layang kaya ngene! Aku sing kanggo kudhung . . . Oouh tegel panjenengan, Pak! Keaangeten panjenengan, Pak! (nangis sesenggrukan) Parinem: Den rara Andri, sampun muwun ta .. . sampun ngaten ta, kendel ta! Andri : Yooh!… Nanging aku saiki didol jenengku, Par . . . ! Aku ora nate kepengin gelang tretes. Aku ora nate ndandakke jam tangan sing larang regane … ! (terus mingseg-mingseg) Parinem: Menawi mekaten panjenengan kedah nerangaken dhateng Bu Sulis, Den Andri! Temtu mboten menapa-menapa! Woo, Bu Sulis menika longgar penggalihanipun kok, Den Rara. Andri : … Nanging raiku takselehake ana ngendi, Par! 74  Sastri Basa /Kelas 12 Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Andri : Parinem: Lho, menawi panjenengan rak mboten menapa-menapa, ta! Nanging, aku putrane bapakku, putrane ibuku, Par. Lha inggih, nanging Panjenengan piyambak rak mboten menapa-menapa! Kowe ora ngerti perasaanku, Par. Aku yen sowan Bu Sulis tegese aku nggawa jenenge wong tuwaku, martabat kehormatan keluwarga Kusuma. Nanging yen kaya ngene iki, apa teges martabat lan kehormatan keluwarga Kusuma sing wis rusak, ancur ana ngarepe Tante Sulis! (mingseg-mingseg) (meneng) .. . Lajeng kados pundi? Menapa panjenengan atur balesan? (isih nangis ora mangsuli) Saenipun panjenengan nyerat, ngendika menapa wontenipun, Den Andri. … Nyerat, balesan, bab kuwi gampang taktindakake kanthi sepuluh menit rampung. Nanging soal iki ora mung cukup sepuluh menit rampung, Par. Soal iki dawa gandheng-cenenge. Ora, aku ora arep nulis layang balesan katur Tante Sulis! Aku mung golek tresna kang Lajeng kados pundi? sejati. Yen perlu aku pedhot karo Mas Agung. Sumber foto: pinterest.com (kaget) Den Rara Andri! Ah sampun ngaten! Wis, muliha, Par! Balia, Par … muliha … ! Ah sampun lajeng ngaten ta, Den Rara Andri! (rada nggetak sithik) Wis ta, balia, muliha! Aku bingung, aku durung bisa matur apa-apa! Nanging soal iki kudu beres! Beres ingkang kados pundi! Lajeng kados pundi atur kula? Kowe ora susah matur apa-apa. Aturna kahananku kaya ngene! Menawi dipunpundhuti priksa keng tante? Matura aku ora bisa atur balesan! Nanging kula temtu dipunpundhuti priksa. Aturna kahananku, atiku ajur, rasaku wirang! Aku ora . . . (terus nangis sesenggrukan) (ngerih-erih) Sampun ta! Menawi mboten leres nggih mangke matur Bu Sulis! … Sampun lajeng ngaten! (arep melu nangis) . .. Sampun dipun galih ingkang lebet! Mangke kula matur, Den Andri! Ora, Par! Ora! Iki sawijining pukulan sing hebat tumrapku, Par. Aku wirang banget. Aku isin banget, Par. Jenengku didol dening wong tuwaku dhewe …! Aku wis manut didhawuhi apa wae. Pacangan karo Mas Agung ... Yooh! Tukar cincin...yooh! Aku ora bisa apa-apa. Matura! Wis, balia! Ah mbok sampun kagalih mekaten ta! (ngusir-usir) Wis balia, balia! Matura saksenengmu dhewe! Wis muliha, muliha, Par! (gela) Ooo, nggih sampun … pareng … pareng! (Gending: ‘Wirangrong’ pelog patet nem — Suwuk) Sastri Basa /Kelas 12 75 Kanggo njajagi jerone pangertenmu ing babagan isining teks sandhiwara kanthi irahirahan ”Kewirangan” kasebut, bocah-bocah bisa mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi jangkep lan bener. 1) Kepriye watake para tokoh ing teks sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kewirangan”? 2) Kepriye status sosiale para tokoh ing crita kasebut? 3) Kepriye urutan kedadeane crita? 4) Apa kang dirasakake dening para tokoh ing teks sandhiwara kasebut? 5) Kepriye pungkasane crita kasebut? Garapan 2: Niti Stuktur Teks Sandhiwara Struktur teks sandhiwara panggung utawa sandhiwara radhio iku pada wae karo strukture teks lakon kaya sing wis para siswa sinaoni ing kelas X, yaiku dumadi saka: a) jejer (orientasi), b) pasulayan (konflik/komplikasi), lan c) pangudhare prakara (resolusi). Amarga pasulayan/konflik mujudake intisarine drama, mula bab pasulayan ing teks sandhiwara bakal karembug maneh kanthi luwih jembar. Adegan sandhiwara dumadi saka sawenehe kedadean kang padha sesambungan lan rinonce minangka larah-larahing crita kang diarani alur utawa plot. Kedadean sing siji dadi sabab utawa akibat tumrap kedadean liyane. Umume, sandhiwara migunakake alur maju (kronologis/alamiah) diwiwiti kanthi jejer (orientasi), yaiku adegan metune tokoh-tokoh penting jangkep ciri wancine. Kasusul pasulayan, yaiku timbule prakara jalaran saka bedane panemu ing antarane para tokoh. Yen pasulayan iku ora bisa dirampungi, bakal mrembet-mrembet, ngombyawara lan tansaya ruwet pangudhare. Puncake pasulayan/konflik diarani klimaks, yaiku perangan crita sing paling agawe dheg-dhegan lan biasane paling ditunggu dening penonton. Crita sajrone sandhiwara ora bakal bisa mlaku, yen sakabehe tokoh nduweni watak, sikep, panemu, lan pepenginan sing padha. Crita bisa mlaku jalaran anane pasulayan sing ditimbulake amarga bedane watak, sikep, panemu lan pepenginan. Pasulayan bisa wujud eksternal utawa kasebut uga social conflict, yaiku padudon ing antarane tokoh siji lan tokoh liyane ( tokoh protagonis ’awatak apik’ lumawan tokoh antagonis ‘‘awatak ala’). Bisa uga wujud internal utawa kasebut uga psychological conflict, yaiku pasulayan jroning batin sawijining tokoh sing biasane bisa ndadekake owahe tindak-tanduke tokoh. Kanggo gladhenmu, tindakna pakaryan iki: a. Supaya bisa nemokake lan nganalisis pasulayan utawa konflik ing teks sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kewirangan”, jangkepana tabel ing ngisor iki! 76  Sastri Basa /Kelas 12 No. 1 Jinis Pasulayan/ Konflik Eksternal utawa social conflict 2 Internal utawa psychological conflict Bukti Kutipan Teks Analisis .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... ................................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................ .................................. .................................. ................................... ................................... .................................. b. Pasulayan utawa konflik njalari mubenge cakra manggilingan. Jangkepana tabel ing ing ngisor iki kanggo mangerteni mubenge cakra manggilingan ing teks sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kewirangan”! No. Tokoh Sing Ngalami Owahowahan Nasib 1. ................... 2. ................... 3. ................... Bukti Kutipan Teks Analisis .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... ................................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... ................................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... ................................... Lst. Garapan 3: Nganalisis Unsur Basa Sajrone Teks Sandhiwara Teks sandhiwara radhio dudu teks sing arep dipentasake ing sandhuwure panggung, ananging cukup kababar ing studio radhio utawa rekaman. Para pemain sandhiwara radhio, ora kudu bisa akting, bloking, utawa prinsip sandhiwara panggung liyane. Mula saka iku, teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku utawa kramagung, ananging mbutuhake pituduh pocapan. Unsur musik lan swara tirunan Sastri Basa /Kelas 12 77 (tiron) perlu katulis ing sajrone teks, tuladhane swara jaran, lawang kang dibukak, piring ceblok, lan liya-liyane. Sumber foto: sammy-summer.blogspot.com Tindakna pakaryan iki: a. Kanggo nemokake lan nganalisis keterangan ucap sing dadi titikane sandhiwara radhio, jangkepana tabel ing ngisor iki! No. Titikane Teks Sandhiwara Radhio Bukti Kutipan Teks Analisis 1 Anane Pituduh Pocapan .................................. ................................. .................................. .................................. 2 Anane Unsur Musik .................................. ................................. .................................. .................................. 3 Anane Swara Tirunan .................................. ................................. .................................. .................................. Sutradhara (ngungkurake kamera) lagi mandhegani rekaman lan teknisi makarya kanthi lungguh ing ngisor Sumber foto: http://armando-abdullah.blogspot.com 78  Sastri Basa /Kelas 12 Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula biasane basa sing digunakake ing teks sandhiwara radhio uga basa lesan. Salah siji titikane basa lesan, yaiku akeh migunakake tembung sing ora standar utawa ora baku lan akeh kecampuran dhialek ’pocapan basa sing beda ing saben panggonan’. b. Saiki para siswa kaajab bisa nemokake tembung sing ora baku lan dhialek ing teks sandhiwara ”Kewirangan” kanthi njangkepi tabel ing ngisor iki! No. Tembung Ora Baku Utawa Dhialek ...................... ...................... ..................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... 2 ...................... ...................... ..................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... 3 ...................... ...................... ...................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... 4 ...................... ...................... ...................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... 5 ...................... ...................... ...................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... 1 Tembung Baku Utawa Standar Bukti Teks Kutipan Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Kanthi Nulis, Mrodhuksi, lan Nyiarake Teks Sandhiwara Sawise mbedhah sawijining teks sandhiwara radhio, ana ing pasinaon 2 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan kang luwih praktis, yaiku nulis lan nyiarake sawijining teks sandhiwara. Para siswa kaajab kanthi greget, disiplin, lan pracaya marang kabisane pribadhi makarya bebarengan karo kanca ing klompok nulis, mrodhuksi, lan nyiarake sawijining teks sandhiwara. Sastri Basa /Kelas 12 79 Garapan 1: Ngonversi (Alih Wahana) Teks Gancaran Dadi Teks Sandhiwara Radhio Maneka warna jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane gampang, gancaran (prosa) kang wujud formale didhominasi dening janturan (kisah), diowahi dadi teks sandhiwara radhio kang wujud formale didhominasi dening antawacana (dhialog/guneman). Amarga saka iku, ukarane uga kudu diowahi dadi luwih lugas/prasaja lan cekak kaya lumrahe ukarane wong guneman. Supaya anggone ngonversi ora nguciwani, tataran utawa trap-trapan iki kudu ditindakake: 1) Pahami tema utawa idhe pokok cerkak kang arep dikonversi. 2) Bagenen cerkak miturut urutan wektu lan papan kedadean, banjur owahi dadi babak/ adegan. 3) Owahana janturan pasulayan/konflik antarane para tokoh dadi antawacana. 4) Rancangen pituduh pocapan (kramagung) kang ngandharake tatacarane maca (alus/kasar, seru/lirih, cepet/alon), unsur musik, lan tirunan swara. Tindakna pakaryan iki: Kanthi pawitan sakabehing kaweruh sing wis koktampa, saiki para siswa kajaluk ngowahi teks cerkak ”Topeng” ing ngisor iki dadi teks sandhiwara radhio kang jangkep, apik, lan bener! TOPENG (Anggitane: Djajus Pete) (Kepacak ing majalah Panyebar Semangat, No.25, tanggal 22 Juni 1996) Pasar rakyat digusur minggir saka tengah kutha. Sawetara bakul-bakul mogok, emoh ngalih menyang pasar anyar sing isih sepi. Sing mogok iku racake bakul-bakul cilik, padha nggelar dagangane kanthi lesehan ing sadawane trotoar ngarep tilase Pasar Rakyat. "Pasar wis apik-apik reja ing kene kok dielih menyang pinggir sawah, nduwe karangan kok ra mathuk blas. Wong cilik wis angel golek pangan, kok malah disingkirake," mBah Dilah bakul dhawet kresah-kresuh. "Alah, ben, kok nggagas wong ngecemes nganggo corongan. Ngko nek meniren rak meneng karepe dhewe mBah," semaute Tanem bakul gethuk ing sandhinge. Sing disebut ngecemes iku ora liya Pareres, Dansatpol PP (Komandhan Satuan Pamong Praja). Pareres saka luar Jawa sing ora bisa basa Jawa iku isih terus ngrembugi bakul-bakul nganggo corongan. 