Golekana tuladhane ukara carita ing teks laporan kegiatan karya wisata menyang Yogyakarta

Soal dan Jawaban Bahasa Jawa Uji kompetensi wulangan 5 kelas 9 kurikulum 2013

1. Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo.

a. dokumen pribadi para siswa 

b. dokumen kanggo sekolah

2. Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku ...

1) Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2015.

2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil. 

3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.

4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah. 

Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiatan yaiku ing ukara nomer ...

4. Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku ...

c. nganggo basa sing endah

d. dilampiri data lan foto

5. Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani ...

6. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara lamba yaiku ....

a. Budi tuku kaos, dene ali tuku tas.

b. Para siswa ngrungokake pengumuman saka gurune. 

c. Lamongan hawane panas, nanging malang adhem.

d. Rani ora melu piknik jalaran lara.

7. Ukara kang cocog kanggo bageyan panutup ing teks laporan kegiatan yaiku ...

a. Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang.

b. Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135. 

c. Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar.

d. Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015.

8. Sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku ...

a. Sumarno budhal menyang daleme simbah.

b. Amarga bukune keri dina nangis. 

c. Aku mampir toko buku gramedia.

d. Murid-murid padha nglumpuk ing lapangan.

9.

Golekana tuladhane ukara carita ing teks laporan kegiatan karya wisata menyang Yogyakarta

panulise aksara latin sing bener yaiku

10. "pesisir Parangtritis", panulise aksara Jawa sing bener yaiku …

Golekana tuladhane ukara carita ing teks laporan kegiatan karya wisata menyang Yogyakarta

Saya adalah admin dari Instagram @memekoplak.hqq. Disini saya membuat blog untuk Fansub anime (MKH Fansub) dan Pembahasan anime (MKH Anime). Jadi jika kalian penasaran dengan meme saya, langsung cek …

