Supaya bisa nglagokake tembang macapat kanthi becik bab sing kudu dilakoni luwih dhisik yaiku

/. 2 6 6 / . 2 6 6 ! / .. 6 ! ./ ! . . 5 / Ngu man dhang nge be gi sa jro ning pa de san /2.21/2.2.5/2.21/2615/ Thok thok thek thok thok gung thok thok thek thok thek thok gung / 2 . 2 1 / 2 . 2 . 5 / 2. 2 1 / 2 6 1 5/ Thok thok thek thok thok gung thok thok thek thok thek thok gung Rasa seneng masarakat padesan Jawa nalika manen kasil bumi asring kasebutpalawija, ingkang tegese bumbu-bumbu, ananging lelagon iki digambarake nalikakegiyatan nutu pari tinimbang kegiyatan ing kebon. Ana pitutur luhur sajroninglelagon dolanan iki, yaiku kasil panen ing jaman biyen bedho karo ing jaman saiki.Nalika biyen ditumbuk nganggo tenaga, ananging ing jaman saiki wis diolah nganggomesin kang luwih modern utawa nganggo gilingan pari. Wong jaman biyen uga kuat-kuat, ananging yen jaman saiki wis gumantung karo teknologi. Saka lelagon iku, kitabisa mangerteni luhure budaya kang ana ing masarakat padesan Jawa, mula perludiuri-uri supaya budhaya kasebut ora ilangE. Dolanan Sepuran Sepuran Laras Slendro Pathet Sanga. .5 5 5 5 6 ! 5.5 6 1 2 ^ ! Sin -ten num -pak se -pur ba -yar e se - ta -li46.. @ 6 ! 5 3 5 2.5 3 5 2 3 1 Wong ni ki se pur dhur te - rus teng ke - dhi - ri..5 5 5 5 6 !5.5 6 ! @ 6 ! Sin ten tri ma mbon ceng ko na ngan kon dhek tur

[email protected] 6 ! 5 3 5 2.5 3 5 2 3 1

Sam pe yan di den dha na pa mbo ten ko jur 1. Dolanan iki bisa dilakokake sepuluh bocah utawa luwih. 2. Bakune ana bocah loro sing dadi trowongan. Bocah-bocah padha baris cekelan pundhake kancane renteng-renteng kaya sepur banjur nglagokake sepuran lan mlebu siji mbaka siji ngliwati trowongan. 3. Nalika lelagon sepuran wis rampung bocah sing ning ngisor trowongan banjur diwenehi pitakonan. Tuladhane anak sapi jenenge apa? Wangsulane kudu bener, wangsulan iku dadi password supaya sepure bisa mlaku meneh. Dolanan Sepuran bisa mbangun watak jujur kagambar sajroning lelagon dolanan “sepuran”. Sapa wae kang arep numpak kreta ing Kediri kudu bayar setali utawa 25 sen, saengga uwong sing arep numpak kreta kuwi kudu tuku tiket. Ora entuk dadi penumpang liar kang ora gelem bayar karcis, amarga yen diweruhi kondektur mesthi didenda. Kajaba sipat kang jujur, lelagon “sepuran” uga ngajari kita supaya ora nduweni sipat sombong, angkuh, lan arogan. Sapa wae kang pengin uripe makmur kudu nduweni rasa andhap asorD. Forum Diskusi Lelagon dolanan Kupu Kuwi ing ngisor iki, andharna isine nganggo basa prosa (gancaran) lan andharna nilai-nilai pendhidhikan ing lelagon iku. 47Kupu Kuwi Laras Pelog Pathet Nem

. 5.3 . 5.6 . ! .6 [email protected]