80  Sastri Basa /Kelas 12 "Sekali lagi, patuhilah peraturan. Segeralah ke pasar baru. Dan lagi, sampah di tempat ini mengganggu program kebersihan lingkungan untuk mempertahankan Adipura. Ini peringatan terakhir. Jangan membuat jengkel petugas. Jangan sampai petugas menggunakan kekerasan." "Eh, gak enak buntute," grenenge So Kamin, tukang patri sing lagi nambal panci borot. "Disadhukana ya gak wedi, kang So. Ya isih wedi nek anake kaliren," semaute Sri bakul buwah sing dodolan apel, jeruk, lan salak. Pareres sing nggawa mobil kijang brundhul isih terus wira-wiri karo ngrembag-ngrembugi bakul. Sateruse, megaphon diulungake marang Kamto, andhahane genti sing omong. Mubeng-minger rembuge Kamto ora beda kaya sing uwis-uwis, awit wis ping telu Satpol PP ngudhuni pasar trotoar iku. Anane Pareres kepeksa gedandapan melu mudhun, esuk iku, jalaran mentas dibel bupati supaya enggal nertibake bakul-bakul sing disebut gawe rusuhing tengah kutha. Nanging bakul-bakul iku isih tetep muwel ing kono saben esuk, wiwit jam setengah pitu tekan jam sepuluhan. Selagine bakul cilik sing wis gelem ngalih menyang pasar anyar wiwit dina boyongane pasar, anane mung padha ngresula jalaran ora ana sing ngambus dagangane. Satemah ora sithik kang mbalik menyang tengah kutha, melu umpel-umpelan ing trotoar. Ing kono pancen laris enggone dodolan, dadi jujugane wong-wong blanja sing wegah yen kudu mbecak menyang pasar anyar kang adoh ing pinggir kutha. Weruh cacahe bakul saya wuwuh, Pareres misuh-misuh. Kita usir mereka dengan kekerasan, ngono prentahe Pareres jroning rapat ing kantore. Nanging staf Satpol PP cacah sepuluh sing dituding supaya ngobrak-abrik pasar trotoar, akeh sing muni kabotan. Alasane, kabeh padha duwe tangga sing dodolan ana ing kono. "Rasanya nggak enaklah, Pak, jika misalnya, kami masih diundang kenduri oleh tetangga yang pernah kami obrak-abrik dagangannya," tembunge Sahlan. "Jika sungkan, bisa disiasati pakai topeng," usule Kamto. "Ah, nggak perlu. Seperti mau ngrampok saja." panulake Pareres. "Dalam bertugas, tinggalkan urusan pribadi. Rikuh hanya mengganggu tugas saja." "Tapi rikuh dengan berbagai alasan, telah menjadi bagian dari cara hidup kita, Pak. Jika kita jujur terhadap kenyataan, penggusuran Pasar Rakyat itu kan juga karena rikuh saja," semambunge Kamto njalari kanca-kancane gumrenggeng, mbenerake. Pareres katon nggragap. Kamto mbacutake rembuge. "Maaf, Pak. Bukannya kami menolak tugas itu. Kami akan melakukannya, tapi tidak dengan wajah asli kami. Kami perlu topeng itu saja." Pareres nyawangi staf-stafe, kaya kepengin ngerti, apa kabeh setuju? Kabeh staf manthuk. Pareres manut. "Baiklah jika topeng itu menjadi utama untuk kelancaran tugas. Yang penting, kasus pasar liar itu tuntas." Kantor kepeksa cucul wragad kanggo tuku kain lan ongkos kanggo njahitake topeng sing diwangun kaya kanthongan. Kejaba topeng kanthong Sastri Basa /Kelas 12 81 gampang dienggo, uga ora gampang ucul lan bisa brukut nutup sirah engga ora gampang dititeni dening tanggane. Jam wolu esuk, ketel-ketel pasar trotoar, petugas topengan sing nganggo helm dinas sing ana tulisane SATPOL PP, tumandang ngobrak-abrik. Bakulbakul padha njelih pating jlerit karo ngukuti dagangane. Wong-wong blanja ambyar, bubar. Gegering pasar gawe maceting dalan sacedhake. Sakehing kendharaan padha mandheg, wong-wong sing ana njero-njero toko padha metu, kabeh kepengin weruh ana apa? Butuhe mung kepengin nonton. Nonton bingunge wong mlayu, nonton wong nangis. Bakul pitik nangisi pitik-pitike sing mati kepidak-pidak polahe wong. Akeh jajan pasar sing numplak keterak-terak, mblasah ora ngukup worsuh karo sawernane dagangan sing ancur. "Sesuk takgawakake traktor! Takgiles kabeh! Uh! Uh!" Kamto nyadhuki dagangan rinjing, tampah, tumbu lan kukusan. "Iki barang kulakan! Nganggo dhuwit! Kok dienggo bal-balan!" Bakule muntab, Kamto dikabruk rinjing pas kena raine. Mengkono njalari Kamto peteng pandelenge, ketotoran nganti nerak dhawet dagangane mbah Dilah. Dhawet sapengaron nggoling, juruh salodhong katut kutah. Mangkok-mangkoke pating klenthing tatapan. mBah Dilah njerit," Oalah Gustiiiii...! Kok dha siya-siya nyang wong cilik ta yaaaaa?! Dha gak slamet uripmu!" "Pasotmu gak mandi, mBah! Bakul-bakul iki sing nyepelekna petugas. Wis dielikake ora direken!" semaute saweneh Satpol PP weruh Kamto glenthangan. Clanane Kamto teles kutahan dhawet. Atine mbah Dilah kaya dirajang, nangis kamisesegen, eluhe pijer diulapi nganggo pucuk slendhang. Tanem bakul gethuk wis ngethithir nyingkrih, parute ceblok ora dipaelu. So Kamin tukang patri ibut nglebok-nglebokake pirantine menyang njero pethi. Ana apel siji gumlethak ing cedhak pethine. Sawuse rampung ngringkesi pirantine, So Kamin nyelehake apel iku menyang dhasarane Sri buah sing mawut. "Gawanen kanggo anakmu, kang So," tembung Sri kekembeng mripate karo isih clilengan nggoleki dagangane sing ambyar. So Kamin gedheg. Senajan ing sateruse Sri ngulungake apel iku, ditambah salak rong iji, So Kamin emoh nampani." Apik dolen ae Sri. Kena kanggo nyuda karugenmu. Nanging aja kokedol maneh ing kene. Tengah kutha iki wis dudu papane wong cilik golek pangan. Wiwit sesuk aku arep midher kampungkampung," wangsulane So Kamin kang wis mikul pethi abot isi pirantine nyambut gawe. So Kamin weruh para petugas topengan lunga numpak kijang brundhul plat abang. Nanging So Kamin lan bakul-bakul sing digurak iku padha ora weruh yen atine para petugas iku sejatine perih dene kepeksa nindakake ayahan kasar. Mula sawuse tekan kantore, topeng-topeng dibuwang sebrung. Kamto nguncalake topenge menyang kranjang sampah karo kumecap," Sabenere, raine awake dhewe iki isih luwih apik katimbang topeng-topeng iki. Kepeksa nganggo, dipeksa dening kahanan." "Ya, aku ngerti tegese topeng sing kokkarepake. Ora mung kanggo nutup rasa rikuh marang tangga, nanging luwih saka iku," tumanggape Sahlan. 82  Sastri Basa /Kelas 12 "Yen mung disawang perkasus, pasar liar iku pancen kleru, perlu ditertibake. Nanging yen ditlusur, pasar liar iku ora bakal ana yen Bupati tegas, wani nulak konglomerat sing ngincer lokasi Pasar Rakyat kanggo adeg supermarket iku," semaute kanca liyane, nggepok tuk-sumbering kaluputan. Bupati rikuh, ora wani nulak awit konglomerat iku isih kulit daginge Pejabat Pusat. Bupati kepeksa samudana kaya kang ditulis wartawan ing korankoran. Ora ana wartawan sing wani nulis sing sabenere. Samudanane Bupati, Pasar Rakyat wis dianggep rupak saka ajuning jaman ,perlu dijembarake ing papan liya ngiras kanggo pelebaran tata kota, alasane. "Urip ing jaman sing semrawut iki, akeh prakara sing kwalik-kwalik. Wong arep ngatonake rupane dhewe sing apik, malah ora kebeneran jalaran ora cocog karo kejeming lingkungan sing nguwasani. Senajan cengkah karo batine, raine dhewe sing apik kepeksa dioret-oret. Ya ngene iki, kepeksa nganggo topeng sing ala, embuh kanggo kepentingane sapa," semambunge Sahlan. Kanca-kanca liyane ora ana sing nrambul gunem. Padha thenger-thenger kaya isih nggagas enggone mentas ngobrak-abrik bangsane dhewe. Ing sateruse lagi ana sing kumecap, grenang-greneng kaya menyang awake dhewe. Tembunge," Karuwan mungsuh Landa utawa Jepang. Utawa ing Timtim kana, mungsuh Fretilin. Yen menang kondhang, yen mati dadi pahlawan. Menang kok mungsuh wong-wong wadon, bakul gethuk, bakul dhawet." Tembung iku njalari Kamto unjal ambegan awit pancen ana rasa ngganjel ing atine, enggone ora sengaja nerak dhawete mbah Dilah, tanggane. Kamto malah ora ngerti yen dheweke ana ing sacedhake mbah Dilah, randha tuwa setengah wungkuk sing uripe kesrakat. Senajan ketutup topeng, ora kaweruhan rupane, nanging atine Kamto sawarna manungsa uga dadi kisruh. Ana karep kepengin nglironi karugene kanggo nyuthik rasa kang ora kepenak sing ngganjel ing atine. Nanging Kamto uga dadi gojag-gajeg awit kang mengkono iku ateges miyak wewadine dhewe. Ing mangka dheweke emoh yen enggone kejem ngobrak-abrik dadi pocapane tangga-teparo. Molak-maliking pikiran mengkono iku njalari Kamto klisikan enggone turu. Nganti esuke, tekan kantore, Kamto isih ewuh aya, durung mutusake. Endi sing dipilih? Kalane Kamto isih mikir-mikir prakara iku, dheweke diundang Pareres, diakon nyekel stir jalaran sopir kantore ora mlebu. Pareres kepengin weruh asile. Yen bakul-bakul isih muwel, langkah sabanjure, bakul-bakul arep digaruk, diangkut menyang kantor lan diwenehi pengarahan. Weruh wis ora ana bakul siji-sijia, Pareres ayem atine. "Mereka ke pasar baru juga, akhirnya," ujare Pareres tanpa mudhun saka mobil kang diendhegake Kamto ing tilase pasar trotoar. "Ya, mungkin saja ke sana, atau ke tempat lain yang lebih menjanjikan sesuap nasi. Atau bisa jadi masih nganggur di rumah, merenungi modalnya yang mawut," tembunge Kamto, wewayangane mbah Dilah kumlebat ing angen-angene. Sastri Basa /Kelas 12 83 "Itu salah mereka. Kita kan sudah mengingatkan baik-baik dan sudah kunyalakan lampu merah, peringatan terakhir. Kitalah yang susah, ditegur Bupati, dianggapnya kita tak mampu kerja." Pareres nyulet rokok. sawuse asep dikebulake, Pareres sumambung," Tugas kita sebagai penegak ketertiban makin banyak saja. Berhadapan langsung dengan masyarakat yang komplek. Menertibkan ini, menertibkan itu, belum menertibkan yang lain, dan yang lainnya lagi. Tukang becak pun liar, mbandel ditertibkan parkirnya." "Jika hanya menertibkan orang kecil saja, tak sulit, meski mereka mbandel pada mulanya. Orang kecil saja, dengan ditendang sudah pada takut dan mulai tertib. Ada satu hal yang paling sulit ditertibkan." "Apa?" "Untung bukan tugas Satpol PP." "Apa itu?" "Menertibkan moral untuk tidak menggusur kepentingan rakyat." Pareres sing rokokan isih terus rokokan, tanpa reaksi, kaya ora kepengin nanggapi rembuge Kamto. Saka waliking kaca mobil, Kamto nyawangi kios-kios tilasing Pasar Rakyat sing wiwit digempur dening kuli-kuli bangunan. *** Garapan 2: Mrodhuksi lan Nyiarake Sandhiwara Radhio Saiki wektune para siswa ngatonake sakabehe kawasisan lan kaprigelan mroduksi sandhiwara radhio kanthi bombong lan bungah. Para siswa kudu bisa saiyeg saeka kapti makarya bebarengan mroduksi sandhiwara radhio “Topeng” adhedhasar teks kang wis kagarap kanthi jlimet , titi, lan tutug. Prodhuksi sandhiwara radhio bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen sekabehe pawongan kang kasangkut ing sajrone proses prodhuksi bisa makarya bebarengan kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung Jawab. Proses prodhuksi sandhiwara radhio ngliwati telung tataran. Sepisan, tataran pra prodhuksi, yaiku golek lan ngumpulake gagasan, teks/naskah, lan paraga (sutradara, pemain, lan teknisi). Kaloro, tataran prodhuksi, yaiku proses rekaman nggarap sandhiwara radhio. Katelu, tataran pasca prodhuksi yaiku proses editing lan publishing. Dhalang/sutradara sandhiwara radhio kudu ngelingi, yen panyemak sandhiwara mung migunakake indra pangrungu (kuping/audio) kang nduweni sipat imajinatif (gampang/seneng khayalan) lan ora migunakake mripat kang nduweni sipat kritis/rasional kanggo nikmati ‘ngrasakake’ asil ciptane. Mula, prodhuksi sandhiwara radhio uga kudu kaarahake kanggo nggugah daya khayal panyemak. Supaya asil prodhuksi sandhiwara radhio bisa nduweni kuwalitas sing apik, babagan ing ngisor iki kudu oleh kawigaten kang mirunggan. (1) Teks/ Naskah Antawacana ing teks kudu cekak aos, terang, lan padhet. Sabisa-bisane kudu ninggalake/nginggati tembung sing ora umum (istilah asing), ukara kang kedawan lan mbulet supaya panyemak sandhiwara ora bingung lan cepet bosen. 84  Sastri Basa /Kelas 12 (2) (3) (4) (5) Paraga Jalaran mung kanggo dirungu, mula pamaraga/pemain kudu temen-temen nduweni swara kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani. Cacahing pamaraga/pemain paling akeh wong lima, awit yen pamaragane kakehan bakal mbingungake panyemak. Ilustrasi Musik Ilustrasi musik lan sound effect kudu trep karo kahanan kang dikarepake naskah, supaya bisa nguripake suwasana lan mbiyantu panyemak sajrone ngembangake imajinasi/daya khayale. Narator Narator kudu bisa migunakake ukara kang trep kanggo nggambarake suwasana kang dumadi, utamane tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa, lan liya-liyane). Proses editing Sawise rekaman rampung, teknisi kanthi titi lan titis dituntun sutradhara ndandani asil rekaman. Sajrone proses editing, teknisi bisa ngurangi, ngilangi, utawa ngimbuhi perangan-perangan kang kaanggep kurang trep. Saiyeg saeka kapti makarya bebarengan. Sumber foto: duniaradhio.blogspot.com Pakaryan kanggo siswa: Sawise sakabehe proses prodhuksi rampung, supaya asil ciptane utawa karyane para siswa bisa dirasakake dening masyarakat, para siswa kaajab bisa nggunggah sandhiwara radhio asil prodhuksine ing internet lumantar website sekolah utawa blog pribadi. Pasinaon 3: Pakaryan Mandhiri Nulis Pasulayan Sajrone Teks Sandhiwara Kanthi Aksara Jawa Makarya kanthi bebarengan pranyata bisa nuwuhake suwasana guyub rukun. Saiki kanggo nuwuh lan ngrembakakake jiwa mandhiri lan daya ciptane, ana ing Sastri Basa /Kelas 12 85 pasinaon 3 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan mandhiri. Para siswa kaajab kanthi mandhiri, tanpa ngarep-arep pitulungane liyan bisa nulis nganggo aksara latin lan aksara Jawa sing apik lan bener. Kawruh babagan tata tulis aksara Jawa wis disinaoni wiwit isih sekolah ing SD nganti saiki, wiwit aksara legena nganti aksara murda wis nate diwulangake Bapak/Ibu Guru. Mula saiki wektune kanggo njajagi jerone kawruh lan katrampilan nulis aksara Jawa mau. Sethithik minangka pepeling, yen salah siji gunane aksara murda yaiku kanggo nulis jeneng, tuladhane: (1) [jo[@owi[fo[fo (3) $ulTnH$nufin ¿ %][bo[wo$ubiy[nTo (2) (4) sun [n µo n=, lan para siswa uga kudu eling yen aksara murda ora oleh dipasangi, yen dipasangi bali dadi aksara biasa. Pakaryan kanggo para siswa: Para siswa kaajab kanthi titi lan tatas, bisa ngowahi (alih wahana) cuplikan teks pasulayan ing sandhiwara radhio saka teks aksara Latin dadi teks aksara Jawa ing ngisor iki. Asil pakaryanmu kakumpulake minangka tugas portofolio! Supaya bisa diwaca, tulesan kudu apik lan bener Sumber foto:andrianakawaiimoeta.blogspot.com Tulisen nganggo aksara Jawa! Andri Kusuma Andri Kusuma Andri 86  : Kula mboten saged nyimpen barang-barang ingkang dereng hak kula, Pak. : Hiya wis bisa, yen ora gelem nganggo rak bisa koktitipake menyang aku utawa ibumu. : Kadospundi anggen kula nitipaken, menawi bapak ibu tansah mboten wonten ndalem. Lan, kula kaliyan Mas Agung badhe murnekaken katresnan. : Apa katresnanmu ora murni saiki? : Awit, kula kaliyan Mas Agung menika namung dipunpanggihaken dening tiyang sepuh. Mila. Katresnan menika, kula kinten mboten saged dangu, Sastri Basa /Kelas 12 menawi kula kaliyan mas Agung piyambak mboten madosi katresnan ingkang murni. Sastri Basa /Kelas 12 87 GLADHEN WULANGAN IV I. Pilih wangsulan sing paling bener! 1. Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku.... a. gancaran ’prosa’, cerkak ’cerpen’, lan sandhiwara ’drama’ b. gancaran ’‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ c. tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ d. pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ e. babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ 2. Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake.... a. uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk. b. uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan c. uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung d. uripe manungsa lumantar kesenian tradhisional e. uripe manungsa lumantar sutradhara 3. Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang.... a. jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. b. pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. c. pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. d. basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. e. dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. 4. Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku.... a. psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane. b. social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan. c. social conflict lan psychological conflict. d. antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa. e. amarga rebutan warisan. 5. Sapa pawongan sing menang sajrone pasulayan, .... a. bakal terus melu mubeng cakra manggilingan. 88  Sastri Basa /Kelas 12 b. bakal manggon ing papan sing ngisor (mlarat, ina, utawa asor). c. bakal menang maneh ing pasulayan sabanjure. d. bakal ora bisa dikalahake ing pasulayan sabanjure. e. bakal manggon ing papan sing dhuwur (sugih, pangkat, utawa drajat). 6. Mula yen lagi pinuju ana ing papan sing dhuwur (menang pasulayan) kudu bisa ngedohi sipat .... a. suradira jayaningrat lebur dening pangastuti b. amemayu hayuning bawana c. sadumuk bathuk sanyari bumi d. adigang, adigung, lan adiguna e. rawe-rawe rantas malang-malang putung 7. Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake .... a. antawacana (dhialog) b. indra pangecap utawa pangrasa c. indra pangrungu (audhio) d. audhio visual elektronik e. perkakas kang canggih 8. Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani …. a. jejer (orientasi) b. pasulayan (komplikasi) c. pangudhare prakara (resolusi) d. pungkasaning crita (kodha) e. owahing crita (revolusi) 9. Umume, sandhiwara migunakake alur.... a. maju b. flash back c. campuran d. mundur e. wolak-walik 10. Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake.... a. kramagung b. pituduh akting c. pituduh pocapan d. pituduh bloking e. pituduh gladhen Sastri Basa /Kelas 12 89 11. Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula .... a. biasane migunakake basa baku b. basane kecampuran tembung ora baku c. basane trep karo unggah-ungguh basa d. ukarane dawa lan jangkep e. basane standar kaya basa Jogja-Solo 12. Maneka warna jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane, yaiku .... a. ngowahi gancaran dadi prosa b. ngowahi guneman dadi dhialog c. ngowahi guneman dadi antawacana d. ngowahi janturan dadi antawacana e. ngowahi antawacana dadi janturan 13. Prodhuksi sandhiwara radhio bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen …. a. sekabehe pawongan kasangkut ing proses prodhuksi kanthi linambaran rasa seneng. b. sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng. c. sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab. d. sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng. e. sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng. 14. Jalaran mung disemak kanthi dirungokake, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen-temen nduweni swara ... a. kang bisa kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak. b. kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani. c. kang bisa kaprungu kanthi jelas dening panyemak. d. kang bisa diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine. e. kang bisa kepenak dirungokake kaya swarane waranggana. 15. Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa), bisa dicritakakae dening .... a. sutradhara b. pamaraga c. penulis naskah d. narator e. edhitor 90  Sastri Basa /Kelas 12 II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Apa gunane nyemak sandhiwara radhio? 2. Apa kang kudu ditindakake dening manungsa nalika manggon ing papan ngisor ing cakra manggilingan? 3. Kepriye carane ngonversi teks gancaran dadi teks sandhiwara radhio? 4. Apa wae kang kudu ditindakake sadurunge proses prodhuksi sandhiwara radhio? 5. Bab apa kang kudu digatekake sutradara nalika milih lan netepake pamaraga/pemain ing sandhiwara radhio? Jlentrehna! Sastri Basa /Kelas 12 91 WULANGAN 5 KRIDHANING BUDAYA Kompetensi Dasar dan Indikator: 3.5 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis seni pertunjukan. 3.5.1 Menjelaskan asal-usul seni pertunjukkan. 3.5.2 Menjelaskan struktur seni pertunjukkan. 3.5.3 Menjelaskan pesan moral dalam seni pertunjukkan. 4.4 Menyajikan seni pertunjukan (musikalisasi puisi, dramatisasi karya sastra, si’ir, lawak, musik dan lagu, dongeng). 4.4.1 Melakukan penataan pentas seni pertunjukkan. 4.4.2 Mengelola pementaskan seni pertunjukkan. 4.4.3 Mementaskan seni pertunjukan tradisional. 4.4.4 Menanggapi pementasan seni pertunjukan tradisional. 4.5.5 Mengunggah pementasan seni pertunjukkan ke internet. Sawise sinau wulangan 5 iki, para siswa kaajab bisa: ngarani jinis-jinise tontonan, njlentrehake titikan (ciri-ciri) tontonan, ngandharake struktur tontonan, lan ngandharake pesen moral sajrone tontonan. Sabanjure, para siswa uga kaajab bisa: nata pentas tontonan, ngatur pentas tontonan, nggelar pentas tontonan, nanggapi pagelaran tontonan lan ngunggah pagelaran tontonan ing internet. Saliyane iku, para siswa uga bisa migunakake tuladha tumindak spiritual lan sosial sing ana ing wulangan iki minangka kacabenggala (cermin) ing satengahe masyarakat. Mbabar Wawasan Bebrayan Jawa wiwit biyen wis kondhang minangka bebrayan sing gedhe, sugih, lan anduweni kabudayan kang adiluhung. Buktine akeh warisan utawa tinggalan kang sumebar saindhenging pulo Jawa kang awujud: sastra, wewangunan (candhi, kraton), beksan, gamelan, tontonan, lan liya-liyane. Kaya kacetha ing gambar-gambar ing kaca sabanjure, maneka warna tontonan kang migunakake basa Jawa minangka sumber lan babon olah-kridhane, wiwit wayang, kethoprak, ludruk, kentrung, sandhur, lan liya-liyane sumebar angrenggani adicara miturut dhaerahe dhewe-dhewe. 92  Sastri Basa /Kelas 12 Gatekna gambar-gambar iki! Kabudayan Jawa sugih maneka warna tontonan. (Sumber Foto: Maneka warna laman ing internet) Sawise nggatekake gambar lan maca andharan ing ndhuwur banjur tuwuh pitakonan kang kudu dijawab, yaiku: 1) Tontonan ing gambar ing ndhuwur tuwuh lan ngrembaka ing tlatah utawa dhaerah endi? 2) Tontonan apa sing paling akeh disenengi uwong? 3) Tontonan-tontonan iku pantese kagelar ing adicara apa? 4) Kepriye asal-usule utawa bibit kawite muncul tontonan-tontonan mau? 5) Kepriye tata carane nglestarekake tontonan-tontonan mau? Sajrone Wulangan 5 iki para siswa bakal sinau babagan tontonan kang migunakake basa Jawa minangka sumber lan babon olah kridhane. Ing subtema 1 para siswa bakal sinau bab tontonan ludruk, ing subtema 2 para siswa bakal sinau bab tontonan kethoprak, lan ing subtema 3 para siswa bakal sinau nggelar tontonan sandhiwara tradhisional. Sastri Basa /Kelas 12 93 SANDHIWARA TRADHISIONAL A. Tontonan Ludruk 1. Asal Usul Ludruk. Ludruk mujudake kesenian khas Jawa Timur, sawijining teater rakyat kang ngrembaka saka kesenian dalanan utawa mbarang (ngamen). Cikal bakal ludruk yaiku kesenian lerok. Nalika tahun 1907, Pak Santik, Pak Pono, lan Pak Amir, mbarang ngamen saka desa-ngadesa ing tlatah Jombang, kanthi nembang lan diiringi tetabuhan kang prasaja. Pak Pono, paes saemper wong wadon, wedhakan mbelog-mbelog lan pasuryane dioret-oret supaya katon lucu. Mula penonton banjur ngarani ”wong lorek”. Tembung wong Besut versi 2010 lorek wusanane owah dadi ”lerok”. Sumber foto: riskycandraa.blogspot. Sawise lerok muncul besutan, kang dipandhegani dening Bapak Suma. Pagelaran besutan diwiwiti kanthi tokoh Besut kang nganggo jubah putih lan kethu/peci abang khas Arab, ngunandika (monolog) lan nembang, banjur nimbali pamane kang asmane Jamino. Pawongan sakloron banjur nembang kanthi saut-sautan lan guneman (antawacana/dhialog) kang isine penerangan, panyaruwe (kritik), lan hiburan. Besut nduweni garwa, asmane Rusmini (diparagani wong lanang kang macak/paes wadon). Awit owah gingsiring zaman, besutan mekar dadi ludruk bandhan lan pungkasane digelar ing panggung kanthi sebutan sandhiwara ludruk kang nduweni pakem (paugeran/ tata aturan) kaya saiki. 2. Struktur Tontonan Ludruk Miturut pakeme (struktur baku), tontonan ludruk kabukak kanthi tari remo. Ujaring kandha, amarga sajrone nglakoni kuwajibane, sirahe penari remo tansah gela-gelo lan sikile tansah gedrak-gedruk, mula tononan iki kasebut ludruk (cekakan saking gela-gelo lan gedrak-gedruk). Tari remo nggambarake siagane para pahlawan kang lagi nglawan para penjajah. Sabubare tari remo, banjur kasusul bedhayan. Yaiku sajian tembang-tembang kang diaturake dening para travesty (wong lanang kang dipaesi wadon) minangka atur pambagya. Sajian katelu arupa dhagelan, yaiku adegan lawak kang diwiwiti kanthi nembangake parikan kang kaprah kasebut kidungan jula-juli. Sejarahe ludruk ora bisa diuwalake saka sejarah perjuangane bangsa Indonesia. Awit rikala zaman kolonial Walanda lan Jepang (Nipon), ludruk dadi medhia penyalur kritik sosial (sarana propagandha nglawan penjajah). Buktine salah sawijining tokoh ludruk 94  Sastri Basa /Kelas 12 yaiku Cak Durasim, mati ditembak dening Jepang (Nipon), awit saka kidungane “Pagupon omahe dara, melok Nipon tambah sengsara”. Mula, kanggo ngelingi lelabuhane, asma Cak Durasim katetepake minangka jenenge gedhung kesenian ing Surabaya. Dene intine crita mujudake sajian kang kaping papat (sajian pungkasan). Crita ludruk akeh-akehe nggambarake kahanane kawula cilik (masyarakat sentries). Crita ludruk kang kaloka, yaiku: Brandhal Lokajaya, Sogol Pendekar Sumur Gemuling, Sarip Tambakyasa, Jaka Sambang, Sakerah, lan liyaliyane. Luwih cethane, struktur tontonan ludruk kagambarake ing ngisor iki! Tari remo dadi icon Jawa Timur Sumber Foto: ayukitamenari.blogspot. STRUKTUR TONTONAN LUDRUK TARI REMO BEDHAYAN DHAGELAN CRITA INTI B. Tontonan Kethoprak 1. Asal Usul Kethoprak Sawise panen, para among tani ing karang padesan kang kepengin suka parisuka lan gegojegan ing wayah padhang bulan anggone nutu pari (menumbuk padi) digawe wirama. Ketemune alu (alat penumbuk padi) mungsuh lesung (tempat/wadah menumbuk padi) nuwuhake irama kang kepenak dirungokake. Suwe-suwe, ditambahi kendhang lan suling kang nambahi endahe swara. Banjur ditambahi beksan lan crita kanggo ngetokake Para mudha kang bakal ngrembakakake kethoprak. Sumber foto : penyanggabudaya.blogspot.com Sastri Basa /Kelas 12 95 uneg-uneg lan pangrasa. Kethoprak wiwit kagelar kanthi jangkep minangka tontonan kang ditanggap (profesional) wiwit tahun 1909. Nalika semana diwiwiti dening sanggar kethoprak Wreksatama pimpinan Ki Wisangkara, kanthi sakabehe paragane wong lanang. Crita kang kagelar, yaiku: Warsa-warsi, Kendana-kendini, Darma-darmi, lan liya-liyane. Sawise iku, pagelaran kethoprak tansaya ngrembaka, apik, lan dadi klangenane bebrayan Jawa. Wong Jawa kang nduweni kajat mantu utawa nyunatake putrane durung rumangsa marem menawa durung nanggap kethoprak. Kethoprak tobong, yaiku kethoprak sing manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan bisa diprangguli ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Timur. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran lumantar karcis/tiket. Tumrap para pamaraga (pemain) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi pegawean tetep. Teknik pagelaran digawe luwih apik lan disengkuyung kanthi tata rias, tata panggung, lan sound system kang modern. Critane uga luwih maneka warna kapethik saka crita rakyat, dongeng, babad, legendha, sejarah, lan adhaptasi saka nagara manca (tuladhanipun karya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay). Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku: para pamaraga/pemain kudu bisa nembang, jalaran meh sakabehe suwasana ana tembange. Sedhih, seneng, sengsem, srengen sekabehane kalairake kanthi nembang. Mlebu-metune para pamaraga diiringi gamelan lan ditintingi (komandho) nganggo swarane keprak, kang dithuthuk sutradara. Miturut etimologi, saka swarane kethuk lan keprak, mula tontonan iki diarani kethoprak. 2. Struktur Tontonan Kethoprak Pagelaran tontonan kethoprak kawiwiti kanthi gendhing lan lelagon pangayubagya, dening para wiyaga (penabuh gamelan) dan sindhen (penyanyi). Sabanjure, isih kanthi kairingi gendhing, pambiwara maca cengkorongan crita lan nepungake para pamaraga kang arep nyuguhake tontonan. Kasusul beksan gamyong, yaiku beksan kang katujokake kanggo mangayubagya (nyambut) para penonton. Pasugatan kang nomer loro, yaiku intine crita. Umume crita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka: 1) Jejer, yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, suwasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure. Adegan jejer, biasane mapan ing pendhapa kraton utawa kadhipaten. 2) Pasulayan, yaiku dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh/ paraga. Adegan pasulayan, bisaane mapan ing taman sari, kasatriyan, padhepokan, utawa karang padesan. 3) Dhagelan, yaiku selingan guyonan, jejogedan, lan tetembangan sing ditindakake para emban lan abdi kanggo nglipur bendarane kang nandhang prakara. 4) Perang, yaiku puncake pasulayan antarane tokoh protagonis lan antagonis. Adegan perang biasane mapan ing alun-alun utawa pinggir kali utawa alas. 96  Sastri Basa /Kelas 12 5) Wasana, yaiku pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah. Biasane tokoh protagonis (watak becik) menang, lan tokoh antagonis (watak jahat) kalah. Penari gambyong ngaturake sugeng rawuh marang para pamiarsa Sumber foto: gudangtari.blogspot.com Luwih cethane, struktur tontonan kethoprak kagambarake ing ngisor iki! Pasinaon 1 : Model Teks Pinilih Teks Sandhiwara Ludruk Sajrone pasinaon iki para siswa bakal kaajak tepungan lan mahami teks sandhiwara ludruk. Kanggo mahami teks sandhiwara ludruk iku, para siswa bakal nggarap maneka warna ayahan. Garapan 1 magepokan karo maca teks sandhiwara Sastri Basa /Kelas 12 97 ludruk, garapan 2 gegandhengan karo ngonceki panganggone basa sakjerone teks sandhiwara ludruk. Garapan 1: Maca lan Mangsuli Pitakonan Teks Sandhiwara Ludruk Sajrone garapan 1, para siswa bakal sinau babagan teks sandhiwara ludruk. Kanggo sarana sinau, para siswa kaajak mbedhah teks sandhiwara ludruk kanthi irahirahan “Pohon Keramat”. Para pemain ludruk profesional, bisaane tampil tanpa naskah. Tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan. Kurang luwih sakjam sadurunge tampil, sutradara ngumpulake para pamaraga sing ana, banjur njlentrehake cerita sing arep ditampilake. Sabanjure, sutradhara netepake casting (milih pamaraga/aktor/aktris) lan menehi andharan bab acting lan antawacana sing kudu dimainake pamaraga kasebut. Beda maneh yen ludruk amatir (kasebut amatir, jalaran para pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan), amarga bisaane pendhukunge ludruk durung kulina main, mula anggone tampil isih perlu katuntun naskah minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk. Salah siji tuladhane yaiku ludruk Marsudi Laras ing Surabaya, ludruk kang anggotane para pelajar, mahasiswa lan intelektual mudha iki sanajan asipat amatir lan katuntun naskah, ananging anggone tampil ora kalah apik karo ludruk profesional. Apamaneh, ludruk amatir bisaane malah kasengkuyung dening tata pentas sandhiwara modern. Saiki para siswa kaajak tetepungan karo salah siji naskah sandhiwara ludruk kanthi irah-irahan “Pohon Keramat” ing ngisor iki. Wacanen kanthi setiti! “POHON KRAMAT” (Kaanggit Dening : Agung Kasas) INTRODUKSI SWARANE TEMBOK RUNTUH KENA GUSURAN PATING GEMLEGAR. PARA DHEMIT MLAYU BENGOK-BENGOK NJALUK TULUNG. IBU WALIKOTA NIMBALI ASISTENNE KANGGO MRIKSA ASIL PAKARYANE BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN 98  : Toya... toya... : Inggih bu... : Yo’ apa, apa omah-omah sing ngganggu proyek pemerintah iku, wis kon beresi kabeh? : Sampun beres sedaya bu. Teng dhaerah Wiyung empun kula sukani arta ganti rugi. Dhagelan ludruk Marsudi Laras. Parikan jula-juline up to date. Sastri BasaSumber /Kelas 12 foto: marsudilaras.com BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN : Bagus! :Teng dhaerah Banyurip empun kula gusur sedaya. : Bagus! : Malahan teng jalan Jimerto empun kula ratakna kalih lemah. : Dalan Jimerto? : Inggih bu! : Apane masjid Muhajirin? : Sebelahe bu! : Iku kantorku goblok! : Maksud kula niku bu, sing kula ratakna niku embonge. Kan aspale mpun kathah sing ngglodhogi bu. : Pokoke, aku gak gelem onok sing menghambat program kerjaku. : Tapi nyuwun ngapunten bu, niki wonten masalah kedhik. : Masalahne apa? : Masalah pembebasan lahan engge pembangunan Fly Over teng jalan Diponegoro bu, niku kan tanahe PJKA bu. : Kan bisa dinegosiasi. : Saran kula, luwih apike proyek iku dilereni bu, dari pada ibu entuk protes keras saka Wakil Rakyat koyok wulan wingi bu! Ibu bisa didhukna teka jabatan. : Sing protes kan Wakil Rakyat, sing mudhun ya Wakil Walikota. Hla lek sing protes rakyate dhewe, baru walikotane sing mudhun. : Tapi bu, rakyat ya akeh sing nuntut proyek iku ndang dilereni. Rakyat berbondhong-bondhong kanggo ndhemo Bu Wali, onok sing nggawa spandhuk, onok sing ngobong ban bekas, lan kabeh padha orasi ... : yo’ apa orasine? : Yang kanan siap.. Yang kiri siap.... Mau digoyang? : Masih bersama Palapa... Semangka.. koen iku ngawur ae, kate dhemo ta nonton orkes! Masalahe iku apa, kok sampek rakyat padha dhemo kabeh? Kita kan tidak menggusur rumah mereka? : Inggih bu, tapi teng mrika enten taman sing katene kenek gusur. Hla teng taman niku wonten witwitan sing dikeramatna dening pendhudhuk utawi warga mriku. Warga mboten purun, lek sampek pohon keramat niku kenging gusur. : Ohhhhh.. dadi masalahe iku pohon keramat? Terus solusine yo’ apa? : Tenang saja bu, jangan kuatir. Wara-wara : Sastri Basa /Kelas 12 Ludruk ora bakal ambruk ! 99 Sumber foto: marsudilaras.com BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN Toya asisten yang smart dan seksi ini, sudah punya solusinya. : Yo’ apa solusine? : Lek warga mboten purun pohon keramat niku digusur, yo’ apa kalo pohon itu kita pindah di tempat yang lebih aman dan layak. : Kira-kira nok endi? : Kados pundi, menawi teng ruang tamune bu wali? Kan bisa dibuat hiasan bu. Gimana...? Brilliant kan...? Brilliant kan...? BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI ASISTEN BU WALI : Brillian bathukmu iku.. lek wite cilik ga’ papa, lha lek wite gedhe. Koen pikir omahku iku kebon bibit ta....!! Ngawur ae, nekek tanduran iku ojok sembarangan! Harus mencari tempat yang sesuai kondisi tanaman.. : Kinten-kinten diseleh pundi bu? : Yo’ apa lek ditaruh nang kulkase Bu Wali, cek seger... : Padhane gubis ae bu. : Wis pokoke aku gak ngurus, isa gak isa proyek iku kudu dilanjutno. Lek perlu pohon keramat iku kudu ditebang! : Tapi bu pohon keramat iku angker bu akeh penunggue! : Toya.. Toya.. iki ngono taun 2015, koen jek percaya ae karo sing koyok ngono. Iku ngono tahayul. Awake dhewe iki kan masyarakat modern, masyarakat intelektual, dadi awake dhewe gak perlu percaya karo sing ngono. (WEKTU BU WALI LAGI NGENDIKAN, SAKA MBURI PARA DHEMIT NYULIK ASISTEN. MULA BU WALI BINGUNG NDOLEKI ASISTEN SING UJUG-UJUG ILANG) BU WALI : Toya.... toya... toya..!! BLACK OUT. PARA DHEMIT GRUDUGAN NUJU OMAHNE BOS DHEMIT, KANGGO NGLAPURNA TINGKAHE MENUNGSA SING WIS BRUTAL NGANCURNA OMAHNE. SUSTER KERAMAS SING KARI DITINGGAL ROMBONGAN LANGSUNG MORING-MORING. S.KERAMAS : (Teknik muncul - muncul mencuri fokus) Adhuuuhh.... adhuuuuhhh... adhuuuhhh... Aku kok ditinggal sehhh... KABEH DHEMIT : Lho koen iku sapa? S.KERAMAS : Yo’ apa seh, kok lali karo aku. Aku iki Suster Keramas. DHEMIT 1 : Oh dadi awakmu iku Suster Keramas... Pantesan nok endi-endi nggawa shower (karo nggoceki lambe). S.KERAMAS : Husss... husss.. ngawur ae.. iki ngono duduk shower! KABEH DHEMIT : Lha apa lho? S.KERAMAS : Wastafel! DHEMIT 2 : Lho koen iki ya setan ta..? S.KERAMAS : Lho yo’ apa seh, wajahku jek kurang sangar ta? DHEMIT 3 : Ya gak ngonone, umume iku setan iku pakaiane koyok awake dhewe ngene lapo pakaianmu koyok ngono iku? S.KERAMAS : Ya justru koen iku sing keliru, lapo setan pakaian ireng-ireng iku padhane murid’e Harwi ae... lek koen pengin pakaian ireng-ireng nango SMK 9 jurusan teater. Satu-satunya sekolah seni pertunjukan di Jawa Timur. Hidup SMK 9...!! KABEH DHEMIT : Hiduupp...!!!! 100  Sastri Basa /Kelas 12 S.KERAMAS : KABEH DHEMIT : S.KERAMAS : DHEMIT 4 : Hidup SMK 9.... Hiduuupp...!!! Apakah SMK 9 masih hidup? Heee... heeee ngawur ae, awake dhewe iki pentas ludruk remaja duduk makili SMK 9, lha lapo koen promosi SMK 9 iku! DHEMIT 5 : Wiss... wiisss.. ayo’ saiki awake dhewe laporan nok bos, sebab kelakuane jalma manungsa tambah suwe tambah brutal. DHEMIT 1 : Iya bener, lek perlu awake dhewe kudu dhemo. DHEMIT 2 : Engkok lek aku dhemo, aku bengok-bengok karo mbakar ban bekas. DHEMIT 3 : Aku ya iya, aku bengok-bengok karo mbakar mobil. S.KERAMAS : Aku ya gak gelem kalah, aku maju nang ngarep dhewe, bengokbengok karo mbakar! KABEH DHEMIT : Mbakar apa? S.KERAMAS : Mbakar nafsu! Ahhhh... ahhhh... ahhhh DHEMIT 1 : Wis.. ayo, bos ndang diceluk, ojok kesuwen engkok lek kesuwen tingkah polahne manungsa tambah beringas. DHEMIT 2 : Iya lek bos gak ngreken, awake dhewe kudu langsung ambil tindakan KABEH DHEMIT : Setuju!! S.KERAMAS : Hee hee.. engkok dhisik.. KABEH DHEMIT : Lapo..? S.KERAMAS : Bertindak ya bertindak tapi ojok sampek anarkis. Lek sampek awake dhewe anarkis, wong sing gak salah isok dadi korban. DHEMIT 3 : Lha terus karepmu yo’ apa? S.KERAMAS : Contohen Cak Durasim iku lho, Cak Durasim iku menentang pemerintahan Jepang lewat kidungan. Dadi gak perlu anarkis. DHEMIT 4 : Terus kira-kira sapa sing isok ngidung? S.KERAMAS : Lek atase ngidung ae, aku lak ya isok. DHEMIT 5 : Ya wis, lek ngono ndang ngidunga! (S. KERAMAS NGIDUNG DIIRINGI PARA DHEMIT KARO NJOGET) S. KERAMAS : Bondowoso kidule kutha Malang, pabrik sepatu Magetan panggonane. Kowe menungso ojok sewenang-wenang, Lek dhemit bersatu gak bisa dikalahne. Lamongan kutha soto lan perikanan Pabrik kasur sing terkenal ndhok Krian Pembangunan pancen tuntutan zaman Tapi ojok nggusur tanpa ganti kerugian DHEMIT : Wisss... wisss... mandheg.. mandheg.. lek Cak Durasim ngidung gak papa swarane enak, lha wong swaramu koyok knalpot bedhelan ngono kok ngidung. (UJUG-UJUG BOS DHEMIT SURYA TEKA LANGSUNG DHEHEM) Sastri Basa /Kelas 12 101 SURYA DEHMIT 2 : Ehheemmm... ehemmm...!!!! Ludruk in action : Ssssstttt... hee.. hee.. iku lho Sumber foto: marsudilaras.com bos wis teka... SURYA : Ehhheemmm... eheeemm..!! (luwih seru) S.KERAMAS : Oalllahh.. Bos Dhemit iku iki ta? DHEMIT 3 : Iya.. apa’a? S.KERAMAS : Kok, koyok kucing mengi ngene! DHEMIT 4 : Kepadha bos Dhemit memberi salam! KABEH DHEMIT : Huuu... huu.. huu.. hu.. SURYA : Salam dhemit. onok apa iki, kok kabeh padha ngelumbruk nok kene. S.KERAMAS : Kok ngelumbruk seh bos.. bos.. Ngelumpuk! SURYA : Hee..! Bekecot..! Lek bos ngomong salah, harap dimaklumi! S.KERAMAS : Lha lek aku sing salah bos? SURYA : Inallilahi..!! DHEMIT 5 : Ngene lho bos, tingkah polahe jalma manungsa saiki wis gak isa di jarna. DHEMIT 1 : Jalma manungsa wis ngerusak keseimbangan alam bos. DHEMIT 2 : Iya bos, omahku dirusak bos! DHEMIT 3 : Omahku ya dirusak bos! DHEMIT 4 : Omahku ya dirusak bos! S.KERAMAS : Aku ya iya bos...! SURYA : Lek koen aku wis eroh. Pasti utekmu sing dirusak! S.KERAMAS : Hee.. heee bos..! Utekku iki gak mungkin rusak bos! SURYA : Lho kok isok? S.KERAMAS : Lha wong aku gak duwe utek! DHEMIT 1 : Lha terus iki isine apa? (nuding sirahe s. Keramas) S.KERAMAS : (MORING) Telek Wedhus !!! Puasss... puasss...!!! SURYA : Lha terus karepmu kabeh apa? DHEMIT 2 : Awake dhewe kudu perang karo jalma manungsa..! DHEMIT 3 : Bener bos, awake dhewe kudu melakukan operasi bersenjata! S.KERAMAS : Lek perlu bos, awake dhewe kudu berjuang sampek titik habis SURYA S.KERAMAS SURYA S.KERAMAS SURYA S.KERAMAS SURYA S.KERAMAS SURYA S.KERAMAS DHEMIT 1 SURYA : : : : : : : : : : : pendarahan! Heeee...!!!! Titik Darah Penghabisan...!! Lha iya bos... lek dharahe habis iku jenenge pendarahan. Koen iku salah methentheng... Lho... sapa sing meteng iku...!!! Mbohhh... mbohhh.... repot ngomong karo Kamto iki! Hee...!! hee...!! Kok Kamto seh bos? Lha jenengmu sapa lho? Yesssi... Yess... Yess.. Yesssiiii Iku lak lekk bengi... lek sore..? Desi bosss... Boss... gawat.. gawat bos.. ndelok ambune ketokane bakal onok jalma manungsa sing mara mrene bos. : Ojok kuatir, minggira kabeh tak ataasane..!! (BU WALI KARO SESEPUH DESA TEKA NGGAWA SESAJI) 102  Sastri Basa /Kelas 12 BU WALI MBAH DHEMIT 1 SURYA DHEMIT 2 SURYA S.KERAMAS SURYA S.KERAMAS SURYA : Cepetan mbah, aku yakin asistenku pasti diculik karo jin penunggu pohon keramat iki mbah. : Mangke riyin, mbah tak semedi dhisik! : Bos, Jalma manungsa nggawa sajen bos, pesta bos! : Ojok