  1. 1. SMP KATOLIK STELLA MARIS TERAKREDITASI “A” JL. TEMBAAN 18-22, SURABAYA BAB 5
  2. 2. Kirtya Basa IX 122 WULANGAN 5 PARIWISATA Kompetensi Dasar Indikator 1.1 Menghargai dan mensyukuri keberada an bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk meningkatan pengeta-huan dan keterampilan berbahasa daerah, serta untuk melestarikan dan mengembangkan budaya daerah untuk didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan pengembangan kebudayaan Nasional. 1.1.1 Berdoa sebelum memulai dan sesudah kegiatan belajar bahasa Daerah 1.2 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis. 1.2.1 Menggunakan bahasa Daerah sebagai sarana memahami informasi lisan. 1.3 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana menyajikan informasi lisan dan tulis. 1.3.1 Menggunakan bahasa Daerah sesuai dengan tata krama. 2.1 Memilikiperilaku jujur dalam menceritakan ssudut pandang moral yang eksplisit. 2.1.1 Jujur dalam menceritakan sesuatu 3.5 Memahami struktur teks, kaidah, dan unsur kebahasaan dalam menulis laporan kegiatan 3.5.1 Mengidentifikasi struktur teks laporan kegiatan. 3.5.2 Mengidentifikasi unsur kebahasaan teks laporan kegiatan. 3.5.3 Menjelaskan kaidah menulis teks laporan kegiatan
  3. 3. 123 Kirtya Basa IX 4.5 Menulis laporan kegiatan sesuai kaidah. 4.5.1 Menulis rumusan tujuan penulisan laporan 4.5.2 Menulis kerangka laporan. 4.5.3 Mengembangkan kerangka laporan menjadi laporan lengkap. 4.5.4 Membaca nyaring teks laporan kegiatan. 4.5.5 Menyalin paragraf laporan kegiatan dengan aksara Jawa/ carakan Madhurâ Mbabar Wawasan 1. Nyemak Teks Ing ngisor iki ana teks lelagon kreasi anyar. Coba setitekna, sabanjure tembangna bebarengan! Lelagon kasebut isine nggambarake kegiatan pariwisata. Dinane iki pamarentah Provinsi Jawa Timur lagi ngrengseng ngrembakakake bidhang pariwisata, apamaneh kanthi MEA [Masyarakat Ekonomi Asean]. Lumantar MEA kejaba ngrembakakake bidhang ekonomi, bidhang-bidhang liyane uga ora luput dadi kawigaten. Yo kanca nyang gisik gembira Alerap-lerap banyune segara Angliyak numpak prau layar Ing dina Minggu keh pariwisata Alon praune wis nengah Pyak pyuk pyak banyu binelah Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu Ngilangake rasa lungkrah lesu Adhik njawil mas Jebul wis sore Witing kelapa katon ngawe-awe Prayogane becik bali wae Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe
  4. 4. Kirtya Basa IX 124 Bausastra gisik : pesisir gembira : seneng alerap-lerap : kahanane banyu sing lerap-lerap angliyak : gliyak-gliyak, alon-alon keh : akeh pyak pyuk : nggambarake swarane banyu binelah : di belah jemu : waleh, bosen lungkrah : kesel lesu : loyo jebul : pranyata, tibane prayogane : apike becik : apik 2. Mangerteni isine teks. Sawise nembangake lelagon ing dhuwur, wangsulana pitakon-pitakon iki! 1] Apa irah-irahan lelagon kreasi anyar ing dhuwur? 2] Kapan wong-wong padha pariwisata? 3] Menyang ngendi anggone padha pariwisata? 4] Tembunge liya pariwisata kuwi apa? 5] Kepriye lakune prau? 6] Kepriye kahanane banyu segara? 7] Prayogane becik bali bae. Kena apa? 8] Para siswa apa wis tau nindakake pariwisata utawa rekreasi? 9] Kepriye panemumu sawise nindakake pariwisata? 10] Pengalaman wigati apa sing kojupuk sawise melu rekreasi utawa pariwisata? Kegiatan 1: Wangun Teks Laporan Kegiatan Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung dileksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa klompok manut kabutuhan. Tujuwan panulisa laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-temen dileksanakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang pawongan utawa lembaga sing menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dimangerteni sapa wae.
  5. 5. 125 Kirtya Basa IX Tugas 1: Nyemak Teks Laporan Kegiatan Bocah-bocah kelas 9 wis ngancik semester 2 utawa semester genep, wektu sing dianti-anti dening para siswa. Sekolah duwe program rutin nganakake kegiatan rekreasi utawa pariwisata kanggo para siswa kelas 9 ing saben semester genep. a. Tuladha teks laporan kegiatan, wacanen sing premati! LAPORAN KEGIATAN PARIWISATA MENYANG YOGYAKARTA 1. Pambuka 1.1 Lelandhesane Pamedharan SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata. Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah, para siswa ora mung sinau neng njero kelas wae. Kanggo nambahi jembare wawasan tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para siswa perlu sinau ing laboratorium alam. Laboratorium alam sajining panggonan kang cocog kanggo mbuktekake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Kanthi mangkono para siswa ora mung ngangen-angen wae, nanging weruh lan ngerti tuladha sing nyata. Lelandhesan kasebut sekolah ngajak marang para siswa karya wisata menyang Yogyakarta. 1.2 Tujuan Kegiatan karya wisata menyang Yogyakarta nduweni tujuwan supaya: a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Indonesia, mligine ing DIY. b. Ngidhentifikasi papan-papan tinggalan sejarah. c. Ngidhentifikasi papan-papan wisata sing duwe nilai budaya kang dhuwur. 2. Isi 2.1 Jeneng Kegiatan Kegiatan taunan iki diwenehi jeneng ”Karya Wisata Siswa SMP Tunas Bhakti menyang Yogyakarta”.