Ku - pu ku - pu tak en - cup - e

. # . @ . ! .6 [email protected] . !.6.5

Mung a - bur - e nge - wuh a -ke

. # .# [email protected] [email protected] . !.!.6.5 .3 . 6

Nga - lor ngi - dul nge - tan ba - li ngu - lon

. @[email protected] .!.!.6 .5.5.6.6.5

Mra - na mre - ne mung - sa pa - ran pa - ran. 2.3 .5.6 . 5 .3.6.5 Mbok - ya men - cok tak - en - cup - e5 5 2 3 5 5 6 6 @ ! 6 5 .3 .2Men - tas men - cok ce grok ban - jur ma - bu kle -per48PENUTUPA. Rangkuman Lelagon dolanan iku biyen lumrahe ditembangake bocah cilik- cilik mligine ing karang padesan, sinambi padha dolanan lan gegojekan sarta seneng-seneng bebarengan ana ing plataran. Lelagon dolanan iku mujudake sawijining lan jinising reriptan tembang kang ora kaiket sarta ora nganggo paugeran guru: “gatra, wilangan/ wanda, lan guru watak”. Lelagon dolanan iku cacahing wandane antarane siji lan sijine kajupuk saka cocok utawa jumbuhing lagune utawa guru lagune (purwakanthi guru swara); jalaran lelagon dolanan iku kawengku ing lagu utawa runtuting suwara saben pungkasaning gatra. Wondene cacahing lelagon dolanan iku akeh banget, lan jenenge lelagon dolanan iku lumrahe kajupuk saka isine lelagon utawa manut tembunge kang wiwitan; tuladhane lelagon: “Cublak-cublak Suweng, Jamuran,”, lan liya-liyane. Mula saka iku, lumantar lan sajroning tetembangan dolanan mau bocah-bocah dikenalake babagan kautaman, budi pekerti kang becik. Adhedhasar isine, jinise lelagon dolanan iku adhedasar irah- irahane ngemot lan ngrembug babagan: (a) sato kewan, (b) tetuwuhan/ tanduran, (c) budi pekerti kang utama, (d) bebrayan, (e) seni tradhisi, (f) pariwisata, (g) tetanen/ petani, (h) kendharaan/ tumpakan, (i) lan alam saisine. Tetenger, irah-irahan utawa judhule lelagon dolanan iku sumebar lan ngrembaka kanthi gethok tular (lisan), mula judhule kerep owah; malah uga ana sing titilaras utawa nada/ notasine lagune uga owah. Lelagon dolanan iku wiwit sumrambah, sumebar lan ngrembaka aneng bebrayan Jawa rikalane wiwitane abad kaping 20 (rongpuluh). Rikala semana ora bisa nyebutake sapa sejatine kang ngripta lan yasa lelagon dolanan mau sarta wiwit sumebar lan ngrembaka ana masyarakat. Upamane tembang: “Gundhul Pacul”, Laras Pelog Pathet 49Barang; “Tembang Jaran Teji”, Pelog Lima (sing owah dadi “Jaranan”); “Sluku-sluku Bathok”, Slendro Sanga”; uga ora dimangerteni lan kawruhan sapa pangriptane. B. Tes Formatif Wangsulana pitakonan ing ngisor ini kanthi milih wangsulan/ jawaban kang dianggep bener utawa trep dhewe! 1. Miturut Padmosoekotjo (1966) ing bukune Ngengrengan Kasusastran Jawa II, diandharake menawa lelagon dolanan iku kawengku ing guru …. a. wilangan b. gatra c. wanda d. lagu e. swara 2. Lelagon dolanan iku lumrahe awewaton purwakanthi guru …. a. sastra b. swara c. basa d. lumaksita e. gatra 3. Lelagon dolanan iku biyen lumrahe ditembangake bocah-bocah ana ing …. a. plataran b. omah c. sekolah d. kali e. dalan504. Irah-irahan utawa jenenge lelagon dolanan ing jaman biyen iku kerep owah, amarga …. a. Anggone ngrembakake sarana lisan (gethok tular) b. Pangriptane anonim c. Paugerane ora gumathok d. Anggone ngripta tembang nggugu sakarepe dhewe e. Bisa diowahi dening sapa wae5. Lelagon dolanan cublak-cublak suweng, bocah-bocah nggawa krikil sing diembakake apa … . a. suweng b. kalung c. gelang d. ali-ali e. kalpika6. Irah-irahan utawa jenenge lelagon dolanan ing jaman biyen iku lumrahe kajupuk saka perangan … . a. isi/ amanate lagu b. katrangan kang ngripta lelagon c. tetembungan ing wiwitane lelagon dolanan d. tetembungan ing pungkasane lelagon dolanan e. jenenge sing ngripta7. Syaire lelagon cublak-cublak suweng iku sejatine wujud … . a. wangsalan b. parikan c. Bebasan d. Saloka e. sanepa8. Lelagon Lumbung Desa ngemu piwulang … . a. Gotong royong 51b. Sing sregep anggone sekolah c. Kudu padha guyup rukun d. Kesed iku watak sing kudu disingkiri e. tandhang gawe sing sregep 9. Lelagon padhang mbulan duwe pangajak supaya … . a. sregep sinau b. ngerti owah gingsire kahanan c. aja turu sore d. sregep nyambut gawe e. guyup rukun marang sapadhane 10. Pitutur luhur sajroning lelagon lumbung desa yaiku … . a. urip sing prasaja b. samubarang apa wae butuh proses sing ora gampang c. rukun agawe sentosa d. tulung tinulung e. manungsa kuwi kudu ngerti owahe jaman52KEGIATAN BELAJAR 3 GANCARAN PENDAHULUANA. DESKRIPSI SINGKATSalah sawijining jinis sastra Jawa kang isih akeh ditemoni ana ing urippadinan yaiku karya sastra gancaran. Gancaran yaiku karangan bebas kang orakaiket dening paugeran tartamtu. Gancaran kang tinulis iku minangka medianglantarake panemu kanggo wong liya. Kanthi nulis lan maca gancaran masarakatdadi luwih kreatif, nambah wawasane, nambah tembunge, uga luwih alus budine.Gancaran uga minangka salah sawijining cara kanggo nguri-uri budaya lan basaJawa mula kudu diwulangake ana ing kelas lan dibiasakake ana ing urip padinan.Materi kang kasusun ana ing modul iki duwe paedah kanggo mahasiswaamarga pasinaon iki ngemot bab-bab kang ana gayutane karo gancaran. Gancarankang digawe iku ana teorine, ana bab-bab kang ora oleh ditinggalake. Bab-bab kangbaku ana ing gancaran dirembug ana ing modul iki supaya mahasiswa besuk oraamung bisa nulis gancaran kanthi bener, ananging uga bisa ngandharake gancarannganggo ilmu kang trep.Materi ana ing buku iki karonce kanthi ngetrepake antarane bab kang pingindigayuh ana ing pasinaon PPG basa Jawa lan kompetensi dasar ing pasinaon SMPlan SMA. Bab kang pingin digayuh ana ing pasinaon PPG yaiku.Capaian Pembelajaran Sub-Capaian Pembelajaran1. Menganalisis prinsip materi 1.1 Para siswa kaajab bisa njentrehaken tegesesastra Jawa klasik dan gancaran.modern dan aplikasinya 1.2 Para siswa kaajab bisa nyebutake jinis-jinisedalam pembelajaran gancaran.bahasa Jawa. 1.3 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese carita rakyat. 1.4 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese cerkak. 1.5 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese novel. 53B. PETUNJUK BELAJAR Modul kang digawe iki bisa digunakake minangka rujukan kanggo sinau sastra Jawa ana ing PPG Basa Jawa. Materi kang katulis ana ing modul iki diwenehi tuladha supaya anggone sinau luwih cetha. Saben pasinaon uga dikompliti tugas lan soal ujian ana ing saben pasinaon. Soal ujian saben pasinaon wujude pilihan. Tugas lan soal kasebut digawe kanthi ancas kanggo ngukur tekan ngendi materi pasinaon uwis ditampa dening mahasiswa. Dosen minangka fasilitator maringi materi, tugas, lan soal ujian kanggo mahasiswa supaya ilmu kang ditampa dening mahasiswa ora ana sing kecer. Sanajan saben pasinaon wus ana tugas lan soal ujian, modul iki uga nyepakake tugas lan ujian kang ngemot kabeh materi ing modul. Tugas lan soal ujian kasebut wujude bisa digunakake kanggo ujian kang nemtokake lulus orane mahasiswa. Cara pambiji soal kang wus disiapake yaiku : Rentang biji: 90% - 100% = apik banget 80% - 89% = apik 70% - 79% = cukup 0 - 69% = kurang Mahasiswa bisa lulus menawa biji ujiane luwih saka 80%. Menawa bijine kurang saka iku, mahasiswa kasebut kudu mbaleni bab kang durung dikuwasani.54INTIA. CAPAIAN PEMBELAJARANMampu menganalisis prinsip materi sastra Jawa klasik dan modern dan aplikasinya dalampembelajaran bahasa Jawa.B. POKOK-POKOK MATERIGANCARAN Materi 1: Hakikat Gancaran Materi 2: Jinis-Jinis Gancaran Materi 3: Crita Rakyat Materi 4: Crita Cekak Materi 5: NovelGambar 1: Pokok-pokok materi gancaranC. URAIAN MATERI1. Hakikat Gancaran Salah sawijining materi kang ana ing pasinaon basa Jawa SMP lan SMA yaiku materisastra. Tembung sastra iku dijupuk saka basa Sansekerta yaiku tembung ‘ças’ kang tegesepituduh utawa instruksi sarta ‘tra’ kang tegese piranti. Saka andharan kang kaya mangkanatembung sastra bisa ditegesi minangka piranti kanggo weneh pituduh kanggo wong liya. Kanthiluwih cetha Fananie (2001:6) ngandharake “bahwa sastra adalah karya fiksi yang merupakanhasil kreasi berdasarkan luapan emosi yang spontan yang mampu mengungkapkankemampuan aspek keindahan yang baik yang didasarkan aspek kebahasaan maupun aspekmakna”. 55Kanthi sastra panulis bisa nglantarake ide lan rasa marang sing maca. Sastra sejatineduwe daya kanggo ngajak wong liya amrih sarujuk marang apa kang dikarepake panulis, mulasastra bisa digunakake kanggo weneh pituduh kang becik kanggo wong liya. Carita-carita kangana ing sastra kang dirasakake dening sing maca minangka salah sawijining cara kanggongalusake rasa. Saka sastra pamaca bisa mbayangke bab-bab kang mungkin ana ing masarakatbanjur bisa jupuk pasinaon saka bab iku. Sastra Jawa yaiku sastra kang tinulis nganggo basa Jawa. Sastra iki madeg ana ingantarane masarakat Jawa lan tinulis nganggo basa Jawa. Sastra Jawa kang ana ing masarakatwujude ana telu, yaiku gancaran, geguritan, lan drama/sandiwara. Modul iki arep ngrembugbabagan gancaran. Sanajan gancaran iku bisa kaperang dadi maneka warna, ananging fokuspasinaon ana ing modul iki yaiku crita rakyat, crita cekak, lan novel. Manut kurikulum kangana, telung cakrik iku mau wajib diwulangake ana ing sekolah. Modul iki bisa didadekakesangu panjenengan sesuk anggone mulang ana ing kelas. Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiketdening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang. Tembung gancaran menawaing bahasa Indonesia adate sinebut prosa. Gancaran bisa digunakake minangka srana sinaumarang wong liya, mula materi iki disinau ana ing sekolah. Crita ana ing gancaran ngajakpamaca supaya kaya-kaya nglakoni tenan kadadean kang ana ing crita kasebut. Kanthi mediatulis iki pamaca diajak sinau babagan becik lan ala. Guru kudu pinter anggone milih gancarankang arep digunakake kanggo mulang supaya siswa bisa methik paedahe gancaran kathi pener.Saben gancaran wis tamtu duwe paraga apik lan ala. Guru kudu ngandhani endi sipat kangpatut dituladani lan endi sipat kang kudu disingkiri. Sanajan gancaran iku sipate bebas, ananging anggone nulis ora kena sakarepe dhewe.Bab isi, komposisi, lan endahe (estetika) panulisan kudu tetep digatekake. Gancaran minangkasalah sawijining media kang bisa digunakake kanggo nglantarake gagasan marang wong liya,mula anggone nulis kudu digawe sing apik saengga bisa narik kawigatene wong liya. Gancarankang tinulis nganggo basa kang ora tumata sarta carita sing ora cetha alur lan amanate tamtuwae ora bakal ana sing nglirik. Nalika nulis gancaran, kudu dironce apa kang dadi ancaspanulisan gancaran iku saengga bisa ditrepake anggone nganggo basa, watesaning nulis,amanat, lan sapiturute kang dijumbuhake karo kahanan pamaca.2. Unsur Gancaran Saben gancaran wis tamtu karakit saka maneka warna unsur. Unsur-unsur gancaran ana 56ing kene bisa dipadhakke karo pirani-piranti kang digunakake kanggo bangun omah. Supayagancaran kang tinulis bisa apik, mesthine kabeh iku digawe kanthi bakoh wiwit saka pondasilan sapiturute. Unsur kang mbangun gancaran iku ana loro, yaiku unsur intrinsik lan unsurekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur kang sinawang saka gancaran iku, menawa unsurekstrinsik yaiku unsur kang kasawang saka njaba gancaran. Lestari, Rakhmawati & Rohmadi(2016: 187) ngandharake menawa “unsur intrinsik meliputi