kuatir koen kabeh bakal tak bageni. : Lek seumpamane nggawa pitik bos? : Bagianku brutune, dhadha, pupu, karo ndhase, dumen wong lima. : Lha bagianku bos? : Koen tak bageni, ulune! : Lek ngeke’i ulu tulung sakarung bos! : Lho digawe apa? S.KERAMAS : Tak gawe sulak! Basa ing ludruk: Lugas cerdas. SURYA : Gawe apa sulak? Sumber foto: marsudilaras.com S.KERAMAS : Gawe nyulaki raimu! DHEMIT 3 : Bos diceluk bos... (SURYA NYEDHAKI MBAH) MBAH : Heee... penunggu pohon keramat.. teka’a mrene... teka’a... SURYA : Heee... Mbah dhukun... mripatmu kera ta...? Aku nok ngarepmu goblog! MBAH : Jin penunggu pohon keramat, aku njaluk tulung barek awakmu, pindhaha teka kene. Sebab nok kene iki katene dibangun jembatan layang, terus tulung balekna asistene bu wali sing mbok culik. SURYA : Aku isok nuruti karepmu, tapi kabeh iku mau onok syarate. MBAH : (Ngomong nang bu wali) Bu, poro dhemit purun nuruti karepe awake dhewe tapi wonten syarate. BU WALI : Ngomongo mbah, kabeh syarate bakal tak turuti! MBAH : (ngomong nang Surya) Kabeh syaratmu bakal tak turuti. SURYA : Sing nomer siji, aku njaluk golekna ganti omahku karo omahe anak buahku! MBAH : Ohhh... iku gampang..! Yo’ apa lek omahmu tak pindah nok sebelahe gedung DPRD? SURYA : Emooooohhh... nok kono wis akeh dhemite.. MBAH : Ya’ apa lek tak pindah nok Dolly? SURYA : Emooooohhh... nok kono malah Dhemit kabeh.. MBAH : Terus awakmu njaluk dipindah nok endi..? SURYA : Tunjungan Plaza, ben isok shoping.. MBAH : Terus syarate opo maneh? SURYA : Aku njaluk ditanggapna Ludruk. Sebab Bu Wali wis suwe gak nanggap Ludruk. MBAH : Ojok kuatir engkok tak tanggapno Cak Momon, Cak Hengky, karo Cak Kukuh.. SURYA : Emoooooohhh... wong telu iku wis tuwek, wayahe pensiun. Aku njaluk ditanggapna ludruke arek nom-noman. MBAH : Bu poro dhemit njaluk ditanggapno ludruke arek nom-noman. Sastri Basa /Kelas 12 103 BU WALI : Ya wis, lek ngono mapan kebeneran. Ayo saiki budhal nang taman budaya. Sebab dina iki onok pentas Ludruk remaja sing ngadhakna Dinas Kebudayaan dan Pariwisata kota Surabaya. TAMAT saka http://www.ludruk-marsudilaras.com, kanthi owah-owahan (Kaundhuh saperlune) Kanggo njajagi jerone pangertenmu ing babagan isining teks sandhiwara ludruk kanthi irah-irahan ”Pohon Keramat” ing ndhuwur, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi jangkep lan bener! 1) Sapa wae tokoh ing teks sandhiwara ludruk kanthi irah-irahan ”Pohon Keramat”? 2) Crita kasebut dumadi ing ngendi? 3) Apa prakara kang muncul ing teks sandhiwara ludruk kasebut? 4) Kepriye urutan kedadeane crita? 5) Apa kang dirasakake dening para tokoh ing teks sandhiwara kasebut? 6) Tulisen bakune rembug utawa idhe pokok kang dadi punjering crita! 7) Tulis perangan teks kang mujudake pambukaning crita! 8) Tuduhake perangan teks kang mujudake intine crita, yaiku perangan kang nggambarake dumadine konflik utawa pasulayan! 9) Pasulayan ing crita kasebut karampungi kanthi cara kepriye? 10) Pesen utawa wejangan apa kang pengin diandharake dening panulis naskah? Garapan 2: Ngonceki Titikane Basa lan Sastra ing Teks Sandhiwara Ludruk Minangka teater rakyat, sandhiwara ludruk mekar lan ngrembaka bebarengan karo kahanane masyarakat pendhukunge. Mula, basa lan sastra sajrone sandhiwara ludruk salaras karo masyarakat Jawa Timur utamane Surabaya, Malang, Pasuruan, Mojokerto, Jombang, Gresik, lan Sidoarjo minangka papan tuwuh lan ngrembakane ludruk. Minangka teater rakyat, sandhiwara ludruk mekar lan ngrembaka bebarengan karo kahanane masyarakat pendhukunge. Mula, basa lan sastra sajrone sandhiwara ludruk salaras karo masyarakat Jawa Timur utamane Surabaya, Malang, Pasuruan, Sarip Tambak Oso. Pahlawan Rakyat. Mojokerto, Jombang, Gresik, lan Sidoarjo Sumber foto: http://joss.today minangka papan tuwuh lan ngrembakane ludruk. Titikane basa lan sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa Timur kang nduweni sipat: 1) egaliter ‘padha/saderajat’, mula saka iku crita ludruk sumbere saka masyarakat biasa kang nduweni drajat kang padha (masyarakat sentris), 2) migunakake dhialek basa Jawa Timuran (arekan), 3) seneng guyonan lan lelagon, 104  Sastri Basa /Kelas 12 mula ing ludruk mesthi ana kidungan jula-juli/ parikan, lan 4) tinarbuka lan apa anane (ceplas-ceplos), mula guneman ing ludruk dadi spontan lan prasaja. Pakaryan kang kudu diayahi: Supaya bisa nemokake lan nganalisis titikane sandhiwara ludruk ganepana tabel ing ngisor iki! No. Titikane Basa lan Tuladha Kutipan Teks Sastra 1 Critane asipat masyarakat sentris ................................ ................................ ............................... ................................ 2 3 4 Migunakake Basa Jawa dhialek arekan Ana kidungan/parikan Basane spontan lan prasaja basa lan sastra ing teks Analisis ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ ............................... ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ ............................... ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ ............................... ................................ ................................ ................................ ................................ ................................ Garapan 3 : Maca lan Maragakake Teks Sandhiwara Kethoprak Para siswa ing garapan 3 bakal kaajak tepungan lan mahami teks sandhiwara kethoprak. Kanggo mahami teks sandhiwara kethoprak iku, para siswa bakal nggarap maneka warna ayahan, kaya ta maca lan maragakake teks sandhiwara kethoprak, lan ngonceki panganggone basa sakjrone teks sandhiwara kethoprak. Teks Sandhiwara kethoprak kanthi irah-irahan ”Harya Penangsang Mbalela” ing ngisor iki wacanen sing setiti! “HARYA PENANGSANG MBALELA” (Kaanggit Dening: Auliya Akbar) Sastri Basa /Kelas 12 105 Paraga: 1) Adhipati Harya PenangSang, 2) Prameswari, 3) Putri Ayu, 4) Patih Mentaun, 5) Pangeran Timur, 6) Soreng Rono, 7) Soreng Rangkut, 8) Sunan Kudus Kawontenan: Ing pasewakan agung Kadipaten Jipang, Adhipati Harya PenangSang kasandhing garwa prameswari lan putrinipun nampi sowanipun para nayaka praja (Patih Mentaun, Pangeran Timur, lan para prajurit sarta emban) BABAK I Antawacana: Harya P P. Mentaun Harya P P. Mentaun Harya P : : : : : Paman Patih Mentaun! (mendel mawon, ngantuk) Paman Patih Mentaun! (duka) Wonten dhawuh katimbalan kanjeng adipati (cekoh, gurawalan) Kepriye kahananmu Paman? Harya Penangsang: ”Aku Mung Nagih Waris” Sumber foto: astroboyz.wordpress.com P. Mentaun Prameswari P. Timur : Awit berkah pangestu panjenengan, anggen kula sowan tansah pinaringan karaharjan, mboten kantun sembah pangabekti kula konjuk, Gusti! (nyembah) : Ya, daktampa, ora liwat puja pangestuku tampanana Paman. : Sanget anggen kula mundhi Gusti! : Semanten ugi kula kakangmas adipati, kula ugi ngaturaken sembah Pangabekti mugi konjuk, Kangmas. (nyembah) : ya … ya … atur pangabektimu sun tampa, ara liwat puja pangestuku tampanana, lan diprayogakake anggonmu lungguh, prameswari! : Ngestokaken dhawuh Kangmas. : Mboten kantun, kula ugi ngaturaken sembah pangabekt, Kangmas. Harya P : Dak tampa pangabektimu, banjur kepriye pakaryanmu? Harya P P. Mentaun Prameswari Harya P (nyembah) 106  Sastri Basa /Kelas 12 P. Timur Harya P Putri Ayu Harya P Prameswari Harya P P. Mentaun Harya P P. Timur Harya P : Awit ndherek pitedah Panjenengan, mila pakaryan kula lumampah kanthi sae. Para soreng, para prajurit sampun kula gladhi olah kanuragan. Pusaka lan sedaya ubarampening perang sampun cumawis. Menawi sawanci-wanci Panjenengan ngersakaken sedaya sampun sumadya. : Pancen yen dak pirsani, sakabehing para nayaka praja ora ana sing nglirwakake jejibahanne, ora ana sing wani ninggalake pasowanan, ora ana sing wani nerak tatananing praja. Yen pancen isih ana nayaka praja sing wani nerak marang tatanan, sira sing dakparingi panguasa, paringana pidana marang nayaka praja iku. : (nyembah) Kanjeng rama adipati, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti. Lan kula ugi badhe matur bilih sadaya jejibahan kula sampun rampung. Anggen kula gladhen olah beksan sampun rampung. Kula sampun saged beksan bedhayan, gambyong, lan sanesipun. : Pinter lan ayu tenan kowe Putriku, ya patrap sing kaya ngono iku kang sun gegadhang rina lan wengi. Minangka putri adhipati, kowe kudu bisa dadi tepa tuladha para wanita sakadipaten Jipang. Jeneng kita kudu bisa nglestarekake kabudayan kang edi peni, ben ora kakikis karo kabudayan manca kang ora karu-karuan wewujudane. : Mboten namung menika lho kangmas, Putri Ayu menika pranyata ugi wasis menthang jemparing. Piyambakipun wasis olah kaprajuritan. : Banget bombong rasane penggalihingsun, yaiki putrane Harya Penangsang (nebah dhadha gemujeng) Ha…ha…ha…Kowe kudu ngerti sedhela maneh kanjeng ramamu iki bakal dadi ratu ing tanah Jawa. Ngertia kowe kabeh dakjarwani, yen anggonku mbalela marang Pajang iku sejatine ora kok linambaran rasa meri, drengki, srei, ananging Panjenengan ingsun iki nagih waris. Sejatine, Ya Panjenengan ingsun iki sing anduweni hak dadi raja ing Demak, awit Panjenengan ingsun iki putra wayah Raden Patah sing ngedekake negara Demak Bintara. : Inggih leres, Panjenengan leres, mila kula tansah ndherek kersa Panjenengan Gusti. : Yen ing wingi aku wis mateni sedulur misanku dhewe sing aran Prawata … raja ing Demak, …ya jalaran Prawata iku sing mateni kanjeng Inggih leres, Panjenengan leres ramaku ya Pangeran Sumber foto: yooying.com Surawiyata, ya putra mbarep kanjeng eyang Raden Patah. : Prawata merjaya Kanjeng Rama, awit eguh pertikelipun paman Trenggana ingkang kagungan melik dados raja ing Demak. : Iya bener, Paman Trenggana kagungan putra papat, sing mbarep aran Prawata raja ing Demak, banjur Ratu Kalinyamat bojone Hadiri Sastri Basa /Kelas 12 107 P. Mentaun : Harya P : P. Mentaun : P. Timur Harya P P. Timur : : : Harya P P. Timur : : Harya P : P. Timur Harya P : : P. Timur : Prameswari : Harya P : P. Timur : 108  ing Jepara, sing nomer telu Ratu Mas Cempaka bojone Hadiwijaya ing Pajang, sing pungkasan Rangga Jumena ing Mediun. Demak, Jepara, lan Pajang samenika manunggal mengsahi Panjenengan Gusti. Malah dening Hadiwijaya punjering kraton Demak sampun dipun liyer ing Pajang. Ora dadi apa, Arya Penangsang ora bakal ulap, awit kanggone panjenengan ingsun… numpes putrane paman Trenggana iki mujudake kewajiban ingsun… sing sepisan males patine kanjeng Rama Surawiyata... kaping pindho mbalekake kajayaning Demak, sing saiki dirampas Hadiwijaya ing Pajang. Prawata sampun pejah, Hadiri bojone Kalinyamat sampun pejah, sekedap malih kantun Hadiwijaya ing Pajang ingkang badhe nyusul. Punten ndalem sewu Kang Mas. Iya, kepriye Timur? Menawi kepareng, kula badhe caos atur…ananging mbok menawi atur kula menika mboten mranani dhateng penggalih Panjenengan. Ora dadi apa, enggal matura! Padudon ing antawis trahipun Kanjeng Rama Surawiyata lan trahipun Kanjeng Paman Trenggana menika sampun dangu, lan sampun kathah bantenipun. Sampun kathah prabeya, nyawa, wekdal, lan tenaga ingkang kabucal kangge nglabuhi padudon menika. Kanggone Harya Penangsang… ndonya sakisine bakal dak korbanake, sauger anak turune paman Trenggana kelakon tumpes kelor. Ananging menika…menapa mboten nama ”rebut balung tanpa isi”! (jumeneng) Yen dakrasak-rasakna…omonganmu kok kaya ora sarujuk… lamun Jipang padudon karo Pajang! Apa kowe wedi karo Hadiwijaya? Mboten kok kula ajrih dhumateng Sultan Hadiwijaya, ananging menawi kula pikir… padudon menika mboten badhe wonten karampunganipun. Mesakaken para kawula ingkang sejatosipun mboten ngertos kendhang kempulipun prekawis ananging ndherek kenging awunipun. Kula kinten, leres aturipun yayi Timur menika Kangmas, jalaran… wiwit Panjenengan ngedekaken gendera perang lumawan Pajang…ati kula tansah kraos was sumelang mikiraken kasugengan Panjenengan Kangmas. (duka) Yayi prameswari!...Kowe ora usah melu cawecawe ing bab iki, iki urusane wong lanang! Yayi Timur!!! Nuwun inggih Iki darmaku Sastri Basa /Kelas 12minangka satriya Sumber foto: ketoprakJawa.wordpress Harya P P. Timur Harya P P. Timur Harya P Kangmas. : Kena dak paribasakake ”cincing-cincing klebus, ambyur pisan”, ora maelu nganti sepira gedhene korbane…sing baku Hadiwijaya kudu mati. Iki darmaku minangka satriya… saiki endi darmamu marang wong tuwamu ya Kanjeng Rama Surawiyata? : Tumpraping kula, taksih kathah margi kangge ngetingalaken darmaning putra dhumateng tiyang sepuh. : Cukup!!! … Kowe ora pantes dadi wong lanang, ora pantes dadi adhine Harya Penangsang! Yen kowe ora sarujuk karo Harya Penangsang… minggata, …minggata saka kene!! : Mboten usah panjenengan tundhung kula badhe kesah saking Jipang (jumeneng), mboten wonten paedahipun kula ngawula ndherek Panjenengan! : Minggata…mingggata!!! (majeng badhe ngrabasa P.Timur) (Pangeran Timur mlajeng, Prameswari nyandhet Harya Penangsang) Prameswari : (njerit) Kangmas!!! Kula aturi emut kangmas!!! Pangeran Timur menika rayi Panjenengan Kangmas!!! Mangga kula dherekaken lenggah kangmas. Harya P : (lenggah) Tujune iki mau kokpenggak! Yen ora…sida ajur ndhase Timur iki