  6. 6. Kirtya Basa IX 126 2.2 Wektu Kegiatan Kegiatan karya wisata dianakake: Dina lan tanggal : Jum’at – Minggu, 20 - 22Maret 2015 Papan tujuwan : Kraton Jogya, Malioboro, Pasar Beringharjo, Museum Jogya Kembali, Candi Borobudur. Peserta : 122 siswa lan 12 pembina 2.3 Klompok Anggota saben klompok bocah 5, dene klompok 15 sing nyusun laporan iki, yaiku: 1] Prambudi Mulyo 2] Sumitro 3] Dina Rahayu 4] Marinta Putri 5] Dewi Mulya Sari 2.4 Dheskripsi Ringkes Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara. Ora aneh, jalaran Yogyakarta pancen bener-bener panggonan sing nyenengake. Yogyakarta kondhang nduweni peninggalan sejarah lan kabudayan. Yogyakarta uga duwe jajanan khas. 1] Kraton Ngayogyakarto Hadiningrat, yaiku papan punjere panguwasa lan pusat kanggo memetri kabudayan Jawa. Ing lingkungan kraton bisa diweruhi kepriye tata cara adat Jawa ditindakake 2] Malioboro minangka panggonan kuliner lan nongkronge para kawula mudha mamerake kabisane ing babagan musik lan nyanyi. 3] Pasar Beringharjo, minangka pasar tradhisional sing tetep diuri- uri. Ing pasar iki didhasarake maneka warna bathik khas Jogya lan sawernane panganan khas Jogya. 4] Museum Jogya Kembali mamerake crita sejarah wujud dhiorama. 5] Candi Borobudur, yaiku candi tinggalan jaman Mataram Kuna minangka candi paling gedhe. Kondhang minangka 7 keajaiban donya kang dibangun ing jaman Wangsa Sanjaya. Candi Borobudur wujude stupa-stupa, jelas yen candi Borobudur ing biyene kanggo pusat ibadah umat Budha.
  7. 7. 127 Kirtya Basa IX 3. Panutup Kegiatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata akeh bab sing bisa disinaoni kanthi langsung. Kita para siswa nduweni wawasan kang tambah jembar, ora mung weruh liwat televisi utawa liwat internet wae, nanging weruh sing sanyatane. Ing pangajab kegiatan karya wisata tetep dileksanakake ing taun candhake kanthi bisa luwih apik. Bausastra mligi : khusus jembar : amba wawasan : kawruh, pengetahuan tumrap : kanggo lelandhesan : kanthi dhasar memetri : nguri-uri b. Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1] Apa jenenge kegiatan ing teks dhuwur iku? 2] Sapa sing nganakake kegiatan karya wisata? 3] Kapan karya wisata dileksanakake? 4] Menyang ngendi wae karya wisata kasebut? 5] Apa lelandhesan dianakake karya wisata? 6] Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara. Apa tegese tembung wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara? 7] Apa tujuwan dianakake karya wisata menyang Yogyakarta? 8] Yogyakarta minangka jujugan para wisatawan. Apa sing dadi unggulan pariwisata ing Yogyakarta? 9] Apa pangajabe panulis kanggo kegiatan karya wisata sabanjure? 10] Critakna kanthi ringkes kang dadi isine teks ing dhuwur! Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Laporan Kegiatan Wacanen sepisan maneh teks laporan kegiatan ”Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta”. Sawise maca teks laporan kegiatan kasebut ing dhuwur coba delengen bagean-bagean kang ana ing teks, yaiku: [1] Pambuka, [2] Isi, lan [3] Panutup. Delengen bagan iki:
  8. 8. Kirtya Basa IX 128 Kanggo mangerteni struktur teks laporan kegiatan wacanen maneh teks ”Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta”. Sabanjure bebarengan karo kanca-kanca klompokmu pilahen manut strukture: Gladhen: Struktur Teks Bagean Teks Pambuka .................................................................................... .................................................................................... Isi .................................................................................... ................................................................................... .................................................................................... Panutup ................................................................................... ................................................................................... Struktur Teks Laporan Kegiatan Pambuka Isi Panutup
  9. 9. 129 Kirtya Basa IX Pepeling: Struktur teks laporan kegiatan kedadean saka: 1. Pambuka Bagean pambuka minangka perangan utawa bagean teks sing nerangake lelandhesan [latar belakang] lan tujuan dianakake kegiatan. Yen ana lelandhesan aturan sing dienggo, lelandhesan kasebut kudu ditulis. 2. Isi Bagean utawa perangan isi teks mujudake wosing teks. 3. 3. Panutup Bagean utawa perangan panutupe teks mujudake simpulan laporan. Ing bagean panutup bisa ditambahi panyaruwe utawa saran tumrap lumakune kegiatan, ing pangangkah kegiatan sing dianakake ing wektu candhake lumaku luwih apik. Tugas 3: Nyemak Unsur Basane Teks Laporan Kegiatan Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta: ukara carita, ukara sambawa, ukata tanduk, ukara tanggap, ukara lamba, lan ukaran camboran. a. Ukara Carita Ing ngisor iki ana tuladha ukara kang kapethik saka teks ”Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta”, semaken sing titi! 1] SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata. 2] Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara. Tuladha ukara 1 lan ukara nomer 2 ing dhuwur yen dideleng saka isine cetha banget manawa nerangake, nggambarake, nyritakake sawenehe bab. Ukara nomer 1 nyritakake yen SMP Tunas Bhakti ajeg nganakake rekreasi utawa karya wisata, dene ukara nomer 2 nyritakake kahanan kutha Yogyakarta sing dadi jujugane para wisatawan. Gladhen:
  10. 10. Kirtya Basa IX 130 Golekana tuladhane ukara carita ing teks ”Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta”! 1] ................................................................................................... 2] ................................................................................................... 3] ................................................................................................... 4] ................................................................................................... 5] ................................................................................................... b. Ukara Lamba Ukara lamba yaiku ukara sing kedadean saka sagatra [klausa]. Ukarane mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan lan katrangan. Tuladha: Para siswa kelas 9 nulis laporan kegiatan. Para siswa kelas 9 = jejer Nulis = wasesa Laporan kegiatan = lesan c. Ukara Camboran Ukara camboran kaperang dadi 2, yaiku ukara camboran sajajar lan ukara camboran susun. 1] Ukara camboran sajajar Ukara camboran sajajar yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Gatra-gatra kasebut digabung utawa digandheng dadi siji nganggo tembung panggandheng. Gatra kang ana ing ukara camboran sajajar wujud gatra inti kabeh. Tembung panggandheng, tuladhane lan, karo, nanging, dene, lan sapanunggalane. Tuladha: [1] Bani mangan bakso lan Doni mangan soto. [2] Sumantri awake kuru, nanging gunawan awake lemu. 2. Ukara camboran susun kang dumadi saka rong gatra utawa luwih. Ukara camboran susun yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Salah sijine gatra minangka gatra inti uga diarani ukara
  11. 11. 131 Kirtya Basa IX baku [induk kalimat], gatra sijine minangka gatra pang [cabang] kang uga diarani ukara tambahan [anak kalimat]. Tuladha: 1] Rina ora melu dolan menyang omahe Gina// jalaran lara. Rina ora melu dolan menyang omahe Gina, sing diarani gatra inti. Jalaran lara, sing diarani klausa pang. 2] Nalika mulih sekolah // Dwiki mampir toko buku. Nalika mulih sekolah sing diarani klausa pang. Dwiki mampir toko buku, sing diarani klausa inti. Gladhen: 1. Gawea tuladha ukara lamba 5, kanthi tema pariwisata! 2. Gawea tuladha ukara camboran sajajar 5, kanthi tema pariwisata! 3. Gawea tuladha ukara camboran susun 5, kanthi tema pariwisata! Tugas 4: Paugeran Nulis Teks Laporan Kegiatan Ing pasinaon iki bakal diandharake bab paugeran nulis teks laporan kegiatan. Ana bab-bab sing kudu digatekake sajroning nulis laporan kegiatan, ing antarane, yaiku: [1] Nulis laporan kegiatan kudu migatekake struktur teks. [2] Nulis laporan kegiatan kudu runtut kareben gampang dimangerteni kanthi migunakake tata basa sing bener. Supaya runtut mula gunakna pitakonan kang nganggo unsur 5W lan 1H. Pepeling: Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan: 1. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang. 2. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong. 3. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan. 4. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu. 5. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan. 6. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.
  12. 12. Kirtya Basa IX 132 Gladhen: Golekana unsur 5 W lan 1H ing teks ”Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta”! Andharanmu lebokna ana tabel ngisor iki: No. Unsur Teks Dheskripsi Ukarane 1. What ................................................................... ................................................................... .................................................................... 2. Who ................................................................... ................................................................... .................................................................... 3. When ................................................................... ................................................................... .................................................................... 4. Where ................................................................... ................................................................... .................................................................... 5. Why ................................................................... ................................................................... .................................................................... 6. How ................................................................... ................................................................... .................................................................... Kegiatan 2: Nulis Teks Laporan Kegiatan Sajroning Klompok Ing pasinaon iki para siswa bakal sinau bebarengan sajroning klompok. Coba tindakna pituduh ngisor iki: [1] Nglumpuka manut klompok sing wis ana, saben klompok anggotane 4- 5 siswa.