plot, penokohan, latar, tema,amanat, sudut pandang, dan gaya bahasa”. Unsur ekstrinsik ana ing gancaran bisa sinawang saka telung kahanan yaiku sakapanganggit, kahanan pamaca, lan papan panggonan nalika ngarang. Unsur-unsur ekstrinsik ikuameh padha karo andharane Kosasih (2012: 72) menawa unsur ekstrinsik karya sastra yaiku“(1) latar belakang pengarang (2) kondisi social budaya (3) tempat novel dikarang”. Sanajanunsur ekstrinsik iku ora mapan minangka awake gancaran, ananging unsur iku duwe daya kanggedhe marang gancaran sing tinulis. Supaya luwih cetha unsur-unsur gancaran iku bisakaandharake kanthi mangkene:a. Unsur-Unsur Intrinsik Gancaran1) TemaTema ana ing gancaran iku minangka unsur kang ora oleh ditinggalake. Tema minangkapanemu kang arep dibabar kanthi wujud crita. Tema uga bisa ditegesi panemu pokok ana inggancaran. Menawa dipadakke karo bangunan, tema iku bisa diibarateke pondasi. Tema ikukang dadi dhasar anggone nulis. Gancaran kang apik anggone nulis crita kudu manut ana ingtemane. Ananging, wis tamtu uga tema iku ora bisa madeg dhewe. Tema iku bakalane kaiketkaro unsur-unsur liya kang kudu mlaku bareng. Unsur kang ora trep karo tema kang dijupukbakalane gawe crita ora stabil, dadi ora fokus, lan kurang apik. Mulyana (2014: 53-54)ngrumusake tema karo masarakat kang maca kaya ing tabel 2 kang wis dicepakake.Tabel 2: Kahanan masarakat kang jumbuh karo tema Tema Jenis Gancaran Khalayak PembacaPercintaan Roman dewasa, remaja Umum, dominasi remaja, dewasaPerkawinan Roman dewasa Umum, dominasi dewasaPolitik Politis, sosial Umum, dominasi dewasa, dan tuaReligi-mistik Religious, spiritual, mistis Umum, dominasi tuaPendidikan Wacan bocah, dongeng Umum, dominasi usia pelajarSosial lainnya umum Umum lainnya 572) Plot/Alur Plot utawa alur yaiku urutane kadadean ana ing gancaran, sinawang saka wiwitan tekanpungkasan. Kanthi luwih cetha Pujiharto (2012: 32) ngandharake menawa “plot adalah jalancerita yang dibuat oleh pengarang yang berupa deretan peristiwa secara kronologis, salingberkaitan dan bersifat kausalitas sesuai dengan apa yang dialami oleh pelaku cerita.”Prastawa ing gancaran iku nuduhake menawa apa kang dilakoni bakal ana walesane (sebab-akibat). Gancaran iku adate nggambarake kahanan wong kang tumindak culika bakal olehbebayan, ananging wong kang tumindak becik bakal oleh kabecikan uga. Waluyo (2011: 9)uga ngandharake menawa “plot atau alur cerita yaitu jalinan cerita yang disusun berdasarkanurutan waktu yang menunjukkan hubungan sebab akibat dan memungkinkan pembacanyamenebak peristiwa yang akan terjadi selanjutnya”. Prastawa kang ana ing gancaran ikukadadean ana ing urutan wektu tertamtu. Crita ana ing gancaran iku ana urutane. Adategancaran kalakon kanthi urutan orientasi, komplikasi, klimaks, anti klimaks, lan pungkasan. Alur kang ana ing gancaran dinggo titikan anggone ngronce crita. Alur kang digunakakeana ing gancaran ana telu, yaiku alur maju, mundur, lan campuran. Alur maju sering ugasinebut alur garis lurus utawa progresif yaiku carita kang karonce saka wiwitan awujudorientasi nganti tekan solusi minangka pungkasan. Panganggone wektu ana ing alur iki oradiacak-acak. Alur mundur uga bisa diarani alur flashback, sorot balik, utawa regresif yaikualur kang critane kasetting ora urut. Crita ing alur mundur diwiwiti saka prakara kang ana inggancaran banjur lagi mlebu ana ing bagian orientasi. Alur campuran yaiku alur kangnggabungake saka alur maju lan mundur.3) Watake Paraga Watake ana ing gancaran minangka unsur sing penting. Paraga kang arep digunakakeana ing gancaran kudu dipikirake tenanan watake supaya crita sing digawe bisa katon urip lanora uwal saka tema lan amanat ana ing gancaran. Aminuddin (2002: 79) ngandharake menawa“tokoh adalah pelaku yang mengemban peristiwa dalam cerita fiksi sehingga peristiwa itumampu menjalin suatu cerita”. Panemu sing arep ditulis ora bakal bisa tekan ing pamacamenawa ora ana paraga ing crita. Crita kang dibangun butuh paraga sing bisa nggambarakekahanan nyata ananging karaktere tetep kudu ketok kuat. Paraga ana ing gancaran bisa kaperang dadi telu, yaiku protagonis, antagonis, lantritagonis. Protagonis yaiku paraga utama ana ing gancaran. Adate paraga iku duwe sipat kang 58becik. Karakter paraga iki kudu digawe ketok supaya pamaca bisa mlebu ana ing crita iku.Antagonis ana ing gancaran digambarake minangka paraga kang nglawan protagonist. Singdadi protagonist wis tamtu duwe sipat kang ora becik. Tritagonis yaiku paraga kang ana ingtengah-tengahe protagonis lan antagonis. Paraga iki ora pati ketok ana ing crita, anangingkudu tetep ana. Tuladha watak paraga ing novel kaya ta:a) Jirih “Hah?!Sapa kowe?! Yagene wani-wani mlebu ruwangku tanpa dakidini?” panyaruwene Joni kanthi swara groyok. Blaka wae, kajaba kaget Joni Kismanto uga kedher. Luwih- luwih tamune kuwi nuduhake sikap memungsuhan. (Tiwi, 2016: 1) “Mas, jebul panjenengan klebu priya jirih. Priya sing ora duwe tanggungjawab. Nyatane ora wani ndhadhani. Malah njaluk ngapura. Wong lanang cap apa kuwi?”panyengese Wirastri. (Tiwi, 2016: 164)b) Duraka Tresna? Genah ora ta. Apa mungkin Joni bisa nresnani kenya liya? Tarah tresnane kadhung dirampas Rara Sumi. Olehe ngrabi Wirastri babarpisan ora dilambari rasa tresna. Mung butuh mlayokake ati cuwa lan butuh kanca urip. Awit yen kudu ngenteni randhane Sumi, huu..sida gerang kaplak ora klakon! Sumi kang wis dadi bojone Sigid Harjito genah mulya uripe. Apa hiya njur arep jaluk pegat? Dadi cetha ora ana gunane ngarep-arep Suminingrum. (Tiwi, 2016: 20-21)c) Kumalungkung “Bener. Ning bojoku kuwi mung wong wadon sak-sake. Mung sakecele. Tarah mung kanggo tamba ati cuwa. Pendhidhikane wae mung SMKK. Utege mung pas-pasan. Untung anak sing dilairake nuruni aku, dadi rada moncer,”guneme Joni entheng wae. Sajak kepenak nacat sisihane sing wis nyisihi kanthi setya begti nganti anak loro. (Tiwi, 2016: 27)4) Latar/Setting Latar/setting yaiku gambaran babagan kahanan kang ana ing gancaran. Crita kangditulis bisa kadaden ing endi wae. Setting ana ing gancaran kudu digatekake. Setting singdigambarake ana ing gancaran kudu jumbuh karo isine crita. Stanton (1965: 18) ngandharakemenawa “the setting of a story is the environment of its event. Part of the setting is the visible 59background, such as cafe, mountain, a dead-end street, etc. It may also be the time, such asday, year, the climate, or the historical period”. Saka andharan iku, bisa dingerteni menawasetting iku kapara dadi loro yaiku papan lan wektu. Tuladha setting ana ing novel kayamangkene.a) Omahe Joni ing ratan Daha Isih ing dina iku. Mung wektune rada awan sithik. Ana becak mandheg neng sangarepe omah mewah mawa pager wesi, ing jalan Daha … . (Tiwi, 2016: 4)b) Kamare Wirastri Wirastri ora tahan. Banjur mlayu mlebu kamar. Awake dibanting ing kasur … .(Tiwi, 2016: 33)c) Terminal Gadhang, Malang Wirastri pepes atine. Kanthi nglenterih banjur mbecak, bali menyang terminal Gadhang … .(Tiwi, 2016: 84) Kahanan kang ana ing gancaran pancen bisa sinawang saka papan lan wektu iku. Aaing tuladha iku mau setting wektu uga digambarake dening panganggit kaya ta esuk, sore,awan. Setting-setting kasebut ora bisa madeg dhewe-dhewe, loro karone kudu nyambung lanbisa nguatake siji lan sijine. Setting panggonan iku tuladhane pesisir, sawah utawa kutha.Kahanan pesisir karo kutha wis mesthi beda. Setting/latar ana ing gancaran ora mung bisangandharake panggonan, ananging uga bisa ngandharake wektu. Gancaran kang digawe kanthisetting jaman biyen lan jaman saiki tamtu wae beda anggone nggambarake.5) Sudut Pandang/Point of View Sudut pandang ana ing gancaran yaiku carane panulis mapanake awake dhewe ana ingcrita manut panemune. Panulis mardika anggone netepake sudut pandang paraga utama.Rampan (1995:39) milah sudut pandang dadi papat yaiku “(1) sudut pandangan orangpertama; (2) sudut pandangan orang ketiga; (3) sudut pandangan campuran; dan (4) sudutpandangan yang berkuasa”. Sudut pandang kasebut pancen ana ing gancaran, ananging adatesudut pandang kang ketok ana ing gancaran iku bisa dipadhetake dadi telu, yaiku panulisminangka paraga utama, panulis minangka wong katelu, lan panulis minangka wong kangngerti kabeh. Sudut pandang panulis minangka paraga utama utawa wong kapisan digunakake nalikapanulis ngecakake awake dhewe dadi paraga utama ana ing crita. Titikane panganggo sudutpandang iki yaiku anane tembung “aku” ana ing gancaran. Sudut pandang panulis minangka 60wong katelu yaiku nalika panulis ngecakake awake dhewe ana ing jaba crita, ora dadi paraga.Titikan panganggone sudut pandang iki yaiku panulis anggone nggambarake paraga utamanganggo tembung dheweke, deknen, utawa nyebutake jenenge paraga iku mau. Sudut pandangkang duwe kuasa yaiku sudut pandang kang digunakake nalika panulis mapanake awakedhewe minangka wong kang ngerti kabeh ana carita. Sudut pandang iki gawe gancaran dadiluwih informatif. Paraga kang ana ing crita adate digawe minangka wong kang iso kabeh lanaktif ana ing maneka kagiyatan. Ana ing sudut pandang iki panulis bebas arep ngomong apawae lan dalan critane arep digawe apa wae.6) Panganggone Basa Ing sastra, gaya yaiku kapriye pengarang manganggo basa. Senajan ta ana pengarangloro nganggo alur, karakter, lan latar kang padha, asiling tulisan mesthi ana bedane. Bedaneana ing basa lan sumebar ing sadhengah aspek kaya ta ritme, dawa utawa cendhaking ukara,detail, humor, konkrit lan orane tembung, akehing imaji lan metafora. Tone yaiku sikapemosional pengarang kang diandharake ing sajroning cerita. Tone bisa katon ing sadhengahwujud, kaya ta wujud kang romantis, ironis, misterius, sepi, kaya ngimpi, utawa ngemu rasakang angel ditegesi. Gaya bahasa kang digunakake ana ing novel kaya ta: Priyayi kang adate nuduhake ulat bingar ati jembar netra sumunar kuwi sajak goreh lan rongeh… .(Tiwi, 2016: 29) Wadon pacakan ireng-ireng kuwi mlipir-mlipir ing pipi lawang … . (Tiwi, 2016: 5) Joni Kismanto, pimpinan cabang Bank Dana Arta kuwi kahanane melas banget. Sawise eling saka anggone semaput, malah saiki polah lan sambate ngaruara. Polahe kaya cacing kepanasen. Molat-molet ngosek neng jobin karo nekem lakange… .