mau. Prameswari : Duka nggih duka, ananging menawi badhe tumindak mbok dipenggalih rumiyin! Harya P : (napas landhung) Adhem rasane penggalih ingsun, angger krungu aturmu yayi. Putriku! (noleh dhumateng Putri Ayu) Mbesuk yen kowe wis diwengku dening priya, kowe uga kudu bisa nuladha kanjeng ibumu. Putri Ayu : Inggih Kanjeng Rama, nanging sinten ta rama ingkang purun kalih kula? Kula menika rak tasik alit. Prameswari : (nyela) Ya akeh ta ndhuk, bocah ayu tur manis kaya awakmu iku mesthi akeh sing ngarepna! Harya P : Beja-bejane wong lanang kang klakon dadi jodhomu. P. Mentaun : Inggih leres, Putra Panjenengan menika “kirang ing candra, kathahen rupa”. (godheg-godheg) Ck…ck…ck … bocah kok ayune sundhul langit. Menawi kula taksih enem kula inggih purun kok njenengan pendhet mantu. Prameswari : Wow, bandhot tuwa ora nyebut! Wis mambu lemah kok ya isih weruh wong ayu! Harya P : Ha…ha…ha…wis…wis..wis Mentaun, ... saiki ingsun kepengin ngerti kepriye asile Soreng Rana lan Soreng Rangkut anggone nindakake kewajiban merjaya Hadiwijaya ing Pajang. Yen ora kleru iki wis ana limang dina saka anggone budhal, nanging nganti saiki kok durung bali. P. Mentaun : Ampun kuwatos Gusti, Soreng Rana lan Soreng Rangkut mesthi kasil,… awit sasanesipun piyambakipun mbeta pusaka Panjenengan ingkang nami Brongot Setan Kober ingkang ampuhipun kagila-gila, bidhalipun inggih sampun kula petung … Kula tata kanthi jlimet. Bidhalipun ing dinten Jemah Kliwon mlebet saking sisih kidul. Jemah menika Sanga… Kliwon enem … dados dhawah gangsal welas. Sastri Basa /Kelas 12 109 Harya P P. Mentaun Harya P Prameswari : Dadi mesthi kasil? : Miturut etangan kula mesthi kasil, etangan kula mboten nate mleset! : Nanging ya gene, nganti seprene kok durung ana kawusanane …atiku krasa ora kepenak. : Kula suwun ingkang sabar kangmas! Ing njawi kok kapireng swanten rame, ketingalipun wonten ingkang badhe sowan. (Soreng Rono lan Soreng Rangkut mlebet, saking keri mbeta bungkusan bebana) S.Rono+Rangkut : Kula ingkang sowan Gusti! Harya P : Ha…ha…ha…kene…kene…rada maju. Lagi wae dakrasani….hla kok kowe sakloron wis teka. Kepriye asile pakaryanmu? S.Rono+Rangkut : (sesarengan) Saderengipun kula matur, kula ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk Kanjeng Adhipati! Harya P : Ya…daktampa sembah pangabekti, saiki enggal matura…selak ora sabar aku! S. Rono : Dinten Setu Legi …kula lan adhi kula sampun kalampahan dumugi ing Pajang, sasampunipun cekap anggen kula ningali kawontenan, dalunipun kula mlebet ing gapura supit urang. Adhi kula Rangkut ngrapalaken aji sirepipun. S. Rangkut : Inggih, kenging aji sirep kula…para prajurit ingkang jagi sami ndlosor … tilem ing jogan. Harya P : Haa..ha..ha…pinter kowe! He…prajurit liyane! Yen kowe pengin mulya…tirunen Rono lan Rangkut ! Banjur? S. Rangkut : Kula lan kangmas Soreng Rono mlebet ing tilam padununganipun Sultan Hadiwijaya, kula lajeng ngunus pusaka Panjenengan…Kyai Brongot Setan Kober… S. Rono : Kadadak wonten sardula kembar ingkang nyamber dhateng kula lan adhi kula. Harya P : Kuwi pangapite Hadiwijaya! S. Rangkut : Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes ! Harya P : Mati Sardulane? S. Rono : Ajur sawalang-walang…Gusti! Harya P : Haa…ha...ha…banjur! S. Rono : Ajuripun sardula nyarengi medalipun bajul kawan dasa..Gusti! Harya P : Kuwi tunggangane Hadiwijaya! S. Rangkut : Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes ! Harya P : Mati bajule? S. Rono : Ical wewujudanipun bajul kawan dasa. Harya P : Haa…ha…ha…Brongot Setan Kober pancen ampuh tenan, sabanjure? S. Rono : Kula mbukak slambu, ing mriku ketingal Sultan Hadiwijaya Sare kanthi kemulan jarit sutra. S. Rangkut : Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes ! Harya P : Mati Hadiwijaya? S. Rono : Dereng Gusti, awit wonten lesus ingkang nyamber kula lan adhi kula? Harya P : Kuwi aji lembu sekilan! Banjur? S. Rangkut : Kula ambali malih, kula tamani Brongot Setan Kober….dhes ! 110  Sastri Basa /Kelas 12 Harya P S. Rono Harya P S. Rangkut Harya P S. Rono Harya P S. Rangkut Harya P : Modar Hadiwijaya? : Dereng Gusti, awit nyarengi Sultan Hadiwijaya Wungu…malah kula kesampluk kenging pucuk slimutipun ngantos kula dhawah lutak ludira Gusti! : Ora maelu kowe mutah getih apa ora, sing wigati Hadiwijaya mati apa ora? (duka) : Dereng Gusti, ngantos samenika taksih sugeng. : Banjur saiki kepriye? : Sultan Hadiwijaya menika priyayi luhur Gusti…ing atasipun kula menika pandung ingkang badhe nyidra nyawanipun…kula mboten dipun pidana … malah dipun ganjar bandha donya (nedahaken bebananipun). Menika nedahaken bilih panjenenganipun menika priyayi ingkang berbudi bawa leksana (ulatipun semringah) : Guoblok…bodho…pinter kebo kowe! (jumeneng) Hadiwijaya…iku mono ngina marang Harya Penangsang (lenggah malih). Saiki endi… endi Kyai Brongot Setan Kober! Aku dhewe sing bakal mateni Hadiwijaya! : Samenika Kyai Brongot Setan Kober kaasta dening Sultan Hadiwijaya. : Kyai Brongot Setan Kober kaasta dening Sultan Hadiwijaya? (muntab) S. Rangkut Harya P : Inggih, ngendikanipun Kyai Brongot Setan Kober kaampil…badhe kangge iris-iris brambang…mangke sasampunipun rampung badhe kawangsulaken. : (jumeneng nyaketi Soreng) Soreng-soreng cubluk … mung nggedheke wadhuk…! (Harya PenangSang ngajar Soreng Rono lan Rangkut, katungka rawuhipun Sunan Kudus saking keri lajeng nyandhet dukanipun Harya Penangsang) S. Kudus : Sabar…sabar…sabar, Soreng ... kowe mundura! S.Rono+Rangkut: (sesarengan) Inggih Kanjeng Sunan, kula nyuwun pangayoman (ngrerepa) S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P : Dakaturi sing sabar …Jebeng Harya Penangsang. Lenggah … apaapa iku kudu dirampungi kanthi petung. : Nanging para Soreng menika sampun tumindak lepat…mila kedah kula ajar! : Innallaha ma’ashobirin, Allah tansah sesandhingan karo wong-wong kang sabar! Lenggah ya Jebeng…mengko dakrewangi mrantasi reruwet iki! : (Lenggah) Inggih, kula manut. : Sejatine para soreng iku ora luput, sing luput iku malah Jebeng Harya Penangsang! : Hlo… kok kula ingkang lepat? : Saiki aku dak takon, …para Soreng iki bandhing apa ora…karo Sultan Hadiwijaya? : Menawi kasandhingaken kadosdene timun mengsah duren,…Soreng menika timun… Hadiwijaya durenipun. Sastri Basa /Kelas 12 111 S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus Harya P S. Kudus P. Mentaun S. Rono P. Mentaun 112  : Ya ing kono iku lupute Jebeng Harya Penangsang…wis ngerti timun kok ditandhingake karo duren. Duren iku tandhingane ya kudu karo duren. : Duren tandhingane kudu duren?…(Jumeneng) Mentaun!!! Siagakna titihanku si gagak rimang! …Ingsun dhewe sing arep ngadhepi Hadiwijaya! (njangkah majeng) : (jumeneng) Panjenengan badhe tindak Pajang? Panjenengan sangu menapa? : Pusaka piandel paringane panjenengan, Kyai Brongot Setan Kober! : Saiki endi barange? : (nggrayang geger) Ooo inggih…Kyai Brongot Setan Kober dipun kantunaken munyuk-munyuk kalih menika! (nuding soreng) : Kendel kudu nduwe piandel. Bener kudu dilambari pinter, supaya tumindake pener. : Menawi mekaten kula kedah tumindak menapa? : Jebeng Harya Penangsang! Saiki aku daktakon…sepira gedhene tekade Jebeng Harya Penangsang kepengin males ukum marang patine wong tuwamu…ya Pangeran Surawiyata lan sepira gedhene tekadmu mbalekake kajayaning Demak Bintara? : Dhuh…Kanjeng Sunan Kudus…inggih Kanjeng Rama Ja’far Shodiq… Sampun gilig tekad kula… Kanggening kula…langkung sae kula pejah mbrodhol usus kula…tinimbang kula mboten saged males pejahipun tiyang sepuh kula, lan mboten saged mangsulaken kajayaning Demak Bintara. : (ngendikan manteb) Niyat suci iku kudu linambaran rasa ikhlas trusing batin, jalaran … yen ora, mengko pakertimu mung nurutake hardaning hawa nepsu. Kamangka nepsu iku ajakane syetan… syetan iku ngajak marang karusakan. : Inggih ing bab menika, kula ingkang rumaos kirang. : Jebeng Harya Penangsang! Ngene ya, sadurunge aku masrahake Brongot Setan Kober. Aku lak wis meling. Yen Brongot Setan Kober iku anduweni sipat panas. Kamangka panas iku bisa ngobong apa wae, kalebu ngobong ati kang suci. Mula kalamun Brongot Setan Kober wis bali ing astane Jebeng Harya Penangsang... Jebeng Harya Penangsang kudu bisa meper hawa nepsu. : Inggih kula emut, rumiyin nalika kula ndhepe-ndhepe nyuwun Kyai Brongot Setan Kober dhumateng Panjenengan kula sampun janji ing bab menika. : Hadiwijaya…ing mengkone yen mbalekake Brongot Setan Kober ... iku mengko mesthi lumantar Kudus. Mula … yen sliramu kepengin ketemu ijen padha ijen karo Hadiwijaya tumekaa ing Kudus. : Mekaten Kanjeng Sunan! Inggih kedadosan menika ingkang kula tengga! : Dakkira cukup semene, aku enggal bali ing Kudus. Mentaun! : (ngantuk, mendel mawon) : (njawil mentaun) Ndara… Ndara Patih Mentaun ditimbali Kanjeng Sunan. : Wonten dhawuh katimbalan Kanjeng Sunan (cekoh, gurawalan). Ngapunten kula ngantuk awit saben dalu tansah wungon. Sastri Basa /Kelas 12 S. Kudus Prameswari S. Kudus Harya P : Sing ati-ati anggonmu ndherekake bendaramu. Lan marang kowe Ni mas Prameswari sing sabar lan aja pegat anggonmu tirakat ya! : Ngestokaken dhawuh Kanjeng lan ndherekaken sugeng tindak. : (medal) : Soreng! Supaya ora kedhisikan Hadiwijaya… sesuk sakdurunge srengenge mlethek … siagakna jaran tungganganku si gagak rimang. Yayi Prameswari! Samektaake sakabehe ubarampe… Panjenengan ingsun ngersakake budhal ing Kudus. Mentaun! Pasewakan kabubarake. (Harya Penangsang medal tumuju kanan panggung kadherekaken garwa putra, Mentaun, lan para soreng nyembah lajeng medal tumuju keri panggung) BABAK II Paraga: 1) Sultan Hadiwijaya, 2) Pemanahan, 3) Sutawijaya, 4) Sunan Kalijaga, 5) Kebo Kluyur, 6) Setan Mendem. Kawontenan: Ing margi rombongan Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya kacandhet dening begal utawi rampok (Kebo Kluyur lan Setan Mendem). Antawacana: Kebo Kluyur : Wis limang dina lawase, awak dhewe mbegal kok durung ana asile? Setan Mendem : Mbegal iku mesthine ya didhelok-delok … ora angger nyegat ngono wae. Kebo Kluyur : Wingi ana wong nggawa bungkusan guedhe, takcegat…takpateni … bareng takbukak hla kok isine rosokan. Setan Mendem : Ha..ha…hah… beda karo aku. Kebo Kluyur : Yen kowe kepriye kang? Setan Mendem : Ana rombongan …yen mlaku sajak gita-gita… saka kadohan tak delok… wah iki … sing papat mikul jodhang … yen ora panganan mesthi barang srah-srahan. Kebo Kluyur : Donya brana kang? Setan Mendem : Bener…mesthi iki mas picis raja brana… sawise takbegal … wonge mlayu kabeh … jodhang ditinggal … alon-alon takbukak … jebule isine mayit. Kebo Kluyur : Dadi sing mbok begal mau pendhosa… dudu jodhang. Mulane dina iki awak dhewe kudu ati-ati, aja nganti kleru maneh. Awek dhewe kudu dadi prampok sukses. Setan Mendem : Sayange… jaman saiki durung usum korupsi… dadi awak dhewe cukup trima dadi begal utawa rampok wae. Suk yen tanah kene wis maju, generasine awak-awak dhewe … anak turune para begal lan rampok sing nerusna dadi koruptor. Kebo Kluyur : Ora bisa kang… senajan saiki aku dadi rampok, nanging sabisa-bisa anakku aja dadi rampok. Sing dakpuji, muga-muga anakku dadi pejabat sing kinurmat. Sastri Basa /Kelas 12 113 Setan Mendem : Halah… gayamu wae kaya uwong. Kowe ngerti apa ora, ing antarane pejabat karo penjahat iku mung beda-beda tipis. Bedane, yen penjahat iku ora bisa dadi pejabat, nanging akeh pejabat sing pungkasane dadi penjahat. Kebo Kluyur : Yen takpikir bener kowe kang. …Maune dadi pejabat kepala daerah terus dadi penjahat… mlebu penjara merga korupsi. Setan Mendem : Wis! Cukup! Waspadhakna sapa kae! Kae ana iring-iringan saka kidul! Kebo Kluyur : Yen ndelok sandhang panganggone, ketoke dudu wong sembarangan. Ati-ati kang! (mundur ing sisih kanan panggung) (Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya mlebet saking kanan, Sultan ing ngajeng piyambak ngadhepi begal) Setan Mendem : Awak yen lagi beja… ketoke iki rombangan Pejabat Kepala Daerah. Kebo Kluyur : Kowe kok ngerti kang? Setan Mendem : Kae jaranne ana plat nomere Pa 1. Kendaraan plat nomer siji, iku biasane Kepala Daerah. S. Hadiwijaya : Bener aku pancen Pajang siji, aranku Sultan Hadiwijaya. Setan Mendem : Sultan Hadiwijaya? Haa…ha…ha… iki tiwas kebeneran. Wis suwe aku pengin ketemu. Aku pengin njajal sepira antebe tanganmu. Kebo Kluyur : Iya kang. Jaka Tingkir … Karebet… (nuding dhateng S. Hadiwijaya) saiki kowe dadi sultan ganti jeneng dadi Hadiwijaya. Sak jane, kowe karo aku iki padha wae. Padha rampoke… aku rampok…penjahat donya brana… S. Hadiwijaya : (duka) Kurang ajar temen kowe…sapa jenengmu?…supaya mengko ora mati tanpa aran. Ngakua, supaya bathangmu bisa dakkirim marang ahli warismu! Kebo Kluyur : Ha…ha..ha…bareng kawiyak wadine…dadi nesu. Yaa…ditepungake… aku begal sing kondhang… jenengku Kebo Kluyur. Aku dijuluki Kebo Kluyur… jalaran Kebo kena tanganku pisan wae pecah ndhase ngluyur gembunge. Setan Mendem : Aku Setan Mendem. Merga yen mendem, polahku kaya setan. Ha...ha...haa… Pemanahan : (majeng) Kula kinten mboten perlu panjenengan ingkang majeng, cekap kula lan anak kula Sutawijaya ingkang ngrampungi begalbegal bongkeng menika. Sutawijaya : Inggih kanjeng Sultan… mangga panjenengan lan Kula badhe njajal aji waringin sungSang Rama Pemanahan kula aturi Sumber foto: upkd-solo.blogspot aso salira. Kula badhe njajal aji waringin sungsang, ingkang nembe dipunajaraken kanjeng Sunan Kalijaga. 