  13. 13. 133 Kirtya Basa IX [2] Wacanen teks laporan kegiatan sing sumadiya. [3] Gatekna struktur teks lan unsur basa sing ana ing teks. LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA MENYANG WISATA BAHARI LAMONGAN 1. Pambuka 1.1 Lelandhesane Pamedharan Miturut pasetujon antarane wali murid lan pehak sekolah, siswa SMP Nusa Indah sawise ngancik kelas 9 rekreasi, mula SMP Nusa Indah saben taun ajeg nganakake karya wisata. Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah karya wisata kuwi gedhe banget mupangate kanggo para siswa. Para siswa ora mung sinau babagan teori wae. Kanggo nambahi kawruh tumrap bab-bab sing wis disinaoni, para siswa dijak sinau tuladha sanyatane. Pasinaon ing sanjabaning kelas cocog banget yen dikemas ing kegiatan karya wisata utawa studi wisata. Bab kasebut cocog kanggo mbuktekake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Lelandhesan bab kasebut sekolah ngajak marang para siswa studi wisata menyang WBL [Wisata Bahari Lamongan] 1.2 Tujuan Kegiatan karya wisata menyang WBL nduweni tujuan supaya para siswa: a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Jawa Timur, mligine ing Kabupaten Lamongan. b. Ngidhentifikasi obyek wisata ing sakiwa tengene WBL. c. Ngidhentifikasi wisata alam sing ana gegayutane karo kedadean alam. 2. Inti 2.1 Jeneng Kegiatan Kegiatan taunan iki diwenehi jeneng ”Wisata Bahari Lamongan” 2.2 Wektu Kegiatan Kegiatan karya wisata dianakake: Dina lan tanggal : Minggu, Papan tujuwan : Wisata Bahari Lamongan lan Guwa Maharani. Peserta : siswa cacah 64, pembina 8 2.3 Klompok
  14. 14. Kirtya Basa IX 134 Kabeh kedadean saka 16 klompok, anggota saben klompok bocah 4, dene klompok sing nyusun laporan iki, yaiku: 1] Siti Maesaroh 2] Tantri Kumala 3] Dyah Sawitri 4] Kanthi Rahayu 2.4 Dheskripsi Ringkes Jawa Timur duwe potensi wisata kang perlu dikembangake. Obyek wisata sing dadi jujugan wisatawan dhomestik ing antarane yaiku Wisata Bahari Lamongan. 1] Wisata Bahari Lamongan [ WBL] Wisata Bahari Lamongan [WBL] sering diarani Jatim Park 2. WBL narik kawigaten para pengunjung, jalaran ing WBL akeh banget arena dolanan [bermain]. Manggon ing jalur pantura antarane Surabaya-Tuban, mula gampang banget yen arep tumuju menyang WBL. Sadurunge ana WBL obyek wisata kono luwih dikenal jeneng pantai Tanjung Kodhok. WBL minangka pengembangan obyek wisata Pantai Tanjung Kodhok. 2] Guwa Maharani Guwa Maharani manggone ing sacedhake WBL, klebu obyek wisata kang misuwur ing kabupaten Lamongan. Guwa Maharani nduweni kaendahan kang unik manawa kabandhingake karo guwa liyane. Guwa Maharani nduweni stalagtit lan stalagmit sing mancarake cahya werna-werna. Stalagtit lan stalagmit ing guwa Maharani manut sing jaga guwa isih terus tuwuh dadi tambah gedhe. Kabeh mau klebu proses alamiah minangka paringane Gusti Allah. 3. Panutup Kegiatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata akeh bab sing bisa disinaoni kanthi langsung. Kita para siswa nduweni wawasan kang tambah jembar, ora mung weruh liwat televisi utawa liwat internet wae, nanging weruh dhewe langsung ing papan kang sabenere. Pungkasane tulisan iki panulis nduweni pangajab ing saben taun sekolah tetep nganakake kegiatan karya wisata lan asile bisa luwih apik.
  15. 15. 135 Kirtya Basa IX Bausastra ajeg : mesthi, rutin mligi : khusus kawruh : ilmu, pengetauan mupangate : guna, paedah babagan : bab lelandhesan : dhasar misuwur : kondhang Tugas 1: Ngrumusake Tujuan Laporan Kegiatan Ing kegiatan piwulangan iki para siswa bakal dijak nyinoani tata carane ngrumusake tujuan laporan kegiatan. Coba setitekna tuladha tujuan laporan kegiatan ngisor iki. Kegiatan karya wisata menyang WBL nduweni tujuan supaya para siswa: a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Jawa Timur, mligine ing Kabupaten Lamongan. b. Ngidhentifikasi obyek wisata ing sakiwa tengene WBL. c. Ngidhentifikasi wisata alam sing ana gegayutane karo kedadean alam. Setitekna struktur ukara ngisor iki: Para siswa/ ngidhentifikasi/ obyek wisata/ ing sakiwa tengene WBL. Ukara kasebut yen diudhal: para siswa = jejer ngidhentifikasi = wasesa obyek wisata = lesan ing sakiwa tengene WBL = katrangan panggonan Kanggo ngrumusake tujuan laporan kegiatan kudu migatekake struktur ukara lamba. Rumusan tujuan laporan kegiatan saora-orane kedadean saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambahi lesan lan katrangan. Gladhen: Gawea rumusan tujuan laporan kegiatan kanthi tema pariwisata! No Ukara 1. ............................................................................................... ...............................................................................................