(Tiwi, 2016: 4)Pengarang nganggo purwakanthi swara [a, i] rikala anggambarake Joni Kismanto balimenyang Sala. Gagasan utawa cipta-ripta kang dilairake sarana basa, iku ana sing carane nglairakeamung sarana basa lumrah wae, watone mung sok wong sing krungu utawa sing maca bisangreti marang karep kang diwedharake. Ana sing carane nglairake nganggo basa kang ditataapik, runtut, nganti dadi basa sing endah. Mangkono uga wong nulis novel, wong ngarang, anasing mung nengenake isine wae: manawa isine wis bisa dingreteni dening wong sing maca,ya wis cukup; ana sing nggatekake basane, ngudi kanthi temen-temen supaya dhapukaning 61basane bisa nglungguhi kasusastran, yaiku bisa mujudake basa kang isi kaendahan.7) Piwulang Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra mesthine ngemu piwulang. Gancarankang tinulis duwe daya kanggo ngajak masarakat nglakoni bab-bab tartamtu. Gancaran ngajakpamaca supaya bisa ngrasakake apa kang ana ing crita. Bab iki sing njalari piwulang ganggogancaran iku itungane efektif. Piwulang ana ing gancaran bisa katulis kanthi cetha lan ana kangora ditulis kanthi cetha. Piwulang kang tinulis kanthi cetha ana ing pungkasane gancarandiarani koda. Ana ing koda panulis njlentrehake apa kang oleh lan ora oleh dilakoni deningmasarakat. Piwulang kang tinulis iku dijupuk saka pengalaman ing crita.b. Unsur-Unsur Ekstrinsik Gancaran Unsur ekstrinsik minangka unsur kang kudu digatekake nalika nulis gancaran. Sanajanunsur iki mapan ana ing jaba gancaran, unsur iki duwe daya kang gedhe marang apik oranegancaran. Menawa dipadhakake karo bangunan, unsur ektrinsik padha karo tukang lankahanan ana ing sakiwa tengene omah. Gancaran kang digawe kudu nggatekake unsur-unsurana ing jaba supaya bisa kabangun kanthi bakoh. Unsur ekstrinsik ganacaran kapara dadi teluyaiku kahanan panulis, sosial lan budaya ing ganacaran, sosial budaya nalika nulis ganacaran. Kahanan panulis nalika nulis ganacaran iku duwe daya kang gedhe marang isi lanwujude gancaran amarga ganacaran iku ngandharake panemu saka panulis manut karo apasing dingerteni lan kahanan atine panulis. Saben panulis wis tamtu duwe karakteristike dhewe-dhewe nalika nulis. Gancaran sing digawe saben panulis wis mesthi duwe titikane dhewe.Unsur ekstrinsik sing kaloro yaiku sosial lan budaya. Crita kang digawe iku wis mesthidijumbuhake karo kahanan kang kudune ana ing gancaran. Kahanan ana ing gancaran mlebuana ing unsur ekstrinsik amarga kahanan kasebut kudu dijumbuhake karo kahanan kang nyatasupaya crita kang digawe bisa katon urip. Unsur ekstrinsik kaping telu yaiku kahanan sosiallan budaya nalika nulis. Sanajan gancaran iku digawe kanthi njumbuhake kahanan kang nyata,kahanan kang kagambarake uga bisa kena pengaruh saka kahanan sosial lan budaya papanpanggonan nulis gancaran iku.3. Jinis-Jinising Gancaran Gancaran sing ana ing masarakat Jawa bisa kaperang dadi loro, yaiku klasik lan modern.Gancaran klasik iku minangka jinis sastra kang ditulis ana ing periode Jawa kuna, tengahan, 62lan anyar. Sastra jinis iki diwiwiti nalika abad IX. Ana ing periode iku akeh gancaran kangditemokake kayata Uttarakanda (Jawa kuna), Calon Arang (tengahan), lan Kitab SunanBonang (anyar). Kang kalebu gancaran klasik yaiku legendari, mite, sage, fabel, lan sapiturute. Sabubare periode Jawa anyar, sastra Jawa ngalami periode sastra Jawa modern. Anaing periode iki jinis gancaran modern uga wiwit njedul, yaiku kira-kira abad XIX. Periode ikimetu nalika bangsa Landa lagi njajah Jawa saengga karya sastra ana ing jaman iku uga olehpengaruh gaya tulisan Landa utawa Eropa. Kang kalebu gancaran modern yaiku roman, novel,cerkak, esai, lan sapiturute. Kang kalebu gancaran klasik lan modern pancen akeh banget,ananging ana ing modul iki sing arep dirembug amung babagan crita rakyat, cerkak, lan novelwae amarga njumbuhake materi ana ing SMP lan SMA.a. Crita Rakyat Cerita rakyat minangka kabudayan kang sumebar lan diwarisake kanthi turun-tumurunmarang generasi-generasi sabanjure. Cerita rakyat minangka fragmen crita kang bisa awujudcrita tiyang alelana lan gambaran uripe manungsa kang paling nengsemake utawa duwekapinteran, duwe labuh labet kang gedhe lan dipuja-puja dening masarakat kang duwe caritarakyat mau. Crita rakyat minangka peranganing sastra dhaerah kang migunakake basa dhaerahkanggo njlentrehake caritane, ngrembaka ing jaman kuna rikala basa tulis durung ana. Amargacrita rakyat adate diceritakake kanthi cara lisan, mula nuwuhake versi kang beda-bedagumantung pinter lan orane wong kang nyaritakake. Sanajan mengkono inti crita rakyat kangdicritakake tetep padha. Orientasi cerita rakyat diwarisake lan disebarake amung winates ingdhaerahe dhewe bisa katitik saka krakteristik awujud basa lan budayane. Cerita rakyatkaanggep salah sawijining kasugihan kang thukul saka pepenginan bisa srawung karo wongliyane. Cerita rakyat iku perangan saka folklore, kang ngemu teges kang luwih wiyar. Folkloreyaiku istilah kang digunakake kanggo nyebut uga istilah cerita rakyat. Folklore minangkaistilah saka abad 19 kanggo nuduhake ciri khase yaiku lisan lan tradisioanal kuwi mau, banjuranglimputi sakabehing tradhisi lisan kang ana ing masyarakat (Haviland, 1993 ; 229). Ceritarakyat uga ditegesi minangka ekspresi budayaning sagolongan masyarakat lumantar basa tutursing isih ana sesambungane karo aspek budaya, kaya ta agama lan kapercayaan, undhang-undhang, padagangan, lan nilai sosial masyarakat ing kana. Bascom lumantar Danandjaja (1984: 50) merang cerita rakyat dadi 3 yaiku mite, 63legendha, lan dongeng. Mite (Myth) yaiku crita Bascom (lumantar Danandjaja 1984: 50)ngandharake manawa mite yaiku cerita prosa rakyat kang dianggep ana sarta dianggep sucidening masyarakat kang duwe cerita mau. Mite kanthi paraga awujud para dewa utawamakhluk setengah dewa. Kadadeyan bisa ing donya utawa donya kang beda kaya donya ingjaman saiki utawa kadadeyan ing donya jaman kuna. Mite ing Indonesia diperang dadi 2 jinismiturut asal usule panggonan, yaiku asli saka tanah Indonesia lan asli saka mancanagara kayata saka India, Arab, lan negara sacedhake ing Laut Tengah. Legendha yaiku cerita kang miturut pengarange nyaritakake kadadeyan kang nyata lanana Danandjaja (1984: 66). Legendha yaiku cerita rakyat kanthi paraga manungsa kang duwesifat pinunjul. Samana uga kerep dibiyantu dening para makhluk ajaib. Titikaning legendhakaya ta saperangan dongeng utawa cerita, ora ngemu sejarah kang akeh perangan gaibe,perangan gaib amung sesambungan karo kedadeyan ing alam, lan sesambungan karosawijining dhaerah. b. Cerkak Tembung cerkak sejatine karakit saka tembung ceriyos lan cekak. Tembung cerkak ugaana sing ngarani crikak yaiku tembung sing karakit saka tembung crita/criyos lan cekak.Menawa manut saka tembung asal iku mau cerkak bisa ditegesi salah sawijining wujudgancaran kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan mung ngemot saperkara.Kanthi luwih cetha Sudheer (2012: 244) ngandharake menawa “The short story however, is astory that is short. A short involves narration of series of event or simple incidents involvingindividuals in mental or physical activity one after the other”. Sayuti (2000: 10) ugangandharake menawa “cerpen menunjukkan kualitas yang bersifat compression ataupemadatan, contration atau pemusatan, dan intensity atau pendalaman, yang semuanyaberkaitan dengan panjang cerita dan kualitas struktural yang disyaratkan oleh panjang cerita. Cerkak minangka salah sawijining wujud sastra Jawa kang paling sering ditulis. Kabehkalawarti basa Jawa mesthi dikompliti karo cerkak. Cerkak wis kaangep minangka kabutuhanana ing seban kalawarti. Ora mung ana ing kalawarti, cerkak uga ana kang disiarake mawaradio. Cerkak minangka asil sastra sing paling disenengi, mula nganti ana kang gawe bukukumpulan cerkak. Sinau cerkak ora mung ndadekake luwih kreatif, nambah wawasan, nambahtembung, uga ngalusake budi, ananging uga duwe nilai ekonomis. Akeh media kang ngolehakewong liya menawa arep ngirim cerkak ana ing redaksine. Cerkak iku disenengi marang wongakeh marga sipate sing cendhak. Cerkak ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo maca. 64Minangka salah sawijining wujud sastra wis tamtu cerkak duwe titikan kanggombedakake karo wujud sastra sing liyane. Nurgiyantoro (2013: 12-13) ngandharake tengerecerkak yaiku: “(1) cerpen memiliki panjang cerita yang lebih pendek daripada novel; (2) cerpen menyuguhkan penceritaan yang ringkas; (3) tidak memerlukan detil-detil khusus untuk memperpanjang cerita; (4) cerpen memiliki karakteristik pemadatan dan pemusatan terhadap sesuatu yang dikisahkan atau permasalahan; dan (5) habis dibaca dalam sekali duduk, kira-kira setengah sampai dua jam.”Menawa sinawang saka andharan ing dhuwur iku, sing jenenge cerkak iku wis mesthi cendhak.Cacahe tembung ana ing cerkak iku winates. Bab iki padha karo andharane Helda (2015: 124)yaiku “panjang cerpen rata-rata 1½ – 2 halaman atau 1.500 kata, yang juga dipengaruhi olehkebijakan Redaktur dalam menyediakan ruang”. Sing jenenge cerkak iku kudu bisa diwacakanthi cepet. Bisa dirampungake nalika leren-leren utawa sinambi maneka gawean antaranesetengah nganti rong jam wae. Crita ana ing cerkak digawe supaya padhet amarga cerkak ora kena ditulis dawa- dawa.Prakara kang ketok ana ing cerkak amung ana siji, ora kaya ana ing novel kang bisa digaweluwih njlimet. Supaya watak ana ing cerkak bisa ketok lan krasa adate ana pacelathon kangkaamot ana ing cerkak iku, nanging ora oleh akeh-akeh. Crita kang diangkat ana ing cerkakadate crita kahanan kang ana ing masarakat. Kosasih (2012: 34) uga ngandharake titikanecerkak yaiku “(1) alur lebih sederhana; (2) tokoh yang dimunculkan hanya beberapa orang;(3) latar yang dilukiskan hanya sesaat dan dalam lingkup yang relatif terbatas.” Sanajancaritane sithik, cerkak tetep kudu isa nggawa pamaca mlebu ana ing critane mula dalane crita,pamain, lan kadadean kudu tetep digatekake. c. Novel Novel (Inggris: novel) minangka karya sastra kang uga sinebut fiksi. Saka tembungasale yaiku novella ateges ‘sawijining barang anyar kang cilik’ lan sabanjure ditegesi ‘ceritapendek’ ing sajrone gancaran. Ing wektu saiki, tembung novella lan novella duwe tegesIndonesa kang padha (novellete), yaiku sawijining karya prosa fiksi kang dawa caritane(Nurgiyantoro, 2013: 9-10). Mangkono iku, novel minangka karya sastra fiksi kang kadhaupukawujuud prosa, lan duwe alur utawa urut-urutaning cerita kang dawa. Novel ngandharakekadadeyan kanthi bebas, njlentrehake maneka warna kadadeyan kanthi luwih akeh lan radanjlimet, luwih komplit, detail, luwih nengenake kadadeyan kang luwih kompleks 65(Nurgiyantoro, 2013: 11). Novel ngandharake anane konflik, bisa konflik ing tataraninterpersonal, intrapersonal, utawa antarpersonal. Novel minangka gegambaraning ngaurip lan tumindaking para paraga kang kayadenenyata rikala novel iku katulis (Pujiharto, 2012: 8). Novel minangka karya fiksional kangngandharake sesambungane para paraga siji marang sijine kang bisa dadi pangilon marang sapawae kang kapengin maca (Shipley lumantar Pujiharto, 2012: 8). Novel bisa ditegesi salahsawijining karya sastra kang aweh tuladha lan bisa dadi pangilon tumindaking manungsa kangkadhapuk kanthi wujud basa. Novel dadi gegambaraning zaman rikala novel iku katulis. Novelanggambarake paraga-paraga minangka wujud representasi karaktere manungsa ing ngalamkang nyata. Novel bisa ngandharake sawijining karakter, situasi sosial kang mbulet, sesambunganmarang paraga liya kang nduwen maneka warna karakter, lan maneka warna kedadeyan kangruwet ing sawijining jaman (Stanton, 2012: 90). Novel ngandharake konflik utawa perkaranepara paraga. Titikane liya yaiku perangan ing sajrone cerita, minangka gegambaran jamanrikala novel iku katulis. Novel minangka gegambaran kadadeyan sujarah senajan ta sipate fiksi.Novel uga ana sesambungane kalawan kadadeyan sosial, budaya, agama, ideologi, politik, lanekonomi. Karya sastra novel duwe titikan dhewe yaiku nuduhake kapriye pepenginanepengarang. Sesambungan lan rumaketing saben alur kang tinulis dening pengarang minangkaperangan kang pancen ana lan dominan ing sajroning karya sastra novel (Pujiharto, 2012:20). Ana andharan liya manawa novel minangka sawijining struktur organisme kangkompleks, unik, lan ngandharake sawijining kadadeyan nanging asifat ora langsung. Dadinovel yaiku sawijining cerita kanthi alur kang dawa bisa awujud buku siji kanthi cariyos kangtamat utawa luwih kang ngandharake panguripaning manungsa ananging kanthi asifatimajinatif, njlentrehake panguripaning manungsa tumeka anane kadadeyan konflik kang bisandadekake owah nasibe para paraga. Asil cipta awujud karya sastra novel ngemu kaendahankang bisa aweh rasa seneng, nikmat, getun, gambira, nelangsa, narik kawigaten, uga anggugahrasaning para kang maos. Wujuding kasusastran iki akeh dicetak dening Penerbit lan palingakeh sumebar ing masyarakat. Novel uga salah sawijining wujud karya sastra kang ngemotnilai-nilai budaya sosial, moral lan pendidikan. Novel minangka wujud sastra kang ngemu nilai intrinsik lan ekstrinsik. Ugangandharake kadadeyan-kadadeyan kaya kang ana ing alam nyata lan ngemu nilai-nilai moralkang bisa kapethik ing sajrone cerita mau. Novel minangka karya sastra duwe perangan-perangan, unsur-unsur kang sambung-sumambung kanthi rumaket siji lan sijine. Ewasamono, 66novel beda kalawan cerkak. Miturut Sayuti (2000: 10) novel kerep katandhingake karo cerkak.Bedane mung dumunung manawa cerkak luwih cekak utawa carane nyritakake kadadeyanluwih intensif, ananging novel luwih expands, rada ngambra-ambra lan dawa. Novel luwihnuduhake ing babagan complexity, yaiku kapriye pengarang bisa agawe kadadeyan- kadadeyankanthi wujud kang luwih kompleks lan njlimet. Beda karo cerkak kang mung duweni sipatimplisit yaiku kadadeyan amung diandharake kanthi cekak.4. Apresiasi Gancaran Apresiasi sastra iku sejatine minangka tandha menawa sastra iku ditampa ana deningpamaca. Sunahrowi (2016: 183) ngandharake menawa “istilah apresiasi sastra (appréciationlittéraire) berasal dari bahasa latin aprecoatio yang berarti ‘mengindahkan’ atau ‘menghargai’”.Kasnadi lan Sutejo (2010: 1) uga ngandharake menawa “apresiasi sastra merujuk pada sebuahkegiatan mengenali, memahami, mengerti tentang karya sastra yang digauli secara intens”. Saka tegese apresiasi kang tinulis ing dhuwur iku bisa disimpulake menawa kagiyatanapresiasi iku ora mung maca asil sastra banjur uwis ngono wae. Ngapresiasi gancaran iku bisakalakon menawa sabubare maca gancaran, pamaca banjur nglakoni pakaryan-pakaryantartamtu amarga oleh pengaruh saka gancaran kang diwaca iku. Kagiyatan apresiasi sing palinggampang iku nalika pamaca wis bisa mangerti isi saka gancaran kang diwaca, ngerti piwulangana ing gancaran lan bisa njupuk paedahe. Piwulang ana ing gancaran bisa kadudut ora kanthicara ngawur, ananging ngandelake pamikiran lan rasa kang lantip saka pamaca. Kagiayatan apresiasi gancaran minangka cara kang digunakake kanggo ngakonieksistensi gancaran ana ing tengah-tengahing masarakat. Gancaran minangka salah sawijiningwujud sastra kang adate ngemu pitutur kanggo pamaca. Masarakat Jawa kudu bisa ngreganiasil budayane dhewe awujud sastra, mligine gancaran. Kagiyatan apresiasi iku basa gampangeyaiku kagiyatan ngenal, mudheng, ngrasakake, ngregani, lan mwnwhi pamrayogi panyaruwemarang gancaran kang diwaca. Saryono (2009: 28) ngandharake menawa “apresiasi sastra sebagai peristiwa sosial danmomentan lebih banyak bersangkutan dengan jiwa, nurani, budi, rasa, emosi, dan afeksi”.Kagiyatan apresiasi kagiyatan kang mbutuhake kaprigelan kognitif lan psikomotorik.Kagiyatan kang mbutuhake kaprigelan kognitif yaiku nalika pamaca ngerti apa kangdikarepake ana ing gancaran lan bisa jupuk pitutur luhur gancaran iku. Kagiyatan apresiasikang mbutuhake kaprigelan psikomotorik bisa disawang nalika pamaca nglakoni kagiyatankang jumbuh karo gancaran sing diwaca. Urut-urutane apresiasi sastra diandharake dening 67Endraswara (2002: 11-12) yaiku (1) nyenengi, (2) menikmati, (3) nanggepi, lan (4) ngasilake.Urutane apresiasi sastra sing pungkasan uga bisa ditambah “implikasi”. Apresiasi marangsastra Jawa, mligine gancaran bisa kalaksanan kanthi sampurna menawa pamaca bisa tumindakmanut kaya pitutur sing diwulangake ana ing gancaran kasebut. Kagiyatan apresiasi ganacaran iku wis mesthi diwiwiti kanthi maca lan kenal karogancaran kang arep diapresiasi. Rasa seneng utawa ora marang gancaran iku mesthine tekanalika gancaran diwaca. Menawa gancaran sing diwaca kuwi apik, rasa seneng iku bisa gawepamaca “menikmati” gancaran sing diwaca. “Menikamati” ana ing kene ana gandheng cenengekaro rasa seneng sing teka saka jroning ati. Kagiatan nanggepi gancaran iku bisa kalakonmenawa pamaca wis bisa ngerti pesen kang ana ing sajroning gancaran. Pamaca ana ing bagianiki wis bisa nganalisis pitutur luhur ana ing gancaran sarta bisa narik paedah saka kadadean-kadadean ana ing gancaran. Sawise pamaca mangerti pitutur luhur ana ing gancaran, pitutur kang ana iku dipikirnganggo rasane dhewe. Pitutur becik kang wis piker nganggo rasa iku banjur ditrepake ana ingurip padinan. Bab iki minangka wujud implikasi saka kagiyatan apresiasi gancaran. Pituturkang ana ing gancaran ora mung dianggep doalanan, nanging uga bisa nggeterake ati supayatumindak becik kaya kang diwulangake. Sanajan mangkono, implikasi ana ing kagiyatanapresiasi uga bisa kalaksanan nalika pamaca dadi luwih kreatif amarga oleh ilham saka macagancaran.5. Sinopsis Gancaran Sinopsis gancaran yaiku ringkesan saka gancaran sing diwaca. Sanajan ringkes,sinopsis bisa makili crita kang ana ing gancaran. Pamaca tetep bisa ngerti sapa wae kang dadiparaga, kepiye urut-urutan kadadean ana ing gancaran, lan amanat apa kang bisa kadudut sakagancaran iku. Bab iki amarga sinopsis kang kagawe kudu tetep ngemot unsur intrinsik gancaransing disinopsis. Kagiyatan gawe sinopsis gancaran iki bisa klebu ana kagiyatan apresiasi.Sadurunnge nulis sinopsis, panulis wis tamtu nglakoni kagiyatan maca, mikir nganggo rasa,mbedhah pitutur ana ing gancaran, banjur gawe sinopsis minangka implikasi saka macagancaran iku. Nulis sinopsis iku bisa menehi gambaran kang ringkes lan cepet babagan isi naskah.Nalika arep crita babagan gancaran kang diwaca, sinopsis bisa dadi alternatif kangonjlentrehake isi gancaran. Sanajan mangkono, sinopsis uga bisa mbantu wong liya nalika milih-milih gancaran kang arep digunakake kanggo kagiyatan tertamtu saengga pamaca bisa luwih 68cepet anggone nemtokake gancaran kang arep digunakake. Gawe sinopsis gancaran iku diwiwiti kanthi maca gancaran kang arep digarap. Menawapanulis ora maca gancaran sik, wis tamtu ora iso nulis sinopsis amarga ora ngerti kepiyecaritane, sapa paragane, piye setting, sudut pandangi, alur, amanat, lan sapiturute. Nalika wismaca panulis kudu nulis bab-bab kang penting ana ing gancaran, kayata tema lan sapiturute.Luwih becik meneh menawa panulis gawe rangkane sinopsis kang padha karo gancaran,supaya anggone nulis ora morak-marik. Nulis sinopsis iku, sanajan mung saithik tetep kudunggatekake pamilihing tembung. Kalimat kang karonce nganggo tembung kang endah wistamtu luwih nyenengake menawa arep diwaca. Supaya bisa katulis kanthi ringkes, pacelathonana ing gancaran ora usah ditulis kaya asline. Pacelathon iku bisa wae mung dijupuk sari patinewae sing penting bisa nggambarake kahanan kang ana ing gancaran.D. FORUM DISKUSI 1. Gawea kelompok banjur golakana cerita rakyat ing Jawa banjur tulisen nganggo basa Jawa kang apik! 2. Golekana bedane crita rakyat, cerkak, lan novel! 69PENUTUPA. RANGKUMAN1. Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang.2. unsur intrinsik gancaran yaiku tema, plot, watake paraga, latar/setting, sudut pandang, pamilihing basa, lan piwulang”.3. Unsur ekstrinsik ana ing gancaran iso sinawang saka telung kahanan yaiku saka pengarang, kahanan sing maca, lan kahanan panggon nalika ngarang.4. Jinise gancaran ana loro, yaiku klasik lan modern.5. Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ana ing masarakat tartamtu.6. Cerkak yaiku salah sawijining wujud gancaran kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan mung ngemot saperkara.7. Novel (Inggris: novel) minangka karya sastra kang uga sinebut fiksi. Saka tembung asale yaiku novella ateges ‘sawijining barang anyar kang cilik’ lan sabanjure ditegesi ‘cerita pendek’ ing sajrone prosa/ gancaran.B. TES FORMATIF1. Salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra yaiku... A. gancaran B. tembang C. kakawin D. geguritan E. macapat2. Panemu kang dibabar ana ing gancaran diarani ... A. alur B. setting C. point of view D. tema E. piwulang3. Urutane kadadean ana ing gancaran, sinawang saka wiwitan tekan pungkasan diarani … A. alur 70B. setting C. point of view D. tema E. piwulang4. Pitungkas/pitutur luhur kang ana ing gancaran diarani … . A. alur B. setting C. point of view D. tema E. piwulang5. Gambaran babagan kahanan ana ing gancaran diarani… . A. alur B. setting C. point of view D. tema E. piwulang6. Carane panulis mapanake awake dhewe ing carita manut panemune diarani... A. alur B. setting C. point of view D. tema E. piwulang7. Watake paraga ana ing gancaran kapara dadi telu, yaiku … . A. protagonis, antagonis, tritagonis B. protagonis, antagonis, dwitagonis C. protagonis, dwitagonis, tritagonis D. dwitagonis, antagonis, tritagonis E. monogonis, dwitagonis, tritagonis8. Perangane gancaran kang ngemot prakara saka sing sadurunge biasa-biasa wae suwe- suwe dadi saya ruwet diarani … . A. komplikasi B. orientasi C. anti klimaks 71D. klimaks E. pungkasan9. Perangane gancaran nalika prakara kang ana wus parah banget. Prakara ing gancaran wus ana ing bagian puncak-puncake diarani … . A. komplikasi B. orientasi C. anti klimaks D. klimaks E. pungkasan10. Wiwitane gancaran kang wujude panjlentrehan babagan paraga lan setting crita diarani … . A. komplikasi B. orientasi C. anti klimaks D. klimaks E. pungkasan11. Ukara panutup ing cerita rakyat yaiku… . F. Sawijing dina G. Eliding cariyos H. Miturut ki dalang I. Duk samana J. Si kancil banjur lunga12. Sastra lisan asifat komunal, tegese yaiku… . A. Asifat individual B. Lugu/polos C. Tiyang kang nyipta kasumurupan D. Duwene wong akeh E. Duwe logika dhewe13. Cerita rakyat dhaerah Jawa iku migunakake … . A. Basa Walandi B. Basa Cina C. Basa Indonesia D. Basa Jawa 72E. Basa Bali14. Amanat ing cerita rakyat asifat … . A. Lugu B. Lelucon C. Subjektif D. Objektif E. Polos15. Kang kalebu jinising cerita rakyat Legendha yaiku … . A. Legenda Ki Ageng Sela B. Kodhok karo Bango Tthonthong C. Kancil Nyolong Timun D. Macan lan Wedhus E. Nyai Lara Kidul16. Dongeng kang ngemu watak lucu lan nyenengake, yaiku… . A. Mite B. Legendha C. Anekdot D. Legendha religi E. Legendha setempat17. Cerkak yaiku … . A. Salah sawijining wujud anggitan kang ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. B. Sawijining wujud anggitan kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan mung ngemot saperkara C. Bentuk sastra kang wujude bebas, ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang. D. Wewarah kang diajarake kanti cara sesidheman; pasinaon kang ngemu pasemon. E. Salah sawijining wujud anggitan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.18. Titikane cerkak yaiku … . A. Paraga