114  Sastri Basa /Kelas 12 ( S. Hadiwijaya lan Pemanahan medal ing kanan panggung, Sutawijaya majeng ngadhepi begal ) Setan Mendem : Bocah lagi dhek wingi sore…balunge isih empuk hla kok dikongkon ngadhepi awak dhewe. Kebo Kluyur : Kene kang taknggone dolanan. (Kedadosan prang tandhing, Sutawijaya mimpang lan para begal mlajeng. Sultan Hadiwijaya lan Pemanahan mlebet malih sareng rawuhipun Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga ngucap salam, kawangsuli dening Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya lajeng sedayanipun sungkem kanthi ngaras astanipun Sunan Kalijaga) S. Kalijaga : Pada basuki sira kabeh? S. Hadiwijaya : Awit berkah pangestu panjenengan, sedaya sami wilujeng Kanjeng Sunan. Pemanahan : Kanjeng Sunan Kalijaga nglodhangaken wekdal manggihi Sultan Hadiwijaya, kula, lan yoga kula tamtu wonten bab ingkang wigati. S. Kalijaga : Marang sira kabeh aku mitungkas, “Ati-ati … yen sira diaturi apa wae kang katone rada meksa aja pisan-pisan sira tampa!” S. Hadiwijaya : Banget anggen kula mundhi kanjeng Sunan Kali. S. Kalijaga : Sabali sira saka Kudus mampira ing gunung Danaraja pethukana sedulurmu wadon … Ratu Kalinyamat…sing lagi mertapa ing Danaraja. Cukup semene, karia slamet sakabehane. Assalamualaikum.(medal) (Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya sesarengan mangsuli salam) Pemanahan : Syukur Alhamdulillah Kanjeng Sultan, ketingalipun kanjeng Sunan Kalijaga paring pangestu dhumateng kita sedaya. S. Hadiwijaya : Kanthi mangkene, Panjenengan ingsun ora bakal tidha-tidha maneh. Mumpung isih padhang, Ayo dibanjurake tindak tumuju panti Kudus. Sutawijaya : Mangga kula dherekaken. (Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya medal) ............................ Kanggo ngaweruhi pangertenmu ing babagan isining teks sandhiwara kethoprak kanthi irah-irahan ”Harya PenangSang Mbalela” ing ndhuwur, awakmu bisa mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi jangkep lan bener. 1) Sapa wae tokoh ing teks sandhiwara kethoprak kanthi irah-irahan ”Harya Penangsang Mbalela”? 2) Crita kasebut dumadi ing ngendi? 3) Apa prakara kang muncul ing teks sandhiwara kethoprak kasebut? 4) Kepriye urutan kedadeane crita? 5) Apa kang dirasakake dening para tokoh ing teks sandhiwara kasebut? 6) Tulisen bakune rembug utawa idhe pokok kang dadi punjering crita! 7) Tulis perangan teks kang mujudake pambukane crita! 8) Tuduhna perangan teks kang mujudake intine crita, yaiku perangan kang nggambarake dumadine konflik utawa pasulayan! Sastri Basa /Kelas 12 115 9) Pasulayan ing crita kasebut karampungi kanthi cara kepriye? 10) Pesen utawa wejangan apa kang pengin diandharake dening panulis naskah? Garapan 4 : Nemokake Mupangate Teks Sandhiwara Kethoprak Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat tumrap bebrayan, yaiku mupangat: 1) Hedonik, yaiku mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak. Mupangat iki wujude arupa rasa seneng nalika nyemak teks sandhiwara. 2) Artistik, yaiku mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak. 3) Kultural, yaiku mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan. 4) Etis, moral, lan agama, yaiku mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pakerti, lan agama. 5) Praktis, yaiku mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan. Tindakna pakaryan iki: Kanggo nemokake lan nganalisis mupangate teks sandhiwara kethoprak kanthi irahirahan ”Harya Penangsang Mbalela” ganepana tabel ing ngisor iki! No. Mupangat Teks Sandhiwara 1 Hedonik 2 3 4 5 116  Tuladha Perangan Teks Analisis ............................. ............................. ................................. ................................. ............................. ............................. ................................. ................................. ............................. ............................. ................................. ................................. ............................. ............................. ................................. ................................. ............................. ............................. ................................. ................................. Artistik Kultural Etis, Moral, lan Agama Praktis Sastri Basa /Kelas 12 Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Nyiapake lan Nggelar Tontonan Sandhiwara Tradhisional Sawise mbedhah teks sandhiwara ludruk lan kethoprak, ana ing pasinaon 2 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan kang luwih praktis, yaiku nata tontonan lan nggelar tontonan sandhiwara ludruk utawa kethoprak. Para siswa kaajab kanthi greget, disiplin, lan pracaya marang kabisane pribadi makarya bebarengan karo kanca ing klompok mentasake sandhiwara tradhisional. Garapan 1 : Nyiapake lan Mranata Tontonan Sandhiwara Tradhisional Kasil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajrone klompok nyiapake dan nggelar tontonan gumantung marang kepriye anggone nata (manajemen) tontonan ing klompok iku. Manajemen tontonan yaiku proses ngrancang lan netepake keputusan, ngorganisir, mimpin, lan ngendhaleni utawa ngatur sakabehing sumber daya manungsa, prabeya, perkakas, lan informasi kang ana sesambungane karo tontonan supaya tontonan bisa kalaksanan kanthi gangsar lan tumata. Kanthi pangerten iku, manajemen tontonan nduweni peranan, yaiku: 1) Netepake rancangan Sajrone netepake rancangan iki, sepisanan kang kudu dilakoni yaiku netepake sasaran banjur milih tata cara sing arep ditindakake kanggo tumuju marang sasaran mau. 2) Ngorganisir Sajrone proses iki diadani (dianakake) andum gawe, nyusun jadwal nyambut gawe, lan koordinasi antarane unit-unit sajrone kepanitiaan. 3) Ngendhaleni Ngendhaleni, ing proses iki ditegesi nandhingake antarane rancangan karo realisasi. Banjur nindakake koreksi lan ndandani asil pakaryan kang nyebal saka rancangan. Tindakna pakaryan iki: Saiki para siswa kaajak nyiapake lan mranata tontonan sandhiwara tradhisional. Supaya pagelaran bisa gangsar lan apik, tindakna sakabehe tataran sadurunge nggelar sandhiwara tradhisional ing ngisor iki: 1) Nggawe klompok Sajrone tataran iki, kapilih ketua klompok (ketua panitia), sekretaris, bendhahara, lan anggota. 2) Netepake jinis tontonan Karekadaya supaya ing sajrone kelas, jinis tontonan ora padha (ana sing ludruk, lan ana sing kethoprak). 3) Netepake irah-rahan tontonan Bisa migunakake teks sandhiwara ing buku iki, utawa teks liyane. Sastri Basa /Kelas 12 117 4) Andum gawe Ketua klompok/panitia ing sabanjure kasebut prodhuser, netepake sutradhara, panata rias, panata panggung/property, lan liya-liyane. 5) Casting Sutradhara milih lan netepake para pamaraga (aktor/aktris). 6) Ndhudhah naskah Sutradara nafsirake naskah, lan njlentrehake babagan acting lan antawacana sing kudu diparagakake dening aktor/aktris. 7) Gladhen Kanthi dipimpin sutradhara, para pamaraga nindakake gladhen maca teks, gladhen tingkah, gladhen jangkep, gladhen alusan, lan sing pungkasan gladhen resik. Gladhen sadurunge pentas sandhiwara kethoprak Sumber foto: pemudabusuran.blogspot.com Garapan 2: Nggelar Tontonan Sandhiwara Tradhisional Lan Ngunggah ing Internet Sawise jangkep anggone padha tata-tata lan wis teka wektu sing ditemtokake, saiki wektune para siswa nuduhake sakabehe karosan, kawasisan lan kaprigelan kang wis kasiapake kanthi jlimet , titi, lan tutug kanggo nggelar sandhiwara tradhisional. Sutradara lan para pamaraga ing pagelaran, kanthi saiyeg saeka kapti makarya bebarengan nggelar lakon kanthi bombong lan bungah. Kurang luwih sakjam sadurunge pentas kawiwiti, sutradara minangka penanggung Jawab pagelaran, nliti sakabehane perangan wiwit aktor/aktris, tata pentas, tata rias, tata busana, tata artistik lan liya-liyane. Pamrihe manawa nemokake kekurangan, sutradara bisa cepet-cepet netepake tindakan kang kaanggep trep lan perlu. Sabanjure kanthi dipimpin sutradara, sakabehing pawongan kang kaSangkut ing pagelaran ndedonga marang Gusti Allah Kang Maha Kawasa, nyenyuwun muga-muga diparingi pituduh lan kekuatan kanggo nggelar tontonan sandhiwara tradhisional. Saiki kanthi madhep lan manteb pagelaran sandhiwara tradhisional kawiwiti, intro lan kelir banjur kabuka. Minangka kenang-kenangan, apik banget yen pentas sandhiwara tradhisional kang diadani para siswa difoto utawa direkam vidio minangka dokumen. Lan supaya 118  Sastri Basa /Kelas 12 asil ciptane para siswa bisa dirasakake dening masyarakat, para siswa kaajab bisa nggunggah rekaman sandhiwara tradhisional ing internet lumantar you tube, website sekolah utawa blog pribadi. Kanthi rasa bombong, para siswa kasil nggelar tontonan tradhisional ing adicara Ujian Praktik Sekolah Sumber foto: SMP Negeri 1 Parengan-Tuban Pasinaon 3 : Pakaryan Mandhiri Babagan Tontonan Sandhiwara Tradhisional Kanggo nuwuh lan ngrembakakake jiwa mandhiri lan daya cipta para siswa, ana ing pasinaon 3 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan mandhiri. Pakaryan kang kudu ditindakake yaiku menehi tanggapan marang pagelaran sandhiwara tradhisional kang digelar klompok liya, lan nulis Aksara Jawa babagan tontonan sandhiwara tradhisional. Garapan 1: Menehi Tanggapan Tontonan Sandhiwara Tradhisional Para siswa kaajab kanthi mandhiri, tanpa ngarep-arep pitulungane liyan, sarta kanthi tinarbuka lan jujur menehi tanggapan arupa pambiji, panemu, lan panyaruwe marang klompok liya kang lagi nggelar pentas sandhiwara tradhisional. Bab kang perlu digatekake nalika menehi pambiji, panemu, lan panyaruwe, yaiku: 1) solah bawa, 2) polatan (ekspresi), lan 3)swara. Minangka sarana nindakaken ayahan, nggawea tabel kaya tuladha ing ngisor iki. Lembar Ayahan Menehi Pambiji, Panemu, lan Panyaruwe Tontonan Sandhiwara Jeneng : ……………………………. Kelas/No. Absen: ……………………………. Sastri Basa /Kelas 12 119 No. Jeneng Siswa 1 Darul Anam 2 3 Peran Solah Bawa Polatan Swara Dudutan Harya Penangsang grogi ampang lirih Jubaidah Mentaun Sultan Hadiwijaya kurang lucu kasar seru 4 GeSang Indra Sukardi kurang obah trep Sunan Kudus meneng tanpa ekspresi cukup actinge ala kurang kendel actinge apik perlu gladhen 5 ............. Sunan Kalijaga ............ ............ ......... ............... 6 ............. Pemanahan ............ ............ ......... ............... 7 ............. ............. ............ ............ ......... ............... 8 ............. ............. ............ ............ ......... ............... 9 ............. ............. ............ ............ ......... ............... 10 ............... ............... ............ ............ ......... ............... 11 Lan sateruse ............... ............ ............ ......... ............... seru Lembar ayahan kang wis diisi, katempel ing papan kang gampang kawaca. Para siswa kanthi tertib gentenan maca lembar ayahan iku mau, minangka kaca benggala kanggo nyampurnakake yen ing wektu lan papan liya nggelar sandhiwara tradhisional maneh. Garapan 2: Nulis Aksara Jawa Babagan Tontonan Sandhiwara Tradhisional Saiki para siswa wis manggon ing papan kang pungkasan saka bangku pamulangan, awit sedhela maneh para siswa bakal ngayahi Ujian Akhir Sekolah. Mula, ngiras pantes kanggo gladhen ngadhepi Ujian Akhir Sekolah, cuplikan andharan bab tontonan sandhiwara tradhisional ing ngisor iki, owahana saka teks aksara Latin dadi teks aksara Jawa! Asil garapan para siswa bakal kakumpulake minangka portofolio. Tulisen nganggo aksara Jawa! (1) Ludruk mujudake kesenian khas Jawa Timur, sawijining teater rakyat kang ngrembaka saka kesenian jalanan utawa mbarang (ngamen). Cikal bakal ludruk yaiku kesenian lerok. Nalika tahun 1907, Pak Santik, Pak Pono, lan Pak Amir, mbarang ngamen saka desa ngadesa 120  Sastri Basa /Kelas 12 ing tlatah Jombang, kanthi nembang lan diiringi tetabuhan kang prasaja. (2) Kethoprak wiwit kagelar kanthi jangkep minangka tontonan kang ditanggap (profesional) wiwit tahun 1909. Nalika semana diwiwiti dening sanggar kethoprak Wreksatama pimpinan Ki Wisangkara, kanthi sekabehe paragane wong lanang. Crita kang kagelar yaiku: Warsa-warsi, Kendana-kendini, Darma-darmi, lan liya-liyane. Sastri Basa /Kelas 12 121 GLADHEN WULANGAN V I. Pilih wangsulan sing paling bener! 1. Cikal bakal ludruk yaiku kesenian .... a. lerok b. lorek c. remo d. besutan e. bandhan 2. Tari a. b. c. d. e. pambuka ing pagelaran ludruk yaiku …. tari srimpi tari merak tari remo tari gambyong tari kreasi 3. Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi …. a. lagu dolanan b. tembang macapat c. tembang kenangan d. tembang campursari e. ngidung jula-juli 4. Ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa Indonesia, awit …. a. ora bisa ditlesih wektu lahire lan sapa kang nyipta. b. ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah. c. para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang. d. para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk. e. sumber ceritane saka sejarah perjuangan nglawan penjajah. 5. Tokoh ludruk kang dipateni Jepang, yaiku …. a. Cak Kartolo b. Cak Kirun c. Cak Durasim d. Cak Supali e. Cak Agus Kuprit 122  Sastri Basa /Kelas 12 6. Titikane crita ludruk yaiku …. a. Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur. b. Critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah. c. Critane nggambaraken panandhanging kawula cilik. d. Critane kapethik saka babad tanah Jawa. e. Critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata. 7. Kethoprak sing a. kethoprak b. kethoprak c. kethoprak d. kethoprak e. kethoprak manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan yaiku …. jangkep lesung pendhapa gejog tobong 8. Crita kethoprak biasane njupuk saka crita babad, tegese …. a. nggambarake panandhanging kawula alit b. crita kang ngandhut unsur sejarah c. crita bab asal-usul panggonan d. crita saka manca negara e. Crita carangan 9. Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku .... a. para pamaraga/pemain kudu bisa nembang b. para pamaraga/pemain kudu bisa nari c. para pamaraga/pemain kudu bisa bela dhiri d. para pamaraga/pemain kudu bisa nabuh gamelan e. para pamaraga/pemain kudu bisa dadi sutradhara 10. Umume cerita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka .... a. dhagelan, jejer, pasulayan, perang, lan wasana b. dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana c. jejer, pasulayan, dhagelan, perang, lan wasana d. jejer, dhagelan, pasulayan, perang, lan wasana e. jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana 11. Para pemain ludruk profesional, bisaane tampil tanpa naskah, ananging ... . a. tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan. b. sutradhara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan. c. pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan. d. pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah. e. isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk. Sastri Basa /Kelas 12 123 12. Titikane basa lan sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa Timur kang nduweni sipat tinarbuka lan apa anane (ceplas-ceplos), mula guneman ing ludruk .... a. migunakake basa kang lungit b. migunakake lelewaning basa c. dadi spontan lan prasaja d. dadi kaku kebak tatanan e. tansah cengengesan 13. Asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone kelompok tontonan, gumantung marang .... a. sutradhara lan sing nanggap tontonan. b. sutradhara, pemain, lan prodhuser. c. kepriye anggone sutradhara ngatur paraga. d. kepriye promosi lan tanggapane penonton. e. kepriye manajemen tontonan ing kelompok iku. 14. Manajemen tontonan ndhuweni peranan, yaiku: a. netepake rancangan, ngorganisir, lan nandhingake b. netepake rancangan, ngoreksi, lan ngendhaleni c. netepake rancangan, ngorganisir, lan ngendhaleni d. netepake koordinasi, ngorganisir, lan ngendhaleni e. netepake jadwal, ngorganisir, lan ngendhaleni 15. Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat Kultural, yaiku .... a. mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak. b. mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak. c. mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan. d. mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pakerti, lan agama. e. mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan. II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki! a. Apa ciri-cirine basa lan sastra ing tontonan ludruk? b. Jlentrehna asal-usule tontonan Kethoparak! c. Wejangan/pesen ing crita ludruk lan kethoprak iku apa isih relevan yen ditrepake ing zaman saiki? Jlentrehna! d. Apa jalarane ludruk lan kethoprak kok tansah ngalami owah-owahan? e. Para paraga profesional ing sandhiwara tradhisional biasane luwih nengenake improvisasi tinimbang katuntun naskah. Apa jalarane? Jlentrehna! 124  Sastri Basa /Kelas 12 UJI KOMPETENSI SEMESTER GENAP I. Pilih wangsulan kang paling bener! 1. Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku.... a. gancaran ‘prosa’, cerkak ‘cerpen’, lan sandhiwara ‘drama’ b. gancaran ‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ c. tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ d. pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ e. babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ 2. Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake.... a. uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk. b. uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan. c. uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung. d. uripe manungsa lumantar kesenian tradisional. e. uripe manungsa lumantar sutradhara. 3. Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang.... a. jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. b. pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. c. pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. d. basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. e. dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. 4. Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku.... a. psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane. b. social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan. c. social conflict lan psychological conflict . d. antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa. e. amarga rebutan warisan. 5. Sapa pawongan sing menang sajerone pasulayan, .... a. bakal terus melu mubeng cakra manggilingan b. bakal manggon ing papan sing ngisor (mlarat, ina, utawa asor) c. bakal menang maneh ing pasulayan sabanjure d. bakal ora bisa dikalahake ing pasulayan sabanjure Sastri Basa /Kelas 12 125 e. bakal manggon ing papan sing dhuwur (sugih, pangkat, utawa drajat) 6. Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani …. a. jejer (orientasi) b. pasulayan (komplikasi) c. pangudhare prakara (resolusi) d. pungkasaning crita (koda) e. owahing crita (revolusi) 7. Umume, sandhiwara migunakake alur.... a. maju b. flash back c. campuran d. mundur e. wolak-walik 8. Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake .... a. kramagung b. pituduh akting c. pituduh pocapan d. pituduh bloking e. pituh gladhen 9. Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula .... a. bisaane migunakake basa baku b. basane kecampuran tembung ora baku c. basane trep karo unggah-ungguh basa d. ukarane dawa lan jangkep e. basane standar kaya basa Jogja-Solo 10. Maneka jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane, yaiku .... a. ngowahi gancaran dadi prosa b. ngowahi guneman dadi dhialog c. ngowahi guneman dadi antawacana d. ngowahi janturan dadi antawacana e. ngowahi antawacana dadi janturan 11. Jalaran mung disemak kanthi dirungokake, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen-temen nduweni swara ... a. kang bisa kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak. 126  Sastri Basa /Kelas 12 b. kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani. c. kang bisa kaprungu kanthi jelas dening panyemak. d. kang bisa diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine. e. kang bisa kepenak dirungokake kaya swarane waranggana. 12. Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa), bisa diceritakakae dening .... a. sutradara b. pamaraga c. penulis naskah d. narator e. editor 13. Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku …. a. tari srimpi b. tari merak c. tari remo d. tari gambyong e. tari kreasi 14. Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi …. a. lagu dolanan b. tembang macapat c. tembang kenangan d. tembang campursari e. ngidung jula-juli 15. Ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa Indonesia, awit …. a. ora bisa ditlesih wektu lahire lan sapa kang nyipta. b. ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah. c. para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang. d. para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk. e. sumber critane saka sejarah perjuangan nglawan penjajah. 16. Tokoh ludruk kang dipateni Jepang, yaiku …. a. Cak Kartolo b. Cak Kirun c. Cak Durasim d. Cak Supali e. Cak Agus Kuprit 17. Titikane crita ludruk yaiku …. a. Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur. Sastri Basa /Kelas 12 127 b. c. d. e. Critane Critane Critane Critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah. nggambaraken panandhanging kawula cilik. kapethik saka babad tanah Jawa. kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata. 18. Kethoprak sing a. kethoprak b. kethoprak c. kethoprak d. kethoprak e. kethoprak manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan yaiku …. jangkep lesung pendhapa gejog tobong 19. Crita kethoprak bisaane njupuk saka crita babad, tegese …. a. nggambarake panandhanging kawula alit b. crita kang ngandhut unsur sejarah c. crita bab asal-usul panggonan d. crita saka manca negara e. Crita carangan 20. Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku .... a. para pamaraga/pemain kudu bisa nembang b. para pamaraga/pemain kudu bisa nari c. para pamaraga/pemain kudu bisa bela dhiri d. para pamaraga/pemain kudu bisa nabuh gamelan e. para pamaraga/pemain kudu bisa dadi sutradhara 21. Umume crita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka .... a. dhagelan, jejer, pasulayan, perang, lan wasana b. dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana c. jejer, pasulayan, dhagelan, perang, lan wasana d. jejer, dhagelan, pasulayan, perang, lan wasana e. jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana 22. Para pemain ludruk profesional, bisaane tampil tanpa naskah, ananging ... . a. tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan. b. sutradhara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan. c. pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan. d. pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah. e. isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk. 23. Titikane basa lan sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa Timur kang nduweni sipat tinarbuka lan apa anane (ceplas-ceplos), mula guneman ing ludruk .... 128  Sastri Basa /Kelas 12 a. b. c. d. e. migunakake basa kang lungit migunakake lelewaning basa dadi spontan lan prasaja dadi kaku kebak tatanan tansah cengengesan 24. Asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone klompok tontonan, gumantung marang .... a. sutradhara lan sing nanggap tontonan b. sutradhara, pemain, lan prodhuser c. kepriye anggone sutradhara ngatur paraga d. kepriye promosi lan tanggapane penonton e. kepriye manajemen tontonan ing kelompok iku 25. Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat Kultural, yaiku .... a. mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak. b. mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak. c. mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan. d. mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pakerti, lan agama. e. mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan. II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Apa gunane nyemak sandhiwara radhio? 2. Apa kang kudu ditindakake dening manungsa nalika manggon ing papan ngisor ing cakra manggilingan? 3. Kepriye carane ngonversi teks gancaran dadi teks sandhiwara radhio? 4. Apa wae kang kudu ditindakake sadurunge proses prodhuksi sandhiwara radhio? 5. Bab apa kang kudu digatekake sutradhara nalika milih lan netepake pamaraga/pemain ing sandhiwara radhio? Jlentrehna! 6. Apa ciri-cirine basa lan sastra ing tontonan ludruk? 7. Jlentrehna asal-usule tontonan kethoprak! 8. Wejangan/pesen ing crita ludruk lan kethoprak iku apa isih relevan yen ditrepake ing zaman saiki? Jlentrehna! 9. Apa jalarane ludruk lan kethoprak kok tansah ngalami owah-owahan? 10. Para paraga profesional ing sandhiwara tradhisional biasane luwih nengenake improvisasi tinimbang katuntun naskah. Apa jalarane? Jlentrehna! Sastri Basa /Kelas 12 129 KAPUSTAKAN Basuki, Widodo. 2004. Medhitasi Alang-alang. Kumpulan Geguritan. Sidoarjo : Sanggar Zuhra Gupita Harijono, Davit. 2011. Gurit Panuwuning urip. Antologi Geguritan. Malang : UM Press Kamandaka, Arim. Dkk. 2011. Antologi Crita Cekak lan Geguritan. Pasewakan. Yogyakarta : Elmatera Publishing Sayuti, Suminto A. 1983. Seri Pengetahuan dan Apresiasi Sastra. Berkenalan dengan Puisi. Yogyakarta : Penerbit “Sendiri” http://berbahasa-bersastra.blogspot.com/2011/11/teori-dan-langkah-langkahpembacaan.html http://bonarine.blogspot.com/2008/03/moch-nursyahid-purnomo-sastrapinangka.html http://coretan-pena-pemula.blogspot.com/2013/07/unsur-unsur-puisi-struktur-fisikdan.html http://hedisasrawan.blogspot.com/2012/12/unsur-intrinsik-dan-ekstrinsik-puisi.html http://jv.wikipedia.org/wiki/Geguritan http://othmanhapidzuin.blogspot.com/pemakaian-tanda-baca-dalam-puisi.html Sumber Gambar Koleksi Pribadi www.pitoyosusanto.blogspot.com 130 

Sastri Basa /Kelas 12