  16. 16. Kirtya Basa IX 136 2. ............................................................................................... ............................................................................................... 3. .............................................................................................. ............................................................................................... 4. ............................................................................................... ............................................................................................... 5. .............................................................................................. ............................................................................................... Tugas 2: Nulis Cengkorongan Teks Laporan Kegiatan Laporan kegiatan sing apik yaiku laporan kang isine ngandharake utawa nyritakake kanthi cetha, gamblang, lan gampang dingerteni dening sapa wae kang maca. Kanggo nulis laporan kegiatan sing apik kudu gawe cengkorongan luwih dhisik. Cengkorongan teks laporan kegiatan kaya ing ngisor iki: Irah-irahan .............................................................. 1. Pambuka 1.1 Lelandhesan Kegiatan ................................................................................................... ................................................................................................... 1.2 Tujuan ................................................................................................... ................................................................................................... 2. Isi 2.1 Jeneng Kegiatan .......................................................................................... 2.2 Wektu Kegiatan ............................................................................................. 2.3 Dheskripsi Kegiatan ............................................................................................. ............................................................................................. 3. Panutup ......................................................................................... .........................................................................................
  17. 17. 137 Kirtya Basa IX Gladhen: Gawea cengkorongane teks laporan kegiatan kang gegayutan karo kegiatan pariwisata apa kegiatan apa wae kang arek koktindakake! Tugas 3 : Nulis Teks Laporan Kegiatan Teks laporan kegiatan ”Laporan Kegiatan Studi Wisata menyang Wisata Bahari Lamongan” wacanen maneh lan jingglengana bebarengan karo kancamu saklompok. Idhentifikasinen bagean-bagean teks. Sabanjure saben klompok nyobaa ngembangake cengkorongan kanthi lelandhesan tuladha teks sing ana. Cengkorongan sing wis kasusun banjur kembangna dadi teks laporan kegiatan. Tindakna kanthi tumemen, sing tliti, aja grusa-grusu kareben asile dadi apik. Gladhen: 1. Nglumpuka karo klompokmu. 2. Bebarengan kanca saklompok kembangna cengkorongan teks laporan kegiatan dadi teks laporan kegiatan kanthi becik. 3. Teks laporan kegiatan studi wisata menyang Wisata Bahari Lamongan tulisen maneh bebarengan kanca saklompok nganggo basamu dhewe. 4. Garapanmu tulisen sing runtut kanthi migatekake struktur ukara sing becik. 5. Aturna garapanmu marang Bapak/ Ibu Gurumu minangka tugas klompok! Kegiatan 3: Nulis Teks Laporan Kegiatan kanthi Mandhiri Ing pasinaon iki para siswa bakal ngetrapake nulis teks laporan kegiatan kanthi cara mandhiri. Tugas 1: Nulis Teks Laporan Kegiatan Nulis teks laporan kegiatan apa wae kejaba tugas klompok, uga mujudake tugas pribadi. Kanthi nulis teks laporan kegiatan kauntungake akeh banget, ing antarane [1] bocah-bocah nduweni cathetan kegiatan apa sing tau dilakoni, [2] bocah-bocah bisa nyritakake kanthi runtut kegiatan mau marang kancane, lan [3] ing liya wektu kanthi cathetan laporan kegiatan bisa dadi sumber kanggo nulis liyane, kaya ta: geguritan, tembang, cerkak, pawarta, lan sapanunggalane.
  18. 18. Kirtya Basa IX 138 a. Nyusun teks Laporan Kegiatan Nulis teks laporan kegiatan kudu katindakake adhedhasar asil sawise nindakake kegiatan. Ana bab-bab sing kudu digatekake sajrone nulis teks laporan kegiatan, yaiku: 1] Teks laporan kegiatan ditulis sawise nindakake kegiatan. 2] Gatekna struktur teks lan unsur basane, supaya sajroning nulis nduweni paugeran. 3] Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing wis direkam utawa ditulis nalika nindakake kegiatan. 4] Tulisen teks laporan kegiatan kanthi runtut miturut cengkorongan sing wis dirantam. Gladhen: Tulisen kanthi mandhiri teks laporan kegiatan lelandhesan pengalamanmu nalika nindakake kegiatan karya wisata utawa kegiatan liyane! Tugas 2: Maca Teks Laporan Kegiatan Maca nyaring utawa maca sero yaiku maca kanthi swara lan migatekake pelafalan, andhegan, lan intonasine. Tata cara utawa teknik maca nyaring teks laporan kegiatan kudu nggatekake: 1] Lafal 2] Andhegan/ jeda 3] Intonasi Gladhen: Teks laporan kegiatan sing kotulis wacanen ing sangarepe kanca-kancamu kanthi migatekake lafal, andhegan/jeda lan intonasine! Tugas 3: Nyalin Teks Laporan Kegiatan nganggo Aksara Jawa 1] Cuplikan teks laporan kegiatan kang nganggo aksara Jawa ngisor iki owahana dadi aksara Latin! ?k][tonZ[yog-@//tafini=z]tYaikuppnPuvJe/[r pzuwslnPustK=[gomemeti]kbufynJw.ai=li=ku=znÑ` [tonBisfiweruhaikep]i[yttcraftJwfitinFkK[k.