utama ana ing cerkak bisa luwih saka siji. B. Setting sing digunakake setting tunggal. C. Prakara ana ing cerkak mung ana siji. 73D. Cacahe tembung luwih saka 15000. E. Luwih prayoga menawa ora nganggo pacelathon.19. Karya fiksi Jawa modern kang kerep kamot ing majalah lan diandharake sithik mbaka sithik yaiku… . A. Cerkak B. Geguritan C. Roman D. Novel E. Cerbung20. Karya sastra Jawa kang kalebu karya fiksi modern yaiku … . A. Serat Riyanto B. Mahabarata C. Kalatidha D. Serat Centhini E. Kidung Sundha 74KEGIATAN BELAJAR 4 TEMBANG MACAPAT PENDAHULUANA. DESKRIPSI SINGKAT Salah sawijine tujuwan utawa ancasing piwulang basa Jawa yaiku ngrembakakakekawasisan, kaprigelan ing basa lisan lan tulis. Ing piwulang ya pasinaon kawasisantembang macapat, bisa kaperang dadi 4 (papat); yaiku ngerti teori lan mumpuni prakteknembang, kanthi sangu: (a) ngerti lan paham laras (Slendro apa Pelog), (b) wasis lanpaham titilaras (nada) kanthi bener ora blero; (c) bisa nglagokake kanthi bener, becik, lannyenengake; (4) prigel lan trampil nganggit tembang macapat kanthi tema kang manekawarna, ditulis lan dicakake kanthi bener, becik, lan nyenengake kang padha ngrungokake.Tembang macapat kalebu kawasisan/ kaprigelan ing babagan “kagunan seni” kangrinamu basa lan sastra; kalebu kawasisan wicara (praktek nembang) lan nulis (gawe teksutawa naskah tembang macapat). Tembang macapat mujudake salah sawijine kawasisan olahing swara (seni) kanthipiranti basa kang kapacak ing kurikulum lan kudu diwulangake ana ing SMP, MTs lanSMA/ SMK. Kawasisan tembang macapat mujudake salah sawiijine indikator kasil/sukses lan orane para putra siswa anggone sinau; amarga siswa kang wasis, trampilpraktek nembangake/ nglagokake tembang macapat lan pinter sarta prigel nulis gawe teks/naskah tembang macapat, lumrahe nduweni wawasan lan ide kang akeh lan kawasisanmilah lan milih tembung-tembung, ngrakit/ ngronce ukara, lan bisa nglagokake/mraktekake tembang macapat kanthi bener, becik, lan nyenengake kang padhangrungokake. Modul tembang macapat iki karakit kanggo para dwija basa Jawa kangbakal mulangake materi tembang macapat kanggo para putra siswa. Modul tembang macapat kaperang dadi 2 (loro) yaiku materi teori lan praktekutawa gladhen. Babagan materi teori ngrembug perkara: pangertening tembang macapat,tuwuh lan kang angripta tembang macapat, cacah/ gunggunging tembang macapat; 75paugerane, watak, sasmita tembang macapat; makna filosofis lan gunane tembangmacapat. Wondene kawasisan praktek/ gladhen diwujudake kanthi tuladha-tuladhatembang macapat kang ana titilarase lan supaya dipraktekake. Mula para dwija kudutansah gladhen nembang macapat kang wusanane para siswa dadi tresna sarta gandrung,lan wasis nembang macapat.B. PETUNJUK BELAJAR 1. Modul iki isine ngemot materi teori lan materi praktek/ gladhen. 2. Wacanen materi kang ana ing modul kanthi teliti lan premati! 3. Gawea cathetan / ringkesan bab-bab kang kok-anggep wigati/ penting! 4. Golekana sesambungan antarane materi kang ana ing modul karo pengalamanmu ing kelas utawa ing bebrayan agung utawa masyarakat! 5. Wangsulana gladhen/ latihan soal-soal kang ana ing modul kanthi temen! 6. Kunci jawaban kang ana modul iki semak lan wacanen kanggo nyocokake wangsulan kang ana tuladha ing gladhen. 7. Para dwija maringana biji kanthi rumus JB/JS X 100 ! 8. Menawa bijimu 80, banjur lagi bisa nerusake maca kegiatan belajar 2; ananging menawa bijimu kurang saka 80, kudu maca materi modul maneh kanthi premati lan teliti! 9. Rembugen karo kanca dwija lan sesama menawa ana materi kang kok-anggep angel/ ora ngerti. 10. Pada dwija basa Jawa wajib tansah gladhen tembang macapat kang wis kapacak ing modul iki, pamrihe supaya tambah wasis lan mumpuni menawa praktek nglagokake tembang macapat; lan uga trampil nganggit tembang macapat kanthi basa tulis/ teori.76INTIA. Capaian Pembelajaran: Mampu membuat, menganalisis, mengevaluasi, dan memraktekkan secara tepatdan kritis “teks tembang macapat” sesuai dengan nada/ titilaras dalam beragaminformasi dalam teks bahasa Jawa lisan dan tulis dalam konteks keseharian/umum,akademik dan pekerjaan.B. Pokok-Pokok Materi 1.Tegese tembang macapat 2 Tuwuh lan pangriptane tembang macapat 3. Cacah lan gunggunging tembang macapat 4. Gunane Tembang Macapat 5. Paugerane Tembang Macapat 6. Sipat utawa Wataking tembang macapat 7. Sasmita Tembang Macapat 8. Cara Nglagokake Tembang Macapat 9. Makna Filsofise Tembang MacapatC. Uraian Materi 1. Tegese Tembang Macapat Tembung “tembang” kalebu leksikon basa Jawa ngoko, basa kramane “sekar”;lan “sekar” uga nduweni teges “kembang”, gumantung gegayutaning ukara. Tuladha:Kula nembe gladhen sekar macapat Mijil. Ibu nembe mundhut sekar Mlathi wonten peken.Wondene “macapat” mujudake sawijining jinising tembang kang ana lan sumebar ingtanah Jawa. Tembang utawa “kagunan seni” mujudake kasiling basa sing edi lan endah ,sing wujude rerangkening tembung-tembung kang kawengku pranatan-pranatan kanggumathok, yaiku “lagu”. Jalaran tembang iku mujudake wujuding karangan kangdidhasari lagu utawa metrum. Jinising tembang kuwi akeh banget, kayata: tembang 77Gedhe ‘sekar Ageng’, tembang Tengahan, tembang Cilik ‘sekar Macapat’, tembangDolanan, Gerongan, Suluk. Ing buku Mardawalagu (tt, 2) anggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita,diandharake apa sebabe diarani “tembang macapat”, jalaran: (a) Wacan kapisan ngemot“Sekar Ageng/ Tembang Gedhe”, (b) wacan kapindho ngemot “Tembang Gedhe”, (c)wacan kaping telu “Tembang Tengahan”, lan (d) wacan kaping papat ngemot “TembangAlit utawa Sekar Macapat. Wondene wacan kapisan tumeka kaping papat mau menawadiwaca kanthi urut, unine “Maca Salagu, Rolagu, Trilagu, Patlagu”. Dadi wacan kapingpapat utawa maca patlagu kang ngemot “Sekar Alit”, tumeka saiki diarani “TembangMacapat, jalaran mujudake urutan wacan kang kaping papat. Asal usul lan tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan kanggumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene tegese tembangmacapat, yaiku. a. Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake; lan tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi) wancahan saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget (Poerwadarminta, 1939: 298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah lan nikmat. b. Macapat dumadi saka tembung maca, lan pat kang owah dadi “mat”, kang asale saka basa Walanda /Belanda “maat”, tegese: irama, tembang, metrum. Mula macapat tegese maca kanthi iramaning tembang utawa metrum utawa menyanyi. Irama utawa lagu sajroning tembang macapat iku sing lumrah kanthi gregel, yaiku lak-luking suwara, munggah mudhuning suwara kang winates 4 (papat) titilaras. c. Macapat dumadi saka tembung “maca” lan “pat” wancahan saka tembung “papat”; jalaran anggone maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4 wanda) waton pas entek utawa tumibaning tembung, boten kenging medhot tembung. Mula gumantung tembung-tembung kang digunakake sajroning tembang; bisa mandheg ing pedhotan loro telu (2-3); telu loro (3-2); telu-telu (3-3).782. Tuwuh lan Pangriptane Tembang Macapat Tembang macapat mujudaken basa Jawa Baru kang wis lumrah kanggo nulisbuku-buku utawa karya sastra gagrag anyar (baru); lan basa Jawa Baru wiwit wiwitaneabad 16 Masehi digunakake kanggo nulis kasusastran Jawa. Sajroning Serat Centhini(PB V) kang katulis ing jaman karaton Surakarta Hadiningrat mratelakake menawaversine ana 6 (enem) lan kabeh mawa sengkalan kanggo ngeling-eling taun panulise;wondene kabeh sengkalan mau mratelakake dumadi ing wiwitane abad 19 Masehi(Sumidi Adisasmita sajroning Darusuprapta, 1962: 152). Dadi tuwuhipun tembangmacapat bisa dipesthekake antarane pungkasaning abad 16 Masehi tumeka wiwitane abad19 Masehi. Sapa kang yasa utawa ngripta tembang macapat, pira cacahe durung apapamanggih kang gumathok lan gumolong, mula kerep dadi pasulayaning panemu ingsarasehan-sarasehan; jalaran jawabane beda-beda durung gumathok. Wondenepemanggihing para winasis tuwuhe sekar macapat bisa kaperang dadi 2 utawa rongpanemu, yaiku.a. Adhedhasar Panemu Tradhisional utawa Para Sepuh Kang yasa tembang macapat iku para wali, kira-kira ing jaman Mataram akhirtumeka jaman Pajang, kurang luwih akhir abad 15 Masehi tumeka wiwitan abad 16Masehi; wiwitane budaya Islam lumebu ing tanah Jawa. Wondene para wali kang yasatembang macapat, yaiku: 1) Sunan Kalijaga yasa tembang macapat: Dhandhanggula, 2) Sunan Giri: Asmaradana lan Pocung, 3) Sunan Bonang: Durma, 4) Sunan Kudus: Maskumambang, Mijil, 5) Sunan Muria: Sinom, Kinanthi, 6) Sunan Drajad: Pangkur (Umar Hasyim, 1974). 79Ana pemanggih liya, yaiku Sri Sulistiani, dkk. (2017: 15); menawa tembangmacapat kang cacahe ana 11 (sewelas) iku dicipta para walisanga; kaya ing ngisor iki. No. Sekar/ Tembang Pangripta 1 Mijil Kanjeng Sunan Geseng 2 Sinom Kanjeng Sunan Giri Kedhaton 3 Maskumambang Kanjeng Sunan Majagung 4 Pangkur Kanjeng Sunan Muryapada 5 Durma Kanjeng Sunan Bonang 6 Kinanthi Kanjeng Sultan Adi Herucakra 7 Asmaradana Kanjeng Sunan Giri Kedhaton 8 Dhandhanggula Kanjeng Sunan Kalijaga 9 Gambuh Natapraja 10 Megatruh/ Dudukwuluh Kanjeng Sunan Giri Parapen 11 Pocung Kanjeng Sunan Gunungjatib. Adhedhasar Sujarah Tuwuhe tembang macapat ing pungkasaning jaman Majapahit utawa Majapahitakhir, rikalane pengaruh utawa pangaribawa Hindhu sangsaya tipis lan luntur, wondenerasa manunggaling bangsa Indonesia tambah kiyat. Mula wujud/ bentuk kakawin kanthimetrum Hindhu sangsaya luntur lan sumingkir, lan tuwuhipun kidung lan tembangmacapat kanthi metrum asli Jawa. Kanthi dhedhasar rong panemu ing dhuwur bisa kadudut utawa disimpulakemenawa tembang macapat iku tuwuh/ timbul ing pungkasaning jaman Majapahit, yaikuanane kidung ing sajroning kasusastran Jawa Tengahan. Sawise pungkasaning abad 16Masehi diarani tembang macapat kanggo ngripta/ nganggit kasusastran Jawa Anyar.803. Cacah utawa Gunggunge Tembang Macapat Cacah utawa gunggunge tembang macapat antarane para winasis kagunan seni sijilan sijine durung ana pasarujukan kang gumathok; nanging menawa kagerba ana telungpamanggih/ panemu, yaiku. a. Cacah/ gunggunging tembang macapat ana 9 (sanga/ nawa), kang dhasar wiwitane tembang: Dhandhanggula, banjur tuwuh tembang macapat: “Durma, kinanthi, Maskumambang, Mijil, Pangkur, Asmaradana, Pocung, lan Sinom”. b. Tembang macapat cacahe ana 11 (sewelas), yaiku padha karo 1) ng dhuwur katambah tembang: Gambuh lan Megatruh/ Dudukwuluh. c. Tembang macapat gunggunge ana 15 (limalas), kaya angka 1) lan 2) andharan ing dhuwur, katambah tembang: “Jurudemung, Wirangrong, Balabak, lan Girisa” (Pemanggih/ panemu iki ora lumrah, jalaran papat tembang iku kagolong tembang tengahan. Ananging uga ana panemu menawa tembang Tengahan iku sejatine tembang Macapat kang tuwuhe luwih dhisik; mula paugeran lan pranatane padha antarane tembang tengahan lan macapat. Telung panemu gunggunge tembang macapat ing dhuwur kang lumrah lan adhedhasar ngrembakane kasusastran Jawa ing jaman saiki, padha nyarujuki menawa gunggung utawa cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas). a. Tuladha Tembang Macapat Mijil, Laras Pelog Pathet Nem.