  19. 19. 139 Kirtya Basa IX 2] Cuplikan teks laporan kegiatan ngisor iki salinen nganggo aksara Jawa! ”Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah karya wisata kuwi gedhe banget mupangate kanggo para siswa. Para siswa ora mung sinau babagan teori wae. Kanggo nambahi kawruh tumrap bab-bab sing wis disinaoni, para siswa dijak sinau tuladha sanyatane.” s[j]oni= pet_ an ppd=
  20. 20. Kirtya Basa IX 140 UJI KOMPETENSI WULANGAN 5 A. Pilihen wangsulan sing paling bener! 1. Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo .... a. dokumen pribadi para siswa b. dokumen kanggo sekolah c. pertanggungjawaban d. latihan nulis laporan 2. Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku .... a. pambuka, panutup, isi b. pambuka lan isi c. pambuka, isi, panutup d. isi, pambuka, panutup 3. Gatekna ukara iki: 1] Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2015. 2] Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil. 3] Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar. 4] Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah. Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiatan yaiku ing ukara nomer .... a. 1,2 b. 3,4 c. 1,3 d. 2,4 4. Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku .... a. runtut manut strukture b. tulisane kudu bener c. nganggo basa sing endah d. dilampiri data lan foto
  21. 21. 141 Kirtya Basa IX 5. Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani .... a. ukara lamba b. ukara camboran c. ukara carita d. ukara pakon 6. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara lamba yaiku .... a. Budi tuku kaos, dene ali tuku tas. b. Para siswa ngrungokake pengumuman saka gurune. c. Lamongan hawane panas, nanging malang adhem. d. Rani ora melu piknik jalaran lara. 7. Ukara kang cocog kanggo bageyan panutup ing teks laporan kegiatan yaiku .... a. Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang. b. Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135. c. Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar. d. Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015. 8. Sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku .... a. Sumarno budhal menyang daleme simbah. b. Amarga bukune keri dina nangis. c. Aku mampir toko buku gramedia. d. Murid-murid padha nglumpuk ing lapangan. 9. ?numPkP]auly/., panulise aksara latin sing bener yaiku .... a. numpaka prau layar b. tumapak prau layar c. numpak prahu layar d. numpak prau layar
  22. 22. Kirtya Basa IX 142 10. ”pesisir Parangtritis”, panulise aksara Jawa sing bener yaiku .... a. ?[psisirprpr=t]itis, b. ?pesisi/pr=tritis, c. ?pesisi/%r=t]itis, d. ?pasisi]pr=t]itis, B. Wangsulana sing patitis! 1. Nulisa rumusan tujuan ing teks laporan kegiatan 2 bae. 2. Gawea ukara carita 2 kanthi tema pariwisata! 3. Terangna kanthi cetha bedane ukara lamba lan ukara camboran, lan wenehana tuladhane! 4. Gawea cengkorongan panulise laporan kegiatan lelandhesan pengalaman anggomu karya wisata bebarengan kanca-kancamu! 5. Nulisa bagean pambuka teks laporan kegiatan kanthi tema pariwisata!
  23. 23. 143 Kirtya Basa IX LATIHAN ULANGAN SEMESTER GENAP I. Pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis, kanthi milih siji wangsulan kang paling bener! Ing omahe mbah kuntha kang wis bolong kabeh gedhege lan uga bocor gendhenge akeh bocah cilik sing padha cemruwit. Esuk iku bocah - bocah siap arep budhal ngamen. Eko lan Rudi : hahaha…ha ha ha… Mbah Kuntha: Heh, iki apa tha? Kok padha rame wae awet mau takrungokake? Eko : Iki lho mbah! Ngguyu Ridho sing jarene pengin sekolah supaya bisa dadi dhokter. Apa ora guyu mbah? Hahaha…. 22.Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane.... a. Eksposisi b. Klimaks c. komplikasi d. ending Ing waktu awan kuwi sing wis panas Eko, Ridho lan kanca- kancane sing isih ngamen ing prapatan lampu merah padha drodosan kringete gulune krasa garing, mula iku arep tuku es kanggo nelesi gulune. Nanging ara adoh saka karo ana bocah kang pinggir dalan lan katone lagi bingung. 23.Paragraf ing ndhuwur miturut struktur teks kalebu perangane.... a. Eksposisi b. Klimaks c. komplikasi d. ending Mbah Kuntha: [Mbah Kuntha kang wis biasa ora tau dibasani karo bocah-bocah sing ana omahe, kejaba Ridho sing kulina basa karo wong sing luwih tuwa. Mbah Kuntha uga mung bisa mesem]
  24. 24. Kirtya Basa IX 144 Ridho : Mboten mas! Inggih kula tetep dodolan koran ugi saderengipun bidhal menyang sekolah. Mengke wangsul sekolah kula tumut mas-mas ngamen. Supados saged bayar sekolah lan nyetor arta dhateng mbah Kuntha damel nedha. 24.Pethikan teks drama rupa dhialoge Ridho ing dhuwur migunakake basa.... a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus 4. Pethikan teks drama rupa dialoge Mbah Kuntha ing dhuwur migunakake basa.... a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus 5. Perangan ing teks drama lumrahe wujud teks gancaran njlentrehake ngenani .... a. latar b. tema c. plot d. alur 6. Obah mosike praen nalika maragake teks drama diarani …. a. interpretasi b. ekspresi c. olah tubuh d. olah vocal 7. Sing kudu dilakoni nalika nulis teks drama sawise nemtokake tema….. a. golek inspirasi b. nemtokake plot c. nemtokake tokoh d. nulis teks drama
  25. 25. 145 Kirtya Basa IX 8. Struktur teks drama sing ngrakit perkara/masalah rakitan crita drama wiwit awal nganti akhir diarani .... a. tema b. tokoh c. plot d. amanat 9. Teks sing ngandharake, nerangake, nggambarake sifat lan perilaku tokoh sing kudu diparagakake, latar/setting nalika kedadean lumaku ing teks drama wujude …. a. gancaran b. dialog c. puisi d. geguritan 10. Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani .... a. antagaonis b. figuran c. pembantu d. narator 11. Naskah sing dadi pedhoman ana ing pementasan drama diarani .... a. naskah drama b. skenario drama c. unsure drama d. teks drama 12. Struktur teks drama sing rupa nilai budi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani .... a. Tema b. Tokoh c. alur d. amanat 13. ?ri[doz[mnHi=p]ptTn²]bn,, yen ditulis latin sing bener …. a. Rido ngamen ing prapatan Praban. b. Ridho ngamen ing prapatan Praban. c. Rida ngamen ing prapatan Praban d. Ridha ngamen ing prapatan Praban.
  26. 26. Kirtya Basa IX 146 14. Skenario drama kudu digunakake kanggo pedhoman. Ukara mau yen ditulis nganggo aksara Jawa sing paling bener yaiku …. a. ?[sKnri[ao d]m kudu figunkK[k k=[go pe[do mn, b. ?[sKnri[yo f]m kufu figunkK[k k=[go pe[do mn, c. ?se[knri[yof]mkufufigunkK[kk=[go pe[do mn, d. ?se[knri[aod]mkudu figunkK[k k=[gope[do mn, 15. Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo .... a. dhokumen pribadi para siswa b. dhokumen kanggo sekolah c. pertanggungjawaban d. latihan nulis laporan 16. Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku .... a. pambuka, panutup, isi b. pambuka lan isi c. pambuka, isi, panutup d. isi, pambuka, panutup 17. 1] Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2015. 2] Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil. 3] Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.
  27. 27. 147 Kirtya Basa IX 4] Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah. Ukara sing trep kanggo bagean pambuka ing laporan kegiatan yaiku ing ukara nomer .... a. 1,2 b. 3,4 c. 1,3 d. 2,4 18. Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku .... a. runtut manut strukture b. tulisane kudu bener c. nganggo basa sing endah d. dilampiri dhata lan foto 19. Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani .... a. ukara lamba b. ukara camboran c. ukara carita d. ukara pakon 20. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara lamba yaiku .... a. Budi tuku kaos, dene Ali tuku tas. b. Para siswa ngrungokake pengumuman saka gurune. c. Lamongan hawane panas, nanging Malang adhem. d. Rani ora melu piknik jalaran lara. 21. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku …. a. Rani ora melu piknik menyang WBL. b. Rini karo Rina sida piknik menyang WBL. c. Rini tuku iwak asin kanggo oleh – oleh. d. Rina ora tuku apa – apa kanggo oleh – oleh. 22. Ukara kang cocog kanggo bagean panutup ing teks laporan kegiatan yaiku .... a. Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang. b. Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135. c. Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar. d. kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015.
  28. 28. Kirtya Basa IX 148 23. Sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku .... a. Sumarno budhal menyang daleme simbah. b. Amarga bukune keri Dina nangis. c. Aku mampir toko buku Gramedia. d. Murid-murid padha nglumpuk ing lapangan. 24. ?numPkP]au ly/., panulise aksara Latin sing bener yaiku…. a. numpaka prau layar b. tumapak prau layar c. numpak prahu layar d. numpak prau layar 25.”pesisir Parangtritis”, panulise aksara Jawa sing bener yaiku .... a. ?[psisirPrPr=t]itis, b. ?pesisi/pr=tritis, c. ?pesisi/%r=t]itis, d. ?pasisi]pr=t]itis, II. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi patitis! 1. Jelasna apa sing kudu dilatih kanggo pawongan sing bakal main drama! 2. Jelasna apa bae sing bisa dijlentrehake ing teks wujud gancaran, ing teks drama! 3. Sebutna lan jlentrehna perangane plot ing teks drama! 4. Jingglengana teks drama ” Rudi lan PS3” sebutna tokoh – tokohe! Terangna watake!
  29. 29. 149 Kirtya Basa IX 5. Nilai moral apa sing bisa kojupuk saka teks drama ” Rudi lan PS3 apa isih relevan ing jaman saiki? Jelasna! 6. Nulisa rumusan tujuan ing teks laporan kegiatan 2 bae. 7. Gawea ukara carita 2 kanthi tema pariwisata! 8. Terangna kanthi cetha bedane ukara lamba lan ukara camboran, lan wenehana tuladhane! 9. Gawea cengkorongan panulise laporan kegiatan lelandhesan pengalaman anggomu karya wisata bebarengan kanca-kancamu! 10. Nulisa bagean pambuka teks laporan kegiatan kanthi tema pariwisata!

Video yang berhubungan