66 [email protected] @ @@ @! [email protected] x x c #

Po - ma ka - ki pa- dha di- pun e- ling!6 !z x x x x @c @

Mring pi- ! [email protected] x x x c# i- ngong 5 6z .x 5x 3c


[email protected] tu - tur 65 55 ran - eSi - ra sa - tri - ya a - # !z x x x x @c u - ga 8123 56533 3 3 2z x.c3Ku - du an- teng jat- mi - ka ing bu - dhi56Ru - ruh 66 6 5z x x x x 6c23 sar - ta was - sisSa - mu 5 5 z56x 5c z3.x c2 ba - rang i - pun b. Tuladha Tembang Macapat “Pangkur”; Laras Pelog Nem35555333Se - kar pang - kur kang wi - nar - na35 56 111 12 3 3Le - la - buh - an kang kang - go wong a - u- rip

56 ! ! ! ! [email protected] x x x x c# [email protected] x x x x c!

A - la lan be - cik pu - ni - ku!65 555 5Pra - yo - ga ka - wruh - a - na3565311 1 1 2z 1x 2c 3 3A - dat wa - ton pu - ni - ku di - pun ka - da - luty111 111mi - wah ing - kang ta - ta - kra - ma1231 2 3 3z c2 1Mum - pa - ngat - i - ba - dan - ne - ki 4. Gunane Tembang Macapat Sinau tembang macapat mujudake salah sawijine sarana lan pambudidaya kanggonglestarekake seni tradhisi lan nyinau piwulang-piwulang ing kasusasran Jawa kang82sumimpen sajroning cakepan ‘syair, teks’ tembang macapat. Jalaran serat-serat Jawa ingjaman kuna (karaton) akeh kang katulis kanthi wujud basa pinathok ‘puisi tradisional’kakawin, tengahan, mligine tembang macapat. Wondene guna paedahe sinau tembangmacapat, yaiku;(a) Nyenengake kang padha maca utawa nembang, amarga menawawaleh / bosen cengkok utawa laras siji, bisa ganti cengkok utawa laras liyane. (b)Nggampangake pangeling-eling kanggo mangerteni prakara-prakara kang diwujudakeing tembang macapat. Tuladha Tembang “Dhandhanggula”, Laras Slendro Pathet Sanga.

25 66 . [email protected] @@@

Yo- gya- ni - ra kang pa - ra pra - ju - rit@ @ 6 !z x x x x 6c . 6 6 6 6 6 6La - mun bi - sa sa- mya a - nu - la - dha56 66 66 !6 5Ka - dya ngu - ni ca - ri - ta - ne6 ! @ ! 6z x x x x c! 56An - del i - ra Sang Pra - bu66 z6x x x x c5 2 . 2 2 2 2 1z x x x x cySa - sra ba - u ing Ma - es - pa - ti1222222A - ran Pa - tih Su - wan - da35 11 2 1 ytLe - la - buh - an- i- pun12 222 222Kang gi - ne - lung tri pra - ka - ra5 3 2 1z x x x x cy yyyyy122 83Gu - na ka - ya pu - run ing - kang den an - te - pi222 11 2 zyx x x x x c1 1Nu - hon - i trah u - ta - ma 5. Paugerane Tembang Macapat Paugeran, pranatan utawa aturan menawa nganggit/ yasa tembang macapatlumrahe mawa lelewaning basa kang gumathok, kayata: (a) nggunakake tembung-tembung kawi utawa arkhais, tembung garba, baliswara, plutan, wancah; (b) guru gatra,guru wilangan, guru lagu/ dhong-dhing; (c) purwakanthi ‘persajakan’; (d) dayasastra yenditulis kanthi aksara Jawa utawa ketemu ater-ater anuswara dadi luluh, kejaba ingtembung lingga kang konsonan ‘katutswara’ suwarane abot (g, j, dh, d, b) ora bisa luluh‘asimilasi’; (e) sasmita tembang; (f) sandi asma; (g) titimangsa ‘waktu’. Tembang utawa puisi Jawa tradhisional iku lumrahe nggunakake basa kang edilan endah, supaya bisa nyenengake kang padha nembang lan kang mirengake. Mula basaing tembang iku: luwes, pantes kang bisa nuwuhake rasa endah, saged narik lannyenengake kang padha maca lan ngrungokake (Hadiwidjana, 1967: 52). Pangriptatembang macapat lumrahe nggunakake “rengga basa/ basa rinengga”. Adhedhasar paugeraning utawa konvensi guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu(dhong-dhing) tembang macapat bisa digawe tabel ing ngisor iki. Nama tembangPocung 12-u 6-a 8-i 12-a - - - - - -Maskumambang 12-i 6-a 8-i 8-a - - - - - -84Gambuh 7-u 10-u 12-i 8-u 8-o - - - --MegatruhKinanthi 12-u 8-i 8-u 8-i 8-o - - - --MijilPangkur 8-u 8-i 8-a 8-i 8-a 8-i - - - -Asmaradana 10-i 6-o 10-e 10-i 6-i 6-u - - - -Durma 8-a 11-i 8-u 7-a 12-u 8-a 8-i - --Sinom 8-i 8-a 8- 8-a 7-a 8-u 8-a - -- e/o 12-a 7-i 6-a 7-a 8-i 5-a 7-i - -- 8-a 8-i 8-a 8-i 7-i 8-u 7-a 8-i 12-a -Dhandhanggula 10-i 10-a 8-e 7-u 9-i 7-a 6-u 8-a 12-i 7-aa. Tuladha Tembang Macapat Maskumambang; Laras Pelog Pathet Lima5 z6x x x x x !c ! ! ! ! ! ! @ # ! z6.x 5c ma - nut pi - tu - tur wong tu - wa u-Wong tan # # @ !z .x @c gi mu du - ra - ka

! [email protected] x x x x #c


A - ne - 5 6 z!x x x x x [email protected] 6z x x 5x x 3c 2z .x c1 khir655 tu - me - keng a-Ing do - nya 851 2 3 1 2 3 3z x x x x x c2 3z x.5cTan wu - rung ka - su - rang su - rangb. Tuladha Tembang Macapat Asmaradana; Laras Slendro, Pathet Sanga miring1 2 3/ 5 555 5Se - ja - ti - ne u - rip i - ki5! @# !!55Ka - ya de - ne wong le - lu - ngan/3 2 3/ 5 3/ z2x x x x x 3/c 12Neng do - nya mung mam - pir ngom - be555 555 z5x x x x x /3c z/3x x x x x 5cTe - ru - se ja - gad a - ke - rat22 2 2 2 z3/ x x x x x c2 1Nung –gal la - wan pa - nge - ran12 2 2 2 2 2z xc/3 z1x 2cKang ti - tis pa - nges - thi - ni - pun11 11 2 2 3z 2x c1 1Yek - ti an - tuk ka - nu - gra - han 6. Sipat utawa Watake Macapat Gunggung, cacah lan jenenge tembang macapat iku ana 11 (sewelas), lan tembangtengahan ana 4 (papat); kang mratandhani menawa panganggone pupuhing tembang ikuora kena sakarepe dhewe, nanging kudu dijumbuhake karo wataking tembang. Wondenewataking tembang macapat; kaya ing ngisor iki.861) Pocung : Watake sasenenge/ sakarepe dhewe, lucu, sembrana2) Gambuh parikena. Cocok/ jumbuh kanggo cangkriman, nggambarakeprakara kang sembranan. : Paseduluran ‘familier’, sumadulur. Jumbuh kanggo pitutur; pitutur marang kulawarga, pitutur babagan paseduluran. Jumbuh kanggo andharan babagan kulawarga, pitutur, pendidikan, panembah.3) Pangkur : Gumregah,semangat, nesu, perang. Jumbuh/ cocok kanggo paprangan, padudon, pitutur kang semangat makarya, ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna kang makantar-kantar.4) Durma : Semangat, nesu, gummregah, padudon. Cocok/ jumbuh kanggo andharan rasa nesu, cecongkrahan; rasa jengkel, carita paprangan.5) Maskumambang : Sedhih/ susah, trenyuh, getun/ gela. Jumbuh/ cocok kanggo nggambarake rasa susah/ sedhih, getun geduwung, nelangsa.6) Megatruh : Susah, prihatin, gela/ getun. Jumbuh kanggo nggambarake prekara kang susah, rasa sedhih, kuciwa, lan gela.7) Mijil : Prihatin, asih tresna. Jumbuh kanggo andharan utawa nggambarake babagan asih tresna, prihatos, pangajak, pitutur. Jumbuh/ cocok kanggo nggambarake rasa asih tresna, prihatin, pangajak, lan pitutur.8) Kinanthi : Seneng, gembira, asih tresna. Jumbuh kanggo pitutur/ nasihat, nggambaraken rasa asih tresna, lan liya-liyane. 879) Asmaradana : Asih tresna, sedhih, kasmaran. Jumbuh/ cocok kanggo nggambarake babagan katresnan, asih tresna, kasmaran, lara branta, lan liya-liyane.10) Sinom : Asih tresna, lincah, canthas. Jumbuh utawi cocok kanggo prakara kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang lincah ‘kreatif’.11) Dhandhanggula : Luwes, nyenengake, grapyak semanak. Cocok/ jumbuh kanggo nggambarake sakabehe suwasana/ kawontenan. Tuladha Tembang Macapat Kinanthi; Laras Slendro, Pathet Manyura 6! !! ! @z !x @c ## Pa - dha gu - la - ngen ing kal - bu #@@@ # # @ #z @x !c Ing sas - mi - ta a - mrih lan - tip

6! @@ @ @ @z #c !z [email protected]

A - ja pi - jer ma - ngan nen - dra ! 6 6 6 5 z56c 3 z35x c6 Ka pra - wi - ran den ka - es - thi 566 66 6 5 5z 6c Pe - su - nen sa - ri - ra ni - ra 5 5 5z c6 z53c 3 3 3z x56c 6 Ce - gah dha - har la - wan gu - ling887. Sasmitane Tembang Macapat Buku-buku ing kesusasteraan Jawa kang ditulis tembang macapat iku arang kangmenyebutkake jenenge “pupuh” kanthi walaka utawa terus terang, nanging kanthi caranganggo “sasmitaning tembang, sasmita araning tembang, sasmita namaningsekar”.Wondene sasmita tembang iku lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaningpupuh, (b) pungkasaning pupuh, kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuhsabanjure.Tetembungan kang lumrah kanggo sasmitane tembang macapat, yaiku :a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung kang nduweni wanda “cung”.b. Gambuh : tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung- tembung kang awanda “mbuh”.c. Makumambang : kambang, kentir, kencana timbul ing warih.d. Megatruh : duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh.g. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng.h. Mijil : wiyos, winiraos, rarasati, metu.i. Pangkur : mingkur, munkur, kukur-kukur, yuda kenaka.j. Asmaradana : asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin, sedhih.k. Durma : mundur, udur, durcara, duraka.n. Sinom : anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang. 89o. Dhandhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang, guladrawa. a. Tuladha Tembang Macapat Durma; Laras Pelog Pathet Barang356777 77 6 z6c7 5 z3c2Be - ner lu - put a - la be - cik la - wan beg - ja23 5 55 z6c7 z6.x c5Ci - la - ka ma - pan sa - king@#7656Ing ba - dan pri - yang - ga66 6 6 6z c7 5 6Du - du sa - king wong li - ya

67 @ @@@ [email protected]#c [email protected]#c

Mu - la - ne den nga - ti a - ti5 6 7 5z .x 6x c5 z3c2Sa - king dir - ga - maz5x.6x c7 7 7 7 75 z7x.x6c5sing - ga - ha - na den e - ling b. Tuladha Tembang Gambuh; Laras Pelog Pathet Barang7 @ @ @ @ 7 @z c#Sa - meng ko - ting - sun tu - tur

#@ 767 @@ @ 7 [email protected]#

Sem - bah ca - tur - su - pa - ya lu - mun - tur9065 3 z5c6 66 66 75 32Dhi - hin ra - ga cip - ta ji - wa ra - sa ka - ki566 67567Ing ka - na la - mun ti - ne - mu

[email protected] #@7 6 5z 6c 6

Tan - dha nu - gra - ha ning ma - non 8. Carane Nglagokake Tembang Macapat Tembang macapat iku kawengku ing guru gatra, guru wilangan, dhong-dhing,pedhotan, lan watak. Mula yen sinau lan nglagokake tembang macapat kudu mangerteni5 (lima) bab, yaiku paham lan ngerti: (a) guru lagu lan guru wilangan; (b) ala lan becikingsuwara; (c) wataking tembang; (d) tetembungan utawa ukara kang salah; lan (e) pahamlan nguwasani marang tembung-tembung lan basa basa kawi (Hardjowirogo, 1958: 13). Carane nglagokake tembang macapat supaya bener lan becik, kudu mangertenipaugerane lan paham sarta nguwasani ing babagan: (1) laras utawa nada (Slendro lanPelog); (2) titilaras ‘nada, notasi’, yaiku urutane nada (notasi) saka kang cendhek dhewenganti nada kang dhuwur dhewe. Gunane titilaras, yaiku kanggo: (a) nulis notasi tembang;(b) gawe cengkok tembang; lan (c) sinau tembang. Titilaras ing tembang Jawa ikuadhedhasar nada utawa titilaras gamelan Kepatihan. Mula yen wis paham lan mangertenititilaras bakal gampang menawa sinau lan nglagokake tembang macapat. Titilaras iku oramung mujudake urutane angka, nanging urutaning angka kang wis ditata lan mujudakesawijining tembang atau lagu. Bedane urutane angka ing titilaras laras Sledro lan Pelog,yaiku.Urutan titilaras laras Slendro :1–2 -3–5–6–iUrutan titilaras laras Pelog : 1 – 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – i/ - 7 91(3) Cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna lagu, lan tembang macapat nduwenicengkok (gaya utawa lagu) kang akeh. Cengkok mujudake wujud kreativitas senitembang, pramila cengkok asipat rongeh ‘gampang owah’. Tembang kang tanpa cengkokdiarani tembang wantah (lugu, polos, milah, mbalung), lan tembang kangnggunakakecengkok diarani tembang garap (sengsem, sanggit) (Suwardi Endraswara,2010: 86). (4) Pakecapan kudu cetha, supaya kang padha ngrungokake bisa mangerteniisining tembang, bisa mbedakak vocal pepet utawa taling, d lan dh, t lan th, lan liya-liyane. (5) Pedhotan, gatra ‘baris’ kang cacah utawa gunggunging wanda 5 – 8, prayogadilagokake sajroning sakpanas (ora perlu mandheg utawa dipedhot ing satengahing ukara/baris). Pedhotan sajroning nglagokake tembang macapat ana werna 2 (loro), yaiku: (a)pedhotan kendho, yaiku pedhotan kang ana ing pungkasaning tembung, lan (b) pedhotankenceng, yaiku pedhotan ing satengahing tembung kang ora wutuh utawa durung rampung(pedhotan kang cacat/ ala). (6) Gatra utawa baris kang guru wilangane luwih saka 8(wolu) wanda, prayogane mandheg ing napas 4 (papat) wanda kapisan, lan diterusakesaknapas sakbanjure. Menawa 4 (papat) wanda kapisan ora tumiba pungkasaningtembung; prayogane anggone mandheg ing pungkasaning tembung, sanajan lima utawaenem wanda. (7) Kudu bisa mbedakake purba andhegan ‘berhenti bernafas’, ingsatengahing gatra, lan mandheg ing pungkasaning gatra, lan mandheg ing pungkasaningpada ‘bait’. (8) Nggatekake laya ‘irama’ sajroning tembang, supaya bisa jumbuh karowataking tembang.Tuladha tembang Pangkurkudu semangat, jalaran wataking tembangPangkur, yaiku “gumregah, perwira, semangat, wani”. (9) Paham gregel,yaiku membatmentuling suwanten utawa embat, lan gunane kanggo gawe endahing tembang macapat.Wondene gregel ing tembang macapat iku akehe 4 (papat) gelombang titilaras. Gregelbisa dibedakake ana 2 (loro), yaiku: (a) gregel andhap, tegese gregel sing dilagokake ingperanganing wanda tembung kang pungkasan, contone “ra” ing ukara: mingkar mingkuring angkara. (b) gregel hanung, tegese gregel kang dilagokake ing wanda sadurungepungkasaning tembung ing pungkasaning gatra, tuladhane “ka” ing ukara: mingkarmingkur ing angkara. (10) Paham utawa ngerti “luk”, yaiku munggah mudhun utawaombake suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi) kang digawe. Ing tembangmacapat, lukora becik menawa ngluwihi tigang titilaras, jalaran luk kang dawa iku arane92bawa. Gunane luk kanggo gawe edi, endah lan kepenak menawa dirungokake. Luk bisadibedakake ana 4 (papat); yaitu luk: (a) ndhudhuk, maksude luk kang titilaras (nada,notasi) urut utawa cedhak utawa munggah marang titilaras sadhuwure; tuladhane nada:23, 35, 45, 56”; (b)niba,tegese nada (titilaras) kang dhuwur mudhun marang nadasangisore, tuladhane nada: “53, 32, 54, 16, 76”; (c) tangi, maksude luk saka titilaras kangcendhek tumuju marang nada kang luwih dhuwur, tuladhane titilaras: “235, 356, 367,561”; lan (d) nyeklek,yaiku luk kang munggah lan mudhun utawa suwalike kanthimlumpat kang ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532, 6576”. Tuladha Tembang Macapat “Sinom” Laras Pelog Pathet Nem

[email protected]@@@ @z #c ! @z c!

Nu - la - dha la - ku u - ta - ma

!!! ! ! ! !z [email protected]! 6z x.c5

Tu - mrap -e wong ta - nah Ja - wi

[email protected] # !z @c !6 6 5z c6

Wong a - gung ing Ngek - si - gan - da6 6 6 z5c6 2 2 2z c3 1z 2x x1ycPa - nem - ba - han Se - no - pa - ti355 5 5 z56c 5Ke - pa - ti a - mar - su - di3 2 2 2 z23c 2z x1yc 1z 2c 2Su - da - ning ha - wa lan nap - su123 33 33Pi - ne - su ta - pa bra - ta355 6 2 2 z2c3 z1x21x cyTa - na - pi ing si - yang ra - tri3 5 5 5 5 5 5z c6 5 3 z2c3 z12c 2A - me - ma - ngun kar - ye - nak tyas ing se - sa - ma 939. Makna Filosofise Tembang Macapat Manungsa urip ana ngalam ndonya wiwit lair tumekaning seda, ora luput saka 3(telung) lelakon kang dialami, yaiku: metu, manten lan mati utawa ing rikalane mbobot,lair, bayi, rikala anak-anak / lare, mudha/ remaja, rikalane dewasa (palakrama,kulawarga), lan rikalane seda (Damardjati Supadjar, 1985 : 194). Tembang macapatmenawa diurutake lan kaandharake werdine pranyata ngemot piwulang kang luhur sartautama, lan nduweni makna falsafahing manungsa rikala urip ana donya; wiwit lairtumekaning pati, yaiku : 1. Mijil : yaiku wektu rikala bayi lair utawametu, mijil‘keluar, lahir’. Watake tembang iki prihatin, amarga wong tuwa (bapa biyung) rikalane padha ngarep-arep lan nunggu anake kang bakal lair, lumrahe dikantheni padha prihatin; kang pamrihe supaya anak lan biyunge tansah nemu slamet, bagya lan mulya. Wiwit ana guwa garba tumekaning lair nyawang padhanging hawa, mugya tansah manggih raharja lan uripe tansah utama sarta bagya mulya.Bapa biyungtansah prihatin, lan lumrahe linambaran rasa seneng amarga idaman, gegantilaning ati; yaiku putrane wis lair kanthi wilujeng. Kanggo mengayubagiya, wetuning rasa, medharake bebukaning carita‘rasa syukur lan panarima laireputra kanggo nyambung sujarahe wong tuwa’.2. Maskumambang : nggambarakewektu rikalane isih bayi (anak-anak)kang kebaknikmatingmurip, bayi (anak) isih mardika durung duwe lan ora ngerti rekasaning urip. Lare (anak-anak) tansah seneng-seneng utawa dolanan, gegojekan. Anak menika mujudake rajakaya lan rajabrana kang aji banget menggahe wong tuwa; amarga kang bakal nyambung sujarah lan gegayuhane bapa biyung. Watake tembang Maskumambangyaikunalangsa ‘prihatin, sedih’; jalaranwong tuwa tansah nggadhadhahi rasa khawatir, was-was menawa anakeanggone dolanan, gegogegan, lan guyonan tansah slamet, adoh saka bebaya. Wataking anakkang durung nduweni petung lan tetimbangan anggone943. Sinom tumindak lan tansah gegojegan; isih nggugu sakarepe dhewe, lare4. Durma (anak-anak) yen duwe karep isih sakarepe dhewe utawakaduk wani kurang deduga ‘sangat berani belum punya pertimbangan’.5. Asmaradana6. Kinanthi : yaiku nggambarake anak wis dadi nom-noman utawa mudha, watakegrapyak semanak, luwes‘supel’. Pancen para mudha (nom- nomam) lumrahe tansah seneng srawung utawa kekancan/ paseduluran, wasis micara kanggo ngupadi sedulur lan tansah gawe seneng ‘simpatine’ wong liya. : yaiku nggambarakerikala isih nom utawa mudha kang lumrahe gampang kagodha lan kapribawanprekara kang ala, napsu angkara murka, kagodha ombyaking jaman.Tembang iki watakegalak ‘pemberani’, sereng ‘tegang’, seneng critakake babagan padudon utawa perang. Pancen lumrahe para mudha iku anggone ngadhepi urip utawa kahanan iku trengginas ‘dinamis’ lan trampil (kreatif inovatif). Para mudha lan mudhi lumrahe gampang kagodha pasrawungan lan watake gampang nesu (emosi) lan seneng padudon.. : nggambarakenom-nomam (mudha-mudhi) kang wis wiwit nduweni rasa tresna,kasmaran ‘jatuh cinta’, kepencut marang wong liya kang beda jinise. Watake tembang iki grapyak ‘simpatik’, seneng, gembira lan sedhih. Bab iki nggambarakemenawa mudha-mudhi lagi ketaman asmara, lara branta; lumrahe atine seneng banget, nanging kacampuran rasa sedhih/ susah; jalaran khuwatir menawa kekasihe kagodha lan digodha mudha/ mudhi liyane. : nggambarakewektu utawa rikalane mudha-mudhi wis wiwit padha gegandhengan tangan utawaurip bebrayan, wis mbangun bale wisma ‘berkeluarga’, urip kang rukun lan ayem tentrem, bagya mulya ‘damai’. Watake sarwa seneng, asih, gumolong ‘bersatu’. Pancen

95